TULISAN-TULISAN BUAH KARYA BUPATI BG (BREBES GEMUYU) .... SEMOGA BISA MENGHIBUR .....

Rabu, 13 Juli 2011

100 BALADA WANYAD & DARKONAH VI

1. Cawet Otomatis
WANYAD: "Gyeh DAR tak tokokna cawet anyar",
DARKONAH: "dih regane pira KANG..daning ana sg kembang2 keding",
WANYAD: "Sepuluh ewu telu ning ngarepe NIRMALA..",
DARKONAH: "Rika tah senenge tukune sg ning PERNA.. kiye tah tembe seminggu denggo be karete pedot oh..",
WANYAD: "Remu ditokokna ka ngromed DAR.. toli sg larang pan nggo apa sih wong ora katon ikimen.. kecuali angger ana sing anggo remot toli bisa mlorod dewek tah bagjane regan sejuta be tak tuku.."

2. Hukume Karaoke
DARKONAH: "Pak Ustadz nuwun sewulah menawi hubungan suami istri karaoke meniko angsal mboten..",
USTADZ: "karaoke kepriben maksude DAR?",
DAKONAH: "Nggih Karaoke.. Pak Ustadz.. sing terose Yu Kapsah basa inggrise meniko oral..",
USTADZ: "Ohhh aja DAR ora kena ya.. kuwe arane melampaui batas dudu tempate dileboni.. toli ya najis oh..",
DAKONAH: "Najis tah menawi ingkang sing medal banyu uyuh oh Pak Ustadz.. wong niki pejuh kok.."

3. Kencing Manis
DALBAN: NYAD raimu tak deleng ora tau olah raga.. bolak-balik ndekok bae sih.. ngko kening kencing manis lah puasss! bisa dadi kuming paham!",
WANYAD: "Kuming sih apa BAN?",
DALBAN: "Kuming ya nglempuruk oh ora bisa ngagak..ngko DARKONAH pimen!",
WANYAD: "Lah ka pikiri temen barang ora bisa nga*eng ya wong megin ana cadangan..","sih cadangan pimen?!" gyeh sih..sing penting jentik tengah negin sehat nang negin bisa nggawe merem melek", "Sikahh.."

4. Penganten Lawas
SOPIAH: "Yu DAR, rika karo KANG WANYAD sing gemiyen bisa katon romantis terus yah..",
DARKONAH: "Ah jare sapa SOP wong saiki wis sejen ka.. ari jamane penganten anyar tah iya..",
SOPIAH: "Ader Yu DAR kepimen sih?",
DARKONAH: "Lah iya jaman semana tah dong mbugah nyong lagi turu be mesti nganggone gagange uyuh oh.. pluk pluk pluk ning pipine nyong kaya kuwe",
SOPIAH: "dilah iya Yu DAR..angger saiki sih pimen?",
DARKONAH: "Saiki tah..angger sikile ora nladung ya ora kepenak"

5. Mbubut Uwan
WANYAD: "DAR bubuti uwane nyong ndes DAR kayong wis katon mralak nemen",
DARKONAH: "Lah rika tah ora nduwur ora ngisor uwanen kabeh",
WANYAD: "gyeh DAR rambut nduwur tah pancen wis umume merga ndas kuwe pusate pikiran..angger rambut ngisore nyong nganti uwanen kuwe merga kowen sg ora jegod",
DARKONAH: "sih ora jegod pimen KANG?",
WANYAD: "ya ari wong2 tah pd ireng2 merga sg ngisor kuwe pusate hiburan.. lah enyong bolak balik kuwe kuwe bae.. kisuttt!",
DAKONAH: "SIKAH!"

6. Belih Sida
preet..preet..preet..dut dut dutt..brott..
WANYAD: "eh nrokcok raimu ditumpaki ka mblorot... asyu gyeh... wis manalah belih sida... ndadakan mengkered gyeh dadine oh! wis mana mana merad merad!",
DARKONAH: "temenan dadi belih sida kiye KANG..?",
WANYAD: "wis ora oralah.. merad mana DAR lah gening mambune be nyong wis belih kuwat.. belih nafsu!",
DARKONAH: "Ya salahe dewek genah nyong tas mangan rujak.. weteng lagi mbleketek digered bae maring kamar.

7. Ngasab Ning Jakarta
WANYAD: "DAR, kowen karo bocah ning Brebes bae yah..nyong dewekan ng JAKARTA nyambet gawe.. mengko balike seminggu sepisan mbuh apa..gaeh tiru KANG JANU gaeh..bisa cepet sugih luruhe ng JAKARTA pedaringane ng BREBES..ng Jakarta kuwe apa2 larang..regan2 pd mundak kabeh",
DARKONAH: "Eits blih bisa..enak bae..regan2 mundak tah karuan..ning JAKARTA dewekan nang bodine rika sg benyek manjat mudun bae.. ndelengna pupu pating temralap",
WANYAD: "SIKAH.. senenge ka kaya kuwe.."

8. Sing Penting Surungane
DARKONAH: "KANG mana adus disit gen ari pan njaluk! bacin lecit ka utek2 bae.. adus toli disemprot minyak wangi.. dadine nyong napsu oh..",
WANYAD; "Heh DAR tak kandani ya! wong pan kaya kiye (karo jempole diselagna ning jentik tengah karo jentik tuding) kuwe dudu tergantung karo mambune.. tapi sing penting kuwe surungane ngarti! sanajan lecit angger sogokane kaya kayu nang cangkeme kowen mesti mangap oh! syu gyeh!"

9. Dokter Kandungan
WANYAD: "DAR DAR enyong dong dinein kesempatan gongkon urip awit awal maning enyong pan sekolah sg kenteng DAR eben dadi dokter kandungan",
DARKONAH: "Kening apa sih KANG",
WANYAD: "Ya wis duwite akeh batine ngemeki sarboah pirang2..ari kowen sih pengine dadi apa DAR",
DARKONAH: "enyong KANG..ari nyong tah pengine dadi mantri sunat bae KANG",
WANYAD: "Dihlah! ih loken wadon ana..?",
DARKONAH; "ya ana yah nggo pranti nugel pe*ine rika KANG ben ora pecicilan.."
Jatah Mingguan
YU KARSEM: "DAR kowen adong kayakuwenan karo WANYAD kuwe seminggu nganti ping pira?",
DARKONAH: "Halah Yu..Yu..ora mesti..angger nglagani KANG WANYAD tah ampun sewu..ari njaluk sadeg sa'nyet..ora kena semaya..kanda nyong dewek tah asline wis mblenger..ya kepimen..ana wong lg adang angger wayahe kepengin sonder segane sangit ya maen gered bae..sg repot dong nyong lg nguleg sambel..kadang ladas ora sida gara2 bergijilane keberengen"

10. Vibrator
DARKONAH : "Yu kuwe handpone bisane diselagna ning cawet... apa laka sake?..toli sing mau nggeder-nggeder bae daning ora diangkat-angkat...kuwe nang ana telpon mlebu oh..."
KAPSAH: "Eeehhhh.... kowen belih ngarti DAR... kiye handpone multi fungsi DAR.."
DARKONAH: "Sih multi fungsi kepriben Yu....?"
KAPSAH : " Ya disamping nggo pranti nampani telpon juga merangkap sebagai vibrator.

11. Susu Bakteri

DARKONAH: "Kang! geger susu pada ditariki merga jarene mengandung bakteri kuwe bisane bisa sih yah KANG... eram aku tah susu nganti kelebon bakteri!..kuwe bakute goblog pabrike apa yah!",
WANYAD: "Ya bisa bae lah DAR..wong susune kowen be ngandung bakteri..",
DARKONAH: "Lah ari susune nyong tah genah oh KANG.. wong sing nariki be jentik karo untune rika sing krowak isine udet.."

12. Reuni
WANYAD: "BAN nyong pan ana reunian gyeh!",
DALBAN: "Reuni apa NYAD?",
WANYAD: "Reuni SMA yah!",
DALBAN: "Ader kowen sekolane tekan SMA NYAD?",
WANYAD: "Sikah! sing mrawani bocah PGRI sapa! ari dudu nyong..",
DALBAN: "Eh kowen SMA-ne PGRI NYAD?",
WANYAD: "Ya ora.. nyong sering mangkal ng kono gemiyen...ari ngadang SOPIYATUN balik.. jare pan ana reuni nyong pengin ketemu.. saiki SOPIYATUN raine ky apa yah BAN?",
DALBAN: "SOPIYATUN gemblep NYAD.. kae tah wis jenat oh..",
WANYAD: "Hah! apa?!.."

13. Nonton Bal
WANYAD: "DAR.. mengko godogna kacang ya, karo kopine sing buket",
DARKONAH: "Pan nggo apa Kang?" ,
WANYAD: "Daning nggo apa.. kowen belih ngarti delat maning ana liga inggris.. ya nggo pacetan yah! nggo ngancani nyong nonton bal kr leyeh2",
DARKONAH: "nonton ning endi KANG?",
WANYAD: "Ning tipi syu! takon bae! bol gyeh!",
DARKONAH: "Rika edan apa KANG.. mbang endi tipi? rika klalen?! lagi awan nang tipine wis digawak dewek oh maring pegadaian.. daning geger nonton bal"

14. Njaluk Jatah
WANYAD: "Dar njaluk Dar (njawil karo lendotan saka)",
DARKONAH: "Rika kiye belih ngarti nyong lg mens apa yah Kang.. njolak njaluk njolak njaluk bae.. dadi wong kuwe sing sabar apa sih!",
WANYAD: "Dih! Kowen kiye jawane apa2nan sih Dar.. loke ana wong men men nganti. telulas dina..bih umum oh!..ya wis awas yah.. remu sekiki geger negin meler bae tak sumpel nganggo tugelan bata.. kampad li wiz..syu gyeh! braggg!!"(metu dolan kr nggebrag lawang..)

15. Dikutuk Malekat
WANYAD: "Dar jatah ndes Dar...",
DARKONAH: "Emoh Kang lah, belih ngarti wong wadon lagi sungkan apa yah!",
WANYAD: "His belih kena kaya kuwe oh Dar.. kowen pengin dikutuk malekat apa yah..ora gelem nglayani bojone",
DARKONAH: "Senenge amak2 kaya kuwe sih Kang.. mesti malekat sing nggo senjata.. ari genah sing pan dikutuk tah rika oh.. wong ora nggo ukuran.. laka melas-melase kr wong wadon.. esuk awan bengi bolak balik njaluk bae.."

16. Numpak Cirex

WANYAD: "Duh urip ng jakarta pancen keras yah Ban..",
DALBAN: "Pancene.. nang apa sih Nyad?",
WANYAD: "Nyong pan antem2an kr wong.. gara2ne nyong wis tuku tiket sepur CIREX BISNIS.. lah barang manjat panggonane nyong dipanggoni..gongkon ngalih ora gelem..ya nyong ngamuk oh..nganti satpam stasiun pd manjat",
DALBAN: "Toli akhire pimen NYAD?",
WANYAD: "Ya nyong sg krasa waras ngalah lah..wong jebule kuwe pancen dudu sepur CIREX..tp PAHRIYANGAN jurusan Bandung"

17. 86 Wurung
DALBAN: "Pan ngendi NYAD esuk2 wis gayap..",
WANYAD: "Pan sidang SIM Ban",
DALBAN: "Lah..bisane ora 86 bae..",
WANYAD: "Genah polisine ngamuk..akhire njaluke tilang..",
DALBAN: "Lah nang apa sih bisane ngamuk?",
WANYAD: "wiwite nyong digiring mrg Pos.. tangan kiwa wis tak siapna puluhan ewu.. lah tangan tengene nyong nyekel udud..jarene wis mene gagiyan..tangan tengene nyong diremed bae kr matane ndlenger..ya sg keremed rokok oh..kepanasen dikipat2na..dadi jengkele"

18. Gawe Seneng
DARKONAH: "KANG nyong dong nganggo rok abang kiye jare rika ayu belih KANG?!",
WANYAD: "Dih lah ayu nemen syung DAR bisa kaya kethek ogleng",
DAKONAH: "Hiiiii iihh!! senengane ka kaya kuwe sih KANG..dadi wong lanang ka selawase belih tau nggawe senenge wong wadon!",
WANYAD: "Jare sapa DAR..kowen ka senenge ngilang2na yah! nyong saben bengi wuda klontangan nganti nyong masuk angin..nggo nyenengna sapa coba! angger dudu kowen sg senenge cekelan granat"

19. Nyilih Degawe

DALBAN: "NYAD raimu dobol yah!",
WANYAD: "Nang apa sih BAN?!",
DALBAN: "Ana apa2x! Sing mantu tanggane kowen , bisane raimu melu nyebar undangan ..syu gyeh!",
WANYAD: "Ssstttt.. aja rosa2.. ngko tamune nyong sing ora ngarti pada ngarti gen..!",
DALBAN: "Bagregka raimu.. toli amplope kepimen kuwe..",
WANYAD: "Nyong ngadang2 ning ngarep BAN .. sing genah tamu2ne nyong amplope tak jaluki disit ..!"
DALBAN: “Toli pada ngarti ora sing degawe dudu kowen?”
WANYAD: “Ora... wong genah tak giring pada melu mangan prasmanan..

20. Ngimpi
DALBAN: "NYAD..nyong lg bengi ngimpi ana kebo mlebu pekarangane nyong.. langsung tak sembeleh.. lah ka ujug2 ana wong nggoleti",
WANYAD: "Man Tholib oh ya",
DALBAN:"Eh iya.. bisane daning kowen ngarti NYAD ning impene nyong",
WANYAD: "Barang ngarti kebone disembeleh kowen pan dipateni oh ya","Iya ya iya ya NYAD iya NYAD bisane kowen ngarti sih NYAD impene nyong kaya kuwe?",
WANYAD: "Ya ngarti lah genah winginen nyong ngimpine kaya kuwe..ana kebo mlebu umahe nyong..tapi tak uculna.. gara2 ngerti kuwe dekene man tholib sing galake naudubilah..bisane kowen wani2ne nyembeleh"

21. Badekan
DARKONAH: "Kang badekan Kang sakale bacin tapi digoleti apa Kang?",
WANYAD: "Upil Dar..",
DARKONAH: "Salah..! upil tah ora patiya bacin oh..",
WANYAD: "Sih apa Dar?",
DARKONAH:"Ya si Arumi oh Kang.. Arumi Bachin",
WANYAD: "Eh..dasar raimu doyan nonton cek & ricek selibritis yah.. gyeh gentenan nyong duwe badekan macan apa sg wedi kr wedus?",
DARKONAH: "macan ompong kang",
WANYAD:"Salah..!! macan kening darah tinggi oh..",
DARKONAH: "Sih bisane Kang?",
WANYAD: "Ari mbadog wedus macan’ne wedi kening stroke oh blog..!"

22. Jamu Cap Becak
DARKONAH: "Duh kenang apa yah KANG bisane ujug2 kempole nyong medegdeg gede nemen kaya kiye.. toli tangane nyong ya radan metu otote kabeh kaya kiye..",
WANYAD: "Lah emange kowen tas mangan apa sih DAR..?!",
DARKONAH: "Ora mangan apa2 ka KANG.. cuma wis seminggu kiye nyong nginung jamune rika?",
WANYAD: "Lah ya bener bae.. kowen kuwe over dosis ngarti! genah jamu "cap becak" dinung.. ya kempole melarrr oh... pengung!

23. Arane Bocah

DARKONAH: "Kang dewek dong duwe anak wadon kira2 pan darani sapa yah KANG?",
WANYAD: "Apa yah DAR sing apik kira2.. tapi eben imbang tah enake campuran bae oh DAR.. jawa karo eropa..",
DARKONAH: "Ya wis oh Kang.. toli cocoge sg kepenak nang kuping kuwe apa yah KANG..",
WANYAD: "kiye bae oh DAR... Siti Klitoris Vaginawati...",
DARKONAH: "Oh iya KANG kayong penak kuwe dirongokna.. apik..apik..artine apa yah KANG?",
WANYAD: "Artine...ya campuran oh DAR..”
DARKONAH: “Campuran pimen KANG”
WANYAD: “Ya campuran pokoke Barat karo Jawa..”
DARKONAH: “Ohhhhhh.....”

24. Nadar
WANYAD: "Aduhhh wong mandeg udud rasane ky kiye temen yah BAN",
DALBAN: "Lah kowen mandeg nang apa sih NYAD, menggo?!",
WANYAD: "ora ka..,lah wingi sih gara2 nyong nadar..pokoke angger PSSI ora juara ning piala AFF nyong pan mandeg udud..salawase.. eh jebule kedaden temenan..sengsara nemen syung!",
DALBAN: "Oh...gampang ben ora udud maning",
WANYAD: "carane pime BAN",
DALBAN: "Saben kowen pan udud..kuwe rokoke sogok2na ng silit disit..cak gen..suwe2 sungkan ",
WANYAD: "Syikah!"

25. Jembatan Semanggi
WANYAD: "Nyong ka keder nemen his BAN karo sing arane Jakarta",
DALBAN: "Keder piben NYAD..",
WANYAD: "Wingi lagi dolan ning Jakarta nyong dejak muter-muter karo Agus Damanhuri nganggone Mercy.. barang tekan Jembatan Semanggi, nyong ditodokna Agus gweh Nyad sg arane Jembatan Semanggi mbokan pengin ngarti.. nyong ya lingak-linguk yah.. jare Agus kening apa Nyad daning lingak-linguk.. Lah jarene Jembatan Semanggi Gus.. mbang kaline Gus?!"

26. Mentiung Maning
LUPIT: "WAD raimu daning ora tumon ngapeli Si DARTI maning..",
TARWAD: “Lahhh sungkannn PiT!",
LUPIT: "Nang apa sih WAD.. eman2 oh...",
TARWAD: "Eman2 apane.. wong kowen belih ngarti nang..",
LUPIT: "belih ngarti pimen sih..?",
TARWAD: "Wingi lagi tak gesrakna nang karangan.. toli tak cempedna ning ngisore wit pace... nyong tembe ngarti syung... jebule ndase isine sumbuk...tumane nganti pd kemrutug...sing maune nyong wis njengat dadi mentiung maning oh..."

27. Debt Collector

DALBAN: "Kowen jare gemiyen tau nyambet gawek dadi Debt Colector Nyad?",
WANYAD: "Iya tau..tapi rong minggu tok ka BAN.. wong tembe training tapi gagal",
DALBAN: "Lah bisane sih.. kowen ngapruki wong?",
WANYAD: "Ora ka... wong nyong ditraining gonkon nagih utang..gongkon mlebu pekarangane wong..tembe pirang langkah...ujug2 asune njagrag ngejar nyong.. ya nyong mlayu sipat kuping oh...",
DALBAN: "ohhh.. kaya kuwe ya pantes bae...debt collector wedi karo asu.."

28. Bom
WANYAD: "Kaku akutah Ban",
DALBAN: "Nang apa Nyad?",
WANYAD: "Lagi esuk nyong ngerjani bakul tempe.. sengaja nyong ngising tak wadahi kaleng biskuit khong huan..tak tutup rapet toli tak kreseki.. sengaja tak doloh nang nduwure brug..toli tak indik sg kadohan oh..lah ka ujug2 ana bakul tempe nganggo Pit..srrettt langsung mandeg..dasare wong kemilikan sonder lingak linguk cekut bae..langsung dilebokna ng kranjange..belih ngarti kuwe BOM.. ha ha ha.."

29. Belih Wedi Geni
ROMLAH: "Kang rika marek2 nyong bae mene apa ora wedi kr Yu Darkonah!",
WANYAD: "Tenang bae ROM.. demi Romlah apa bae tak terjang, ora peduli banyu, angin, geni sg mulad2 tak adepi kabeh.. apa maning mung Darkonah..",
ROMLAH: "Sing bener Kang ah.. jare sapa karo geni rika ora wedi.. wingi lagi mlaku karo nyong.. weruh tegesan bisane rika langsung mencolot wedi kepedek.."

30. Gratis
WANYAD: "Numpak sepur ng jakarta Ban, nyong diwarahi kanca..wislah nyemplak bae ora usah tuku karcis.. jarene ngko dong ditagih karcis apen2 raine mlengos meneng bae kr mrengut..pokoke gaya premanlah..cak gen ngko kondekture wedi ora sida nagih..ya tak coba ky kuwe yah",
DALBAN: "toli pime Nyad barang ditagih",
WANYAD: "nyong wis tak gawe mrengut kr meneng bae..tp ka ujug2 ceplak nang ndas bisa semelet nemen.. dobol! jebule kondekture dibatiri PM"

31. Sing Penting Rasane
DALBAN: "Nyong ka eram his NYAD karo sing arane Ralim ",
WANYAD: "Ralim calo, Sih nang apa BAN?",
DALBAN: "Lah iya.. rai rodal radil kaya kae bisa olih wadonan ayu nemen kaya bintang pilem.. apa anggo ilmu kemat yah NYAD?" ,
WANYAD: "Lah ya ora mesti.. wong lanang tah gagah kuwe nomer 27 sing penting kiye gyeh..",
DALBAN: "Apane NYAD.. ",
WANYAD: "Bondele Bol...!!! angger bisa gawe merem melek nganti mangap ya....sanajan lunga maring Libya tetep diuber-uber.

32. Salah Kamar
WANYAD : "Eling2 jaman semana BAN.. nyong rudu karo mertua lanang..",
DALBAN : "Sih bisane NYAD?!",
WANYAD : "Bengi balik mendem.. ndas bisa mumet nemen.. ndeleng mertua wadon prangasa DARKONAH.. tak tugrup bae lagi merkungkung turu nang kamar..ya njerit2 oh.. nyong dibanjur banyu karo mertua lanang.. karo domongi.. eh bangset yah.. mantu dobol.. anake nyong wis dembat.. bojone nyong pan dikerjani juga.. merad mana..asyu gyehh!!"

33. Kaki-kaki Tokcer

WANYAD : "Dih rika ka melas temen WA..umur wis 75 ky kuwe ka negin glayaran luruh pangan bae..?",
KAKI-KAKI : "Ya wis nasibe nyong Tong..dongen tah nyong kudune ya wis pangsiun..tapi pimen maning.. angger ora glayaran kaya kiye ya ora mangan",
WANYAD : "Lah anak2ke rika pd mrg endi WA, ora pd ngopeni?",
KAKI-KAKI :"Dih genah nyong kiye luruh pangan nggo makani anak.. bojone nyong tembe bae wingi babar

34. Pak Comot
WANYAD : "Miki nyong lg ning gili ana tabrakan, ujug2 ditakoni camate BAN sg wong Solo ari ngomong nganggone bahasane o o o..",
DALBAN : "ditakoni pimen NYAD..",
WANYAD : "Ono opo ono opo iki Mas..Lah nyong kan ngormati arane be camat..dadi aku melu2 basa wetanan belih..ono tobrokon Pak Comot..ka camate mendelik..trs takon maning tubrukan opo!..tobrokan motor kr motor Pak Comot.. terus wonge piye.. wonge ya mencelot oh sampai kont*l Pak Comot"

35. Numpak Pir
WANYAD : "Miki nyong pan mrg sawojajar numpak pir, jaranne magol BAN ora gelem mlayu..malah njengat2 ora karu2an..ya wong sa pir pan njempalik kabeh oh",
DALBAN : "Nang apa sih NYAD",
WANYAD : "Ya kuwe nyong takon kr kusire..lah ka jawabe enak ora","jawabe pime?","Jarene..gyeh Mas jaran dong lg ky kiye biasane lg branca..sebabe dong ana pnumpang wadon sg ora anggo cawet..tak implang impleng laka penumpang wadon liya anane mung DARKONAH sih pime"

36. Brang Breng
WANYAD : "Nyong wingi lg sembayang maghrib ng langgar bs juwet nemen BAN",
DALBAN : "Pime sih NYAD",
WANYAD : "wong lg jama'ah nemen2 bisa brang breng mambune entut..kudune nang ari ngentut ky kuwe batal toli wudu maning ya..bar sembayang nyong ngodor belih..heh! wong pada ngerti hukum belih sih..ari ngentut ya sembayange kuudu baleni oh aja ditenggar bae..ora syah ngarti…lah ka ujug2 sing mburine nyong ngomong lah NYAD deleng gweh sarunge koen dewek ana apane..asem ka jebule sarunge nyong dewek sing nyarug tai BAN"

37. Tiyuttttt
WANYAD : "Duh dasar weteng ka dobolan nemen yah BAN",
DALBAN : "Pimen sih NYAD",
WANYAD : "Nyong isin nemen miki.. sembayang maghrib nang mburine imam.. sing mau belih papa ka..barang takbirotul ikhrom bisa mbleketek nemen pengin ngentut..ya tak ampet oh.. lah ka pas lagi ruku.. ujug2 bisa mlayu dewek..moni tiyuuuutttttt..rosa nemen..makane lagi hening2nge oh.. mlebu speker maning.. ya makmum rong puluh batal separo oh.. ora kuwat pada gemuyu.."

38. Nggoleti Darkonah
WANYAD : "DAR raimu sg endi bae sih..syu gyeh..digoleti mana2 ka",
DARKONAH : "Dih sg mau nyong ng warunge Yu Ropi ka yah..utang mirong..ana apa sih KANG",
WANYAD : "Ana apa..ana apa..gaeh adimu sg mau ngenteni ng umah..dobol raimu ka..koen ngarti ora miki nyong pan urusan kr SUID songgol",
DARKONAH : "nang apa sih KANG",
WANYAD : "Ya nggoleti raimu nang pasar oh..ana wong njengking tak teplak bae bokonge karo tak gered tangane prangasane raimu..jebule ka bojone SUID"

39. Dadi Bayi
DARKONAH : "Slamet ..slamet Yu..",
YU KASMI : "Nang apa DAR?",
DARKONAH : "Mau Yu, pan balik sg Jakarta Kang Wanyad kecopetan..duwit gel-gele gari 40 ewu..olih sakarcis tok..ya keder belih..akhire KANG WANYAD apen2 dadi bayi..tak pangku kr tak sosoni",
YU KASMI : "iringane nang kaget oh DAR",
DARKONAH : "Genah..takon umur pira Yu bayine? 2 tahun Mas..Dilah daning sedaplang ky kuwe..genah ng weteng be 17 wulan dewek ka Mas..dih daning wis sunat keding Yu..sing kanane wis disunati jin"

40. Jam Modar
WANYAD : "Asyem ah, olih stil nemen2 ka yah bagjane anggone clana jin kr jam tangan bisa kewirang saporete",
DALBAN : "Kewirang pime NYAD?",
WANYAD : "Mau lagi bedug pas ngater DARKONAH maring Nirmala, lg enak2 ngadeg ka..ujug2 ana bocah wadon SMA takon..Um jam pira um..ya tak jawab yah.. jam rolas nok..wong panase be ngentak2 ky kae ka..tp ujug2 ka bocahe ngomong maning..lah bisane jame rika jam pitu Um..bagreg syung ah.. bias konanganan jg nganggo jam modar"

41. Pegatan
DALBAN : "NYAD jare siWARMAD BECAK bar pegatan kr RANGDA DARTI?",
WANYAD : "Iya wong kentir ka BAN..wingi tak takoni..MAD raimu pegatan maning? lah ka deweke guya-guyu..karo ngomonge lah dasar DARTI-ne bae wong paling2 ky kuwe be njaluk pegat..pime sih MAD..Lah anak gawanane DARTI nang tak anggep anake nyong dewek oh..tak kekepi toli tak ambungi sengak sengok 2x ka belih trima..lah anake wadon apa lanang..wadon..toli umur pira.. rolikur NYAD"

42. Undar

DARKONAH : "Enyong ka lagi bengi bisa ngimpi numpak jaran his KANG.. jarane warnane polang-paleng.. toli akeh wong sing dadah2 karo enyong... kuwe artine apa yah KANG..",
WANYAD : "Dih iya DAR.. toli enyong ning kono ana belih DAR?",
DARKONAH : "Rika ya ana KANG.. nang kana prangasa rika lagi dagang martabak ..",
WANYAD : "Eehh kuwe tah artine raimu pengin ndeleng bancakan.. pengin ditumpakna undar DAR.. syu gyehh"

43. Cenggur
HANSIP : "NYAD bengi2 nang kene pan apa..nang umah toli penak oh",
WANYAD : "Lah daripada nang umah bati mumet mending nang patrol kaya kiye gaple karo ngancani hansip toli genah..",
HANSIP : "kenang apa sih..",
WANYAD : "Cenggur..",
HANSIP : "Lah bisane cenggur... DARKONAH mens..?",
WANYAD : "Ora ka..ari mens tah genah oh...bludrege kumat.. tak tumpaki ka godogan.. nyong nganti dibanjur banyu kaya kiye..."

44. Ora Materialistis
WANYAD : "Kowen ngarti ora BAN..",
DALBAN : "Ngarti apa NYAD..",
WANYAD : "Wong wadon-wadon Brebes.. kuwe sifate ora materialistis..ora kaya wadon daerah liya-liyane..",
DALBAN : "Ih loken NYAD…..",
WANYAD : "Dih.. raimu ora percaya…..?",
DALBAN : "Oralah..wong wadon ya endi-endi pada bae…”
WANYAD : “Ehhh belih pengandelan… gyeh tak kandani… kowen ngarti ora wadon-wadon Brebes kuwe ora gimir karo sing arane..Mobil Mercy…Mobil BMW… atawa mobil-mobil mewah liyane.. tapi angger ana colt diesel momot bawang… gweh tembe pada regedegan marani..”
DALBAN : “Dobol lah NYAD… kwe tah arane butik nang… pan pada mrotol..syu gyeh..”

45. Wedi Sekolah
LUPIT: "Kowen daning nang umah WAD, belih sekolah?",
TARWAD: "Nyong wedi Pit",
LUPIT: "Wedi pimen...?",
TARWAD: "Wingi nang sekolahan ana bocah anyar... pecicilan nemen... nyong juwet belih.. tak undang toli tak gered maring WC.. ndase tak klelep-klelepna nang kolam..",
LUPIT: "toli pime WAD..bocahe mati?",
TARWAD: "Mati sih ora.. ya kuwe mau.. jebule bocah kuwe anak'e kepala sekolah sing anyar.."

46. Milih Bojo
Si SUM"Yu DAR miturute rika, antarane RAWAD kr DASLAM kue suka endi sg kira2 bisa nggo bojo..msalahe loro2ne ngejar2 nyong bae",
DARKONAH: "Eh kue SUM..jare nyong tah angger tak deleng sing patake luwih cilik kue si RAWAD SUM..ya RAWAD bae oh",
Si SUM: "Bisane Yu milihe sg ndase cilik?",
DARKONAH: "Daning bisane..ya ora rekasa oh..angger wis mlebu kue metune ora angel SUM..gaeh KANG WANYAD gaeh..angger wiss mlebu metune bisa kangelan..didudud bisa alot nemen..ucul2 monine ceplak"

47. Grayangan
DARKONAH: "Yu KASMi aja kanda2 KANG WANYAD ya",
YU KASMI: "Ana apa sih DAR..",
DARKONAH: "ora.. mau awak rasane bisa pegel kabeh.. ngongkon MBAH KASEM gongkon ngurut ka monine lagi mriyang.. ya akhire mau ngundang KARDI picek oh.. prangasa wong picek ikimen nang masa grangsangan belih..tp ka jebule nrokcok.. gongkon mijeti geger nemen2 ka grayangane bokong bae..malah nyong pan ditindihi..ya ndase tak glito nganggo irus oh..mlayu nganti nabrak2 ora karuan oh.."

48. Getiyen

WANYAD: "Ana2 bae his Mbah Damin",
DALBAN: "Pime sih NYAD",
WANYAD: "Lah iya esuk2 ngobrag2 lawange nyong.. njaluk dater maring mantrine..gidrah2 jarene kuwene getiyen..",
DALBAN: "Apane NYAD?",
WANYAD: "Onderdile BAN..",
DALBAN: "Idihlah bisane NYAD..sih nang apa?!",
WANYAD: "Ya kuwe ngomonge sih jare bar indehoy karo bojone Mbah Wasri.. nyong ya keder yah.. barang tekan mantrine dipriksa oh.. lah ka jare mantrine halah mbah..mbah..kuwe tah dudu getih oh.. kuwe kinang..."

49. Jengkol

WANYAD:"Lagi mreceli apa DAR"
DARKONAH:"Jengkol, KANG"
WANYAD:"Daning jengkole ky kuwe Dar?"
DARKONAH:"Ya arane be jengkol ng ky kiye oh Kang"
WANYAD:"Ora..daning kisut kaya kuwe ora mletek2 acan"
DARKONAH:"Ya arane be jengkol tuwa Kang"
WANYAD:"Oh ya bener..jengkol wis umuran sih yah dadine kaya kuwe..pait leder"
DARKONAH:"Eh dadi rika ndelengna kiyene nyong Kang?,sikah..sg pait apane wong rika log-logan ka..mukir"

50. Ana Sulinge
WANYAD : "MAN rika becake ana sulingane daning tambah digenjot banter monine nginge tambah rosa ngiiiiiingngng!!.."
TUKANG BECAK : "ora ka MAS ... ora tak dolohi sulingan ka syung.."
WANYAD : "sih sg moni apa yah?"
DARKONAH : "Dih KANG daning cawete nyong bolong KANG.."
WANYAD : "Hah lah tobleg dadi raimu sg moni DAR?! nganggo ...rok pisan kala cawete bolong.. dengaren bae sing mau monine ngiiiinggg..genjot terus MAN!"

51. ikuttt
WANYAD : "Koen ngarti BAN sdurunge nyong kawin kr DARKONAH..nyong kiye pacaran karo bocah JAKARTA"
DALBAN : "Arane sapa NYAD?"
WANYAD : "Arane ya apik yah MONALISA loke bocah JAKARTA arane REMBET? tp ya kuwe mau bocahe alemane por.."
DALBAN : "sih aleman pibe NYAD?"
WANYAD : "Delat2 njaluk melu ikuttt..tinggal sadelat ikutt..nglinter mono sedelat ikutt..jengkele nyong tak odor oh ya..Heh gue ikut sdh tdk punya tau..sudah disunat..nih yg tinggal cuma celex..mau?!!

52. Pesbukan
WANYAD : "Ban kowen duwe pesnuk ora?"
DALBAN : "Ora...belih ngarti carane...knang apa sih NYAD..?"
WANYAD : "Ora.. wong2 geger ning pesbuk jarene ana sing arane DARYUNAH pesek.. bocahe jare lumayan nemen.. enyong pengin ilon2 gyeh.. eben bisa kenalan.. tak kira sih kowen jegod dolanan pesbuk.. nyong pang njaluk warah.. embuh his BAN.. dong ana menungsa wadon sing arane ning ngarepe ana DAR.. DAR'e ning hawa kayong bisa ngaceng terus.."

53. Medegdeg (terjemahan)
LUPIT: "WAD 3x!"
TARWAD: "Ana apa PIT?"
LUPIT: "Bener jare mane nyong syung!!"
TARWAD: "Bener pimen..?"
LUPIT: "jarene mane nyong.. angger nyong sokan ngindik wong adus mengko nyong bisa dadi watu.."
TARWAD: "sih bisane?"

54. Guru Salin
TARWAD : "Dih nyong miki isin nemen his PiT"
LUPIT : "Isin piben WAD?"
TARWAD : "Nyong tas diaruh2i guru kesenian..gongkon metu..miki lagi maring WC sekolahan pas mbuka lawang weruh deweke lagi salin celana senam, katon bokonge Pit"
LUPIT : "Dih untung temen kowen WAD.. guru kesenian musik oh ya BU NUNING?!"
TARWAD : "BU NUNING apane...kwe tah nyong ora penasaran oh..kiye PAK BAMBANG guru kesenian nggambar sing bewoke ngglabed"

55. Ketua PSSI
DALBAN : "NYAD kira2 angger kowen ditunjuk dadi ketua PSSI kuwe programe apa?",
WANYAD : "Eh nyong BAN..gyeh wong indonesia kuwe pakel2..digawe pembinaan model kaya apa ya pol-polane paling2 ky kuwe tok..malah duwite tok sing dibadogi..gyeh programe nyong.. nyong pan nekakna cristiano ronaldo,leonil messi, fabregas dll sg hebat2..tak sediakna tlembuk sa peleman gongkon pd nlembuk..angger ana meteng2nge kan anake bisa hebat kaya kae.."

56. Ider Kluban
DARKONAH : "YU KASMI sampeyan ari dagang kluban sih sedina2ne maring endi disit sing rame..ngetan apa ngulon?",
KASMI : "Nyong DAR?..tergantung bengine oh DAR..nyong dolanan dekene bapane bocah disit..tak adegna bar kuwe tak tibakna..angger tibane ngulon ya sekikine nyong ngulon disit..angger tibane ngetan ya nyong ngetan disit",
DARKONAH : "Dih lah ari ngejejer sih pimen?",
KASMI : "Lah kuwe tah alamat sekikine nyong ora dagang oh DAR..
DARKONAH : “Sih bisane?”
KASMI : “ lemes sih.."

57. Jimat Dobol
WANYAD : "Nyong saiki belih percaya jimat2an lah BAN..wis pokoke ora percaya",
DALBAN : "ora percaya pime?",
WANYAD : "kiye gyeh ali2..arane tah watu tundung bawuk..olih2 sg mbah jaliteng..jare ari nggo ngemat bocah wadon..mung gari ngedep2na mata tok langsung ngintil njaluk di keloni..wingi tak coba ning siBEDAH..dudu moni marag malah nyong sing dididoni karo dibagel watu",
DALBAN : "koWen bae sing compong genah siBEDAH matane kiyer..kuwe nang ndarani ngece oh"

58. Tarwad Ngaji
TARWAD : "Aduh tembe ngaji pisan kala ndas bs meleng getih ky kiye PiT",
LUPIT : "Lah nang apa WAD?","Dobol ka ustade..takon kr si Rasto mslh tajwid..TO coba ari nun mati ketemu Ba kuwe arane apa?..iklab Pak Ustad.. bagus..lah saiki kowen WAD..ari Nun mati ketemu Jim kuwe monine pimen..nyong lingak-linguk oh..akhire tak jawab bae..ketemu Jim ya monine tulung2ngan oh Pak wong keweden..lah ka ndase nyong dipletlak anggo tuding penjalin"

59. Poto Nang Dompet
WANYAD : "Bojone nyong pancen keterlaluan ah",
DALBAN : "Lah emange DARKONAH nang apa NYAD?",
WANYAD : "Saben dina angger ora ngudal-ngudal dompet belih penak..sa sak-sake clana dirogohi kabeh.. wingi duwit limalas ewu be tatas nganti nyong ora bisa udud..akhire mau tak kerjani oh",
DALBAN : "kerjani pime NYAD?",
WANYAD : "ning dompet sengaja tak pasangi potone bocah wadon sing nang pesbuk",
DALBAN : "toli DARKONAHE pime NYAD",
WANYAD : "Ngamuk BAN..ngosek kaya jaran lumping.."

60. Merk Sempak
KASMI : "Dar kowen dang nokokna Wanyad sempak, sing awet kuwe merk'e apa sih.. KROKODEL apa SONY..nyong pan nokokna nggo Kang Karmen kayong keder..mbokan cepet bedah..",
DARKONAH : "Halah nggo nyong tah merk ora penting Yu.. mumet-mumeti temen.. sing penting kuwe merk isine Yu.. kudu merk ABC..",
KASMI : "merk ABC sih pimen DAR..",
DARKONAH : "Ya tahan lama oh Yu.. sampe esuk negin agluk-agluk bae..kaya robote Jepang"

61. Ngeneng-Ngenengna
DALBAN : "NYAD kowen dong DARKONAH lagi jengkel cara ngeneng-ngenengakene pimen?",
WANYAD : "Dih kuwe tah gampang oh BAN.. jengkele kaya apa angger nyong wuda klontangan nang ngarepe toli kuwene tak nein pita.. tak tangsangna nang ndas-ndasane model kepang.. toli nyong njoged.. langsung lereb jengkele BAN.. paling2 deweke ngomong njelehi rika tah.. kaplak ka..karo mesem.. "

62. Wong Ayu
WANYAD : "Miki nyong lagi njagong nang Brug..weruh bocah ayu nemen his BAN..embuh anake sapa kuwe..rambute dawa..mlakune bisa kaya blarak sempal..cungure duwur kaya prosotane bocah TK..angger gemuyu BAN..manis kaya gula jawa..tapi ya kuwe barang tak aru2 "nok dih ayu temen..seneng syung nyawange" ka njawabe belih penak BAN..",
DALBAN : "Njawabe pimen NYAD",
WANYAD : "Nyawang gari nyawang ka..kakeyan cocot..tempiling toli modar"

63. Jimat Kebal
WANYAD : "Ndes BAN tolong kepretna nyong ndes",
DALBAN : "His kepretna piben NYAD?!",
WANYAD : "Wis gen.. kepretna..sing rosa nemen",
DALBAN : " Ceplakkk!!",
WANYAD : "Aduhh!! dobol",
DALBAN : "Lah nang apa NYAD, jare gongkon ngepret",
WANYAD : "Dobol .. bisane lara ya..nyong digorohi gyeh!!",Digorohi sapa NYAD?!","Wong dodol watu nang alun2..monine angger nganggo watu kiye "Jimat Kebal" aja maning di kepret.. diiris be ora mempan..dobol pancene ka mangkane seket ewu oh!"

64. Mbojo Tlembuk
WANYAD : "Nyong miki kas takon kr SARWID tukang songgol sg bar penganten anyar kr wadon bekas mangkal his BAN",
DALBAN : "takon pimen NYAD?",
WANYAD : "WID raimu bakute mbojo karo bekas tlembuk sering takon2 ora.. jarene Takon2 pimen KANG…Ya takon2lah rasane berkakase wong pirang2 pimen onong oh..",
DALBAN : "terus jawabe SARWID pimen NYAD..ngamuk ora?!",
WANYAD : "Ngamuk apane.. malah deweke ngomong..nyong wedi sih KANG takon kaya kuwe.. mbokan dadi tukarane..toli minggat.. wong kuwe be ngakaline kangelan ka.."

65. Kapok
WANYAD : "Duh nyong kapok dadi tukang klebet BAN",
DALBAN : "Iya wingi jare kowen dijotos pemain NYAD?",
WANYAD : "Lah kuwe..wong nyong ya ora sengaja..pas lg si DULHADI nggiring bal dewekan pan adep-adepan kr kiper..keleke nyong ujug2 gatel begitu tak kukuri klebete melu keangkat.. lah wasite ka pripit monine siDULHADI gawe pelanggaran kr nodoknane nyong..ya nyong lngsung dijongkongna DULHADI oh monine dobol tukang klebet..raimu disogok ya!"

66. Mendem Berat
WANYAD : "Pancen wong dong wis mendem berat kuwe laka tunggale yah BAN?",
DALBAN : "Nang apa sih NYAD..",
WANYAD : "Nglagani si DAKRUN... wingi lagi ana tontonan nang pinggire dampar...porlah...tak cekeli tapi negin nantang bae karo gemboran...makane nang kono ana polisi oh..",
DALBAN : "Nang apa sih NYAD nglawan polisi?",
WANYAD : "dilah... ari nglawan polisi tah mending... kiye sepur liwat pan dilawan... ya tak cekeli kenceng oh.."

67. Guru Compong
DALBAN : "Nyong ka eram.. si WARMAD bocah mblatang kaya kae bisa dadi guru yah NYAD..",
WANYAD : "Lah raimu tembe ngarti..wingi si WARMAD cerita karo nyong..jarene bar ngedu muride nang gudang sekolahan..",
DALBAN : "Lah bisane?",
WANYAD : "Ya ceritane si WARMAD weruh muride tukaran nang kelas..diundang toli digawak nang gudang sekolahan..diadu sisan gongkon gelut..akhire brat bret brat bret.. barang kepala sekolahe weruh apen2 dikandani..compong belih?"

68. Nambah Kuat
DALBAN : "NYAD matane nyong ka selak suwe radan nggliyer yah NYAD..ndeleng apa2 radan bureng.. ",
WANYAD : "Eh goblog.. kuwe tah brati bagus oh..",
DALBAN : "Bagus pimen NYAD?!!",
WANYAD : "Gyeh BAN tak warahi ya..mata angger semakin bureng kuwe permainan sex-ke smakin kuwat ngarti..semakin suwe bisa nganti 3 jam..",
DALBAN : "ih loke NYAD?",
WANYAD : "Iya yagin..Gyeh.. ora gongkon suwe pime wong nggo nggoleti bolongane be bisa nganti 2 jam setengah dewek..",
DALBAN : "sikah.."

69. Ngecet Jenggot
WANYAD : "DAR daning jenggote nyong ngejejer kaku nemen kaya kiye",
DARKONAH : "Dih iya..nang apa sih KANG..bisane nganti kaya kuwe.. ",
WANYAD : "Wong nyong jawane miki tiru2 si Imam Wartawan ka..tak deleng.. Mam bisane jenggote kowen warnane abang.. jarene Imam tak cet bol.. sunnah ngarti.. dadi nyong kiye ilon2 DAR.. jenggote nyong tak cet",
DARKONAH : "Lah rika ngecete anggo apa?",
WANYAD : "Nganggone AVIANT..",
DARKONAH : "Lah ya bener bae oh Kang..cet tembok nggo ngecet jenggot"

70. Dadi Dukun
DALBAN : “NYAD kowen ngarti kabare siUdin jigrag?",
WANYAD : "Ora..nang apa sih?",
DALBAN : "Jare ng Jakarta saiki dadi paranormal",
WANYAD : "Paranormal dukun BAN…",
DALBAN : "Iya..kaya ki joko bodo",
WANYAD : "ih loke.. wong kecinge mbang kana2 ka dadi dukun.. kue nang mbebodo pasiene oh..gyeh raimu ngandel ora..jaman smana deweke lg ngising enak2 ng plowen..ujug2 weruh ana wong layad nggawak katil..deweke lgsng mencolot bae,kamigilan,mlayune sipat kuping nganti taine kecret"

71. Gentenan
DARKONAH : "Aduhh KANG.. KANG.. pegaweyan akeh nemen kaya kiye ka yah.. direwangi ya kena oh.. aja pintere mung njagong..medang kr udud thok..nyapu2 tah apa..",
WANYAD : "Hei DAR..raimu dadi wong wadon kuwe sing ikhlas..wong wis ana bagen2ne ka..kuwe kan pancen kewajibane kowen oh..apa pan gentenan..nyong sg nang umah..umbah2 kr temandang..kowen mana balapan kar o bangsane Rasbun, Gawir, Rambat adang2 wong luruh bibit bawang..syu gyehh!”

72. Lunga Adoh
WANYAD : "Nyong ka keder angger pan lunga2 adoh his BAN",
DALBAN : "Lah sih bisane?",
WANYAD : "ingon-ingone nyong dara karo ayam.. laka sg makani..",
DALBAN : "Lah DARKONAH belih bisa?",
WANYAD : "Justru kuwe si DARKONAH nokokna dara karo ayam kuwe maksude eben nyong ora bisa lunga2..dimain tanggung jawab..gara2 wingi nyong ora balik nganti rong dina..",
DALBAN : "Lah raimu sg endi NYAD? nganti rong dina ora balik",
WANYAD : "Sssttt aja rosa2.. nginep nang rangda Jagalempeni Bol"

73. Juara Marathon
DALBAN : "Kowen gemiyen persaku tau juara maraton lintas desa yah NYAD","
WANYAD : Iya waktu kue saingane mung siDARSONO..tp saprene ana rahasia koen aja kanda2 ya",
DALBAN : "Rahasia apa NYAD?",
WANYAD : "Gyeh nyong kan asline gongkon ngungkuli DARSONO ora bisa..akhire nyong ngongkon DAKRUN oh.. tanda arah sg nang pertelon DEMELING sg kudune menengen tak kongkon ngrobah ngiwa..lah siDARSONO sing wis leceng nang ngarep nggesrak maring kuburan..nyong nyelip belih?..”

74. Dikerjani
WANYAD : "Dobol ka bocah2 cilik..wong lg kesel2 ka dikerjani",
DALBAN : "Dikerjani pibe NYaD?",
WANYAD : "Lagi njagong enak-enak liren nang brug.. cangkem ngelake por, pengin tuku es ora gableg duwit blas.. barang ndeleng mengisor ana mangewunan..ya sonder lingak-linguk tak tugrup bae oh..lah ka duwite geser..tak tugrup maning..geser maning..nganti ping lima gesar geser bae..lah ka ujug2 bocah cilik telu cekakan mlayu karo nggered duwite anggo benang..asu..asu"

75. Narang Bawang
WANYAD : "DAR kiye pring pating crongat ning kamar pan nggo apa?!",
DARKONAH : "Pan nggo narang bawang KANG!",
WANYAD : "Raimu kira2 oh DAR narang bawang ning nduwure peturon.. goblog gyeh..",
DARKONAH : "Lah ning endi maning KANG..wong liyane pada bocor",
WANYAD :"Toli nyong turune pime DAR?! raimu luwih melas bawang yah daripada enyong..",
WANYAD : "Ya karuan lah KANG..narang bawang toli bisa dadi duwit..daripada narang rika.. paling2 nang dadine gembus.."

76. Pengin Meteng Maning
DARKONAH : "Dih nok wetenge olih pira sih bisane nggendayur nemen kaya kuwe.. delat maning nang babaran oh belih..? nyong ya pengin nemen nok bisa meteng maning kaya kowen..Ya Allah Gusti paringana wetenge nyong bisa kaya bocah wadon kiye",
BOCAH WADON : "Yu.. nyong kiye dudu meteng.. miki kas dipriksa doktere..jarene monine nyong kenang tumor",
DARKONAH : "Halahh tobleg..!!..belih sidalah.. belih sida.. ya Allah Gusti..dongane nyong tak tarik maning lah ….."

77. Holiday
DARKONAH : "KANG tangi KANG! wis awan ka ora tangi2.. banjur sisan toli wis.. berase entek gyeh, lenga tanah ya entek..cepet tangi",
WANYAD : "Aghhh..raimu ka ribut bae sih DAR..belih ngarti kiye libur apa.. holiday2x..ngarti! ",
DARKONAH : "Holide2x!.. holide apa…holide tah nggo wong sing pegawe oh, rika kantore be ning ngisore wit asem.. kanda holide..dina kiye mangane pime?!",
WANYAD : "cocote ribut bae sih DAR ah! Bangset gyeh…gaeh wis mana njukut ndog nang petarangan .. kuwe mengko durupna disit karo ponggole Yu Sariah..nyong pan nutugna turu…syu gyeh…"

78. Mbebodo Pulisi

DALBAN : "Kayong slebore anyar NYAD..bisa kaya ABRI?",
WANYAD : "Genah miki polisi be tak bebodo ka BAN",
DALBAN : "Sih dibebodo pime?",
WANYAD : "Bar bae miki nyong balik sing Brebes..nang kolok watu ana operasi..nyong klalen ora nganggo helm tapi nyong kalem bae..begitu pripit distop nyong labas..lah ka dikejar..barang tekan iringane nyong polisine ngomong minggir dulu Pak..ya tak jawab yah.. maaf Pak saya juga anggota loh..lah ka polisine nglius balik maning ora sida nilang”

79. Kartini-nan

DALBAN : "Sing endi NYAD daning megap2 karo glopot kaya kuwe",
WANYAD : "Aduhhh..ngojek antar jemput guru2 sing salon tekan sekolahan BAN..wis olih limang rit..lah sing terakhir Bu Lastri.. wong bobot ora kira2 telung kintal ya.. nganggone gelung karo tapih..motore nyong nganti mendul2 ora karu2an..diboncengna ka cangkeme merceka bae ngejak ngobrol.. karo ngitik2 nyong..ya ning ngarep ana jeglongan nyong ora weruh oh..nggesrak BAN rubuh.. nggesrak nang comberan"

80. Bajak Laut

DALBAN : "Pime donge NYAD loke negara ngadepi bajak laut SOMALIA be ora bisa..jarene duwe kopasus..jarene duwe kapal selam bisane nganti pirang2 dina ky kiye ora ucul2..melas bojone ABK sg dsandera pd ketar-ketir oh",
WANYAD : "Halah kayong ora ngarti bae kowen BAN2x.. wis angger perkara laut aja takon jegod....Indonesia jagoan laut tah gemiyen oh jamane nenek moyang.. lg durung akeh korupsi..saiki..diedek2 nelayan Malaysia be ping pira bae.. ya mung meneng.."

81. Dolan Surabaya

WANYAD : "Mlaku2 nang Surabaya dibebodo kanca tok BAN",
DALBAN : "Dibebodo pime NYAD",
WANYAD : "Jarene si KARTOLO kancane nyong monine nang Surabaya kuwe angger pan olih kenalan karo bocah wadon kuwe kudu nganggo pantun..toli nyong diwarahi pas ana bocah wadon klambine abang..nyong gongkon nirokna si KARTOLO monine ka kaya kiye..Jombang Dek..Nganjuk Mas..Klambi abang Dek..Ngencuk Mas..Lah ka nyong dibalangi bata tugelan grotakk jarene dasar cangkem gak sekolah.."

82. Beyak Rambut
WANYAD : "DAR jare kowen keprimen sing apik kuwe rambute nyong kudune beyak pinggir apa beyak tengah .. eben katon tambah gagah DAR..",
DARKONAH : "Halah KANG2x rambut wis model kaya cungkir ya kaya cungkir dapak-apakna ya tetep mecucu.. kaya wudun pan mecah.. wis genlah..ora susah dimodel2.. benyak tengah beyak tengah nggo apa mentakan kaya silit..",
WANYAD : "Eeh wadon dobol yah.. dejak diskusi ka omongane srang-srangan.."

83. Tlembuk Rapat
WANYAD : "BAN nyong miki lg ngurus KTP ng kecamatan..weruh wadon2 pd anggo rok cekak kumpul ng pendopo..rapat",
DALBAN : "ih loke NYAD rapat anggo rok cekak?",
WANYAD : "Genah iya..toli nyong takon kr camate kuwe wadon2 sapa..monine tah rapat pengarahan tlembuk2..",
DALBAN : "Ohh..dadi tlembuk NYAD, ya bener bae",
WANYAD : "Toli nyong takon maning BAN..Pak kae sih sg lg pidato tlembuk sg srg mangkal ng endi Pak..Lah ka camate dugal..sikah! kuwe tah bojone nyong oh!

84. Sabuk Mbetat
TARWAD : "Aduhhh miki ng sekolahan rasane bisa isin nemen his Pit..",
LUPIT : "Nang apa sih WAD?",
TARWAD : "Pelajaran kesenian gongkon nembang nang ngarep kelas karo digitari.. nyong nembang lagune UNGU.. nyong semangat nemen apamaning nembang ng ngarepe Nursekha.. tp lg enak2 nembang.. nrokcok ujug2ka ndas-dasane sabuke nyong betat..ya tiba oh nganti moni klotak 5x.."
LUPIT : “Dih iya… isin oh WAD",
TARWAD : "Ora isin maning .. secara wong Jakarta ngomong kuwe.. monine nyong tengsin berat.."

85. Kawasaki Standar
WANYAD : "BAN koen ngarti ora.. jebule Kawasaki Ninja 250R sg standar dibandingna kr Yamaha Vega kue kalah adoh his BAN..luwih leceng Vega",
DALBAN : "ih loken..ya ora mungkin lah NYAD..Ninja sg kaya dekene Janu oh ya",
WANYAD : "Iya..",
DALBAN : "Bisane NYAD wong nyong weruh dewek.. angger si JANU numpak ninja bisa seyak2 kaya kae..loke kalah kr Vega",
WANYAD : "lah kuwe tah Kawasaki Ninja sg lg mlayu oh Bol.. kiye sg standar",
DALBAN : "eh dobol NYAD sg lg standar tah karuan oh"

86. Ditawan Polsek
DALBAN : "Kowen jarene ditawan nang kantor polisi NYAD",
WANYAD : "Iya BAN",
DALBAN : "lah bisane?!",
WANYAD : "Lah pibe maning arane be replek",
DALBAN : "Replek kepime?",
WANYAD : "Ya wong lagi ana rame2 nonton tabrakan ng gili..critane sg nonton pd ngereg..dilaruhi angel..akhire dtempongi siji2 kr polisi gongkon minggir..lah nyong ora idep ora weruh ka melu ditempong..dudu moni apa2..wudun telu ng bokong bisa mecah kabeh..ya smelete por2an oh..nyong replek polisine tak tempiling"

87. Bandeng Presto
WANYAD : "Kowen paham Rasmani wandu BAN?",
DALBAN : "paham nang apa sih..
WANYAD : “wingi lagi numpak motor bisa apik nemen syung..",
DALBAN : "Sih bisane?",
WANYAD : "Lah motor bener2 ban'ne waras ditumpaki rasmani bisa kaya kempes.. ari numpak awake bisa pengkelang-pengkelung..lenjeh nemen.. awak bisa kaya bandeng presto..",
DALBAN : "His kaya kae mbuh apa tau dadi PASPAMPRES oh..",
WANYAD : "Ih loken?",
DALBAN : "Iya Pasukan Pemakan Bandeng Presto...wkkkkkkkkkkkk"

88. Randane Teroris
DALBAN :"Heh NYAD.. ana rangda. anyaran gyeh..ayu temenan..",
WANYAD : "Nang endi BAN.. parani yuh..!",
DALBAN : "Gyeh miki enyong jare wartawan Imam.. sing tas liputan 3 dina nang Cerbon.. Bojone Syarip NYAD..",
WANYAD : "Syarip sing ngebom BAN.. e.. eh.. dobol yah Imam.. wong tugas ka ngiras-ngirus ngerek2 rangda.. lah ari kwe tah enyong sungkan.. turahane teroris"

89. Jenate Mertua
WANYAD : “Angger kelingan jenate mertua..kadang ana gemuyune.. kdng ana dugale BAN",
DALBAN : "Sih bisane NYAD?",
WANYAD : "Lah critane mriyang gedibagan.. wetenge nguling2.. wong saumah panik kabeh..njaluke dater nyong maring mantrine bae..akhire tak tumpakna becak.. lah ning dalan ka mencolot kr ngompas nyong.. NYAD duwit sg pan nggo suntik ng mantrine meneh.. Lah lah.. Bapane pan maring endi..nyong pan ngejak Su'inah pan nonton nang Subur"

90. Khadast Kecil
DALBAN : "Nyong ka eram NYAD",
WANYAD : "Nang apa BAN?!",
DALBAN : "Bisane dong nang terminal bayare nguyuh karo bayare ngising kuwe pada bae yah.. kudune nang larang ngising oh.. wong ari ngenteni be bisa sa uwen2",
WANYAD : "Lah kowen ka eram..pengin ngarti gyeh.. wong kuwe pada2 hadast kecil dadine bayare pd bae.. angger sing luwih larang kuwe hadast besar..contone kowen ngguwang umbel ngisor nang panti pijet.. kuwe bayare mesti luwih larang.."

91. Saben Jaran
WANYAD : "Kaget nyong BAN.. wingi lagi numpak motor maring Tegal toli mengidul.. jebule wong sa benjaran wuda kabeh...",
DALBAN : "kowen ngimpi apa NYAD",
WANYAD : "Yagin syung wong genah iya..sa benjaran wuda kabeh..",
DALBAN : "Ah.. sing bener bae..",
WANYAD : "Ehhh.. kowen belih percaya..?",
DALBAN : "ya oralah..",
WANYAD : "gyeh.. saben jaran nang wuda kabeh oh belih..",
DALBAN : "eehh.. dobol..ari kuwe tah iya karuan.."

92. Banyu Larang
WANYAD : "Semlarat2-te wong ng Jakarta pancen tetep pd boros yah BAN?",
DALBAN : "Sih bisane NYAD?",
WANYAD : "Koen ngarti si Karmen sg jarene ngojeg ng Tanabang.. ",
DALBAN : "Iya paham",
WANYAD : "Wingi kan balik tak jaluk traktirane..lah ka jawabe..Aduh NYAD.. gue lg kagak gableg duwit nih..lagian klo mangsit..kemaren gue barusan buang2 aer.. jare nyonge ape lo kate kagak gableg duwit tp buang2 aer..aer di sana kan mahal kok dibuang2 mandi sm ngising aja 3000"

93. Adus-adusan
WANYAD : "Aduhhh sing arane mantri irigasi dadi wong ka waduke ala nemen yah BAN",
DALBAN : "Nang apa sih NYAD?",
WANYAD : "Mau nyong diaruh-aruhi bocah2 cilik gongkon melu adus-adusan ng pintu pengairan.. ndelengna bisa mengini nemen.. akhire nyong langsung ucul2 melu nggebur oh.. inggek kr bocah2.. Lah barang mentas..nggoleti klambi karo clana ka langka..dobol jebule dumpetna mantrine.. ya nyong balike mindik2 kr nutupi plakangan oh.

94. Ngerek Bendera
TARWAD : "Isin nemen syung Pit, nyong mau nang sekolahan",
LUPIT : "isin nang apa WAD",
TARWAD : "Dikongkon dadi ptugas upacara dadi pengerek bendera..lg enak2 ngerek ngepasna Indonesia Raya ka ujug2 sabuke nyong betat..ya clanane nyong mlorod oh..wong laka kancinge.. makane ora sempakan belih",
LUPIT : "terus upacarane pimen WAD",
TARWAD : "Ya sementara liren disit oh..wong benderane melu2 kengsreh..sg isin maning guru2 pada ngomong..dih WAD daning wis nggambreng ky kuwe"

95. Shoting
WANYAD : "BAN miki lg nyong numpak motor weruh ana wong lg shoting ng dalan.. nyong langsung mandeg oh..pengin weruh bintang pileme..tapi tak implang-impleng daning langka..akhire nyong takon oh kr sg nyoting sg nganggone Helm..Mas lg shoting yah..kiye pileme lakone sapa Mas",
DALBAN : "Terus jarene lakone sapa NYAD?",
WANYAD : "Wong jawabane kaya kiye ka..shoting2 nyaimu.. belih weruh nyong panas2 lagi ngukur dalan apa yah..syu gyeh!"

96. Kepedek Dewek
DALBAN :"Nang apa daning ngegang karo sarungan kaya kuwe NYAD?!"
WANYAD : "hessss...aduh duh duh duh duh....nyong pan maring dokter Ban"
DALBAN : "His...emange kening apa kuwene..?"
WANYAD : "Bagregkka ka si Darkonah..wong lagi enak2 ngising kr nglamun ka ujug2 lawange dideblag bae..ya nyong kaget belih..mumbul..lah dekene nyong kan ndlawer... lah kiyene nyong kepedek sikile nyong dewek..."

97. Melu Mumet

WANYAD : "Duh..mumet..mumet..nyong melu2 mumet BAN",
DALBAN : "Mumet nang apa NYAD",
WANYAD : "Si DAKRUN..telung dina ora balik..si WASRI bojone DAKRUN ngocogi umahe nyong ari nggayami enak bae..monine ka gaeh RANGDA LASTRI sg dadi sepupune kowen..ben aja nggoda si DAKRUN bae ya!!..Lah nyong salah apa..si Dakrune dewek wingi njaluk tulung kr nyong ben tetep bisa mlaku karo LASTRI..gyeh sogokane be handpone..sih pimen"

98. Milih Randa

DALBAN : "Gyeh NYAD angger kowen dikongkon milih.. misale ana rangda loro..sg siji bekase wong pelayaran..sg siji bekase priyayi..kowen milih endi NYAD?","
WANYAD : Ya jelas milih wong pelayaran oh Bol",
DALBAN : "Sih bisane..?”
WANYAD : “masalahe ya jarang denggo oh..gyeh ibarat motor second kuwe angger bekas dekene pegawai..sg nganggone mung bolak-bolik umah kantor umah kantor thok..kuwe akeh sg rayahan..tapi angger bekase tukang ojeg..ya regreg oh"

99. BPD

DARKONAH : "Dih ‘Ah, kowen ayu2 kaya kuwe bisane gelem dadi bojone RASDIM sih",
WARO’AH : "Dih lah Yu wong jebule tipu alus ka.. nyong belih ngarti sih yah..wong nyong awit cilik mula2 cita-citane pengin olih bojone mengko pegawe BANK",
DARKONAH : "Lah terus",
WARO’AH : "Lah iya..KANG RASDIM lagi pertama kenalan kr nyong ngomonge Pegawe BPD sih yah..tak kira sih BANK PEMBANGUNAN DAERAH..ya nyong gelem oh..cungkring2 mbuh apa..tapi jebule ka pegawe BADAN PERWAKILAN DESA"

100. Sega Goreng Cirex
WANYAD : "Mau nyong numpak CIREX BAN..jawane tah pengin nyacak sega gorenge..akhire pesen..sg nglayani ayu..apa kuwe sg arane Pramugari yah BAN",
DALBAN : "Iya oh pramugarine sepur..trus pime",
WANYAD : "Iya kue mau bar tak badog kan ditagih..nyong kaget dih daning larang temen Mba..wong sega goreng ng Man Radi be ora tekan semono ka..lah ka pramugarine ngamuk..jarene gyeh Mas ari pengin murah..mana sampeyan mangane mencelat bae luruh ng njaba"

Tidak ada komentar: