TULISAN-TULISAN BUAH KARYA BUPATI BG (BREBES GEMUYU) .... SEMOGA BISA MENGHIBUR .....

Senin, 30 Januari 2012

100 BALADA WANYAD & DARKONAH IX

1. POLISI PILEG

WANYAD: "Haduh udan-udan nang prapatan macete bisa kaya kae nemen his BAN..nyumpel ora karu-karuan.."
DALBAN: "His bisane sih..ader laka polisine sing ngatur?"
WANYAD: "Apa.. wong polisine pada minggir kabeh ka.. miki enyong ketemu Briptu Juma'in sing nang lantas.. motore digesrukna nang warunge Si Nur ya tak omong oh yah...Ndan pimen kae prapatan macet daning rika enak-enakan moci karo mangan gorengan kaya kuwe..lah ka jawabe.. Kowen belih ngarti cuacane udan apa yah.. angger enyong pileg raimu pan tanggung jawab NYAD?"

2. SPRING BED
WANYAD: "Aja ketema ketemu kowen BAN...wong kridit kuwe pancen rekasa nemen.."
DALBAN: "Bisane sih NYAD.."
WANYAD: "Nrokcoka...miki enyong lagi turu enak-enak nang springbed...ora sonder permisi dijeglidagna bae...ya enyong tiba nggempulung oh...springbede digawak maning karo tukang kredit.."
DALBAN: "Lah sih bisane.."
WANYAD: "Wong nyong jam 3 tembe turu..dadi jam sepuluh durung tangi..belih krungu ana wong ribut-ribut...jebule DARKONAH ribut karo tukang kredit...wis telung wulan durung setor kridit spring bed...ya anak buahe loro langsung nggotong bae spring bed sing nang bale belih..nyong lagi turu langsung diwalik bae...dobol...dobol..."

3. MANUK SIKATAN
WANYAD: "Wonge liwat mene belih BAN.."
DALBAN: "Sapa NYAD?"
WANYAD: "Miki wong sing adol manuk liwat mene ora.."
DALBAN: "Laka-lakane wong adol manuk liwat mene..nang apa sih..toli kowen nggawak kurungan pan nggo apa.."
WANYAD: "Asyem..wonge tah gayane jakartanan..nggawake kurungan kiye..jarene mobile macet nang kene..kentongan duwit nggo tuku bensin..lah kuwe nggawake manuk, ditawakna enyong..monine bisa apik nemen..cuwat cuwit cuwat cuwit..jarene cucak rowo..njaluke tah sajuta..ya enyong percaya yah"
DALBAN: "Toli kowen tuku..?"
WANYAD: "Ya kiye tak danyang akhire olih 300 ewu..nganggo duwite DARKONAH..tapi dobol asyu kere edan ka..enyong ketipu"
DALBAN: "Ketipu pimen.."
WANYAD: "Barang wonge merad jebule manuke ora moni moni acan..akhire tak buka belih krodonge..tak deleng nemen-nemen..asyu ka jebule manuk sikatan sewiwine dicet...."

4. POLISI NEGRO
WANYAD: "BAN miki enyong lagi mlaku-mlaku karo DARKONAH nang TEGAL, weruh wong negro ireng menges ndase bisa gundul mentolos nemen kaya watu ireng..si DARKONAH nganti guya guyu bae..kayane tah wong indonesia bagian wetan.. "
DALBAN: "Sih guya guyu nang apa NYAD?"
WANYAD: "Guya guyu karo ngomong.. Kang Kang.. kuwe menungsa gemiyen lagi gawek adonane keprimen yah Kang.. kurang micin apa yah..laka sedepe acan-acan..lah jarene enyong.. sedep tah nomer pitu likur DAR.. sing penting kiyene gyeh.. bondele bisa samene.. salengene enyong..ih loken Kang..lah lagi ngrasani enak-enak ka wonge marani.."
DALBAN: "Marani sih pan apa NYAD?"
WANYAD: "Marani karo jengkel.. Heh! raimu pada ngrasani enyong yah.. Syu gyeh! enyong nang kene dines nang POLRES wis patang tahun paham..prangasane enyong ora ngarti sing domongna kowen apa..tak borgol toli ladas..ya enyong langsung nggered DARKONAH ngenceg leceng belih..dobol ah jebule polisi.."

5. KOTOK AYAM
DALBAN: "Pan maring endi NYAD, magrib-magrib daning kayong gugup nemen kaya kuwe..."
WANYAD: "Motore enyong BAN..motore enyong.."
DALBAN: "Motore kowen kepriben.."
WANYAD: "Mau lagi jam lima disilih si DARPIN.. jarene kiye miki ngosek nang prapatan nabrak leneng.."
WANYAD: "Si DARPIN adine DARKONAH sing matane tomprong NYAD..?"
WANYAD: "Iyaa.. Dobol ka mangkane tembe setoran ping papat kiye oh...aduh.."
DALBAN: "Lah kowen nang paham oh DARPIN penyakite kotok ayam..bisane disilihi..kiye nang mestine wayahe rep matane ramyang-ramyang..dadi ana kentor belih weruh...toli si DARPIN'ne jare pime NYAD...ora papa..?"
WANYAD: "enyong ora mikiri si DARPIN BAN..Sing penting kiye motore enyong, si DARPIN tah pan modar mbuh pan mojed enyong ora urusan..."

6. SLAMPE BALENG
WANYAD "DAR, remu apa-apanan sih DAR..bisane slampene enyong mambu baleng lecit nemen kaya kiye..."
DARKONAH: "Pimen sih KANG?"
WANYAD: "Piman pimen wadukmu ndobrol.. kowen ngarti ora mau..lagi enyong nglondok awan nang warung rujake Si Nur.. ngrogoh slampe pan nggo ngelap cangkem.. barang pan ngelap..Dobol mambune bisa ora kira-kira.. enyong glogakan.. nganti rujak sing wis nang weteng bisa metu kabeh.. kiye slampene enyong dapakna dongen.."
DARKONAH: "Lah rika bae..genah slampe lagi digletakna nang ember dicekut bae.."
WANYAD: "Tapi bisane mambu baleng lecit nemen kaya kuwe..ora sebaene.."
DARKONAH "Lah pimen Kang.. genah lagi laka-laka duwit.. tamune enyong anjog.. wingi enyong keder oh.. pan tuku softex lingak-linguk.. ya sementara slampene rika disit sing nggo tadang.."

7. MOTOR ILANG
WANYAD: "BAN, kowen krungu belih.. jarene motore lurahe ilang.."
DALBAN: "Ora NYAD,..dih sapa sing wani-wanine nyolong motore lurahe..toli ilange nang endi..lapor polisi apa ora.."
WANYAD: "Jarene tah ora lapor polisi ka BAN.. lurahe ikhlas .."
DALBAN: "Dih apik temen yah Pak Lurah dadi wong.."
WANYAD: "Dudu moni apik.. Wong Pak Lurah kuwe wedi angger lapor polisi mengko berkas laporane kewaca Bu Lurah.."
DALBAN: "Dih sih bisane wedi karo Bu Lurah nang apa..wong dasare pancen ilang nang ilang oh sih pimen.."
WANYAD: "Iyaa..kuwe tah soten angger ilange nang Balai Desa..wong kiye ilange nang tempat..lagi ancul-ancul karo demenane.."

8. SIKIL DEGLAG
DALBAN: "NYAD, mene gen.."
WANYAD: "Ana apa BAN?"
DALBAN: "miki ana wong wadon ayu nemen nggoleti wong sing arane IWAN apa WAWAN yah.. pokoke WAN WAN onong lah.. Jarene wingi lagi nang alun-alun deweke numpak motor nenggor wong lanang kuwe..ya kuwe sing arane WAN WAN onong.. WAWAN apa IWAN yah.. Lah kiye mene pan nein duwit 500 ewu nggo tamba.. Lah berhubung nang kene laka wong sing WAWAN atawa IWAN ya nyong keder yah..akhire tak domong bae laka sing arane WAN WAN kuwe.. Akhire bocah wadone balik.."
WANYAD: "Apa!!.. Raimu sing bener bae BAN.. Kowen belih weruh gyeh sikile enyong deglag kaya kiye.. Kuwe bocah sing nenggor enyong lagi wingi ngarti!!.. Wingi semaya pan maring umahe enyong pan tempuhan..enyong ditakoni arane sapa..nyong pan semaur WANYAD kayong ketara temen aran kuna.. akhire tak jukut bae ngarepe WAN kaya kuwe.. WAWAN Mbak... raimu wis bergaul taunan karo enyong ka belih paham-paham sih BAN...syu gyeh..aduh..!! Tekor daratan kiye tah.."

9. KOMPOR NJEBLUG
DARKONAH: "Nang apa sih KANG, ditinggal wong wadon sedelat ka bisa gemuyu lata-lata kaya kuwe.."
WANYAD: "Lata-lata waduke..sing gemuyu kuwe sapa dobol! Nyong kiye gemboran njerit-njerit syu...nrokcok kowen yah..ninggal wong lanang lagi turu ka lawang dikunci sing njaba.."
DARKONAH: "Lah bisane njerit-njerit nang apa sih Kang.. Wong tak tinggal sedelat tok be ka.. nglinter mono maring warunge si Rasno pan luruh kemiri nggo njangan asem..wong rikane turu nang dadine lawange tak kunci oh..mbokan ana wong mlebu nggotong tipi.."
WANYAD: "Dobol kowen yah..pan mateni wong lanang dasare ka...gaeh delengna kompore njeblug...enyong turu nganti kaget nemen..barang weruh geni mulad-mulad nyong langsung pan metu ora bisa-bisa..dobol pancen kowen ka.."

10. PRAGAWATI
DARKONAH: "Kang enyong dong ndelengna wong sing mogal-magel karo mlaku sing mamerna klambi ning panggung toli dipotoni cekrak-cekrek..sing arane apa kae Kang, pra..pra..pramugari yah.."
WANYAD: "Pramugari waduke..kuwe nang pramuwisma oh blog.."
LUPIT: "Pragawati Bapane.. o'on juga gyeh.."
DARKONAH: "Ya kuwe bener si Lupit Kang.. Pra.. pra pragawati.."
WANYAD: "Ya emange nang apa DAR.."
DARKONAH: "Ora.. angger enyong ndaptar dadi kaya kae kira-kira pimen Kang... olih-oliya nggo tambah2 nempur.."
WANYAD: "Enyong tah olih-olih bae DAR, tapi apa kowen diterima..kae tah sikile pada mulus-mulus oh..putih-putih..raine be pada bening bening..lah kowen sikile be boleng nemen kaya kuwe bisa kaya pendeman boled..nang wartawan sing pan pada mokrek keder oh.. kowen kiye pantese denggoni karung goni DAR..kaeh dadi anak buahe Tarzan sing auoooooo..kaya kuwe Paham..?!"

11. DADI WASIT
WANYAD: "Nyong gemiyen tau dadi wasit bal-balan BAN.."
DALBAN: "Lah iloken, jegod kowen NYAD?"
WANYAD: "Lah ya cerem nemen..nyong tah wis tingkat propesional oh BAN.."
DALBAN: Pentol yah..toli kowen gelem disogok ora NYAD.."
WANYAD: "Amit-amit jabang bayi..ya jelas enyong ora gelem oh..wong dipilih dadi wasit kuwe modale kudu adil..adil..dadine dipercaya..kaya enyong gyeh..wong waktu kuwe nang turnamen agustusan pertandingan antar blok, enyong pan disogok carike eben bloke carike menang be enyong ora gelem..tutug enyong ora gelem.."
DALBAN: "Lah lawane sapa NYAD?"
WANYAD: "Lawane bloke lurahe BAN..Klampok Kulon..lurahe ya wanti2..jarene angger bloke lurahe nganti menang enyong pan didadekna lebe karo lurahe.."
DALBAN: "Toli kowen gelem NYAD dirayu kaya kuwe..toli akhire sing menang sapa NYAD?"
WANYAD: "Wis enyong ora gelem mikir sing kaya kuwe kaya kuwe BAN...nggo apalah..nggo apa..sing tak pikir kuwe antarane duwite carike sing rong atus ewu karo jabatan lebe ya mesti mending dadi lebe belih BAN..bloke lurahe akhire menang 2-1..wis off side off side mbuh apa.."

12. GURU GALAK
LUPIT: "Kowen lagi wingi ditempiling karo Pak Sodirin nang apa WAD..toli mau awan bisane si To'ip sing ditempilingi?"
TARWAD: "Pak Sodirine bae dadi guru galake por-poran..paling-paling mlorodna roke bocah wadon be enyong dikepret..asyem syung..akhire enyong mau bales dendam oh.."
LUPIT: "Bales dendam pimen.."
TARWAD: "Mau lagi Pak Sodirin kebletengan ngising nang wc-ne sekolahan..kan clanane disampirna nang lawang..tak lorod bae toli tak gawak mlayu..lah Pak Sodirine kepreh-kepreyan mbuka lawang toli ngejar karo gemboran..ya dadi tontonan wong oh..wong gedabelan..lah clanane tak balangna nang si To'ip... Barang ngarti clanane nang Si To'ip, si To'ip langsung di ceweng karo dikamplengi nganti meret nemen..."
LUPIT: "Ohhh dadi kejadian lagi awan kuwe asline kowen WAD.. Melasi si To'ip oh dadi kesasaran.."
TARWAD: "pambelih temenka.. eben Pak Sodirin dibedil sisan bae karo Bapane si To'ip sing dadi ABRI.. anake dikamplengi nganti kaya kae..ari enyong tah wis wareg.."


13. NGONCOGI
DALBAN: "Sing endi NYAD..daning kayong katon gagiyanan kaya kuwe..l
WANYAD: "Sing sekolahan TK Ban.."
DALBAN: "His sing sekolahan TK sih tas apa?"
WANYAD: "Ora kiye enyong pan balik disit pan njukut gobang.."
DALBAN: "Gobang pan nggo apa..pan nggo meclasi kayu..?"
WANYAD: "Meclasi kayu waduke..kiye si DARKONAH..wis seminggu ka senenge bolak balik antar jemput ngaterna ponakane sekolah TK bae..enyong nganti ora durusi ora apa..ya tak susul belih.. bagreg ka..barang tak susul nemen-nemen jebule si DARKONAH lagi dolanan geyongan karo wong adol otok-otok..asyu teles belih..ya kiye pan tak peclas ndase oh..tumanka.. dengaren sih saben esuk kayong semangat nemen.."

14. SARUNG BEDAH
WANYAD: "DAR, enyong kan wis kanda kiye sarung didondomi.. bisane dijor klower kaya kuwe..dadine miki enyong jum'atan batal oh nggayami bocah cilik-cilik.."
DARKONAH: "Eh iya Kang, klalen syung.. Sih bisane nggayami bocah-bocah cilik..kepriben kuwe Kang"
WANYAD: "Kepriban kepriben..kiye gara-gara kowen..pengak pancen kowen ka..kowen ngarti ora mau lagi pas ruku nyong krungu suara kikikik kikikik kikikikkk wong cekikikan.. ya enyong penasaran oh karo ndungkluk tak deleng memburi..lah ka jebule bocah-bocah cilik ora pada sembayang tapi pada ngrubung nang mburine enyong kabeh.. Ana apa eh.. barang tak rogoh memburi..dobol belih..jebule kiye sarung negin suwek...ndoge enyong nganti kawer-kawer nggo tontonan bocah cilik-cilik..ya tak begis oh.. Bagreg ka.."

15. JEMPOL SIKIL
Wanyad: "Nyong tembeke ngarti syung BAN.."
Dalban: "Tembeke ngarti pimen NYAD?"
Wanyad: "Iya..tembeke ngarti, bisane Kaji War'an kuwe bojone ayu nemen.. Padahal Kaji War'ane kaya kae ora peta kolor.. karo wit asem be gagah wit asem.."
Dalban: "Sikah, lah sih bisane Nyad?"
Wanyad: "Kowen nang paham oh ya, ukurane barange wong lanang kuwe diukur sing jempol sikile.."
Dalban: "Iya..nang apa sih.."
Wanyad: "Miki lagi jum'atan.. enyong iring-iringan karo Kaji War'an lah barang tak deleng mengisor..dih dih dih lah.."
Dalban: "Nang apa NYAD?"
Wanyad: "Jempole BAN.. sauleg-uleg.."
Dalban: "ih loken NYAD.."
Wanyad: "Iya..wis kuwe ngerti ora kowen BAN.."
Dalban: "Keprimen NYAD?"
Wanyad: "ya kuwe.. jempole wis gede dawa..lekuk telu maning bisa kaya keris.."

16. ANAKE SAPA
LUPIT: "Aduh Ma..Ma..enyong kiye asline anake Ma'ne apa dudu sih Ma.."
DARKONAH: "Ya anake Ma'ne yah..nang apa sih Tong, bisane ngomong kaya kuwe..ari ngeden nemen-nemen ka yah..?"
LUPIT: "Mbokan sih anak pungut.. wong raine be sejen ora kaya Ma'ne karo Bapane.. kiye perlu tes DNA kiye Ma.. mbokan dudu anake Ma'ne"
DARKONAH: "His tes DNA sih apa.. toli kowen ari dudu anake Ma'ne sih anake sapa Tong..toli kowen pengine dadi anake sapa?"
LUPIT: "Ya angger kepengin tah.. enyong pengine dadi anake lurahe.. wong si WAWAN kancane enyong sing anake lurahe be wareg.. apa-apa dituruti..wingi ditokokna blackberry.. Enyong dadi anake Ma'ne karo Bapane tah boro-boro.. Pengin tuku bakso be kudu gresek bawang disit.."
(Aja ditiru ya...dosa!!!)

17. MEDEK ENDAS
DALBAN: "NYAD daning batuke menjoto kaya kuwe nang apa.."
WANYAD: "Bagreg ka..miki enyong tas dianiaya karo Kaji To'at nang Langgar..pan tak lawan wong arane wong tua yah..ya kayong ora macem oh.."
DALBAN: "Lah nang apa sih..wong Kaji To'at nang wonge sabar oh..loken bisa galak kaya kuwe.. toli gara-garane apa.."
WANYAD: "Wong nyong ora sengaja ka..sajadahe kepedek enyong..bisa ngamuke ora ketulungan.."
DALBAN: "ih loken.. Sajadah kepedek nang ora papa oh..wong biasane be dipedek.."
WANYAD: "Ya kuwe tah karuan oh ari pas nggo sembayang..wong kiye sajadahe ora nggo sembayang ka.."
DALBAN: "Ora nggo sembayang sih nggo apa?"
WANYAD: "Nggo tutup rai waktu leyeh-leyeh nang langgar..begitu enyong tangi bar sembayang, tembe selangkah kayong mak grenjel..dobol jebule enyong medek raine wong lagi nggleleng..wonge langsung njimprak kaget aduhh!! barang sajadahe dibuka jebule Kaji To'at...wis ora sonder ngomong maning.. enyong digablug karo dikampad ancik-ancike turutan..pletak kena ndase enyong..asyemka dobolll...."

18. NUMPAK BIS
DRAUP: "Bagemana ini sih KANG WANYAD, bisanya numpak bis-se nganti lama banget kaya kiye..sayakan sedari tadi nonggoni bae oh nang Pulogadung.. sampe kesel sekali...kok tidak teka2..kirain sih ada apa2 di dalan..",
WANYAD: "Waduh..sory Up...bener-bener sorry....sungguh kedobolan memang bener2 kedobolan Up... Lah bagemana tidak kedobolan..Wong bis’nya seseknya mbangkana-kana....coba pikirkan saja.. saya ini dari kenaikan sampe keturunan tidak dapat kedudukan sama sekali..sih bagaimana....bahkan saya ini sampe kebletengan nemen.. waduh...pokoke bener-bener pengin keberakan sekali lah..!!!"

Senin, 16 Januari 2012

100 BALADA WANYAD & DARKONAH VIII

1. DISEPAK
DALBAN:"Kayong mecucu bae NYAD delengna sg esuk ka ora bombong2 acan",
WANYAD"bagregka si Darkonah..dasar pengak..critane njaluk kudung anyar, wong nyong durung duwe duwit ng durung tak turuti oh lahka jengkele nganti saprene..wong lanang pan mangkat boro2 kopi..sg nggawe dugal nemen lg bengi pan tak tumpaki cawet rangkepane nganti sepuluh..ya jentik pan kecengklak oh..brang gari siji pan tak udari, enyong lngsung disepak..

2. TUKANG KRIDIT
"Nrokcok nemen his KANG..asem ka","Sapa DAR?","Si GAWIR tkg kridit..prangasane apa sih..gara2 nyong semaya setore mengko sedina loro maning..ka jawabe enak ora..jarene ora papa wis Yu..anggere nyong olih ngemek bokonge rika..dobol belih loke bokonge nyong pan durupna kr kridit panci","His temenan DAR..si GAWIR ngomong ky kuwe..Bisane koen sg wingi ora ngomong sih..Dobol ah!","Pan dapakna sih KANG?","Ya ora..ngartiya ky kuwe tah nyong pan kredit Hape..toli bayarane dejoli bokonge koen","Syikah!"

3. DICANTELNA

Eyong ka angger ndelengna wadon sg ngontrak ng Kaji Tawap prangasa najis nemen his KANG","Nang apa sih DAR","kue nang simpenane wong oh ya.. dsar lanang tah pancen kudune barange dicantelna disit ari pang merad metu sg umah ben ora clak clok","Lah ari nyong tah ora yah DAR..bs dipercaya oh ya","Angger rika tah nyong percaya..toli sg gelem slingkuh kr rika sapa..sanajan pel*ne deler bae nang..sg marag paling2 kucingകുചിംഗ്

4. TLEMBUK BODOL
"Kaku nyong tah BAN","Kaku nang apa NYAD?","Mau si TARIGAN batak cokol sg tembe teka sg Sumatra..kan mata wadonan nemen takon nyong...jarene Hai Lai bahasa jawanya bidadari itu apa Lai.. ya tak jawab bae yah Tlembuk bodol Bang..lah critane lg awan ana Si SRi liwat dirayu..Aduh cantik sekali kau Dek,persis tlembuk bodol..ya SiSRi-ne ngamuk oh langsung njukut bata tugelan pan dibagelna..batake keweden, mlayu leceng"

5. KADIRAN
"Nyong ka juwet nemen miki karo si DAKRUN his DAR...paling2 tembe duwe motor anyar be nggo kadiran... bolak balik mboncengna prawan butik sing nang pasar bawang bae..kuwe nang pan darah apeme oh..","Ya ora papa oh KANG.. kae tah pancen ana sing nggo kadiran...daripada rika bolak-balik sing dikadirna celex bosoke bae..enyong be suwe2 mutah..","Syikah..dobol raimu.. asu gyeh.."

6. ANAK WALON

WANYAD: "KRUN jarene kowen pan pegatan maning karo Si WASRI?",
DAKRUN: "lah dasar WASRI-ne bae ka NYAD..wong paling-paling kaya kuwe tok be njaluk pegat..."
WANYAD: "pime sih KRUN...sing masalah kowen demenan karo LASTRI?
DAKRUN: "His ora.. kuwe tah ora oh..wis damai..kiye sejen maning.."
WANYAD: "sih masalah apa maning KRUN...?"
DAKRUN: "Kiye perkara anak... Lah anake gawanane WASRI nang wis tak anggep anake nyong dewek belih..?"
WANYAD: "iya terus..?"
DAKRUN: "Lah wong arane anak nang tak kekepi toli tak ambungi sengak sengok ora papa belih.. lah ka ngamuk bibit..nganti blih trima kaya kae.."
WANYAD: "lah anake wadon apa lanang?"
DAKRUN: "Wadon NYAD"
WANYAD: "toli umur pira..?"
DAKRUN: "Selawe.."
7. KLOPOT
DALBAN: "Sing endi NYAD bisane kluncur karo klopot tai kabeh kaya kuwe..",
WANYAD: "Asyem ka BAN dikerjani iwak kutuk.. wis keparag ka pancinge diubeng-ubengna ning pringe plowotan sing nggo ngising.. ya senare ngglibed-ngglibed ora karuan oh.. tak sogrok-sogrok nganggo gantar belih.. jebule ka malah rempak.. grobakkk.. makane Si Pardi preman lagi ngising nang kono oh.. kejebur.. blenggg!!..klelep nang tainan..enyong gemuyu ngakak-ngakak..lah deweke dugal saporete karo enyong..bangset-bangsetan nemenlah pokoke.. enyong diparani langsung dikorog toli gentenan enyong diklelep2na nang tainan kaya kiye..aduhhh...apes..apes.."
8. NGGESRAK
DALBAN: "NYONG ka eram nemen syung NYAD..jarene si DAKRUN numpak motor nggesrak.. bisane motore aplang-aplang nang tengah dalan terus si DAKRUN'e nyangsang ning wit-witan? Kuwe kejadiane pimen?, kowen jare sing mbonceng..",
WANYAD: "Wong bocah compongka..compong nemen syung..bangset ah..untung enyong ora modar.. lagi numpak motor enak-enak weruh deruk ngebrok nang balsiah ora sonder mandeg mencolo...t bae..ya enyong bisa kaya sirkus oh.. Ha la lah ..ha la lah.. ha la lah.. Sedurunge setang kecekel wis nabrak becak disit..jebred..enyong njengkangkang belih..",
DALBAN: "Idilah iya NYAD, toli bisane DAKRUN klenger nang nduwur..",
WANYAD: " Ya embuh kuwalat ndeyan..wong dasare mendem nang..mestine ngos-ngosan kuwe oh kentekan ambekan..mbuh nang nduwur kecokot hula koros
9. NGINDIK
DARKONAH: "KANG gaeh gribige kolam sing pada bolong age-age cepet ditambali ya gen KANG",
WANYAD: "Nang apa sih DAR?",
DARKONAH: "Nang apa-nang apa..!! wingi nyong lagi adus krungu bocah-bocah pada cekikikan nang njabane kolam.. langsung tak guyang banyu belih..nrokcoka..abane tah pada mlayu karo cekakan.. lah miki bar balik sing pasar jebule sing ngindik kuwe bangsane anake Si SARKAM.. wong nyong... krungu dewek pas liwat nang ngarepe ka pada wisik-wisik monine kaya kiye.. dih jebule pupune Bi DAR ana pelete yah toli susune ka bisa kempeng nemen yah..lah sing siji maning sing ngomonge enak ora...halah wong mbakone be brindis.. enyong krungu kaya kuwe langsung tak amang-amangi watu belih... heh bangset aja pada mlayu yah..dadi raimu bocah-bocah sing pada ngindiki enyong ...nrokcok yah..awas aja pada mlayu..tak pleter ka ora kena.. "
10. MENDEM NANG PATROL
WANYAD: "Ora pisan ora pindo his..",
DALBAN; "sapa NYAD?",
WANYAD: "ya sapa maning angger dudu si DAKRUN.. bar mendem mesti aplang-aplange nang patrol awit bengi nganti jam 12 awan, ya wong sing liwat pada wedi kabeh oh..",
DALBAN: "Laka sing wani nangekna NYAD..",
WANYAD: "Sing pan nangekna sapa wong pada gila..",
DALBAN: "Lah terus satangi-tangine..",
WANYAD; "ya iya.. tapi mau enyong bisa juwet nemen ..pakra ora ka.. wong aplang-aplang karo sletinge mbuk...a toli kuwene njengat.. ya dadi tontonane bocah-bocah oh.. Tak orog2 ora tangi-tangi.. Nganti jengkele jengkel ana tembelek lancung tak selagna bae nang kumise..lah let ora suwe deweke njongkot karo ucek-ucek mata toli cungure umis-umis.. barang ndelengna enyong.. langsung takon.. Dobol bangsete sapa gyeh NYAD! sing wani-wanine ngising neng kene!"
11. BALAI DESA
DALBAN: "Ana apa sih NYAD.. Jare kas ana rame2 nang Balai Desa..",
WANYAD: "Iya.. compongka.. kowen ngarti si WARJEM sing sliring anake DARSINI?",
DALBAN: "Iya nang apa sih NYAD?",
WANYAD: "Wong kenthir suluhe be njetet ana sing ngrabeni ya meteng oh.. Ditakoni sing numpaki sapa ya mung cengangas cengenges tok.. ditakoni si kiye monine iya.. ditakoni si kiye monine iya si pimen..keder belih..lah kiye lagi diselidiki ana wong telu ...sing lagi dicurigai..",
DALBAN: "sih sapa bae NYAD..?",
WANYAD: "Ya sapa maning angger ora "TRIO JENGGOT" si Dakrun, Bejo karo Sabran.. sing sering ndlaper nang warunge DARSINI..",
DALBAN: "toli pada ngaku belih NYAD?",
WANYAD: "Ngaku apane wong pada pencak silatka gele-gelean pada sumpah2..jarene yakin sung..yakin sung wani ketabrak sepur angger deweke sing nglakoni..",
DALBAN: "sih sapa yah NYAD, aja-aja kowen..",
WANYAD: "Syikah.. genah lawas enyong ora tau mono sajege enyong dikongkon mbenerna engsel jendelane sing tugel.."
12. NGONCOGI
DALBAN: "Sing endi NYAD daning bisa runtang-runtung karo si Lupit kaya kuwe..",
WANYAD: "Bar sing sekolahan BAN..enyong tas ngoncogi guru.. asemka mau si Lupit wadul jarene tas dikampleng.. garo sikile digares.. balik-balik nangis.. ya enyong ora terima belih.. tak takoni guru sapa TONG sing wani-wanine ngampleng karo nggares sikile kowen.. Jarene guru anyar tapi wonge wis tuwa ka Pa.. ya tak oncogi belih sanajan... wis tua enyong belih peduli.. tak goleti nang sekolahane.. barang wis ketemu si Lupit ngomong kuwe Pak uwonge.. Wonge lagi malangkerik BAN..kumise njlantir..tak deleng nemen-nemen belih.. dobol kuwe nang PAK ROSIDIN oh ya..guru sing awit jamane enyong sekolah..enyong be gemiyen tau digeblogna endase waktu mulang pencak.. wislah daripada luruh perkara mending balik bae TONG yuh.. Balik bae wis lah yuh!"
13. DEBT COLECTOR
DALBAN: "Kowen jare wingi nyambet gawek dadi Debt Colector Nyad..tukang tagih kredit motor ?",
WANYAD: "iya...tapi rong minggu tok ka BAN.. wong tembe training tapi gagal",
DALBAN: "Lah bisane sih.. kowen ngapruki wong?",
WANYAD: "Ngapruki apane...wong sing utang motor njaluke kerjasama nang.."
DALBAN: "sih kerjasama pimen..?"
WANYAD: "kerja sama sadurunge motor ditarik mesine njaluk dironcodi disit toli mengko dedol duwite bagi loro..."
DALBAN: "Toli kowen gelem?"
WANYAD: "ya gelem lah..arane be ceperan.."
DALBAN: "Toli bisane kowen dipecat.."
WANYAD: "Ya mesti dipecat oh...wong jebule kuwe asline ngetes enyong tok...ya kuwe wong ADIRA-ne dewek ngetes enyong.."
14. POAL
WANYAD: "Nyong ka eram karo anake si SABRAN .. negin cilik ka wis poal kaya bapane.. Kae nang negin umur 7 tahun oh ya.."
DALBAN: ,"Nang apa sih NYAD?",
WANYAD: "Lah iya.. miki konangan enyong lagi pal pul udud.. tak takoni belih.. kowen umure pira TONG, jawabe..sapa Wa?!.. enyong?!.. Enyong Pitung tahun oh WA kenang apa sih..terus enyong takon maning.. lah kowen ngarti udud sing marai sapa TONG?..Eh kiye WA.. enyong paham udud tah sajege enyong ngarti wadonan oh WA.. idilah dadi kowen semono kuwe wis ngarti wadonan TONG.. Ya piben maning sih WA.. wong waktu kuwe enyong mendem..bar kalah maen.. "
15. DAGANG DUREN
DALBAN: "Sikile deglag nang apa NYAD..",
WANYAD: "Bagreg ka.. gara-gara tukang duren BAN...esuk-esuk liwat nganggo pit.. tak andegna toli tak takoni.. dagang apa Wa kuwe sing nang karung.. jarene duren Mas.. toli manis ora Wa.. ya manis yah karo nguduna karunge.. temenan belih Wa engkolah anta mlela.. lah ka njawabe sewot jarene gyeh mas wong angger tetuku kuwe kudu dicacak disit paham.. aja kaya ......tuku kucing dalam karung.. ari perlu ditendang kuwe monine kaing apa meong.. lah bar sing dagang ngomong kaya kuwe enyong reflek belih..tak tendang karunge..jebred...asyuuuu...enyong mlintir nganti mubeng ping telu karo nyekeli cokor..semelet nemen syung"
DALBAN: "lah kowen bae sing koplok genah duren ditendang.."
16. DEGAWE
WANYAD: "Kowen ngarti si JUKI sing dadi tukang sapu nang BRI Ban..?",
DALBAN: "Iya paham..sing bocahe angger diprentah amak2 duwit oh ya.. nang apa sih NYAD?",
WANYAD: "Iya.. Pancen his bocah ka laka isine babar blas..",
DALBAN: "pime sih NYAD?",
WANYAD: "lah waktu tanggane degawe nyunati.. Deweke melu nyebar undangan.. ngundang wong-wong sekantore..monine ka anake sing disunati..ya wong sa BRI teka kabeh oh..lah amplope diadang-adang deweke nang ngarepe gang..",
DALBAN: "dilah iloken NYAD?!, toli sing duwe degawe pimen..?",
WANYAD: "sing duwe degawe ya mlongo tok oh..wong ora kenal.. nampani amplop ora.. malah torog berkat akeh nemen.."
17. TEH
WANYAD: "DAR..DAR..DAR!! mene gyeh..cepettt!!!"
DARKONAH: "Apa sih KANG.. Diiihhh belih ngarti enyong lagi ngumbahi apa yah.."
WANYAD: "Mene cepet..!!"
DARKONAH: "Iya..iya.. ana apa sih KANG.. ari ngundang-ngundang ka kayong ora kira-kira temen sih.."
WANYAD: "Gyeh..enyong pan takon karo kowen..teh sing mambu tengik sing saben dina didoloh nang meja kuwe teh apa.."
DARKONAH: "Kenang apa sih KANG?"
WANYAD: "Kenang apa-kenang apa.. gyeh!! asline angger teh mambu nggo ngekum berkakas nang kudune melar dadi gede oh.. Bisane enyong saben esuk tak kum kiyene enyong anggo teh kuwe belih selak gede ka malah selak merkecet.. Teh apa sih kiye bagreg!!"
DARKONAH: "Dih KANG KANG..pimen sih..genah kuwe SLIMING TEA sing nggo pranti DIET..bisane nggo ngekum berkakase rika..ya nang malah selak susud oh..pimen dongen?"
18. SELINGKUH
WANYAD : "Duh..mumet..mumet..nyong melu-melu mumet BAN",
DALBAN : "Mumet nang apa NYAD?!",
WANYAD : "Si DAKRUN..wis telung dina ora balik..si WASRI bojone DAKRUN ngocogi umahe nyong ari nggayami enyong enak bae.. monine ka gaeh RANGDA LASTRI sing tunggal putu karo kowen NYAD.. tulung dielingna eben aja nggodani si DAKRUN bae!!.. p*li pirang2x ka bisane dekene enyong sing direbut.. dobol asyu ka.. ...dasar randa koredan.. awas angger ketemu..ora tak unyel2x ndase aja ndarani..
DALBAN: "Toli kowen pimen NYAD?"
WANYAD: "Ya enyong meneng bae yah karo ngomong.. lah enyong sih salah apa Yu bisane dugale maring enyong.. akhire WASRI-ne balik.."
DALBAN: "Lah DAKRUN-ne dewek asline nang endi NYAD"
WANYAD : "Tak umpetna BAN.. nang njerone kamare enyong karo si LASTRI"
DALBAN: "Eeeh dobol..lah bisane kowen wani-wanine.."
WANYAD: "Lah pimen sih yah..wong si Dakrune dewek njaluk tulung karo enyong ben tetep bisa karo LASTRI..gyeh sogokane be handpone NEXIAN..sih pimen..mbelani si WASRI tah enyong ora olih apa-apa oh..
19. ABRI
WANYAD: "Kowen duwe kanca ABRI apa ora BAN, enyong lagi ana masalah gyeh?"
DALBAN: "Lah Kopral Sabran sih..nang kancane dewek oh sing dines nang KORAMIL"
WANYAD: "Sabrane sapa.. Genah wis suwe dipecatka.."
DALBAN: "his..ader..?"
WANYAD: "Lah kowen ora ngarti.. Wong tentara pegaweyane mung mendem thok.. ceqi karo si DAKRUN.. kasuse be pirang2"
.DALBAN: "ih loken NYAD toli dipecate nang apa?"
WANYAD: "Lagi kae sih.. wong dikongkon piket ka ditinggal nlembuk karo mendem.. nganggone seragam dines sa pestol-pestole..ya digoleti komandane oh.. Lah barang esuke ka ujug2 teka laporan.. jarene pestole bar ilang ning tlembukan digoleti ora ketemu-ketemu..ya pelanggaran berat belih..ampun ah Si Sabran.."
(Selamat hari ABRI yang ke 66 semoga Prajurit tidak ada yang kaya SABRAN...MERDEKA!!!)
20. MLARAT (modifikasi)
LUPIT: "Pa, jebule Pa Tatang kuwe wong mlarat yah Pa.."
WANYAD: "His, mlarat primen Tong.. wong Pa Tantang kuwe mantri BRI..ya sugih oh.. Mobile be telu..Bisane mlarat..kuwe kepimen?"
LUPIT: "Genah mlarat ka Pa.. Buktine lagi wingi.."
WANYAD: "Lagi wingi pimen sih Tong?"
LUPIT: "Lagi wingi anake kloloden duwit satus perak.. Sekeluarga pada ribut kabeh pan pada ngakali.."
WANYAD: "Sikah ya karuan oh.."
21. BALIK MENDEM (modifikasi)
DAKRUN, SABRAN karo BEJO bengi-bengi padang wulan mlaku bareng karo nyekek botol..mlakune pada sempoyongan..
SABRAN : "howekkkkk... dih wulan ka bisa terang nemen kaya kuwe yah.. hu.. ",
BEJO : "eh goblog,..endi wulan..kuwe tah dudu wulan oh, kuwe serngenge paham.. Howaakkk hu..
SABRAN : "Compong kowen.. Dadaha mendem aja ngawag kaya kuwe oh Jo obog emeng sih.. Kuwe wulan..genah wulan..Howekkkkk"...,
BEJO : ""ah serngenge ah",
SABRAN: "wulan..howeekkkkkk",
BEJO: "serngenge..!!",
SABRAN: "wulan compong.. ari ora pengandelan takon DAKRUN gen gweh.."
BEJO : "Heh KRUN..,jare kowen kae wulan apa serngenge ? Howeeekkk", DAKRUN: "Heh apa..howekkk?"
SABRAN: "Gaeh sing nang nduwur wulan apa serngenge.."
DAKRUN: "apane...howakkkk"
BEJO: "Gaeh sing nang nduwur compong..howekkkk"
DAKRUN: "ehhhh embuh kuwe.. Wong enyong ya wong anyar ning kene..dadine hurung patiya paham.. howakkkk"
22. KESASAR
WANYAD: "Nrokcoka si DAKRUN, motor pan tak enggo nyambet gawe ka disilih ngojek dobol belih?"
DALBAN: "Kapan NYAD?"
WANYAD: "Lagi esuk, jam loro awan tembe balik..makane enyong pan nawakna bawang nang dukuh ringin oh"
DALBAN: "Ya.. tapi nang olih setoran sing DAKRUN oh?"
WANYAD: "Olih waduke..genah compongka.. Jare tas ngaterna penumpang embuh maring endi nganti muter-muter..lah barang wis anjog umahe toli pan dibayar lah deweke nangis....."
DALBAN: "Dilah nangis sih nang apa.. bayarane sacuil..?"
WANYAD: "Dudu moni sacuil, deweke nangis ora bisa balike..wong ora weruh dalan..compong belih.. ya duwit selawe ewu bayarane ngojeg dibayarna maning maring tukang ojeg sing nang kono oh..nggo nodokna DAKRUN balik..compong ka..lah kiye sing dadi korban enyong..wong bensine tatas.. "
23. MANTRI KEWAN
WANYAD: "BAN kowen paham si DAKRIM?"
DALBAN: "Ya pahamlah kanca sekolane dewek sing saiki dadi mantri oh ya?"
WANYAD: "Iya bener.. Krungu-krungu jare saiki pan pegatan karo bojone.."
DALBAN: "His sing bener.. sih masalahe apa?"
WANYAD: "Jarene tah konangan selingkuh.."
DALBAN: "karo sapa NYAD?!"
WANYAD: "Jarene tah karo pasiene.."
DALBAN: "Lah kuwe tah normal..wong arane be sering nyuntik bokong mlodong-mlodong.."
WANYAD: "His normal keprimen.. Kowen ka ari ngomong bisa ngawag nemen..genah si DAKRIM kuwe mantri kewan.. kuwe nang mestine konangan lagi ngl*keni asu oh.."
24. DUNDANG LURAHE
BAU: "NYAD ana undangan gyeh sing lurahe"
WANYAD : "Undangan apa Pak Bau"
BAU: "Mbuh pokoke ngko sore kudu teka..kowen pan dejak diskusi.."
WANYAD: "Diskusi sih apa Pak Bau"
BAU: "Pan dejak tuker pikir.."
WANYAD: "Dih lah..bakute prangkat desane piben sih, masalah mbagun desa masa enyong-enyong juga sing dejak tuker pikir...rika-rika kabeh terus pada nyambet gawene apa Pak Bau?!!!, pan udad udud thok nang Balai Desa..."
BAU: "Dudu tuker pikir masalah mbangun desa NYAD, kiye pengaduane Si DATIM.. jarene si DATIM bojone sing arane RONTIYAH kuwe sering digodani karo kowen???, aja abong-abonge singlanange nang Jakarta kowen untak-untuk saenake bae,..gaeh DATIMe belih trima tembe balik sing JAKARTA"
WANYAD: "sssttttttttttt....aja rosa2 bau..bangsyet gyeh...engko si DARKONAH krungu..wis ngomong bae karo Lurahe WANYAD lagi maring indramayu onong lagi ngawal bawang gyeh wis mana rong ouluh ewu nggo tuku rokok.."
25. BIR
WANYAD: "Si Dakrun miki kanda enyong jare tas ngerjani polisi BAN.."
DALBAN: "Ngerjani pimen NYAD?"
WANYAD: "critane deweke ngeneti colt diesele si WARSO..lah lagi liwat alas deweke kebelet nguyuh, si DAKRUN njaluk mandeg jare WARSO-ne "kiye Alas aja mandeg ning kene" lah si DAKRUNE ora kanti akhire nguyuh bae karo diwadahi kalenge bir, seyor..seyor.. nganti olih telung kaleng, let ora suwe mbuh ...kening apa jarene treke kepripit polisi "pritt..." dikejar karo dipeped akhire si WARSO-ne mandeg..wis oh ba bi bu ba bi bu .. Akhire dinein duwit karo si WARSO..lah akale wis dinaen duwit tapi matane negin pendirangan bae..barang nang dasbord weruh ana 3 kaleng bir sing isine "uyuhe Dakrun" langsung dijaluk bae, ora sonder takon maning langsung ditenggak bae, glegek glegek glegek..bare ngglegek polisine kecap-kecap karo ngomong "Kiye Bir wis kadaluarsa apa yah, daning rasane bisa radan asem nemen kaya kiye.."
26. LANJUT PIR
DALBAN: "Sing endi NYAD?"
WANYAD: "Sing Losari BAN.."
DALBAN: "His daning Losari mudun Elefe sing wetan.."
WANYAD: "Kandakna..numpak elep sing losari sek-sekan nemen, ngadeg nang lawang.. ngarepe enyong wong wadon..wong sesek nemen ya bokonge bolak-balik nggesrek belih..tak rasak-rasakna wong empuk ya dekene enyong medegdeg oh..lah barang tak deleng ka wong wadone pesam-pesem.. wah dawa kiye tah urusane.. Lah ka ujug2 kenete ngomong Mas kiye wis Klampok oh jarene pan mudun.. gagiyan tak jawab bae.. ora sida Net.. lanjut Brebes bae negin akeh urusan gyeh.. mending nambah sewu daripada medot nikmat iya belih BAN.. Brebes lanjut Pir..!!"
27. MOMONG BOCAH
DALBAN: "Nang apa NYAD bisane guya-guyu.."
WANYAD: "Ora miki tas weruh si WARIH picek dicokot asu..bisa apik nemen.."
DALBAN: "Dilah daning melas temen.."
WANYAD: "Lah bonggane sapa..wis tak omong..ari momong bocah kuwe aja nang empere umahe batak..belih nggugu.."
DALBAN: "Momong anake sing umur 3 tahun NYAD?"
WANYAD: "Iya.. Lah bocahkan sikile dalahi krincingan oh ya.. eben ngarti pendirangane maring endi.. Lah kuwe desotna.. Deweke kelangan.. Mobat-mobat ari nggoleti.. Lah deweke krungu ana krincing-krincing langsung diparani toli direyok bae.. Belih ngarti kuwe herdere Saragih.. Ya dicokot krakut oh.. Si Warihe tulung-tulungan.. Karo ngomong dasar asu kowen yah..asu kowen yah..belih ngarti enyong wong picek apa yah..asu kowen yah..tulung..tulung..tulung.. Akhire wong sa RT metu kabeh belih.."
DALBAN: "Toli anake asline maring endi NYAD?"
WANYAD: "Bocahe tah ndempes nang ngisore wit asem.."
28. BUDEG BUDEG
WANYAD: "Kaku akutah weruh wong loro pada budege omong-omongan.."
DALBAN: "Sapa NYAD?"
WANYAD: "Udin kopok karo si Dikin jampeng.."
DALBAN: "Sih omong-omongan pimen?"
WANYAD: "Critane si Udin kopok nggawak wedus ketemu si dikin jampeng nang pertelon.. Si Dikin takon Din kuwe weduse kowen daning kayong lemu temen kuwe regane pira..? jarene Udine eh kiye Kin.. kiye tah wadon oh.. Lah si dikin kaget dilah daning larang temen.. Ndeleng si dikin kaget udine pesam-pesem karo ngomong kaya kiye endine sing meteng wong negin prawan kaya kiye ka.. Enyong sing ngrongokna bisa gemuyu enak nemen nganti waduke enyong kecengklak.."
29. ADUS-ADUSAN
WANYAD : "Bagreg ah...dobol gyeh..!!"
DALBAN: "nang apa NYAD?"
WANYAD: "sing arane mantri irigasi dadi wong ka bisa waduke ala nemen ",
DALBAN : "lah keprimen sih NYAD?",
WANYAD : "Mau enyong diaruh-aruhi bocah-bocah cilik gongkon melu adus-adusan nang pintu air sing perek kuburan.. ndelengna bisa mengini nemen.. akhire nyong langsung ucul-ucul wuda bral..melu nggebur belih.. blengg...inggek karo bocah-bocah cilik.. Lah barang mentas..nggoleti klambi karo clana ka langka..dobol belih...jebule dumpetna mantrine.. ya nyong balike gedabelan karo nutupi pelakangan oh.. saben liwat ketemu wong tiarap..saben liwat ketemu wong tiarap...bisa rekasa nemen ah..asyem ka...dasar mantri dobol..."
30. JUDI
DAKRUN : "dengaren NYAD raimu bisa ngambreng mene..ora dibanda karo si DARKONAH? Bengi-bengi glayaran mene..? Kiye mumpung wis lagi pada mentit oh.. kowen pan melu pasang ora..?!"
WANYAD: "Nyong nggawane mung sepuluh ewu tok sih Jon..dutangi disit ya kena oh"
SABRAN: "Raimu..sing kuna mula ka legede enak ora.. Modal asyuuu.."
WANYAD: "Ya ora kaya kuwe.. enyong miki pan mene ngakali duwit be angel nemen.. Duwit diselagna nang lempong..tak rogoh DARKONAHe tangi.. Malah takon pan maring endi KANG..ya tak jawab yah.. Pan mono DAR..ngunjungi pengajian nang langgar sadelat.. duwite ndes nggo nyumbang.. Akhire dirogohna olihe mung sepuluh ewu tok..kiye gyeh.. "
31. SAYANG MERTUA
DALBAN: "Dakrun sanajan tukang mendem tapi jebule duwe keahlian yah NYAD.."
WANYAD: "Iya oh.. Bisa ngutak-ngatik listrik.. Kowen tembe paham..wong listrike enyong koslet didandani dakrun be bisa murub maning.."
DALBAN: "Eh iya ya NYAD toli mbayar.."
WANYAD: "Ya ora mung sediakna bae ciu sa botol"
DALBAN: "Dilah.. Ora gelem duwit geleme ciu brati bocah kae apik yah setia kawan.."
WANYAD: "Kae tah asline apik oh, wong karo mertuane be mbakti nemen.."
DALBAN: "Mbakti pime NYAD?"
WANYAD: "Ya mbakti oh.. Wong listrik nang mertua dayane mung 450 danjatna nang DAKRUN dadi 1500 sih pime.."
DALBAN: "His.. toli pime NYAD?"
WANYAD: "Ya saiki mertuane diketeng-keteng oh..konjang konjong maring Polsek.."
32. MALING (modifikasi)
WANYAD: "Nrokcoka mau si Dholim..",
DALBAN: "Nang apa sih NYAD",
WANYAD: "Wong dasare maling tak takoni ya jawabe peta ora..",
DALBAN: "sih bisane..",
WANYAD: "Nyong takon Lim, jare kowen jaman gemiyen karo jaman saiki kuwe penak endi..jarene si Dholim..ya enak gemiyen mayan-mayanlah..sih bisane.. Genah nyong duwit sepuluh ewu manjing toko bisa olih werna2.. Bisa olih susu, olih sikat, olih odol, olih rokok, olih sabun..werna-wernalah pokoke.. Lah ari jaman saiki sih.. Jaman saiki tah pait.. Nggawak sepuluh ewu paling olihe mung lingak-linguk tok..lah bisane.. Genah iya.. Wong jaman saiki toko isine pada ana CCTV-ne"
33. BEDA JAMAN
WANYAD: "DAR, jarene kowen jamane SUHARTO karo jamane SBY kuwe penak endi DAR.."
DARKONAH: "Lah ya enak SUHARTO mayan-mayan lah KANG..kepimen rika.."
WANYAD: "Lah sih bisane DAR.."
DARKONAH: "Lah kepriben ora kepenak suharto wong jamane Pa HARTO kuwe dekene rika negin kenceng nemen..ari ngejejer be bisa kaya kayu.. Lah saiki.. jamane SBY dekene rika bisa benyeke kaya tape..angger gongkon mlebu be tirigane angel nemen"
34. MENCELAT
DALBAN: "Ningapa NYAD daning matane besem nganti biru kaya kuwe",
WANYAD: "Dobol ka kiye wingi gara2 nyong dolan ng Jakarta ketemu Bupatine",
DALBAN: "Bupati sapa?",
WANYAD: "Bupati BG",
DALBAN: "Lah pimen sih",
WANYAD: "Ya kuwe wong lawas ora ketemu, nyong dejak mangan nang restoran..mbuh arane panganan apa..daging bisa alot nemen mangane kudu diiris nggango lading karo garpu..diiris2 ka ora bisa2.. Nganti nyong ngawet..tak gosrok2 nganti daginge mencolot..lah ngebroke ka nrokcok nemen bisa mrg wong wadon sg anggo klambine mletet pas ning kutange..wadone njerit..makane singlanange algojo oh..langsung marani nyong..ceprot..nyong dikantem..dobol ka.."
35. DISKON
WANYAD:"Mlaku-mlaku nang Jakarta BAN, mumet nemen.. mring mall mung nyawangi barang thok..ana sepatu ana klambi ana elektronik wis lah pokoke werna2 nemen",
DALBAN: "toli kowen tuku NYAD?",
WANYAD: "Kandakna nang sak anane mung seket ewu..pang luruh clana sg regan semono ka langka..Paling murah 150 ewu..Danyang bisa ora olih2 nganti pelayan wadone godogan bae..akhire nyong jengkel oh.. tak omong sisan wislah mba gabrud bae yuh..lah ka pelayane takon "Apaan tuh Mas.. Gabrud?" nyong lingak linguk belih tp gagiyan tak jawab gabrud itu basa saya nya discount Mbak..jarene ohhh..kalo mas mau gabrud tuh sama pelayan yg itu tuh.. Dapat gabrudnya 50%.."
36. NANG TERMINAL
DRAUP: "Bagemana ini sih KANG WANYAD, bisanya numpak bis-se nganti lama banget kaya kiye..sayakan sedari tadi nonggoni bae oh nang Pulogadung.. sampe kesel sekali...kok tidak teka2..kirain sih ada apa2 di dalan..",
WANYAD: "Waduh..sory Up...bener-bener sorry....sungguh kedobolan memang bener2 kedobolan Up... Lah bagemana tidak kedobolan..Wong bis’nya seseknya mbangkana-kana....coba pikirkan saja.. saya ini dari kenaikan sampe keturunan tidak dapat kedudukan sama sekali..sih bagaimana....bahkan saya ini sampe kebletengan nemen.. waduh...pokoke bener-bener pengin keberakan sekali lah..!!!"
37. MENDEM
WANYAD: "Compong nemen hiz si DAKRUN BAN",
DALBAN: "compong pime NYAD?",
WANYAD: "miki nyong weruh ng solokan bocah2 SD lagi pada rubung2 tak kira sih ana apa..jebule si DAKRUN lg njengkangkang turu..sikile mblosok ng solokan kr sletinge metoto toli p*line metu",
DALBAN: "Sih bisane NYAD?"
WANYAD: "Langsung tak gusah oh bocah2e..toli DAKRUNE tak bugah..tak takoni..raimu ng apa bisane nganti turu ng sawah..lah jarene lg bengi kas balik mendem liwate sawah kebelet nguyuh..lg enak2 nguyuhka sikile mbelet ng solokan..didudut2 ora bisa2 laka tenaga babar blas..boro2 nggo ndudut sikil..nggo nyekeli p*li lagi nguyuh be jare ora kuwat... kayong rasane bisa lemes nemen...ya wis oh akhire njengkungkung bae nganti esuk"
38. WANYAD: "BAN..",
DALBAN: "Apa NYAD?",
WANYAD: "nrokcok ka syung..",
DALBAN: "ana apa?",
WANYAD: "wingi nyong ketemu tante2 numpake sedan..jarene tah bojone lg berlayar..ngejak aku kenalan..terus mlaku2 kr mangan2..bar kue nyong dejak maring umahe.. toli mlebu ng kamare..atis nemen ana AC-ne..lah enyong ka gongkon udar2 klambi..ya nyong nderegdeg belih",
DALBAN: "Dilah temenan NYAD",
WANYAD: "iya syung..terus tante2 kue poyan jarene pan metu disit, nyong gongkon nonggoni nang kasure",
DALBAN: "terus..terus kepribe NYAD",
WANYAD: "lah nyonge ya siap2 belih.. jebule brng manjing kamar maning ka nggawake bocah cilik.. toli ngomonge kaya kiye..ANDI ini contoh orang yg nggak mau makan..klo ANDI nggak mau makan bisa seperti orang ini"
39. MALING
WANYAD: "To, raimu dadi maling uwis suwe?"
GENTO: "ya kawit nyong cilik oh NYAD...setahun be mesti kudu jelong LP ping pindo "
WANYAD: "dilah.. toli kapan kowen tobate..makane blajar ngaji gen To..dadine waras oh.."
GENTO: "Eh aja ndarani yah.. Enyong kaya kiye mbuh apa jebolan pesantren oh NYAD..enyong pan limang wulan tah ana oh ngaji nang santren.."
WANYAD: "iz ader.. bisane kowen metu.."
GENTO: "ya wiwite sih ora tau konangan.. barang nglorod sarunge kyaine nang lemari tembeke konangan..enyong langsung detokna.. makane pan khatam turutan oh.."
WANYAD: "dasar pancene bejad ah raimu..turutan be ora nganti tedas.."
40. KETLADUNG
DALBAN: "Pan maring endi NYAD, daning ngegang karo sarungan kaya kuwe..",
WANYAD: "Pan mono sadelat BAN, maring mantrine..",
DALBAN: "Nang apa sih..",
WANYAD: "asemka mau lagi esuk tas tangi turu nyong langsung makani ayam.. Ker ker ker.. babon karo pitik2ke pada marani belih.. Nyong ndodog nganggone sarung kiye gyeh..lah enyong kan belih katokan.. ndodok bae, prangasa wong karo ayam dekene nyong metu nganti metoto ya wis pambeli...h temen, belih ngartiya ujug2x jago sing kadohan mlayu marani enyong nladungi dekene nyong nganti ora kira2,..jebred4x..bangsyet belih dekene enyong semelet nemen nganti pan semaput.."
DALBAN: "Lah bisane jagone nganti jengkel kaya kuwe NYAD?",
WANYAD: "embuh tak pikir-pikir sih ndeyan gara2 esuk-esuk negin metenteng.. prangasane jago nantang ndeyan yah, mbuh cemburu ndarani dekene nyong ngerek-ngereki babon.."
41. DADI WASIT
WANYAD: "Nyong krungu jarene kowen wingi nang volinan dadi wasit NYAD, tapi mung sadelat tok iya.. Pimen sih ora jegod ngatur pertandingan apa pimen..","Dudu masalah ora jegod bol, enyong mandeg kuwe gara2 kecelakaan..",
DALBAN: "sih kecelakaan pime NYAD?",
WANYAD: "genah enyong lagi ngatur pripat-pripit ujug2 bal serpen maring endase nyong..enyong kaget oh karo mangap belih..lah liprine mlebu maring telak.. ya nyong glag...epan oh nganti ambekane nyong bisa moni prit..prit..prit.. Kaya kuwe..",
DALBAN: "idilah..toli bisa dakali NYAD..",
WANYAD: "bisa dakali apane wong gawak maring puskesmas be ora bisa acan2..","toli akhire pime NYAD?"," ya akhire tak deleg sisan.. Kiye nyong lagi ngenteni mulese.. Pan tak adang2.. Sing wingi ora metu2.."
42. BANDAR ALIM
WANYAD: "Compong nemen his DAKRUN BAN.."
DALBAN: "Compong pime NYAD?",
WANYAD: "Wong mena-mene laka pegaweyan.. akhire deweke mojar duwit nang Kakang ipene nggo modal dadi bandar kopyokan..lah wingi ning tanggapan wayang ngarepe bale desa..deweke langsung dasar.. dirubung wong saporete.. lah componge, sedurunge dasar deweke khotbah ndisit maring sing pan pada maen jarene.. sedulur2 yang terhormat sing pan pada maen ya..... tulung enyong njaluk tulung gyeh.. dadi wong kuwe kudu pada sing jujur ya! Aja curang karena curang kuwe Do.. Dosa..Tulung dieling2 gyeh sedulur2 kabeh.. wong kuwe kudu nuruti prentahe agama kudu pada jujur!..percuma wong olih duwit angger ora jujur ya percuma ora berkah..nggo makani anak bojo ora bakal berkah.. Wis paham sedulur2.. Okey Sekian dan terima kasih.. Wassalam..silahkan maen.."
43. NGGOROHI POLISI
WANYAD: "DAKRUN miki tas dikapruk polisi BAN..",
DALBAN: "Nang apa sih NYAD..",
WANYAD: "Wong dasar mendem.. nang ngarepe tokone GINO karo tudang-tuding toli merceka.. lah ka ujug2 nelpon kantor polsek jarene.. Lapor Pak.. Gyeh saya disini didepan tokone Kang GINO..melaporkan bahwa tokonya KANG GINO sekarang lagi dodol-odol Pak... krungu laporan kaya kuwe let 1/2 jam polisine teka belih.. boncengan wong loro..jare polisi-...ne jam berapa tadi kemalingannya.., apa bae yang hilang.. Lah jarene Dakrun karo pringas-pringis.. sing ilang apa Pak..wong laka kok.. Lah mau sih sing laporan toko kiye diodol-odol sapa.. Ya enyong sih pak.. lah bapane nang weruh dewek oh Pak.. Delengna gweh ana bangsane pepsodent, ciptadent, ritadent, close up lan sebagene.. Langsung BAN dijejeg raine DAKRUN dijejek anggo sepatu.. jebred.. DAKRUNe langsung nggempulung.."
44. MARING JAKARTA (Modifikasi)
WANYAD: "Nyong wingi critane disambati Bi Sadri gongkon ngancani maring Jakarta BAN..",
DALBAN: "Lah sih pan apa NYAD?",
WANYAD: "Lah anake sing arane RAWAN kan ora balik-balik..akhire digoleti mana..","ohhhh.. toli ketemu..","kandakna mudun sing bis brusut.. terus nyambung mlaku nang pertelon.. durung tekan pertelon ujug-ujug Bi SADRI ngosek karo nangis nganti gemboran ora karu-karuan karo ngundang2 si RAWAN..",
DALBAN: "Dilah sih nang apa NYAD?",
WANYAD: "Lah kuwe gara2 nang pertelon ana tulisan..AWAS HATI2..DISINI RAWAN KECELAKAAN..ya ditonton wong saporete oh..",
DALBAN: "eh iya NYAD.. toli akhire pimen NYAD..",
WANYAD: "Ya akhire nyong ngomong oh.. Wislah Bi maring kantor polisi bae yuh takon.. Akhire nurur ditodokna wong kantor polisine mbang endi..lah sedurunge anjog kantor polisi..ujug2 ngosek maning karo godogan..","sih nang apa maning NYAD","ya kuwe gara2 ana tulisan maning sing monine "POLISI 10 Meter" karo tanda panah.. jarene emohlah enyong wedi wong polisine be duwure nganti 10 meter.."


45. KECENGKLAK
DALBAN: “Kowen gemiyen tau dadi atlet NYAD..”

WANYAD: “Ya rasan oh...dadi pelari 100 meter BAN..genah gemiyen rasan pan melu SEA GAMES...tapi ora sida gara-gara kecengklak..”

DALBAN: “Ih loken....sih kecengklak pimen?”

WANYAD: “Gyeh..pas lagi latihan..begitu start jedor.. enyong mlayu banter nemen belih...nomer sijilah.. lah lagi banter-bantere mlayu...enyong nglirik mengiwa..nrokcoka ana atlit wadon loncat tinggi bar mencolot clanane suwek ora cawetan..ya nyong langsung mlayune nggesut belih..ketingklangan..lah pimen wong nang pelakangane enyong bisa ngganjel nemen..lah kuwe dadi kecengklake..”

46. ORA GIMIR
DALBAN: "Kowen kuwe bisane tertarik karo DARKONAH kuwe sing menarik apane NYAD?"
WANYAD: "Enyong BAN.. DARKONAH kuwe istimewa oh.. Laka laka-lah.."
DALBAN: "Sih laka-laka pimen? Wong raine be biasa bae.."
WANYAD: "Sikah.. Sanajan raine kaya embek-embek tapi sejen karo wadon-wadon liyane oh BAN.."
DALBAN: "Sih sejen pime NYAD?"
WANYAD: "Gyeh angger wadon-wadon sing liya kuwe tak deleng rata-rata pada materialistis kabeh.. pada gimir karo sing arane mobil..apa maning sing arane sedan BMW, MERCY, HONDA JAZZ lan liya-liyane..pada gimir kabeh!!.. Lah DARKONAH kuwe babar blas ora gimir karo sedan.."
DALBAN: "Sih gimire karo apa NYAD?"
WANYAD: "Gimire mung karo trek tok.. Trek diesel"
DALBAN: "Sih bisane?"
WANYAD: "Genah dong ana diesel mandeg.. Pengine ngrayah bae.. Balapan kored bawang..pan digresek.."
47. GANTI RUGI
WANYAD: "Nrokcok his DAKRUN.."
DALBAN: "Nrokcok pime sih NYAD?"
WANYAD: "Dasar bocah kumprung ka.. Wong mendem numpak motor ya nenggor apa sing ora oh.. sing melasi ana wong meteng lagi gandengan karo singlanang.. melu ketenggor.. tiba nganti keguguran.. ya sing lanange belih trima oh.. nuntut njaluk ganti rugi belih.. gawak maring polisi.. lah ning polisi wong arane si DAKRUN dijaluk ganti rugine... ari njawab enak ora.. aduh Pak Pak.. Kayong rika ora kenal enyong..nang paham oh enyong kiye sapa.. nyong kiye wong mlarat Pak.. boro2 nggo biaya rumah sakit nggo mangan be kangelan..enyong sih duwit sing endi?..lah jare polisine: angger kowen ora gelem mbiayani sih ganti rugine apa!!.. Lah ujug2 ka si Dakrun njawab maning..kaya kiye bae wis Pak..eben pada2 enake.. omongna bae maring singlanange.. enyong sanggup wis Pak eben bojone bisa meteng maning..kuwe ganti rugine Pak..tak metengi maning bae wis bojone karo enyong.."
48. GILI RUSAK
BOCAH WADON: "Mas..mas.. Mas ini dari Brebes yah?!",
WANYAD: "Loh koq tau Mbak?",
BOCAH WADON: "Ya kuwe sih raine bisa kaya gili rusak ... "
49. BALENDONG
WANYAD: "Wong si DAKRUN, umahe bisa balendong.. Ya bale ya kondong.. dadi siji.. ya pan nggarap bojone kangelan oh.. wong anake be ari turu bisa kaya pindang.. pating gletak tumpukan ora nggenah..Lah kuwe sing darani umah RSSSSSSS ndeyan yah BAN"
DALBAN: "RSSSSSSS sih apa NYAD?"
WANYAD: "Ya Rumah Sangat Sempit Sekali Sehingga Senggama Saja Susah oh.. Genah wingi si DAKRUN-ne crita karo enyong...jarene wingi lagi nggarap bojone si Wasri.. Pas lagi ah uh ah uh.. Si Wasrine ngomong... Kang aja detokna disit ya...mengko metune bareng ya kena oh... Lah ka anake sing bontot krungu langsung njenggelek melek... Pan metu maring endi sih Ma... enyong melu ya kena oh..."
50. BERENGEN
DALBAN: "Bada aji maring endi NYAD",
WANYAD: "Lah ora maring endi-endi BAN, genah matane enyong berengen..",
DALBAN; "Sih nang apa..",
WANYAD: "Nrokcoka si DARKONAH..abong-abonge brayahe pan pada teka.. sing bengi glatakan bae gawek kupat.. saplondang jaya ora eling kaya pan dagangan..nganti embere enyong sing nggo pranti adus nggo wadah jangan kupat.. Lah enyong esuk-esuk tangi turu kan pan raup tak kira sih banyu bener..tak raupna bae..dobol jebule ka jangan kupat..makane mengkrenge sa kilo dewek oh.."
51. AKABRI
WANYAD: "Kowen paham MAN KASID BAN?"
DALBAN: "Ya pahamlah nang apa sih?"
WANYAD: "Jarene kan anake sing arane DARTO disekolahna dadi ABRI oh ya.."
DALBAN: "Ih loken..DARTO bencong sing awake lempeyoran kaya bandeng presto..loken iya bocah kaya kae bisa dadi ABRI.. "
WANYAD: "Makane rongokna ndisit kiye nyong ari crita Bol.. MAN KASID'de bagjane ngedol sawah karo wedus sing penting eben anake didid...ik bisa dadi lanang sejati..makane dilebokna tentara.. embuh nyogoke pira.."
DALBAN: "Oh kaya kuwe terus NYAD?"
WANYAD: "Lah wingi critane ditiliki maring tempat pendidikane..lahka jebule laka.. Komandane ditakoni jarene ora ngarti wong minggat dewek..ya MAN KASIDe setres oh..lahka kabar-kabar jarene ora adoh sing tempat pendidikane bocahe ketemu lagi nyambet gawe liya.."
DALBAN: "Sih nyambet gawe apa NYAD?"
WANYAD: "Nang SALON BAN... Lagi nggunting rambut, toli arane diganti dadi DARTI..nrokcok belih?"
52. LENENG
WANYAD: "Asyemka miki lagi enyong ngadeg nang alun-alun enyong lendotan tiyang listrik.. ujug2 kaya ana wong ngantem enyong sing mburi...jebred.. ya enyong langsung muter pencak silat oh...karo enyong gemboran.. hei bangset sapa sing wani-wanine ngantem enyong sing mburi..bangset gyeh, asyu gyeh..tapi barang tak tiliki bisa laka sapa-sapa.. ajib ah.. Malah wong2 sing liwat pada ndelengna enyong ka...beh weruh enyong gemboran karo pencak silat dewek.."
DALBAN: "Ih loken NYAD? Sih sapa NYAD sing ngantem kowen.."
WANYAD: "Embuh enyong be eram nemen akhire enyong ngadeg maning karo cekelan tiyang listrik kuwe maning..lah ka ujug2 kaya kuwe maning..jebred!!.. malah enyong nganti njengkangkang..enyong belih trima nemen.. enyong tangi karo gemboran sing rosa nemen karo tak tudang-tuding.. bangset-bangsetan..tapi ya kuwe mau..bisa laka sapa-sapa..ajib ah.."
DALBAN: "Toli sapa NYAD sing ngantem kowen sing mburi.."
WANYAD: "Ya kuwe ujug-ujug ana bocah dagang aqua marani enyong..KANG rika kening apa bisane dugal dewek apa dewek..ya tak omong yah..sing ngantem enyong sing mburi miki sapa..jare bocahe ehhh dadi ana sing ngantem KANG? Makane aja lendotan leneng kuwe KANG..sampeyan wong sing ke telu dadi korbanne leneng kuwe..kuwe leneng nyetrum..setrume gede nemen..kuweh deleng kabele ndlawer durung dibenerna PLN..ehhh dobol ya bener bae..wong kesetrum bisa kaya kuwe nemen yah BAN.."
53. WONG MIS
WANYAD: "Dih nang stasiun bisa akeh wong mis pada melasi nemen yah BAN.."
DALBAN: "Iya nang... toli kowen nein NYAD?"
WANYAD: "Mau tah ana Nyai-nyai...tak Nein 50 ewu BAN, masalahe wonge melasi nemen..."
DALBAN: "Dih hebat nemen kowen NYAD, nein wong mis bisa nganti semono akehe...?"
WANYAD: "Ya kaya kuwe lah..arane be amal...tapi tak jaluki jujul ka BAN?
DALBAN: "Pira?"
WANYAD: "49.500"
DALBAN: "Ehhhhh..tak kira sih..."
WANYAD: "Tapi deweke jebule durung ana jujule.. "
DALBAN: "Toli pimen akhire... dekena kabeh..??"
WANYAD: "enyong ngomong bae sing enak-enak oh...Ya wis pangapurane bae ya NYI..berhubung laka jujule ya sementara kiye 50 ewune tak tarik maning...gampang sekiki maning wis mbokan ketemu.."
54. SHOTING
WANYAD: "Duh BAN..BAN... wingi enyong lagi nang Jakarta pan ketempuhan syung...digayami wong saporete.."
DALBAN: "Kening apa sih NYAD?"
WANYAD : "Lah iya ana wong wadon ning dalan tas'e pan dirampas bencoleng..ya nyong sing weruh tidak tinggal diam yah...jiwa kepahlawanane enyong langsung terusik oh... enyong langsung mlayu ...tak kejar toli tak trenjang sing mburi.. bencolenge tiba ngguling-nggul...ing... tak kiting...toli jotosi...nganti ampun-ampunan...lah ka ujug2 ana suara KAT...KAT...KAT...KATTTT...berhenti, berhenti..tulung..tulung..kuwe ditulungi.. !!!...nyong kaget belih....bare kuwe ka ujug-ujug ana wong marani ngomonge tah jare sutradara toli nggayami enyong saporete nemen.. jarene brengsek kamu yah...jawanya apa sih kamu petakilan disini...ngganggu orang lagi shoting ajah...itu tugasnya Barry Prima tahu !!!"
55. KETABRAK (modifikasi)
Wanyad : "BAN enyong miki tas kewirangan nemen syung.."
Dalban : "Kening apa sih NYAD?"
Wanyad : "Asem ka..ning dalan ana rame-rame.. wong-wong pada ngrubung kabeh..jebule nonton korban kecelakaan.. enyong ya pengin weruh yah...tapi sing ngrubung akeh nemen..dadine enyong ora bisa weruh oh.. akhire tak akali.. awas minggir-minggir.. enyong sedulure.. enyong sedulure... wong-wong ya akhire pada minggir kabeh belih... barang weruh.. DOBOL..jebule ka asu meteng ketabrak trek.. anake lima mecetet kabeh...asyu oh ya... ana wong sing ngomong kuwe sedulure rika KANG?..pernahe apa...langsung tak pendeliki ..cocotmu !!...toli aku langsung merad..isin bol.."
56.SMS
WANYAD : "Nang apa BAN, daning raine bisa cembetut kaya kuwe.."
DALBAN: "Nyong tas tukaran karo bojone enyong ka NYAD?"
WANYAD: "Lah sih nang apa?!"
DALBAN: "Gara2 si JAONAH sms enyong ngomonge sayang-sayangan..kewaca bojone enyong..ya langsung larag-larag balik oh maring wong tuwane.. wong bojone enyong cemburune gede nemen.."
WANYAD: "Wuhhh.. dasare kowen bae sing goblog BAN..gyeh tiru enyong.. enyong wingi ketemu cewek arane ROMLAH..tak simpen belih nang HP.. tak ganti arane DARNO..barang HP-ne nggletak..ana SMS mlebu kewaca DARKONAH isine sayang-sayangan..DARKONAH mung mesem tok..wong sing ngirim DARNO..prangasane ya DARNO songgol lagi guyonan karo enyong.. "
57. DAGANG
WANYAD: "Dih wong ka waduke ala nemen yah BAN..padahal jare paham agama oh ya..enyong miki nyoba dagang nang kono bisane diurak-urak gongkon lunga.."
DALBAN: "Nang endi NYAD?"
WANYAD: "Nang Islamic Center..lah kiye kan wayahe wong2 pada balikan kaji oh ya..kan rame nemen oh..enyong critane ilon-ilon dagang nang kono..tembeke dasar ka enyong langsung diurak-urak..gongkon lunga..pokoke ora olih daga...ng..lah sing liyane be olih dagang nang kono ka..ana bakso ana pangsit ana es ana rokok..bisane nyong ora olih..sentimen nemen his karo enyong..padu2ne enyong ora setor apa.. menungsa apa sih dongen.. paham agama belih akutah.. bisane ora ngarti kemaslahatan umat babar blas..lah enyong kan juga umat oh sing pan pada2 luruh rejeki nang kono..dobol ah!"
DALBAN: "Lah emange kowen dagang apa nang kono NYAD?"
WANYAD: "Dagang BIR BAN.."
58. RUMUS MATEMATIKA
Tarwad: "Miki enyong tas kenalan karo bocah wadon his Pit..ning Colt.."
Lupit: "toli ayu Wad.."
Tarwad: "yah pancen lumayan sih.. lagi tak delengna.. ka ujug-ujug deweke takon kaya kiye.. mas kowen sekolah oh ya..ya tak jawab yah.. ya iyalah mbak enyong kiye pelajar..pimen sih.. lah ka takon maning..kayane pinter matematikane ya mas.. dih daning ngerti mbak..iya enyong kuwe rengking siji matematik...ane ader katon Mba?..lah ka ngomonge..ya katon yah.. kuwene sih raine bisa ruwed nemen kaya rumus.. enyong be sing mau ndelengane mumet nganti pan mutah.. Dobol belih!!
Lupit: "wkkkkkkkkkkkkkkkkk, toli kowen mbales ora.. "
Tarwad: "ya tak wales yah.. Eh iya Mbak dilah.. Angger kowen sih Mba kayane senenge basa inggris yah.. Dih daning ngerti Mas..iya kiye enyong pan mangkat les.. Bisane ngerti sih Mas.. Lah kuwe sih lambene katon.. Bisa kaya bintang pilm BF sing moni.. Oh yes..oh no..oh yess..oh no..ohhhh yess...ohhhhhh"
59. NJOGED
WANYAD: "Compong nemen his si DAKRUN karo SABRAN..."
DALBAN: "Nang apa sih NYAD?"
WANYAD: "lagi bengi nang ORKESAN....genah penyanyine lagi nembange lagune OMA IRAMA sing judule kenapa eh kenapa minuman itu haram.....karena eh karena merusak pikiran....lah ka si SABRAN karo DAKRUN njogede karo mendem toli karo ngacung-ngacungna gendul....ya pengak belih....ora sesuwa'i oh.... kiye sing salah OMA IRAMA-ne apa sing dagang ciu yah.....gebleg ah!!!"
60. NOSTALGIA (modifikasi)
WANYAD: "Nyong miki tas muter-muter karo DARKONAH numpak motor nganti mburine pabrit gula banjaratma BAN.."
DALBAN: "Dih,..nang kono tah rungseb oh.."
WANYAD: "Hemmm..ora papa... genah enyong pan nostalgia..jamane pacaran gemiyen si DARKONAH tau tak cempedna nang kono..."
DALBAN: "Toli kowen nostalgiane kepriben?"
WANYAD: "Gyeh...ning kono kan sepi..jaman semana enyong kelingan DARKONAH tak cemped...na nang pager wesi mburine pabrit kuwec...lah mau enyong mau critane pengin ngulangi kejadian kuwe maning...si DARKONAH tak sendehna nang pager kuwe...lah tembe tak ambungi ka deweke wis grinjal-grinjal ora karu-karuanan kayong bisa nafsu nemen, ya enyong tambah napsu belih...barang tak takoni kowen bisa kayong napsu nemen sih DAR, suasanane romantis? lah ka jawabe...sing napsu sapa Kang ?!..lah rika belih ngarti kiye pager saiki ana setrume.."
61. TAT TET TOT
Wanyad : "BAN senggane susu kuwe dipetet bisa moni "TOT" kaya klakson tah ndenyan rame yah BAN.."
Dalban : "Lah sih bisane NYAD?"
Wanyad : "Lah iya.. sanajan ning njaba sepi udane ngrekicek jam 12 bengi.. tapi ning suara ora kalah karo klaksone mobil ning dalan sing lagi macet.. tangga sing ngarep krungu suara TAT sing mburi moni TET sing iringan moni TOT sewengi-wengi bisa moni TAT TET TOT TAT TET TOT wis bisa kaya tahun barunan lah pokoken"
62. DIKAMPLENG (modifikasi)
WANYAD: "Nrokcok his DARKONAH..."
DALBAN: "Nrokcok nang apa NYAD?"
WANYAD: "miki lagi numpak BIS SAHABAT sing Tegal maring Klampok ngadeg karo DARKONAH lah ora idep ora weruh ka ujug-ujug enyong dikampleng karo wong wadon sing ngadeg nang ngarepe enyong.. porot!!..ya peng-pengan nemen oh..durung isine maning.."
DALBAN: "Lah sih bisane NYAD"
WANYAD: "Ya kuwe wong wadone ngomong..sampeyan sembarangan yah..enak bae ngremed bokonge enyong emange kiye fasilitas umum apa!!..terus ngepret enyong maning porot.. Ya enyong lingak-linguk oh wong ora krasa ngremed..lah barang wis anjog Klampok kiri kiri..jleg..DARKONAH langsung anjlog bae karo mlayu larag-larag..ya tak kejar belih.. Temenan DAR dudu enyong sing ngremed DAR.. syung DAR..sumpah DAR..lah ka jawabe..iya dudu Rika sing ngremed tapi enyong gyeh sing ngremed eben rika dikampleng.. Makane dong lagi sek-sekan karo wong wadon p*line aja diacel-acelna dobol..puas oh ya..ladas oh ya..!!"
63. SATE WEDUS
DALBAN: "Sing endi NYAD? dih...antoge kayong bisa mantep nemen kaya kuwe...tas nyate apa yah bisane nylilit bae...daginge alot?"
WANYAD: "Iya kiye...tumben-tumbene si DAKRUN ngejak mayoran...sambel kecape tah lumayan...tapi daginge bisa radan alot...embuh olih wedus sing endi si DAKRUN...jarene tah tas olih proyek dadi melu-melu korban nggo nebus dosane sing wis sa gunung mentung merga kakeyan men...dem...nyong be bisa nganti terharu nemen syung karo Si DAKRUN bisa kaya kuwe...cuman saprene sing dadi pikirane enyong tas olih proyek apa yah...bisane si DAKRUN nganti bisa tuku wedus.."
DALBAN: "Dilah iya NYAD... Kuwe tah dudu wedus oh NYAD!!"
WANYAD: "His..sing bener kowen BAN... Dudu wedus sih Apa?!"
DALBAN: "Gyeh tak kandani ya..lagi esuk si DAKRUN gentoyoran mendem maring umahe enyong.. jarene pan nyilih karung, talenan karo gobang.. tak takoni pan nggo apa KRUN?.. Kiye BAN, miki enyong kas liwat nang pintu air kulone kuburan...prangasane enyong kayong eman-eman..sing eman-eman apa KRUN?..ya kuwe..mbuh asu..mbuh wedus..mumpung durung patiya kembung.."
64. COPET (modifikasi)
Dalban: "Nang apa Nyad, daning guya-guyu dewek..."
Wanyad : "enyong miki tas ngerjani copet.. kaku nemen syung BAN!"
Dalban : "sih ngerjani pimen?"
Wanyad : "nyong numpak bis SAHABAT sesek nemen balik sing Tegal ngadeg nang tengah-tengah, sak clanane nyong kan bolong pas lagi ora sempakan"
Dalban : "terus NYAD?"
Wanyad : "Lah ka ujug2 ana tangan nylondom..slendep.. mlebu bae maring sake enyong.. enyong kaget belih...wong tangane bablas maring p*line enyong..spontan tak cekeli oh.. jrettt...dobol raimu copet yah syu...barang pan didudut langsung tak cekeli bae..hayuh raimu sida ndudut nyong gemboran gyeh...dadi awit sing sumur panggang nganti Klampok copete nyekeli barange enyong bae..nganti semuten ndeyan oh..."
65. DIKEJAR TLEMBUK
WANYAD: "Kowen sing endi KRUN..daning menggeh-menggeh kaya kuwe.."
DAKRUN: "Aduhhh.. untung enyong gagiyan numpak COLT miki NYAD.."
WANYAD: "Nang apa sih?"
DAKRUN: "Nyong tas disandra tlembuk.."
WANYAD: "Sih bisane?"
DAKRUN: "Kiye gara-gara si SABRAN.. Dobol ka.. genah enyong lagi ora nyekel duwit dejak nlembuk..janjine pan dibayari..ya enyong nurut oh..lah akhire kan enyong mbuking siji..lah lagi enak-enak ning kamar, jebule SABRAN doncogi bojone..ya enyong kaper-kaper belih?..sing pan mbayari sapa kiye.. lah kuwe akhire enyong disandera nganti pirang2 jam..ora bisa metu wong dicekeli karo tlembuke bae gongkon mbayar..barang pas tlembuke radan ndlenger nyong gagiyan mencolot sing jendela oh ..pencolot..lah tlembuke weruh enyong langsung dikejar-dikejar karo ngomong bayar..bayar..untung gagiyan ana ELEP oh ya enyong langsung manjat bae..cemplak..Pir cepet jalan Pir..cepet jalan Pir..jare kenete..ana apa Mas..ana apa Mas.. Jare enyonge.. dobol ka ah..sing arane tlembuk kuwe dong wis jatuh cinta pancen repot nemen yah net ora gelem ucul..bagreg syung..wis cepet jalanlah!! aja kakeyan takon.."
66. BUANG AER
WANYAD : "Semlarat-mlarate wong ning Jakarta pancen tetep pada boros yah BAN?",
DALBAN : "Sih bisane NYAD?",
WANYAD : "Kowen ngarti ora si Karmen sing jarene ngojeg nang Tanah Abang.. ",
DALBAN : "Iya paham..",
WANYAD : "Wingi kan balik maring Klampok.. tak jaluk traktirane.. mangsit.. lah ka jawabane.. Aduh NYAD... gue lagi kagak gableg duwit nih.. lagian kalo makan pangsit.. gue lagi kagak bise nihhh... kemaren gue barusan buang-buang aer.. ya tak jawab belih..jare nyonge oh...ape lo kate kagak gableg duwit tapi kok buang-buang aer.. bukane aer di sana larang... adus sama ngising aja sampe 3000..kok dibueng-bueng..."
67. KHADAST BESAR
DALBAN : "Nyong ka eram his NYAD",
WANYAD : "Eram nang apa BAN?!",
DALBAN : "Bisane dong nang terminal bayare nguyuh karo bayare ngising kuwe pada bae yah.. kudune nang larang ngising oh.. wong ari ngenteni be bisa sa uwen-uwen..",
WANYAD : "Lah kowen ka eram.. kowen pengin ngarti bisane kaya kuwe?.. wong nguyuh karo ngising kuwe pada-pada melu kategorine hadast kecil sih dadine bayare ya pada bae oh paling-paling sewu...lah sing larang kuwe sing kategori hadast besar... contone kowen ngguwang pejuh nang panti pijet... kuwe bayare mesti luwih larang... kadang nganti 500 ewu..."
68. PAHLAWAN REVOLUSI (modifikasi)
GURU : "Tarwad, coba kamu kenal nama -nama ini nggak : Ahmad Yani, Katamso, Piere Tendean, Soegiono, MT. Haryono, DI Panjaitan.. Siapa mereka?"
TARWAD: "Waduhhh... ora kenal Pak Guru.. "
GURU: "Goblog kamu..kaya kuwe be ora ngarti.. kuwe sing darani pahlawan-pahlawan revolusi penguk.. ngarti kowen..compong gyeh.."
TARWAD: "Dih daning sampeyan jengkel sih Pak Guru.. wong sekolahe enyong mbayar ka yah.. Abong-abonge kae kanca-kancane sampeyan kabeh ditakokna karo enyong..ya enyong ora paham oh..saiki gentenan.. Gyeh enyong pan takon karo sampeyan, sampeyan kenal ora karo bangsane: SODIKIN, WARSIDI, DULATIP, DUKRI, SOBARI, MUHARI, MADNURI, YOTO..hayuh kuwe sapa..?!, aja lingak-linguk oh...ora paham oh ya... kuwe kanca-kancane enyong.."
69. JAGA KARCIS
DALBAN: "Nang apa NYAD...daning raine betem nemen kaya kuwe...?"
WANYAD: "Dobol ka...bangsa apa sih...wong nyong wis melaksanakan tugas dengan baik...ka malah dadine belih penak kaya kiye.."
DALBAN: "Tugas apa NYAD..?!"
WANYAD: "lagi bengi ana ORKES DANGDUT nang lapangan kan enyong gongkon jaga karcis....lah ana wong mlebu bae ora nganggo karcis...ya tak larang oh belih...maksa bae pan njaluk mleb...u...wong arane be amanat tugas ya tak bledig oh...tak semprot...rika aja macem-macem yah...tuku karcis disit ngarti!!...lah ka maksa bae njaluk mlebu...ya tak jongkongna oh...nganti tiba...lah ka ujug-ujug...ana ABRI telu rambute cepak sing mburi langsung ngantemi enyong bae..ceprot..ceprot...lah enyong salah apa Pak...jarene Bangsyet raimu yah...kamu ngarti tidak yang kamu jongkongin itu siapa...itu KOMANDAN DANRAMIL tahu!! ke sini mau njoged...lah enyong ya tidak tahu oh Pak wong tidak pake klambi dines..."
70. PARIBASAN
WANYAD: "Ban, peribasa sing kira-kira pas nggo uripe kowen kuwe apa Ban?"
DALBAN: "Enyong Nyad?... Apa yah... Eh kiye ndeyan LAIN KOKI LAIN MASAKAN.."
WANYAD: "Eh, ya pancen dasar rai badogan.. urip mung urusane panganan tok ya pribasane kaya kuwe oh.."
DALBAN: "Lah kowen dewek sih apa Nyad?"
WANYAD: "Angger enyong kuwe Rajin Pangkal Pandai, Hemat Pangkal Kaya, Enak Pangkal Paha.."
DALBAN: "Lah kuwe sing keri kuweh genah.. menandakan bahwa kowen kuwe pancen rai sarbo'ah"
WANYAD: "Syikah.. ya pancen enak nang.. angger kowen sih KRUN peribasa nggo uripe kowen sing kira2 pas apa?"
DAKRUN: "Enyong Nyad.. nyong tah ora reka-reka mandayan kaya kowen-kowen oh..bagine enyong paribasan sing pas nggo uripe enyong kuwe cukup mung.. SAMBIL MENYELAM MINUM JENGGOT.."
71. OPLOSAN (modifikasi)
DALBAN: "Krun kuwe critane ciu angger doplos kuwe pancen rasane luwih kepenak?"
DAKRUN: "Lah iya lah.. Sejen oplosan sejen nggliyenge.."
DALBAN: "Sih sejene pimen Krun.."
DAKRUN: "Gyeh tak kandani ya.. Ciu angger dioplos karo sprite.. kuwe ari nggliyeng prangasa bisa kaya ngeloni LUNA MAYA.."
DALBAN: "ih loken.. Angger di campur krating daeng sih KRUN..?"
DAKRUN: "Angger oplosane krating daeng sejen maning oh.. nggliyenge prangasa bisa kaya ngeloni AGNES MONICA.. Wis lah pokoke sedep nemen.."
DALBAN: "Iya..yah.. Lah angger dioplos bodrex karo spirtus sih rasane pimen KRUN.."
DAKRUN: "Lah ari kuwe tah laka-laka oh.. Angger oplosane Bodrex karo spirtus kuwe prangasa bisa kaya ngeloni NIKE ARDILLA karo bojone SAIPUL JAMIL sing mati wingi.."
72. PENGANMEN
DALBAN: "Nang apa NYAD, daning mudun sing bis raine betem kaya kuwe.."
WANYAD: "Nrokcoka diropok pengamen BAN...wong nembang-nembang dewek..enyong ora nein duwit ka dugal enyong ditempilingi.."
DALBAN: "Lah bisane kowen ora nein duwit.."
WANYAD: "Halah lagune be enak ora..anta mlela..ya enyong ngomong oh pangapurane bae lah Mas.. Lah bocah sing nabuh kendang ujug-ujug nempiling enyong porot-porot karo ngomong... raimu angger ora gelem nein duwit, sing mau lagi enyong nembang ndase raimu aja melu-melu njoged oh...ari ngrongokna ngungkuli penumpang liyane ka ogal-ogel nganti kemringet kaya kuwe...ora gelem nein duwit...dobol gyeh.."
73. ALTECO
KASEM: "Pan maring endi DAR daning ngegang kaya kuwe.."
DARKONAH: "Pan maring bidane mono...ora bisa nguyuh SEM.."
KASEM: "Lah bisane ora bisa nguyuh nang apa sih.."
DARKONAH: "Kiye gara-gara WANYAD sih gegere logra logro bae... wis tak dinunge Jamu Sari Rapet ka maksa bae monine negin logro... kala-kalaen enyong jengkel oh... tak kancing sisan... nganti kulite ngle'cap ora bisa mlebu-mlebu..puas ladas.."
KASEM: "Sih dikancing nganggo apa DAR.."
DARKONAH: "Tak lim nganggo ALTECO..."
74. JAGONGAN
WANYAD : "Miki tas numpak Elef BAN..diprotes bocah wadon ayu",
DALBAN: "Diprotes pime NYAD?",
WANYAD: "Lah iya bocah wadon kuwe sing mau ngadeg..lah nyong njagong..ujug2 ana wong meteng numpak..ya nyong melas yah tak gongkon njagong nang jagongane enyong..toli nyong ngadeg..lah ka bocah wadon kuwe protes karo enyong..Mas bisane enyong sing mau ngadeg ora ditawani njagong sih..kuwe wong sing tembe manjat lah ditawani...ya tak jawab yah..kuwe tah wong meteng nang mbak..angger rika gelem tak metengi enyong disit nang mesti tak tawani"
75. NGISING NANG SARUNG
DALBAN: "Lagi apa NYAD, daning esuk-esuk ngumbahi jarit..DARKONAH maring endi?"
WANYAD: "Ora gelemka.."
DALBAN: "Lah sing nang apa?"
WANYAD: "Kiye gara2 lagi esuk BAN, turu negin enak-enake dibugah weteng bisa mules nemen.. ya esuk-esuk enyong mencelat maring balong mburi oh ngeden karo kridongan sarung..lah ngising nang banyu nang biasane monine plang plung plang plung oh ya.. Kiye ora tumon moni kaya kuwe..begitu ngeden hek metu tibane monine bleg.. begitu hek metu maning ya tibane monine bleg..pokoke blag bleg blag bleg baelah..nyong ngising karo eram nemen..tapi begitu uwis enyong pan tangi bisa mak ceyoss..dobol belih dadi tleponge enyong sing salengen-lengen tibane nang sarung kabeh "
76. MOTOR MASALAH
DALBAN: "Sing endi NYAD..persaku miki lungane numpak motor bisane saiki balike mlaku karo ngegang kaya kuwe.."
WANYAD: "Nrokcok nemen ka si DAKRUN.. Dobol enyong digorohi sageden-geden!!.. wingi lagi ora duwe duwit pan nggo tuku ciu motore deweke digadekna maring enyong.. Ya tak bayari belih..sejuta setengah celengane DARKONAH.. Lah mau lagi tak enggo nang gili jatibarang..enyong dicegat wong bonc...engan loro seterek-seterek nemen..jarene tah Debt Collector..enyong diandeg toli digiring maring ADIRA..dobol jebule motore kuwe asline kridit..awit njukut nganti saiki durung dibayar blas wis 7 wulan.. selama kiye pancen lagi digoleti..ya akhire ditarik belih..makane duwite wis pragat oh nggo tuku ciu 10 krat.."
77. KEDER BALIKE (Modifikasi)
WANYAD: "Miki tas nyacak motor anyar BAN, balike bisa keder nemen..nggoleti gili gede ora ketemu-ketemu.."
DALBAN: "sih bisane kesasar NYAD?"
WANYAD: "Iya embuh..pikirane enyong klalen nemen.. Bisa ora kemutan dalan babar blas..untunge ana mobil liwat oh tak kintil bae..kae nengen nyong melu nengen..kae ngiwa enyong melu ngiwa..kae mandeg ya enyong melu mandeg..."
DALBAN: "Toli akhire ketemu dalane NYAD.."
WANYAD: "Justru kuwe ujug-ujug kaene mandeg..greg..toli wonge metu..ya nyong keder belih..tak tlakson tlakson oh..tit..tit..tiiitttt..toli tak gembor..hei Mas bisane rika mandeg..aja nggawe kedere nyong owhh.. Jalan maning cepet!!..lah ka wonge jengkel..jalan maning waduke..genah kiye garasi..lah raimu ngintili enyong bae pan apa..pan ngrampok..kiye umahe nyong syu.. pan apa kowen..wonge marani enyong karo nggawane kunci inggris..ya nyong gagiyan tancep gas oh..wedi..ngenggg!!!..."
78. JAMU KUWAT (Modifikasi)
DARKONAH: "Asemka KANG WANYAD his Yu.."
RASWEN: "Nang apa sih DAR.."
DARKONAH: "Dikongkon nginung jamu ka ora tau gelem.."
RASWEN: "Jamu apa DAR?"
DARKONAH: "Jamu kuwat..."
RASWEN: "Lah emange nang apa sih si WANYADe DAR..kurang tokcer..?"
DARKONAH: "Ora moni tokcer maning..blapak empus..benyek.."
RASWEN: "Dilah..toli akhire dapakna kuwe.."
DARKONAH: "Ya akhire tak akali oh..Lagi KANG WANYAD njaluk INDOMIE jamune tak campurna..tak kolah ning mangkoke..tapi ya kuwe mau barang pan dipangan KANG WANYADe bisa gemboran ora eling..
RASWEN: "sih gemboran pimen DAR..pait..?!"
DARKONAH: "belih moni pait.. Tapi eram.."
RASWEN: "Sih eram pimen DAR?"
DARKONAH: "iya eram nemen.. bisane indomie sing biasane kriting ka kuwe bisa pada ngadeg kabeh..pada kaku, ngejejer ora eling..
79. PIL KADA (TERJEMAHAN)
WANYAD : "BAN, bedane PIL KB karo PIL KADA kuwe apa BAN?"
DALBAN: "Embuh...sih apa NYAD?"
WANYAD: "Gyeh..tak kandani ya.. angger PIL KB kuwe.....angger klalen mesti dadi..."
DALBAN: "Lah angger PIL KADA sih.."
WANYAD: "PIL KADA ya... angger dadi mesti klalen oh....."

80. NGEMEK BOKONG (Modifikasi)

WANYAD: "KRUN, bisane raimu matame betem kabeh kaya kuwe nang apa?"
DAKRUN: "Syuuuu ka...ditulung nemen-nemen malah mentung..enyong diantemi"
WANYAD: "Bisane...sapa sing wani-wanine ngantemi kowen...?
DAKRUN: Tentara Wa'id... miki lagi deweke mlaku karo bojone...pas enyong nang mburine, enyong weruh nang roke bojone pas nang bokonge ana ulere nggamblok..ya enyong langsung ngandani yah...Mba..Mba.....engko disit gweh nang bokonge ana ulere...toli gagiyan tak reyokna belih...nganti bojone si Wa'id njingkut kekerinen....lah ka si Wa'ide belih trima matane enyong sing kiwa langsung diantem..ceprotttt...asyu ka..."
WANYAD: "idilah iya...lah terus mata sing tengen betem juga nang apa..."
DAKRUN: "ya kuwe....bar dantem enyong langsung ngomong oh....lah rika aja mentang-mentang tentara...wong enyong maksude nulung ka..bisane enyong diantem..gyeh ari rika ora gelem tak tulung...ulere tak balekna maning nang bokonge bojone rika ya..tak doloh maning belih...nganti bojone njingkut maning...embuh kesenggol apane...lah kuwe bar enyong srog ndoloh...gentenan mata sing tengen diantem...jebred!!...dobol..dobol...."

81. TUKU ENDOG (Modifikasi)

DARKONAH: "Kang, rika pimen sih dititipi tuku endog nang pasar ka bisane olihe cilik-cilik nemen kaya kiye.."
WANYAD: "Cilik kepimen sih DAR?"
DARKONAH: "Lah gyeh sih..delengna dewek oh loken ndog ayam bisa cilik-cilik kaya kiye.."
WANYAD: "Lah endog ayam nang umume samono oh DAR..sih pan gede sapira maning..sa bal kasti?..nuruti kowen tah silite ayam sa Indonesia bisa-bisa pada jontas kabeh oh...bula-bula tah metune sing silite kowen bisa sa legeg-legeg.."

82. ORA ROMANTIS
DARKONAH: "KANG, sekali-kali dong lubar kayakuwenan karo enyong rika sing radan romantis gen KANG.."
WANYAD: "Sih romantis pimen DAR.."
DARKONAH: "Ya kaya sing nang pilem-pilem oh..begitu rampung..langsung ngomong trima kasih sayang atawa wah kamu sungguh luar biasa..kaya kuwe oh.. aja ditinggal nggletak bae kaya kiye..ora sumbut karo njaluke ari nggered temenanan nemen.."
WANYAD: "Pimen sih yah DAR mau lagi pas kepengin-pengine ndelengna raine kowen bisa ayu nemen.. Tapi barang wis metu bisa raine kowen berubah..bisa kaya belis.. sih pimen..ya nyong gila oh.."
83. SALAH JAMU
DARKONAH: "Kang pimen gaeh anake rika.."
WANYAD: "Nang apa si Lupit DAR?!.."
DARKONAH: "Gyeh..jare nang sekolahane saben bocah wadon pada diambungi kabeh..nganti pada wedi laka sing pada mlebu.."
WANYAD: "ih loken..nrokcok yah..niru sapa sih bisa badeg nemen klakuane kaya kuwe..endi bocahe?! Tak labrage meneh..ngisin-ngisina yah!!"
DARKONAH: "Aja nyalahna bocah Kang, dasar rikane bae.."
WANYAD: "His daning nyalahna enyong DAR.."
DARKONAH: "Bocahe miki tak takoni..kowen bisane kaya kuwe sih TONG..jarene embuh Ma..giye gara-gara enyong sering nglorodi jamune Bapane sing rasane semrepet..his jamu apa TONG..gaeh sih Ma.. Kuku Bima TL"
84. NGGARA
WANYAD: "Bocah saiki ka nrokcok nemen yah BAN.."
DALBAN: "Nang apa sih NYAD.."
WANYAD: "Si Lupit, wong genah enyong ora duwe duwit..njaluk duwit nggo tuku layangan ora dituruti..clana karo klambine enyong digebur-geburna kabeh nang sumur.. nrokcok belih.."
DALBAN: "ih loken NYAD?..toli bocahe dapakna.."
WANYAD: "tak geblog-geblogna ndase oh.. tak domongi raimu angger pan nrokcok kaya kuwe gemiyen ...ora susah dadi bocah oh ngarti!! lah tak domongi kaya kuwe ka..dudu moni paham malah nrokcoke nambah.."
DALBAN: "Sih nrokcoke nambah pimen NYAD.."
WANYAD: "awan-awan critane enyong repan ngganggo..lah kondom sa pak bisa ngeclap.. tak goleti mana2 laka..barang enyong mbuka lawang ngarep..dobol belih..lawang ditulisi nganggo kapur.. "Kata Bapa Wanyad..pakailah kondom biar tidak jadi bocah.." karo kondome dicantel-cantelna nang lawang..ya diwaca karo wong sing pada liwat oh.."
85. BANYU AKI
DARKONAH : "KANG...kayong prangasa ana gempa yah kang...iya oh ya.."
WANYAD : "kapan DAR.."
DARKONAH : "miki Lagi enyong nang pawon tas nginung aqua..bisane ujug-ujug lemahe oyag..toli kayong radan muter.."
WANYAD : "Ader...laka ah...toli mbang endi ana aqua.."
DARKONAH : Kaeh sih.. sing nang pereke gentong...sing nang botol aqua tulisane YUASA.."
WANYAD : "Goblog..ya bener bae, kuwe tah dudu air aqua oh....kuwe banyu aki goblog...turahane sing nggo ngisi nang motor wingi..."
86. DOMPET KULIT (Modifikasi)
Darkonah: "Kang enyong ka bisa eram nemen syung Kang, sing arane dompet sing tembeke tuku wingi nang pasar..bisane ari tak selagna nang kutang ka bisa rasa-rasane kayong ujug-Ujug megar yah Kang?"
Wanyad: "Lah loken Dar..sing bener bae ah.."
Darkonah: "Iya Kang..syung!!"
Wanyad: "Ndes mene tak deleng..ana-ana bae kowen tah.."
Darkonah: "Gyeh Kang.."
Wanyad: "Hmmmm...(Diwolak-walik) lah pantes bae DAR.. Kiye dompete kowen sing kulit...tapi kayane kulit kelamin Dar..gyeh dambung gen mambune pesing oh ya.. nggawene sing IKUT Dar...kiye olih barange mestine sing mantri sunat gyeh.."
87. PNS
DALBAN: "Enak ndeyan yah NYAD, senggane enyong dadi pegawe anggone sepatu karo urek-ureke pulpen.."
WANYAD: "Lah raimu sekolane be ngisore wit gedang njaluk dadi pegawe..ya ora kalap yah.."
DALBAN: "Jare sapa kae sih si To'ip SD-ne be kawak nganti ping lima saiki bisa gagah anggone KORPRI.."
WANYAD: "Lah kae tah ndeyan ana jalur dalam oh bisa mlebu pegawe..wong pegawe cap apa..jam sewelas awan wis leha-leha ngopi karo dolanan catur nang warunge Sanirah.."
88. KETUA PSSI
DALBAN: "NYAD kira-kira angger kowen ditunjuk dadi ketua PSSI kuwe programe apa?",
WANYAD: "Eh nyong BAN.. gyeh wong indonesia kan pakel-pakel..digawe pembinaan model kaya apa ya pol-polane paling-paling kaya kuwe tok..malah duwite tok sing dibadogi.. gyeh programe enyong.. nyong pan nekakna cristiano ronaldo,leonil messi, fabregas dll sing hebat-hebat..tak sediakna tlembuk sa peleman gongkon pada nlembuk..angger ana meteng-metenge kan mbokan anake bisa hebat kaya kae.."
DALBAN: "Iya tapi mengko angger bar sing peleman RONALDO karo MESSI ora bisa maen maning oh.."
WANYAD: "Sih bisane?"
DALBAN: "Ya mlayune pada ngegang sih.. kenang raja singa.."
89. KIPER
DALBAN : "NYAD, jamane kowen dadi pemain BAL...waktu kuwe kipere sapa yah?"
WANYAD : " Si AWI oh..."
DALBAN : "Oh iya... jarene hebat yah NYAD?"
WANYAD : "Iya oh... wong sing nglatih be enyong dong nang bangunan tak balang-balangna gendeng....tapi melasi oh waktu ana turnamen nang GRINTING....
DALBAN: "Sih melasi pimen NYAD?"
WANYAD: "wong gongkon dukune kuwe sedurunge maen, gawange kudu duyuhi disit...ya deweke nurut belih....tapi deweke klalen....sedurunge lagi pan tata-tata maen sarung tangane tak lepeti LIM CASTOL disit...maksude eben bal'e lengket....lah ka bar ucet-ucet nguyuh...sarunge tangane bisa nggatol nang p*line...ya akhire pertandingane ditunda pan setengah jam oh...wong laka cadangane.."

90. PIPI GERONG

DARKONAH : "Dih KANG daning pipine enyong nang kaca bisa katon gerong nemen kaya kiye KANG kayong laka muntuke acan-acan.. kurang seksi ah.. enyong pengin eben radan muntuk setitik KANG eben bisa kaya SYAHRINI.. kuwe keprimen yah KANG?",
WANYAD: "Kowen pipine pengin katon muntuk DAR? Gyeh tak warahi ya..",
DARKONAH: "Iya.. kepimen sih KANG..",
WANYAD: "Gyeh tak warahi.. ngacane aja nang lemari oh.."
DARKONAH: "Sih nang endi Kang?"
WANYAD: "Nang wadah lengane lampu petromax...cak gen bisa mendelos nemen.."

91. BATAK COKOL

DARKONAH: "Eling-eling jaman gemiyen yah KANG, rika ari ngejar-ngejar enyong temenanan nemen... ari nglondohi atine Bapane enyong kayong ora keri klaras karo mbako.."
WANYAD: "His, genah Bapane kowen..sing ari njaluk maring enyong temenanan nemen ka.. age-age cepet dilamar..."
DARKONAH: "Lah sakale waktu kuwe enyong durung gelem ya.. rika sing ngojok-ngojoki Bapane enyong.."
WANYAD: "Lah ora ngojok-ngojoki pimen..coba angger ora age-age tak lamar..nang saiki remu lagi nang danau toba oh..lagi ngipit-ngipiti bakaran asu..wong waktu kuwe Batak Marbun maring kowen kayong napsu nemen.. ora bawang ora prawan nang kene pan dikuasai batak kabeh.."

92. TRIO CELENG

DARKONAH: "Gyeh KANG, menurute pendapate rika pimen..miki enyong, Kasmi karo Tarsi'ah wis rundingan pan melu lomba Dangdut Heboh nang kecamatan..enyong pan nggawek grup arane Trio Blacan..andalane si Tarsi'ah sing bokonge radan gede sing duwe goyang blabar kawat angger demek ya bisa nyetrum..ndes menurut pendapate rika pimen pantes ora.."
WANYAD: "Si Tarsi'ah sing untune radan modod kaya Omas? lah ya ora panteslah.. gyeh tak warahi angger pan gawek arane grup nggo kowen-kowen sing pantes kuwe apa.."
DARKONAH: "Sing pantes kuwe apa KANG?"
WANYAD: "Trio Celeng.."

93. TUKANG JAGUNG

WANYAD: "DAR remu tak sawang-sawang tambah suwe ka tambah kisut yah DAR..bisa belih peta belih acan.."
DARKONAH: "Lah rika aja pembohongan publik gen Kang, angger wis bosen aja apen-apen ngomong kaya kuwe..terus terang bae karepe pan kepriben.."
WANYAD: "Lah pembohongan publik kepriben genah iya ka.."
DARKONAH: Lah rika ora sadar..gweh jagung godog sing dibadog rika saben dina nganti seblakatak or...a eling..kuwe ader enyong tuku.."
WANYAD: "Lah sih ari ora tuku olih sing endi.. toli apa hubungane karo kowen sing wis kisut?"
DARKONAH: "Daning apa hubungane...kuwe buktine enyong negin ayu..nganti wong dagang jagung saben dina gelem nein turahane dagangan maring enyong...kuwe sih sing dibadogi rika..."
WANYAD: "Eh dadi raimu saben dina diapeli karo si kosim sing dagang jagung DAR..? Asyuu gyeh.."

94. ARISAN

WANYAD: "Nang apa DAR bisane balik-balik arisan sing Bale Desa raine cembetut kaya kuwe..durung olih maning?"
DARKONAH: "Dudu moni durung olih KANG, nrokcok ka anake rika si Lupit.."
WANYAD: "Nang apa sih si Lupit.."
DARKONAH: "Lah mau sih nggara..njaluk duwit ora tak nein..lah ka rupane lagi enyong adus tas'se enyong deseni apa-apa sing ora.."
WANYAD: "Sih deseni apa.."
DARKONAH: "Lah kuwe sih.. ...lagi enyong pan nglebokna jajan.. barang enyong pan mbuka tas..jebule ana kodoke mencelat.. ya ibu-ibu sing nang kono pada buyar kabeh oh...lah sing ngisin-ngisina maning ibu-ibu pada ndelengna isine tase enyong kabeh..tak bowek-bowek belih mbokan ana kodoke maning lah ka jebule isine kutang karo cawete enyong.. toli kiye gyeh..sing enyong pet-petan nemen..kondome rika Kang rong pak dilebokna tas'se enyong kabeh.. Ya ibu-ibu pada ngomong oh..Dar Dar..bisane arisan-arisan nggawake kondom...pan dines?..nrokcok belih.."

95. SEPATU ANTIK

Dalban: "Pan maring endi NYAD.. kayong gagah nemen kaya kuwe.. ana sepatunan ana apa.."
Wanyad: "iya kiye BAN jawane tah pan maring tegal.. Karo nyacak sepatu lawas, eman-eman sih.. suwe ora tau denggo.."
Dalban: "Mereke Dragon yah NYAD..kayong radan bosok.. toli bisane radan jinjit.."
Wanyad: "Kandakna.. lawas nggletak.. barang pan tak enggo enyong kaget ka.. begitu sret tak lebokna cokor..bisa m...oni cuit-cuit.."
Dalban: "Lah sih sing moni apa NYAD.."
Wanyad: "Cindil ana lima nang njerone sepatu.. ya penyet oh.."
Dalban: "bisane nganti ana cindile sih sepatune kowen didalah nang endi.."
Wanyad: "Ya kuwe..sing sisih tengen nggletak nang pawon..lah sing sisih kiwa sing ana cindile nggletake nang ngisore kandang ayam.."
Dalban: "Oh..pantes bae..toli bisane kowen jinjit.. seret?"
Wanyad: "Seret tah ora.. wong dasar curut bagreg ka..ngisore digrigite nganti bolong ya tak tambal oh.."
Dalban: "Tambal..sih ditambal anggo apa NYAD?"
Wanyad: "Triplex....dadi sementara kiye penyesuaian disit radan jinjit.."

96. SARUNG MLOROD

WANYAD: "Asem nemen his, tak kira sih si MAN TARIB tukang songgol....wis kadung tak kerjani belih..."
DALBAN: "MAN TARIB sing senenge plondang plandeng sarungan nang ngarepe kantore camate NYAD?"
WANYAD: "Iya sore-sore lagi plondang plandeng nang ngarepe pendopo kecamatan...sing mburi tak plorodna bae sarunge BAN..nganti katon gaung-gaung... wong wis biasa guyonan ya...paling asu-asunan...jebule ka dudu....asem belih...."
DALBAN : "Dudu MAN TARIB sih toli sapa NYAD?!"
WANYAD: "Wong kuwe jebule camate ka....dedeg padedege bisa kaya TARIB persis sing mburi ana sarungan ana apa.....ya enyong isin nemen oh....untung bae enyong ora ditangkep...."

97. SALAH AMAL

WANYAD: "Aduhhhh..wong pan beramal ka malah digayami saporete nemen yah...ya mung enyong thok oh BAN.."
DALBAN: "Lah bisane...kepriben sih NYAD.."
WANYAD: "Critane miki enyong nang alun-alun lagi mlaku-mlaku....weruh wong mis wis tuwa mlakune eyag-eyeg nganggone teken... ya wong arane melas ya tak ampiri toli tak nein sewu belih.....lah ka enyong disemprot enteng-entengan.....eh bocah nrokcok....dobol kowen yah....kiye apa-apanan raimu padakna enyong karo wong mis apa..asyem gyeh...nyong nang umah mobile lima paham...aja mentang-mentang enyong kena strukkk maring enyong sembarangan yah..."

98. KETEK BOYONG

WANYAD: "DAR, kowen abote pirang kilo DAR?",
DARKONAH: "pan apa sih kang takon-takon abot?",
WANYAD: "ya ora.. kiye mumpung jum'at kliwon nyacak yuh jurus ketek boyong..",
DARKONAH: "ketek boyong sih piben kang?",
WANYAD: "kowen tak emban nglakep toli karo mlaku",
DARKONAH: "waduh..kayong kepenak yah nganggo jurus kuwe...tapi priben kang rika nang ngarti oh enyong lagi kena serangan jurus si bewok mutah darah..”
WANYAD: “lah dasar raimu....ora kena dicegerna....ndlewer ora mari-mari...syem gyeh...”

99. DUREN (modifikasi)

KASMI: "Nang apa DAR, daning mbesengut kaya kuwe..l
DARKONAH: "Nrokcok ka KANG WANYAD..genah enyong lagi pengin duren..balik-balik geger tas mangan duren..enyong ora digawakna..jarene enteng dipangan nang kana.. lah ngomonge ka enak ora..ya wis DAR sekiki tak tokokna.. saiki ambon-ambone bae ya..karo ababe disemburna nang enyong..hahh!! hahh!! nrokcok belih..ya enyong tambah dugal oh.., barang ben...gine kayong manjat ndeyan yah.. tas mangan duren sih..utak-utik enyong bae..critane njaluk..ya gentenan yah tak omong..Kang enyong negin mens..sekiki bae ya..lah ka jawabe, sing mburi ya kena oh DAR..dih ya ora kena oh KANG, dosa!!.. Jare Mamah Dedeh kuwe dosa ngarti!! wis ari rika ngosog nggo tamba pengin tak dain ambon-ambone disit bae ya..tak ludekna silit belih..gyeh KANG..."

100. LAMPU MERAH

DARKONAH: Makane gen Kang, angger ana lampu merah aja ditrosol bae...enyong sing mbonceng merem-merem..wis ora nganggo helm..maen trabas bae..untung bae miki polisine Briptu Tarpo'an oh...enyong kenal nemen..dadine ora ketilang...coba angger sing nilang polisi liyane nang kobol-kobol belih..SIM ora gableg..STNK-ne laka.."
WANYAD: "Wis raimu aja kakeyan cocot DAR...enyong tah mending ketilang bae...atawa motore dekena ya manalah los..daripada gongkon ndelengna kowen hehahehe karo si Tarpo'an...dobolka...kowen mau dapakna bae nang Pos...bisane ora nganti metu duwit saperak-perak acan...kuwe nang mesti dijoli bokong oh ya..wong si Tarpo'an mata wadonan..syu gyeh.."