TULISAN-TULISAN BUAH KARYA BUPATI BG (BREBES GEMUYU) .... SEMOGA BISA MENGHIBUR .....

Senin, 18 Juli 2011

100 BALADA WANYAD & DARKONAH VII

1. ‎SAKSI PENGANTEN
DALBAN: "NYAD bisane kowen miki lagi dadi saksi nang pengantene si SARWID ditakoni pengulu ngomonge aduh!",
WANYAD: "Lah pime sih yah BAN..wong nyong ora tau dadi saksi..ditakoni apa bener SARWID bujang? ya nyong nglegleg oh..lagi nglegleg ka sikile nyong digejug SARWID karo matane kedep2..ya nyong kaget ngomong aduh oh",
DALBAN: "Lah bisane kowen nglegleg sih nang apa?",
WANYAD: "ya nglegeglah,genah nyong tau weruh si SARWID ng tlembukan ka ditakoni bujang"

2. KASTURI

DARKONAH: "wis mana gen kang lah, aja marek-marek.. cangkeme mambune bacin.. belih enak..",
WANYAD: "eh DAR, ning sajerone wulan romadhon kuwe ora olih dugal.. cangkeme wong sing lagi puasa kuwe bagekan minyak kasturi... ngarti ora kowen DAR?!!..kuwe ana dalile.."
DARKONAH: "iya sotene ari rika puasa.. wong puasane be kembang pring..esuk2 wis ngadang piring..",
WANYAD: "ehhh....dasar cocote ala kowen tah DAR..DAR.. mbuka rahasiane wong bae.."

3. NDERES

DALBAN : "DAR, WANYAD'e ana..?"
DARKONAH : "Langka.."
DALBAN: "Lah lagi maring endi sih DAR?"
DARKONAH : "Lah kowen belih ngarti kiye wulan apa BAN?"
DALBAN : "Wulan puasa kening apa sih DAR?"
DARKONAH: "Yah lagi nderes yah, wong saiki tambah kenteng nemen nderese.."
DALBAN: "Alhamdulillah.... nderes Qur'an DAR?"
DARKONAH : "Dudu... nderes REMI ning pasar alias lagi mlirit...sateplak-teplake mbokan menang nggo THR-an.."

4. PAN BATAL
WANYAD: "Duh miki enyong pan batal BAN",
DALBAN: "Nang apa sih NYAD..",
WANYAD: "nyetop bis sing KLAMPOK..enyong njagonge nang mburi..barang ndelengna mengarep..ana wong rambute dawa anggone lekton kr katoke pokek..kulite putih..kentole bisa melong2 nemen..laka sekrupe blas..enyong ya ora kedep yah sedawane dalan karo mbayangna sing ora2..lagi mbayangna enak2 ka jebule wonge ngadeg pan mudun..kiri pir..barang nglinguk enyong langsung mrekecet BAN..","Sih bisane NYAD?","jebule kumisen..bagreg belih"

5. MANGAN SUKET
WANYAD: "Miki nyong ketemu wong wadon BAN. bisa melasi nemen syung..lagi mangan suket",
DALBAN: "His sing bener NYAD..nang endi",
WANYAD: "miki nang lapangan..langsung tak takoni oh..Yu rika lagi apa..daning mangan suket..jarene..ya piben maning KANG wong nyong ora kuwat tuku beras..sa anak2ke enyong ya pd mangan suket kabeh..dilah melas temen..wis lah maring umahe nyong bae yuh..toli anake nyong piben KANG..wis digawak kabeh bae ora papa..pan pada dipakani yah KANG?..Ora.. kebeneran ning umahe nyong ya sukete wis duwur2"

6. DIPATAK KYAI
WANYAD: "BAN miki nyong tas dipatak talawengkar..bagregka",
DALBAN: "his..dipatak sapa?",
WANYAD: "dipatak Kyai Draup",
DALBAN: "Sih bisane..",
WANYAD: "Wong paling2 takon tok ka",
DALBAN: "Takon apa sih",
WANYAD: "Kyai..jarene setan gawene sg geni angger nang neraka nang ora krasa panas oh wong pada2 sing geni..lah ka nyong langsung dipatak nganggo talawengkar..ya nyong aduh2an oh.. jare Kyai Draupe..lara ora..ya lara lah!!..talawengkar gawene sg apa..sing lemah..angger kowen sih gawene sg apa.. ya lemah..lara oh ya!!"

7. SALAH ARAH

WANYAD: "Wong mumet pancen laka tunggale yah BAN",
DALBAN: "Nang apa sih NYAD?",
WANYAD: "Daning nang apa.. gyeh badane wis perek..emange kowen ora mikiri bada..kowen ngarti ora..miki enyong balik sing BREBES pan mojar maring si DARSO pangsit..olih tah ora.. wong jebule ya lg pada bae mumete..nganti nyong balik kr ngawet..motor tak gas banter nemen..tp bisane ora anjog2 KLAMPOK wis pirang2 jam nge-gas....brg nyong sadar bagreg..jebule enyong kiye balike ngetan..nganti pan tekan PEKALONGAN.."

8. BENDERA

WANYAD: "Wong2 saiki kuwe cintane maring bangsa karo negara kuwe pada nang endi yah BAN..",
DALBAN: "Kenang apa sih NYAD?",
WANYAD: "Miki ana wong dagang bendera ngangone gantar diropok uwong.. nganti benderane pan disuwek-suwek karo didobong...",
DALBAN: "ih loken..! nang endi NYAD..",
WANYAD: "miki nang njerone bis terminal tegal..."

9. KICLI
WANYAD: "Kowen paham sg arane MAN DARJO Ban?",
DALBAN: "Ya pahamlah sg wonge pakel oh ya..nang apa sih NYAD?",
WANYAD: "Nrokcoka kiye gara2 bocah2 cilik.. ana wong traweh ka pd gemerah bae..ya nyong jengkel oh.. bare salam nyong langsung mencolot memburi tak cewengi siji2..lah belih ngarti MAN DARJO lg njagong ng mburi tak ceweng bae tak kira sih bocah cilik..tak untir2 kupinge..ya wonge blih trima oh.. maring nyong pendelikan karo bangset2an"

10. PAK RT
WANYAD: "Asem! belih penak miki enyong BAN",
DALBAN: "Belih penak pime NYAD?",
WANYAD: "Miki lagi pas RT-ne liwat.. tak undang2 ka belih nglinguk2 .. Pak RT 2x.. meneng bae.. tak undang maning Pak RT 3x.. ya negin meneng bae malah mlakune tambah nganclang.. tak kejar belih karo tak aru2.. Pak RT 3x.. tetep bae ora gelem nglinguk.. jengkele enyong kala2-en tak bagel nganggo watu..pletak.. tembe gelem nglinguk BAN.. tapi asem ka jebule Pak RW"

11. SEGA LENGKO
WANYAD: "Dasare anake enyong ora bisa dejak kerjasama BAN",
DALBAN: "Sapa NYAD?",
WANYAD: "si LUPIT",
DALBAN: "Emange nang apa?",
WANYAD: "Asem his..jam siji awan weteng bisa kruyukan nemen..lingak-linguk akhire enyong ngongkon si LUPIT oh..tak kongkon tuku sega lengko nang warunge Si NUR..tapi tak warah aja geger ya.. eh dumane ora tak upahi..gemboran nang ngarepe umah..BAPANE sega lengkone laka.. anane sega lodeh..tuku ora!! makane akeh wong liwat oh.."

12. KETELAK ERI
WANYAD: "Nyong sedina mau juwet nemen his BAN..",
DALBAN: "Bisane sih kenang apa NYAD?",
WANYAD: "Kiye gara2 saur lawuh tanjan.. asemka.. sedina mau puasa mung dikerjani nggo ngakali eri tok nang telak..rekasane por-poran nemen..",
DALBAN: "toli akhire kecandak NYAD?",
WANYAD: "Eh kandakna..awit sing esuk nganti sore ora kecandak-candak..angel nemen..jam lima sprapat wayahe ngaji pan magrib tembe ketemu akal",
DALBAN: "dapakna NYAD?",
WANYAD: "Tak surung anggo gedang BAN"

13. NGLABUR RAI
WANYAD: "Ari kelingan jenate mertuane nyong jamane penganten anyar kaku his BAN",
DALBAN: "Nang apa sih NYAD",
WANYAD: "Critane enyong gongkon nglabur pagere umah..wis pan pragat nganti tekan jendelane kamare mertua.. barang pan nglabur jendela ujug2 sg kadoan DAKRUN ngaru-aru..ya nyong nglinguk oh kr tangane nyong negin nglabur..blih weruh jebule mertua lg mbuka jendela..ya dudu jendela sg tak labur oh..tp raine MAN DAKYAN mertuane enyong sing kelabur"

14. KAWANAN
WANYAD: "Aduh gara2 saur kawanan bs kaya kiye nemen BAN",
DALBAN: "Bisane sih?",
WANYAD: "ya wong jam bekere mati.. DARKONAH ya kebluk",
DALBAN: "toli nyandak?",
WANYAD: "Kandakna.. nyong keder..nggogoni mangan engko ora nyandak udud..nggogoni udud engko ora nyandak mangan..ya kala2en tak ringkes..mangan sambi udud..bar saplokan langsung tak sedot..bar saplokan langsung tak sedot..giliran pan nginung jebule adan subuh..ya ng gulu ngganjel nganti saprene oh"

15. KRANJINGAN
WANYAD: "Tadz apa bener setan kue dong wulan puasa pd dicancang?",
USTAD: "Ya bener NYAD..kuwe ana khaditse",
WANYAD: "Lah bisane lg awan DARKONAH bisa ky keranjingan setan Tadz",
USTAD: "His sg bener critane pime","wong critane sg esuk deweke ngringik njaluk tuku boled nggo gawe kolok..rupane kratakan dompete enyong.. kebeneran ng dompet ana potone SUINAH.. konangan..ngamuk bibit belih..nendangi apa sg ora kr matane molak malik ky jaran lumping..ya enyong gila oh..."

16. JUS MELON
WANYAD: "lagi bengi isin nemen his BAN",
DALBAN: "Nang apa sih NYAD?",
WANYAD: "dejak lurahe mangan ng kafe Tegal.. lah enyong disodori daftar minuman..nyong pesene WATER MELON..lah olih ngenteni sauwen2 ka barang teka sg digawak SEMANGKA ya nyong ngamuk maring pelayane oh..Mas enyong kan pesennya WATER MELON..bisane rika nggawane SEMANGKA goblog..lah ka lurahe pesam-pesem..jarene NYAD watermelon ya semangka oh..eh ader Pak Lurah..? tak kira sih jus melon"

17. BEGADANG
DARKONAH: "Wis awan ka kridongan bae sih KANG..",
WANYAD: "Eh raimu belih ngarti enyong lagi nggreges apa yah.. enyong mriyang ngarti!..keroki tah apa..pintere maido tok..",
DARKONAH: "Makane KANG dong bengi aja kakeyan begadang.. ndlaper sing laka paedahe..mending ari balik2 nggawak duwit..",
WANYAD: "Sikah.. compong apa kowen.. angger begadang balik2 nggawak duwit ya mana gaeh dadi bojone SUKIR bae..sing bolak-balik mlebu LP..sg pegaweyane nyolong.."

18. SELEN
WANYAD: "Nyong miki nyoba mlaku2 ng stasiun BAN.. klambine tak lebokna... anggo kacamata riben.. toli sepatunan kr jaketan keding",
DALBAN: "Dlm rangka apa NYAD",
WANYAD: "Ya ora dlm rangka apa2.. cuma nampang doang.. ngarti ora kowen.. wong2 pd ndelengna kabeh..gagah nemen ndeyan yah..tp lg njagong enak2 ka ana wong dodol aqua marani kr ngomong",
DALBAN: "ngomong kepriben NYAD",
WANYAD: "Mas2x.. gagah2x daning kaos kakine selen..sg siji abang sg siji ijo"

19. CUKUR
DALBAN: "NYAD daning rambute kowen brindis kaya kuwe...cukur nang endi?",
WANYAD: "cukur nang si DAKLAN... asyemka wong lagi cukur enak-enakka...gundike teka njaluk duwit.. pas lagi ana singwadone nang kono.. ya tukaran oh... lah nyukur enyong durung rampung disambi nglagani wong loro tukaran ya sing dadi korban ndase enyong oh... nyukur bisa kaya nyengkrongi suket mobat mabit ora karuan.. sontoloyo.. sontoloyo..pancen apes..."

20. KETIPU
DALBAN: "Daning sikile dengklang ky kuwe NYAD?",
WANYAD: "Nrokcoka dilawani balapan kr si DAKRUN..nganti ksandung2 watu ana apa ka jebule dobol",
DALBAN: "Balapan rayahan apa sih NYAD?",
WANYAD: "lah iya wong lg njagong enak2 kr DAKRUN ng brug..ujug2 ana sedan mandeg sret..kacane mbuka toli mbalangna bungkusan plastik ya tak rayah yah disit2tan kr DAKRUN..tak kira sih CINA mbalangna panganan apa mbuh apa..jebule ka",
DALBAN:"jebule apa NYAD",
WANYAD: "Softek Bol"

21. RUDU
WANYAD: "Nyong miki pan tukaran ng kuburan BAN",
DALBAN: "Lah sih bisane nang apa?",
WANYAD: "Dlm rangka sekiki pan puasa kan miki enyong sg kana.. Lah persaku sg persis ng ngisore uwit joar kuwe kuburane bapatuwane enyong bisane diaku-aku kr si KURDI monine ka kuburane MANE-kane.. lah sih bapatuwane nyong ngalih mbang endi..untung dipisah kr LEBE-ne oh..angger ora tak blentong cangkeme",
DALBAN: "Lah kowen terakhir niliki kapan?",
WANYAD: "Wis 9 tahun BAN"

22. TRAWEH
DALBAN: "Ngko bengi kowen pan traweh ora NYAD?",
WANYAD: "Ya traweh yah",
DALBAN: "traweh nang endi?",
WANYAD: "Nang langgar mbang wetan baelah",
DALBAN: "bisane ora nang langgar blok RT-ne bae sih",
WANYAD: "Nyong lagi puasa wingi tau nyacak nang kono..imame wis tuwa..macane be lendek nemen..nganti nyong klalen sing donge pan ruku kudu Allahu Akbar..nyong ngomonge Alhamdulillah..sankin pegele..ari langgar mbang wetan toli genah..imame bisa ky supir LORENA wes wes wes"

23 ALESAN
WANYAD: "PAK DOKTER nyong njaluk tulung gawekna Surat Keterangan Sakit ya kena oh"
DOKTER: "Pan nggo apa sih NYAD..kowen repan cuti?"
WANYAD: "Ora PAK DOKTER..nyong pan tak todokna maring Kyai MA'ANG wingi ngonangi enyong awan2 lagi mangan OPOR..nyong dionek2na TUWA LATA KA BELIH JEGOD PUASA BABAR BLAS..ari ana Surat Keterangan Sakit sg RIKA kan dadi genah, nyong wedine cangkeme dlaweran mana2 PAK DOKTER"

24.CEMRECES
DALBAN: "Kowen puasa apa ora NYAD?",
WANYAD: "Lah kowen blih weruh cangkeme enyong nganti garing kaya kiye..gyeh sing mau be enyong idu bae ka yah..loken kaya kiye ora katon enyong lagi puasa?!",
DALBAN: "Lah bisane kowen mau lg awan jam rolas ng Warung Es'se Wa Sadri",
WANYAD: "Lah kue tah nyong mung andon njagong tok oh..kr nadangi gosrokane es pan tak tempelna ng batuk bisa cemreces nemen..bare kuwe nyong mung andon nglabrug tok nang es balok"

25. KLALEN
WANYAD: "BAN wong puasa angger klalen..toli mangan kuwe batal apa ora?",
DALBAN: "Ya oralah.. arane be klalen..pime sih?",
WANYAD: "Iya nyong esuk-esuk tangi turu..ana rujak lengguk nang layah turahane saur..klalen nemen tak badog bae..makane pedese por-poran oh",
DALBAN: "Ya kuwe tah ora papa..ora batal NYAD..",
WANYAD: "Tapi lagi pedes-pedese repan nginung DARKONAH weruh karo gemboran rika puasa belih sih!!..Astaghfirullohaladzim..enyong tembeke kemutan..tapi ya kuwe mau rekasa nemen cangkem bisa kaya kobong ora dinungi... masalahe angger nginung enyong batal belih.. wong ngelingna ka sadurunge nginung yah... DARKONAH.. DARKONAH.."

26. BERKAHE WULAN ROMADHON
WANYAD: "Nyong tenggal konangan kr DARKONAH BAN..kiye gara2 si DAKRUN",
DALBAN: "Pime sih?",
WANYAD: "Genah lg bengi saure pecakan tempe..jam 10 nyong mutah bisa metune sate",
DALBAN: "lah sih bisane NYAD?",
WANYAD: " kiye gara2 esuk2 nyong dibugah si DAKRUN..dejak nglondok ng warunge MAN 'DUL.. enyong ora gelem ka dipaksa.. balik2 enyong gumoh oh..DARKONAH weruh kaget..",
DALBAN: "toli kowen njawabe pime",
WANYAD: "Ya tak omong yah..kiye berkahe wulan romadhon ndeyan DAR.. saure tempe bisa mutahe SATE.."

27. NGLOROD KUDUNG
WANYAD: "Bengi enyong pan tukaran kr wong BAN",
DALBAN: "Lah sih bisane?",
WANYAD: "Numpak bis sg Jakarta kr DARKONAH anggone AC bisa atis nemen..Lah DARKONAH ngleker..kudung sg nang ngarepe DARKONAH tak lorod bae tak kira sih dekena DARKONAH..tak nggo kekeban..brang tekan Cerbon sg ng ngarepe nyong pan mudun tp nggoleti kudung.. nrokcoka nyong lg turu enak dikorog2 singlanange..ndeyan deweke jengkel kudunge bojone klopot ilere enyong"

28. DIINDIK
DARKONAH: "KANG gaeh gribige kolam sg bolong age2 cepet ditambal ya kena oh KANG",
WANYAD: "Nang apa sih DAR?",
DARKONAH: "Nang apa-nang apa..wingi nyong lg adus krungu bocah2 pd cekikikan ng njaba lngsung tak banjur..pd mencelat merad..lah miki balik sg pasar jebule sg ngindik bangsane anake SARKAM..wong nyong krungu dewek pd wisik2 jarene dih pupune Bi DAR jebule ana pelete yah..la sg siji maning ngomonge mbakone ka bisa nggambreng nemen his"

29. NGEJAR KUCING
DARKONAH: "KANG miki nyong isin nemen KANG",
WANYAD: "Pime sih DAR?",
DARKONAH: "Nrokcoka kucinge si RASNO.. genah cawet lg dekum nang ember..ka dicokot toli dikewer2 gawak metu..ya tak kejar2 oh..nganti nyong klalen kutangan tok..makane ng njaba lg akeh wong..nganti RT-ne be ngomong mambu gesek ndeyan DAR mugane dikewer2 kucing",
WANYAD: "Dilah toli koen kutangan tok wong2 pd pime?",
DARKONAH: "Lah kutang tah ora patiya isin..sg isin genah nyong jebule ora tapihan"

30. PUASA
DALBAN: "Nyong puasa wingi kayong bisa sengsara nemen his NYAD?",
WANYAD: "Bisane BAN nang apa sih?",
DALBAN: "Ya pime yah.. wong delat2 idu..delat2 idu..","his bisane delat2 idu?!","Lah ngeleg idu nang batal belih NYAD..",
WANYAD: "Heh compong.. sing ngarani ngeleg idu batal kuwe sapa?!.. ngeleg idu bisa batal kuwe mung ana loro..pertama ngeleg idu sg kecampur kr orson..kedua ngeleg idune wong..ky ngeleg idune bojo atawa tlembuk..kuwe tembe batal.."

31. RANDA RUJAK
WANYAD: "DAR tulung jukutna BALSEM ndes weteng kayong sg mau bisa semelet nemen",
DARKONAH: "Makane KANG dong nyambet gawe kuwe aja mbanar..duwit saperak2 diumpul2na.. aja nggo nglondok ng warunge SUINAH bae..rika belih ngarti rujake ng kono kuwe belih bersih.. abong2e randa ditongkrongi bae..tekan umahlah kaper2 duwit disudat nggo nglondok tok",
WANYAD: "Eh dasar cocot dobol..paling2 gongkon njukut balsem be anjog2ge mrg SUINAH..syu gyeh!"

32. L P
WANYAD: "Wis lah Sus..Sus.. gaeh delengna gaeh.. wong2 sing endi2 ora .. sing plosok2 be pada teka.. gemrudug pada seneng dolan nang alun-alun.. ana sing mblengong, ana sing mangsit, ana sing moci.. Lah bisane kowen sedih..?",
SUSYE : "Syikah! aku maring alun2 soten niliki bapane enyong oh NYAD.. nang LP.. nrokcok gyeh.."

33. TILIK KANCA
DALBAN: "Daning wuda klambi karo nyeker kaya kuwe NYAD?",
WANYAD: "Nrokcoka polisi..',
DALBAN: "Nang apa sih?",
WANYAD: "Miki enyong pan tilik kancane enyong si Rustam nang POLSEK kenang pasal perjudian..pertama sih dijaluki KTP enyong ana..kepindone njaluk duwit rokok..lah enyong kan ora gableg duwit saperak-perak acan..ya terpaksa sandal selop karo kaos oblong tak dekena oh.."

34. PUASA
DARKONAH: "KANG delat maning wulan puasa..rika pan puasa belih?!",
WANYAD: "Syikah ya puasa nemen yah.. arane be wong islam nang kudu puasa oh..pime donge",
DARKONAH: "Rika ngarti ora dong wulan puasa kuwe awan2 ora olih jaran-jaranan.. mugane mengko rika aja ruwed ya..njaluk awan2",
WANYAD: "Tenang DAR dijamin ora syung..njaluke bengi bae",
DARKONAH: "bengi ya ora nyong pan traweh",
WANYAD: "sih gongkon nunggu bar bada DAR..nang bisa dadi watu oh..metune bisa moni glodag 2 oh.."

35. WEDI
WANYAD: "Dasar bocah nrokcok.. ",
DALBAN; "Sapa NYAD?!",
WANYAD; "Embuh.. miki nang elef bocah nangis bae.. nganti mbokene kewalahan... enyong ya melas yah.. tak cep3x.. mbokan sih meneng.. eh malah nangise tambah kenceng karo raine ditutupi.. jarene mudun3x! wedi5x! kr nuding2 raine nyong.. lah ka mbokene ngomonge.. mas rika ngalahi mudun ya kena oh.. sing mau ora papa ka.. barang rika manjat daning bisa kejer kaya kiye.."

36. PRIKSA
WANYAD: "Antri nang Puskesmas miki BAN enyong dugal maring doktere..",
DALBAN; "Nang apa sih NYAD?",
WANYAD: "Teka awit jam 9 nganti jam 11 ora dilayan-layani.. enyong bolak-balik maring WC be nganti pan ping pitu durung mampet2.. barang mlebu nang doktere takone enak ora jarene apakah anda ada kesulitan? ya tak jawab oh.. aduhhhh..ini bukan kesulitan lagi Dok.. ini sudah kesilitan se silit-silitnya.. gyeh saprene durung mampet-mampet.."

37. ADOL SAKA
DALBAN: "NYAD bisane umahe kowen sing sisi kiwa radan meyeg.. kuwe sing duwe kontrakan nang mengko dugal oh..",
WANYAD: "Halah piben maning BAN... BAN... wong enyong ora duwe duwit nemen.. nggo nempur be laka.. ya wislah kala-kalaen.. ana saka ya saka lah tak roncodi toli tak dol ning Kaji War'an sing dagang kusen.."

38. KRAKET
WANYAD: "Sedina wingi si DARKONAH ora bisa mangap BAN..",
DALBAN: "Nang apa sih NYAD?",
WANYAD; "Wong goblogka tak takoni nang apa.. tangane nggosok2 kaya wong sikatan.. toli tak takoni maning sikatan maksude?!..deweke mantuk2.. karo nodokna LIM CASTOL.. goblog belih wong CASTOL dipadakna ODOL... abong2 nge sedina-dina sikatane anggo remukan bata.."

39. MBLESEK
DALBAN: "Jarene DARKONAH kiye lagi dirawat nang rumah sakit NYAD?",
WANYAD; "Iya..!!",
DALBAN: "Nang apa sih NYAD",
WANYAD; "Ya wong salahe dewek.. wingi critane tas tuku rakete lemud.. nggorohi enyong.. jarene KANG cekel gen kawate rasane kepenak ka.. tak cekel belih..barang tak cekel ujug2 ka sregot.. nyetrum BOL.. nyong njimprak kaget oh.. DARKONAH langsung tak jotos raine.. jebred.. nganti cungure mblesek.. kiye lagi dijait.. dijejegna maning.."

40. DIDAKWA
WANYAD: "Wong dong lagi dugal pancen laka tunggale yah BAN..",
DALBAN: "Sing dugal sapa NYAD?!",
WANYAD: "Enyong..!! miki ning pasar enyong ngoncogi wong dagang sempak nganggo cengkrong.. nrokcoka si LUPIT didakwa nyolong sempak.. ya tak obrak-abrik oh..nganti wong se pasar pd gila mlayu kabeh.. eh jebule si DARKONAH karo LUPIT nyusul.. jare LUPITe..Pa sing ndakwa enyong nyolong kuwe dudu wong dodol sempak tapi wong sing dodol opak Pa.."

41. MLESDAK
WANYAD: "Nyong jengkel nemen kr DARKONAH his BAN",
DALBAN: "Jengkel pime NYAD..?!",
WANYAD: "Dobol ka.. genah minggu2 kiye awake enyong lagi blih penak.. si DARKONAH njaluk bae..saben njaluk mesti nyong belih kuwat suwe..lah ka ngomonge enak ora.. halah dasar pe*i edan ora bisa dejak kerja sama blas.. ya nyong jengkel yah.. lg bengi njaluk maning langsung pucuke dekene nyong tak taleni karet gelang.. nganti mlesdak BAN ora metu2.."

42. SOLIKIN
DARKONAH: "KANG dongen sing arane SOLIKIN SOLIKIN kuwe apa sih KANG.. sing bisa nggo nggedekna susu..",
WANYAD: "SOLIKIN?!.. SOLIKIN-ne sapa DAR?",
DARKONAH: "Kae loh KANG sing disuntikna nang s*su eben bisa gede..",
WANYAD: "Kuwe tah dudu SOLIKIN oh goblog.. kuwe arane SILIKON..",
DARKONAH: "Iya kuwe maksude KANG.. mengko dong ana duwit sus*ne enyong disuntik nganggo SOLIKIN yah KANG.."

43. KORUPSI
DALBAN: "Jare kowen pime NYAD masalah korupsi ning negara kiye..",
WANYAD: "Lah ari kaya aku tah suka meneng BAN.. lah kabeh wong tah lugune pada bae.. gari2 ana kesempatan apa ora.. lah wong2 sing saiki pada korupsi nang sing gemiyen pada gemboran ganyang korupsi gayang korupsi oh belih.. barang deweke wis pada njagong olih korsi.. ya korupsi2 juga..malah luwih gede..pakra ora ka.."

44. DOLANAN UYUH
DARKONAH : "Juwet nemen nyong karo KANG WANYAD his Yu KAS..",
KASMI: "Nang apa sih DAR?",
DARKONAH: "Tangi angger durung jam rolas ya ora gelem tangi.. pime rejekine ora dirayah kancane..gelem tangi pisan kala ora langsung adus toli sag seg nyambet gawe..ndotor disit karo kito2 nang emper mburi..toli mengko senenge nggawek gunung2an sing wedi..bar kuwe mengko gunung2ane duyuhi karo ndodok.. cuurrrrr.. bar kuwe dicuil-cuil..monine candi Borobudur.. sih pibe..sedina2 hobine mung ky kuwe tok..pime urip ora tekor"

45. PAMER BARANG
DARKONAH: "Nyong ka juwet nemen kr Kang WANYAD his Yu KAS",
KASMI; "Nang apa sih DAR",
DARKONAH: "Balik sing pasar.. ana bocah wadon lima ngarepe umah lg cekakak cekikik kr lodad lodod..barang weruh nyong langsung pd mlayu..nyong penasaran belih.. barang tekan umah..eeehh nrokcok.. Kang WANYAD lg turu nang dipan ngarep sarunge nglentab ora katokan.. langsung tak cepret nganggo karet gelang belih.. cepret.. kaget njimprak ora kira2..puas ladas.."

46. TABRAKAN
DALBAN; "Nang apa NYAD daning..pit'e dituntun kr peleke mlentong kaya kuwe",
WANYAD: "Dobolka si KARIM buta ijo",
DALBAN: "KARIM sing matane mencilak karo kedeng NYAD?",
WANYAD: "Iya.. wong papagan nang pertelon.. enyong belih ngarti Si KARIM pan mlegok ngiwa yah..wong matane be nglirike menengen..ya enyong ngartine deweke pan nengen oh..begitu enyong ngiwa breett belih...dobol gara2 matane ora kompak dadi peleke nyong mlentong kaya kiye.."

47. SEPUR LIWAT (Terjemahan)
Petugas Loket Biaskop:"Mas bisane wis ping 3 bolak balik nonton pilem kwe bae sih?"
WANYAD:"Dih nyong pnasaran nemen ka yah"
Petugas loket : "penasaran kepiben?"
Wanyad : "Lah pas waktu ndeleng ng gambar ana wong wadon ayu lg adus ng kali, lah pas lagi pan mlosnongna cawete ka ujug2 ana sepur liwat,ya blih sida katon oh"
Petugas tiket : "trus bisane nganti ping 3?"
Wanyad : "ya msalahe nonton sg ke-2 sepure megin liwat sih..muga2 sg ke-3 kye sepure ora liwat maning"

48. NEHIIII
Darkonah : "KANG nyong mangkat maring ARAB ya..ngasab dadi TKW.."
Wanyad : "Eits..ora bisa..ora bisa..kowen belih ngarti wong arab kuwe kolon2..kowen pengin kaya bojone si TARJUKI..balik2 wetenge mlentis anake rambute kriwil..cungure mancung?"
Darkonah : "ya wis rika be sing mangkat oh.."
Wanyad : "Dih Dar2..wong numpak motore be nyong nggesrak gongkon nyupir ng kana.."
Darkonah : "ya wis mrg malaysia ya kena wis ning kebon karet.."
Wanyad : "Apa Dar?..Malaysia?..Nehiii lah yauwwwwwwww"

49. IIS DAHLIA
Darkonah : "KANG karaoke yuh! gyeh lagune oma irama gyeh kr rita sg judule malam terakhir.."
Wanyad : "ya wis oh DAR kowen disit sg nembang.."
Darkonah : "okeh KANG..malam ini..malam terakhir bg kita..untuk mencurahkan..rasa rindu di dada..",
Wanyad : "he he he.."
Darkonah : "his daning guyu KANG..?"
Wanyad : "ora ndelengna kowen nyekel mic bisa kaya iis dahlia.."
Darkonah "eh iya KANG.....?",
Wanyad : "iya sar ser.. bedane mung iis dahlia kuwe kumisen ari kowen kuwe jenggoten.."

50. BEGADANG
DARKONAH: "KANG, cepet aterna nyong maring pasar, aja turu bae..",
WANYAD: "wis mana gen numpak becak bae lah belih ngarti nyong bengi tas begadang karo DALBAN mbahas Brebes Gemuyu pan tak dadekna partai?!".

51. NGGO CONTOH
Wanyad : "BAN.."
Dalban : "Apa NYAD?"
Wanyad : "nrokcok ka.."
Dalban : "kening apa?"
Wanyad : "wingi nyong ktemu wg wadon ayu numpake sedan jarene tah sg lanange lg brlayar..ngejak aku mrg mall trs bar kwe nyong jejak mrg umahe dilebokna ng kamare toli nyong dikongkon udar2 klambi"
Dalban : "trus NYAD?"
Wanyad : "trus wg wadon ayu kwe poyan metu disit"
Dalban : "trus?..terus2..”
Wanyad : ”lah nyonge ya... siap2 oh, jebule ka mlebu kr nggawa anake toli ngomonge ANDI ini contoh orang yg nggak mau makan"

52. MAK EROT

WANYAD ndelengna mobil Daihatsu GRAND MAX ari semaur ih ALPARD..ALPARD,
DALBAN: "Mata nang melek oh NYAD..kuwe GRAND MAX.."
Wanyad : "Dudu kuwe ALPARD ka.."
Dalban : "GRAND MAX.."
Wanyad : "His kuwe ALPARD berhubung liwat maring Banten..kesantet dadi kaya kuwe.."
brng weruh KIA Carnival DALBAN ari semaur "KIA Visto..KIA Visto"
Wanyad : "Carnival Ban....."
Dalban : "KIA Visto ka gara2 liwat sukabumi di urut mak erot dadi carnival.."

53. TELAT 2 WULAN (terjemahan)
DARKONAH : "KANG wis telat rong wulan kyeh, kepriben toli?!.."
WANYAD: " Hah...apa DAR !!..kowen megin bisa meteng maning DAR?..Allhamdulillah...Ajib Ah....muga2 bae kiye anak wadon...tapi bukane kowen kiye wis peluh Dar alias monopouse.."
DARKONAH: "Meteng maning..meteng maning...apane sing meteng...kyeh setoran motor..setoran telpon..setoran listrik pada telat kabeh..kepriben toli?!

54. NGGUWANG RUNTAH (terjemahan)
Darkonah mbonceng Wanyad,mbuh kning apa ujug2 Darkonah jengkel, gemboran njaluk duduna ng tengahe dalan.
Darkonah : "Wis Kang pokoke nyong mudun ng kene titik"
Wanyad : "Ya ora kena ky kuwe oh Dar, ari nyong miki salah ya nyong njaluk pangapurane wis..toli ngko nyong ditangkep oh ari ngudunna kowen ng kene "
Darkonah : "Ora bisa pokoke nyong mudun ng kene..emange kning apa rika ditangkep?!"
Wanyad : "Ya mbokan nyong ngko darani ngguwang runtah sembarangan oh"

55. Bisa nulis (Terjemehan)

DARKONAH ditakoni kancane sing arane TASRIPAH
Tasripah : "DAR DAR"
Darkonah : "Apa PAH?"
Tasripah : "Kowen bisane kayong demen nemen sih karo sing arane KANG WANYAD, padahal raine kan kaya kethek...dongene apa sih sg disenengi DAR, apa kuwene gede nemen?..
Darkonah : "Gede tah ora PAH tapi dong wis ning njero rasane bisa nulis kaya pulpen..."

56. PENGIN KLAKON (terjemahan)
Wanyad wuda klontangan ng dalan, dicekel polisi di leboknana ng mobil patroli..ng mobil dtakoni polisi.
Polisi : "Kowen arane sapa?"
Wanyad : "Wanyad Pak"
Polisi : "kwen bisane ngganggu ktertiban umum wuda gedabelan ng dalan, kowen edan?"
Wanyad : "Waras ka Pak"
Polisi : "Bisane nglakoni ky kuwe?"
Wanyad : "Nyong kye dlam rangka pengin klakon sih pak?"
Polisi ; "Maksude?"
Wanyad : "Iya nyong... awit cilik mula pengin numpak sg arane mobile polisi, lah gara2 nyong wuda ky kiye kan dadi klakon"

57. SEJEN
Darkonah nggejug maring wanyad
Darkonah : "Kang, sampeyan ka saiki sejen nemen sih maring nyong..ora kaya gemiyen jamane penganten anyar..apa2 digandeng apa2 digandeng..saiki ka ari mlaku amak2 mesti nyong ditinggal..sampeyan ora wedi nyong digandeng wong liya?..",
Wanyad : "Halah dar dar sing pan nggandeng kowen kuwe sapa..r...aimu digletakna ning prapatan bae nang langka wong sing bakal nglirik acan-acan.."

58. PANCASILA (terjemahan)
Tarwad nyolong kecekel satpam..ng pos satpam diintrogerasi..
Satpam : "Kowen cilik2 ws nyolong kowen sekola apa ora?",
Tarwad : "Ya sekola lah pa"
Satpam : "Ari sekola tak takoni pancasila ana pira?"
Tarwad : "Ana 2 pak"
Satpam : "Goblog "
Jebred2 dikepreti..bar kwe duculna..lupit sg weruh takon
Lupit : "Kwen mau dapakna satpam wad?"
tarwad : "Ditakoni pancasila ana pira,tak jawab a...na 2"
lupit : "Goblog donge 5 oh"
Tarwad : "Pibe wong tak jawab 2 be aku dikepreti apamaning 5 nang nyong digorok oh"

59. TAHLILAN (terjemahan)
Ana wong cengap2 pan mati wis dubengi anak-anake, ujug2 takon mrg anake,
Bapane : "Nok, kayong mambu masakan..mane kowen lagi masak? masak pan nggo apa..",
Anake : "Iya pa mane lagi masak ngko tak takon"..
barang wis takon balik maning mrg bapane sg lg cengap2..
Anake : "Pa.."
Bapane : "Iya nok..mane kowen ora mene malah masak pan nggo apa.."
Anake : "Miki tah jare mane pan nggo persiapan wong tahlilan ngko bengi pa.."
krungu ky kuwe bapane langsung nggletak..

60. NGEDOL AYAM (terjemahan)
Tarwad dikongkon bapane ngedolna ayam ng pasar.
Bapane : "Kyeh wad pokoke regane kudu 30 ewu ya, angger ora semono ya aja gelem"
Tarwad : "Beres pa.."
Anjog ng pasar ana sg ngayang "tong ayame regane pira?"
Tarwad : "30 ewu pak"
Sing tuku : "15 ewu bae oh"
Tarwad : "Ora olih oh pak"
Sing tuku : "Ya wis 20 ewu"
Tarwad : "Ya drg olih pak"
Sing tuku : "Ya wis tambahi dadi 25 ya"
Tarwad : "Tetep durung olih pak".
Sing tuku : "Ari 35 ewu kepriben?"
Tarwad : "Pak nyong kan wis ngomong sekali 30 ya tetep 30 ora bisa danyang maning.."

61. ORA CEMBURU (terjemahan)
Wanyad kr dalban lg mlaku2 ng kandang sapi..
Wanyad : "Ban.."
Dalban : "Apa Nyad?"
Wanyad : "Nyong ka eram kr banteng alias sapi lanang"
Dalban : "Lah sih kening apa?"
Wanyad : "ora ya2 ha ka..jarene tah kuwat lambang keperkasaan, toli ya nggo lambang parte ana apa tp jebule ora bisa nglindungi sg wadone..ora duwe rasa cemburu babar blas"
Dalban : "Lah bisane"
Wanyad : "Lah kae ko...wen nang weruh oh susune sapi wadon di remed2 kr wong lanang, diperes2 tp sapi lanange meneng bae"

62.ORIGAMI1 (terjemahan)

Husni Bupati Brebes Gemuyu wanyad cangkeme besem ditakoni dalban Dalabn : "Kowen cangkeme kening apa nyad daning meleng getih kaya kuwe?"
Wanyad : "Nyong tas dikampleng polisi ka ban"
Dalban : "Dih kowen nyolong?",
Wanyad : "Ora.. nyong miki tas ditilang, barang ning pos nyong takon karo polisine pak rika sg nemokna origami?"
Dalban : "Lah bisane?","lah kuwe sih puluhan karo eketan ewu dite...kuk2 ana sg dadi manuk2-kan, ana sg dadi kapal2-lan..lah ujug2 ka aku dikampleng..prottt"

63. BRONGSONG (terjemahan)
Darkonah ngadeg ning ngarepe kaca lemarine karo takon maring wanyad
Darkonah : "Primen kang nyong ari nganggo kutang kiye sexi belih kang?.."
wanyad : "Halah dar..dar..wong barang lepes kaya kuwe be ka diwadahi ana apa.."
Darkonah : "Eh kang, rika ka ari ngomong belih tau nyenengna wong wadon yah...deleng dewek oh rika...barange rika ...mung sekicel semono be dibrongsong sempak ana apa ka..."

64. KRIIINNGGG(terjemahan)
Wanyad gugup ora eling mring mantrine kr nyekeli kuping loro2ne sg mlodok..
Mantrine : "Kening apa kupinge kwe nyad?"
Wanyad : "Kye pak mantri critane nyong lg ngelus klambi, gosokane tak sendehna..lah ujug2 ana telpon moni kringg..nyong kaget reflek belih? gosokan tak angkat ya mak ceos oh"
Mantri : "Oh..lah sijine sih kening apa?"
Wanyad : "...Ya kwe nrokcoke maning bar gosokane tak soloh, telpon kwe ujug2 moni maning..ya mak ceos maning oh"

65. BISA METENG ? (terjemahan)
TIKA: "Bu guru mane nyong bisa meteng maning belih bu guru?",
BU GURU : "mamane umur pira sih nok tika?",
TIKA : "umur 40 bu..",
BU GURU: "eh ya megin bisa yah..",
TIKA : "angger yune nyong sih bu?",
BU GURU :"yune umur pira nok?",
TIKA : "18 bu..",
BU GURU : "ya kuwe tah wis bisa..",
TIKA : "angger nyong sih bu guru?",
BU GURU : "angger nok tika ya durunglah tembe 9 th durung mens"..
sing mburi FADIL nonggong ndase TIKA.."kweh nyong sih ngomong apa, raimu ora usah kwatir gen.."

66. CLAMIT (terjemahan)
KYAI:"NYAD kowen bar balik endi olih-olihe?, angger nggawa bawang kaeh mana NYAINE dibagi nggo masak..",
WANYAD: "Klalen Pak Kyai..nyong ora nggawa apa2..",
KYAI : "eh kepriben sih kowen aja goroh karo nyong ya diblajari ngaji ka goroh..kuwe sg ning sarung apa dicekeli kuwe nang lonjoran bodin oh ya mana NYAINE cepet dinein.."...,
WANYAD : "Eh kiye Pak Kyai..kye tah p*li oh Pak Kyai.. piben NYAINE pan dinein?",
KYAI : "SIKAH!!..Bangset gyeh!!"

67. ASKES (Terjemahan)
Dokter : " Endi spermane kowen Nyad, ndes tak telitine ning laboratorium meginsubur apa wis wis majir..."
Wanyad : " Gyeh dok uwis...tapi enyong protes gyeh dok...bisane enyong mikika sing gongkon ngetokena enyong dewek, tapi angger wong kaeh ka ngetokenane dibantu karo suster loro..."
Dokter : "Eeeh..kae Nyad..angger kae tah bayare pudat nang nyad....dadine olih fasilitas...angger kowen kan nganggone ASKES..."

68. KONDOR (terjemahan)
WANYAD : "MBAH nuwun sewu MBAH,niki kulo dangu gadah penyakit.. dokter mpun pinten2 dokter mboten mantun2",
DUKUN : "Penyakite apa?",
WANYAD : "Kondor MBAH",
DUKUN : "Kondor!,lah kwe tah gampang",
WANYAD : "Nyuwun obate MBAH",
DUKUN : "Gyeh kowen menek uwit klapa ya paling stitik 7 uwit..toli dembil sg paling tua..bar kwe pacali toli diparud..lah parudane dil...epet2na ning gabere kowen"
WANYAD : "Oh Nggih MBAH dijamin dados mantun MBAH?"
DUKUN : "Pasti NYAD, dadi mengkilat"

69. Wis dicoba (terjemahan)

Mane'ne TIKA : "Nok, mane njaluk kowen aja kawin kr FADIL lah Nok!",
TIKA: "Kning apa sih MA?"
Mane'ne : "Miki lagi mane njaluk tulung gongkon ngemetna klapa..ng nduwur ujug2 kolore mlorod toli ngleyang..enyong kwatir nok wong dekene FADIL gedene smana ora umum nemen..nyong wedi dekene kowen mengko ora kamot..bisa jontas Nok"
Tika : "Hal...ah Ma..Ma..kwatir temen sih! wong wingi lg malam minggu wis dicoba be ora papa ka..bapatuwane kamot"

70. DOKTER GIGI (terjemahan)
WANYAD: "Aduh duh duh PAK DOKTER.. tulung.. tulung.. tulung PAK DOKTER..!",
DOKTER GIGI: "Kening apa MAS?"
Wanyad : "Kiye PAK DOKTER lara nemen aduh duh duh duh.."
Dokter Gigi : "Ndes mene tak delenge!"
Wanyad : "Gyeh PAK DOKTER!", slerettt..
Dokter Gigi : "His! enyong kiye DOKTER GIGI MAS dudu DOKTER KELAMIN! bisane sletinge rika sg dibuka dudu cangkeme?"
Wanyad : "Justru ...kiye PAK DOKTER, untune DARKONAH copot nggamblok neng kene!"

71. NGANGKAT SIKIL (terjemahan)
WANYAD :"Dok, wingi lagi enyong dibius toli dioperasi gara2 bergijilane nyong njeplok tiba sing uwit pelem toli kecangkol tunggak, kuwe rika nggantine nganggone bergijilane sapa?!"
DOKTER BEDAH: "kening apa sih NYAD?"
Wanyad : "Kening apa..kening apa..bisane dong nyong nguyuh angger sikil sijine ora diangkat ya ora gelem mlant...ur.."
Dokter Bedah : "Ohhh...Iya NYAD terpaksa bergijilane kowen pancen tak ganti karo dekene asu.."

72. KULIAH KABEH (terjemahan)
DARKONAH: "Gaeh KANG delengna MAN ROKHIM gaeh.. sanajan tukang becak tapi anake pada hebat-hebat ana sing ning UPS Tegal, ana sing UNDIP Semarang, ana sing ning UNSUD..toli jare maning gaeh ana sing endi maning.. ning JOGJA iya ning JOGJA..apa gaeh sing arane UGM..iya UGM.."
WANYAD: "Lah raimu ngarti apa DAR..nang kan...a ader pada kuliah?..wong ning kana pada mbecak juga ka BLOG !.."

73. ORA BAKAL KATON (terjemahan)
‎Wanyad : "Nyong kan bolak-balik wis ngomong DAR raimu kwe dadi wong sg tumaninah..gyeh ng raimu niru2 ponakanmu sg tembe balik sg Jakarta oh ya..maring pasar nganggone rok mini..balik numpak becak gongkon wong2 sdawane dalan ora pd ndelengna kabeh..kwe nang pd indik2 cawete kowen kabeh oh.."
Darkonah : "Ana apa sih KANG ana wong balik pasar ka sewot..wis gen rika percaya bae masa katona belih cawete nyong..wong nyong ora nganggo cawet"

74. NGGO AWET-AWET(terjemahan)

WANYAD : "Pa Dokter, nyuwun tulung lah Pa Dokter kulo mpun tigang dinten mboten saged mangan..ilate kaku kados niki"
DOKTER : "Lah wiwitane kening apa bisane nganti kaya kuwe?"
WANYAD : "Lah niki saweg dinten kemis meniko kulo nyobi tumbas "viagra" teng apotik jebule awise por..setunggale 125 ewu..lah menawi deleg langsung kan eman2 pa dokter..akhire kulo lamodi mawon ngge awet2..eh jebule malah ilate ngaceng mawon kados niki"

75. LAWANG AJIB (terjemahan)

WANYAD : "DAR, edan ah nyong lagi bengi bisa takjub nemen.."
DARKONAH : "Kening apa sih KANG?"
WANYAD : "Kowen banyangna nyong lagi bengi turu kebelet nguyuh barang maring kolam lawange tak buka ujug2 ka lampune bisa murub dewek toli lubare nguyuh lawange tak ineb maning ya ujug2 lampune bisa mati dewek..ajib belih?"
DARKONAH : "Eeeeh..ajib2... apane.. jebule kulkas mblandrah mambu pesing kuwe uyuhe rika.. kaplakka nglindur nguyuhe ng kulkas!"

76. DISOGOK GENDUL

DARNO JOMBLANG : "NYAD!!..Huweekkk",
WANYAD : "Apa NO..?"
DARNO : "Raimu runtang-runtung bae kr DARKONAH kaya kuwe apa belih bosen..?!"
WANYAD : "Gweh DAR wong mendem be paham"
DARKONAH :"Syikah.. dasar DARNO kentir.. DARNO tukang mendem.."
DARNO JOMBLANG : "Apa!..sing mendem sapa?! Huwekkk..genah iya.. raimu nang wis kisut oh... DAR kudune pantese disogok gendul kiye gyeh huweekk!"
WANYAD: "Hua ha ha ha"
DARKONAH: Syetan..!"

77. 3x SEMINGGU (terjemahan)
Wanyad : "BAN raimu wis ngisi data asuransi?"
Dalban : "Uwis NYAD kening apa sih?"
Wanyad : "Kuwe anggone basa inggris enyong radan keder..mau sing arane name nang artine nama oh ya terus place &birth date kuwe tempat tanggal lahir?"
Dalban : "Iya bener Nyad"
Wanyad : "Lah terus barang ana tulisan sex sih kowen ngisine apa BAN?"
Dalban : "Sex ya diisine laki2 oh wong kuwe... takon jenis kelamin..lah kowen sih ngisine apa?"
Wanyad : "Dih ader? enyong tak isi tiga kali seminggu BAN"

78. CEKER (terjemahan)
Darkonah mrg pasar, blanja pan nggo buka..pan nggawe sop ceker..
Darkonah : "Mas cekere sekilone pira"
Bakul : "Telung ewu bae oh bu"
Darkonah : "Dih, larang temen wis rong ewu bae nyong njaluk telung kilo ya"..
bar dilayani..siji2 cekere didelengi karo darkonah..
Darkonah : "Mas daning kiye kiwa tengen kiwa tengen mas..nyong emoh sg kiwa lah.."
Bakul : "Ceker nang ky ...kuwe oh bu..kening apa sih?.."
Darkonah : "Angger sg kiwa nang lubare nggo cewok oh mas nyong jijilah.."

79. KAYA KORAN (terjemahan)
Wanyad sore-sore lagi mentelengi koran...darkonah sing ndelengna merceka
Darkonah : "Dih enak yah dari koran sedina-dinane ora esuk ora sore dipandeng-pandengi bae terus..",
Wanyad ari semaur karo mentelengi koran : "pancen iya nang.. enak nemen his senggane bojo kuwe bisa kaya koran sedina-dinane bisa gonta-ganti..."

80. Operasi mata (terjemahan)

Bare dioperasi plastik darkonah megin drung makseg yen matane drung mencilak, akhire ngomong kr doktere
Darkonah : "Dok, tulunglah ben matane nyong bs rada njembet maning, radan mencilak tulung dibenerna maning oh dok"
Doktere : "Oh kaya kuwe..ya sedelat maning ya..Suster! sini tulung ambilin kwitansinya.."
Sustere teka ngga...wa kwitansi..15 juta..darkonah sg weruh njagonge langsung mumbul kr matane mencilak ky barongan.."

81. KOPET
Wanyad : "Duh BAN..kening apes nyong BAN.."
Dalban : "Apes kening apa NYAD?"
Wanyad : "Lg bengi nyong ngater ponakan pan mring SURABAYA ng stasiun TEGAL..numpake sepur GUMARANG tak ater nganti mlebu ng nduwure sepur..lah ng nduwure sepur ka ujug2 wetenge nyong kebletengan..weruh WC sepur ngeblag langsung tak ceprotna bae ng kono..lg enak2 ngising ka sepure ujug2 mangkat.. kaya diunclang2 kecret mena-mene laka banyu akhire kopet tekan SEMARANG"

82. ADINE (terjemahan)
Wanyad takon maring darkonah
Wanyad : "Dar, ari nyong mati ndisit kowen bakal pan kawinan maning belih Dar?,
Darkonah : "Dih ya ora oh kang.. pijara temen..melas rikane oh..paling2 nyong pan urip karo adine nyong sing wadon..lah ari nyong sg mati ndisit sih kepriben kang rika pan kawinan maning belih?"
Wanyad : "Ari nyong Dar..ya ora yah..persis pada bae karo kowen Dar..nyong paling2 pan urip karo adine kowen sg wadon"

83. NRABAS
Wanyad : "BAN, mau nang prasmanane mantene anakke lurahe ana ribut2"
Dalban : "sih ribut2 apa NYAD!"
Wanyad : "Pada geger mambu tai nganti laka sing kolu mangan, nganti hansip pirang2 hansip dikerahna gongkon nggoleti"
Dalban : "terus ketemu?"
Wanyad : "Lah enyong ya mingseb yah"
Dalban : "Lah bisane kowen mingseb sih kening apa?"
Wanyad : "Gyeh gara2 Darkonah sih kondangan maring... umahe lurahe eben cepet gongkone nrabas metu kuburan..ora weruh sandale nyong meyak tlepong oh.."

84. LEBOKNA SEPARO (terjemahan)
Dalban : "NYAD bisane LUPIT ireng geteng ky bakaran jagung sih!"
Wanyad : "Sikah, nyong kye wis brusaha ngarti, DARKONAH bae sg ora konsisten"
Dalban : "Sih kepimen?"
Wanyad : "Lah nyong wis dimaen resep karo Man Waja sing anake putih2 jare dong gawe anak kwe sing danjingna separo bae..tak coba DARKONAH ya wis setuju..barang pelaksanaane DARKONAH mbegog..jarene KANG enyong blih kwat nemen danjingna kabeh bae wislah brng anake dadine ky kunyuk ya kunyuk wis lah"

85. NUNTUN MOTOR (terjemahan)
Wanyad karo darkonah tuntun-tuntunan motor sg gili gede tekan umage...toli tanggana weruh toli takon,
Tanggane : "Kang, banne kempes?"
Wanyad : "Ora.."
Tanggane : "Sih mesine mati?"
Wanyad : "Ya ora.."
Tanggane : "Sih kening apa?"
Wanyad : "Kyeh, mene gen tak kandani ya...jawane tah wong arane bar panen.."
Tanggane : "Terus?"
Wanyad : "Ya kuwe mau...nyong pan kridit motor, mangkane nyong kiye ...blajaran nuntun disit..."

86. DAGANG NING TERMINAL (terjemahan)
Wanyad lagi dagang enak2 ning terminal dikroyok supir, kondektur karo penumpang.. Betem kabeh..akhire laporan maring pos polisi,
Wanyad : "Pak nyong pan lapor kyeh,..nrokcok ka..nyong lagi dagang enak2 ora idep ora weruh dikroyok wong sa pirang2.. ya supir, ya kenet, ya penumpang.."
Polisi : "Lah bisane?..
Wanyad : "Embuh pak wong nyong ora krasa salah ora apa ka..",
Polisi : "Lah emange kowen kuwe dagangane apa?",
Wanyad : "Dagange mung anda tok ka pak, tak panggul ning njerone bis.."

87. OBAT SEGU (terjemahan)

Wanyad gugup maring apotik , tekan kana takon karo sing njaga,
Wanyad : "Mas tulung obat cegukan kuwe apa?"
ujug2 sing njaga apotik ngepret pipine Wanyad..ceplakk..
Wanyad : "Lah mas kening apa daning rika ngepret nyong?!",
Jaga apotik : "Lah kuwe obat ceguken,..saiki wis ora ceguken maning oh ya??..",
Wanyad : " Ya pancen ora mas...wong sing segu kuwe dudu nyong.. tapi bojone nyong si Darkonah..."

88. BUKU TAHLIL
Priittt..
POLANTAS: "Slmat Pagi anda ditilang.. mana SIM & STNK"
WANYAD: "Duh Pak nyong salah apa?"
Polantas : "Anda tidak memakai Helm.. sangat berbahaya klo jatuh kecelakaan "
Wanyad : "Aduh Pak, Pak.. sampeyan dongen beriman apa ora sih Pak, weruh oh ya enyong nganggone klambi gamis karo peci.. nyong pan mrng pengajian.. tenang Pak... nyong ora bakal kecelakaan nyong wis maca donga perjalanan.. ari ora percaya gyeh buku tahlil gyeh"

89. SATE JARAN
WANYAD: "Mas daning satene alot temen ky kiye...ng untu kayong oyag kabeh... sampeyan kye wis suwe dagang sate?"
TUKANG SATE : "Ora ka LiK enyong tembe blajaran dagang"
WANYAD : "Sih maune nyambet gawe apa Mas?"
TUKANG SATE : "Ngluruhi suket oh LiK nggo JARANE MAN JARI"
WANYAD : "Lah bisane dadi tukang sate?"
TUKANG SATE : "Eman2 sih LiK, daripada Jarane MAN JARI... mati sia2 dadi batang.."
WANYAD : "Ehhh..dadi kiye sate batange JARAN... Huwekkk.. syu gyeh!!"

90. KEBELET NGUYUH
Wanyad : "BAN nyong lg bengi bar nonton misbar liwat bong kebelet nguyuh..lg ngatar enak2 ka ujug2 sukete oyag..ya nyong mencolot memburi nganti kacrit oh"
Dalban : "terus NYAD?"
Wanyad : "ya kwe krosak2 ujug2 jenggonggos wadon BAN"
Dalban : "Setan NYAD?"
Wanyad : "Setan waduke"
Dalban : "Sih?"
Wanyad : "ya wong ka toli ngromnyah.. bangset gyeh nguyuhi ndas! nyong kaget oh ya.. rika sapa Yu? sapa2 nyong kiye lg ngindik bojone nyong ngarti..kaeh delengna ng gubug lg kr tlembuk"

91. BABI (terjemahan)
Wanyad : "BAN nyong mau weruh ng dalan BABI digawak trek toli pada ngeproki wedus sing pan pada disembeleh"
Dalban : "ngomong sing bener bae kowen NYAD ah ana babi2 bs keprok"
Wanyad : "eh blih ngandel wong nyong weruh dewek babine ngomong karo guyu lata-lata jarene makane gyeh dadi nyong gen "haram" dadine ora disembeleh oh"
Dalban : "toli weduse pimen NYAD"
Wanyad : "weduse ...ya jengkel yah karo ngomong bangset gyeh merad mana delat maning imlek bol raimu ya bakal dibadog"

92. DILEPETI TAI
DARKONAH: "Pimen sih Pit, wis kaplaka menek wit kresem nganti tiba kaya kuwe..",
LUPIT : Aduh Ma.. lara Ma.. aja diganyami bae oh Ma..",
DARKONAH: "Lah kowen toli bedug2 penekan kresem pan apa..",
LUPIT: "wong kiye gara2 TARWAD ka Ma.. wong nyong sing menek ngakali layangan.. barang wis kecandak pan mudun uwite dilepeti tai.. ya nyong pan mudun keder oh.. barang mencolot layangane ucul dirayah TARWAD Ma.."

93. ARGO BROMO
‎DALBAN : "Daning kowen ledes kabeh kaya kuwe NYAD?",
WANYAD : "Iya gara2 balik sg JAKARTA BAN...pengin nyacak sepur CIREX jebule wis kentongan",
DALBAN : "lah terus kowen balike anggo apa?",
WANYAD : "ya kala-kalaen anggo ARGO Bromo oh",
DALBAN : "His toli mudun ngendi.. kuwe tah karcise larang oh jurusan SURABAYA",
WANYAD : " Mugane kuwe Ban, nyong numpak neng ndas-ndasan tak bayar seket ewu tok ka "
DALBAN : " Toli masinisne gelem "
WANYAD : " Gelem...tapi ya kuwe mau nyong mudune dijejek sing nduwur."

94. BRAM (terjemahan)
Si SUM:"DAH raimu wetenge wis gede ky kwe ka negin mangkal bae sih! delat maning nang njeprot oh..toli tamu apa gelem kr wong meteng tuwa ky kwe?"
JAODAH:"Lah angger ora dines sih pan mbadog apa SUM wong cangkem kye kudu jalan terus"
Si Sum : "Eh iya yah..toli mengko dong anake kowen lair pan darani sapa DAH"
Jaodah : "Eh jabang bayi kye SUM pan tak arani BRAM.."
Si Sum :"Dih pentolan yah ky wong kota artine apa kuwe?"
Jaodah : "artine Brame-rame SUM"

95. SUWUK
KASMI: YU DAR bisane anake nyong si Dikin bar tak titipna ng umahe rika raine bisa mambune trasi sih?",
DARKONAH:"Eh kue KAS..iya nang..kue mau lg jam telu critane Si Dikin nangis bisa budi nemen..ora mufakatlah..nganti sg ndeleng pd keder..nyong wedi kening sawan yah..akhire ana sg ngomong jare disuwukna bae..nyong nurut oh akhire tak lewekna bae dekene nyong toli tak raupna ng raine..eh iya bener bisa dadi menenge"

96. NGAJI
WANYAD: "BAN kowen ngarti ora?..14 samudra angger didadekna mangsi kwe ora bakal bisa nulis ilmu-ne Gusti Allah sg tersirat"
DALBAN: "Lah angger sg ng Qur'an sih kepribe mangsine ora tekan semono oh"
Wanyad : "Oh angger sg ng Qur'an kwe sg tersurat BAN...Mangkane kowen kwe kudu pinter2 maca, ng endi2 kwe mesti ana Gusti Allah....."
Dalban : "Dih daning koen saiki bs ngomong ky kwe sih NYAD?"
Wanyad : "ora miki nyong lubar melu pengajian tasawuf"

97. PARO EDANG
WANYAD: "Nang apa Ud, daning mbecak mecucu bae ky kuwe..",
WA’UD : "Dobol ka miki si DAKRUN.. balik mendem njaluk dater ng umahe..ya wislah nyong gelem angger cocog bayarane..pedaminane tah 10 ewu..nganti teyol nemen ka barang anjog umah mbayare mung 5 ewu..sapa sg ora mrengkel..barang ditagih KRUN kurang 5 ewu oh..lah ka jawabe enak ora..lah mau janjine 10 ewu oh ya..tak jawab iya..lah rika apa ora melu numpak..ya wis oh bagi loro..mang ewu2x..wong pd bae numpake ka.."

98. DIGEDAG ASU
DALBAN: "Bisa rengosan nemen ky kuwe nang apa NYAD?",
WANYAD: "Miki ana asu ireng liwat mene belih BAN",
DALBAN: "Laka..ng apa sih?",
WANYAD: "Bagreg ka..lg mlaku enak2 ka dijagrag asu..nyong mlayu oh..lah ka nyong tambah digedag,untung nyong kemutan Batak Saragih..lngsung nyong mandeg kr ngomong awas yah raimu tak tuturna Saragih ben dsembeleh..lah ka asune lngsung ngerem sretttt..keweden balik maning kr mlayu..gentenan yah nyong saiki sg ngejar2 asu

99. JANJI MLANTUR
DALBAN: "NYAD raimu sg endi ganing gagah nemen anggo kacamata riben ana apa..bisa kaya tukang las",
WANYAD: "Sikah kandakna nyong miki tas isin nemen..nyong bar sg jakarta mudun sg bis brusut2 nyong kebelet nguyuh..tak planturna bae ng pinggir dalan madep gili prangasa negin esuk wong peteng dedet laka wong..lah ka motor2 pd nggesut kr ngomong celex edan..ya nyong kaget oh..dobol jebule wis awan..gara2 kacamata ora tak copot"

100. KADIRAN
WANYAD: "Nyong ka juwet nemen miki karo si DAKRUN his DAR...paling2 tembe duwe motor anyar be nggo kadiran... bolak balik mboncengna prawan butik sing nang pasar bawang bae..kuwe nang pan darah apeme oh..",
DARKONAH:"Ya ora papa oh KANG.. kae tah pancen ana sing nggo kadiran...daripada rika bolak-balik sing dikadirna celex bosoke bae..enyong be suwe2 mutah..","Syikah..dobol raimu.. asu gyeh.."