TULISAN-TULISAN BUAH KARYA BUPATI BG (BREBES GEMUYU) .... SEMOGA BISA MENGHIBUR .....

Senin, 30 Januari 2012

100 BALADA WANYAD & DARKONAH IX

1. POLISI PILEG

WANYAD: "Haduh udan-udan nang prapatan macete bisa kaya kae nemen his BAN..nyumpel ora karu-karuan.."
DALBAN: "His bisane sih..ader laka polisine sing ngatur?"
WANYAD: "Apa.. wong polisine pada minggir kabeh ka.. miki enyong ketemu Briptu Juma'in sing nang lantas.. motore digesrukna nang warunge Si Nur ya tak omong oh yah...Ndan pimen kae prapatan macet daning rika enak-enakan moci karo mangan gorengan kaya kuwe..lah ka jawabe.. Kowen belih ngarti cuacane udan apa yah.. angger enyong pileg raimu pan tanggung jawab NYAD?"

2. SPRING BED
WANYAD: "Aja ketema ketemu kowen BAN...wong kridit kuwe pancen rekasa nemen.."
DALBAN: "Bisane sih NYAD.."
WANYAD: "Nrokcoka...miki enyong lagi turu enak-enak nang springbed...ora sonder permisi dijeglidagna bae...ya enyong tiba nggempulung oh...springbede digawak maning karo tukang kredit.."
DALBAN: "Lah sih bisane.."
WANYAD: "Wong nyong jam 3 tembe turu..dadi jam sepuluh durung tangi..belih krungu ana wong ribut-ribut...jebule DARKONAH ribut karo tukang kredit...wis telung wulan durung setor kridit spring bed...ya anak buahe loro langsung nggotong bae spring bed sing nang bale belih..nyong lagi turu langsung diwalik bae...dobol...dobol..."

3. MANUK SIKATAN
WANYAD: "Wonge liwat mene belih BAN.."
DALBAN: "Sapa NYAD?"
WANYAD: "Miki wong sing adol manuk liwat mene ora.."
DALBAN: "Laka-lakane wong adol manuk liwat mene..nang apa sih..toli kowen nggawak kurungan pan nggo apa.."
WANYAD: "Asyem..wonge tah gayane jakartanan..nggawake kurungan kiye..jarene mobile macet nang kene..kentongan duwit nggo tuku bensin..lah kuwe nggawake manuk, ditawakna enyong..monine bisa apik nemen..cuwat cuwit cuwat cuwit..jarene cucak rowo..njaluke tah sajuta..ya enyong percaya yah"
DALBAN: "Toli kowen tuku..?"
WANYAD: "Ya kiye tak danyang akhire olih 300 ewu..nganggo duwite DARKONAH..tapi dobol asyu kere edan ka..enyong ketipu"
DALBAN: "Ketipu pimen.."
WANYAD: "Barang wonge merad jebule manuke ora moni moni acan..akhire tak buka belih krodonge..tak deleng nemen-nemen..asyu ka jebule manuk sikatan sewiwine dicet...."

4. POLISI NEGRO
WANYAD: "BAN miki enyong lagi mlaku-mlaku karo DARKONAH nang TEGAL, weruh wong negro ireng menges ndase bisa gundul mentolos nemen kaya watu ireng..si DARKONAH nganti guya guyu bae..kayane tah wong indonesia bagian wetan.. "
DALBAN: "Sih guya guyu nang apa NYAD?"
WANYAD: "Guya guyu karo ngomong.. Kang Kang.. kuwe menungsa gemiyen lagi gawek adonane keprimen yah Kang.. kurang micin apa yah..laka sedepe acan-acan..lah jarene enyong.. sedep tah nomer pitu likur DAR.. sing penting kiyene gyeh.. bondele bisa samene.. salengene enyong..ih loken Kang..lah lagi ngrasani enak-enak ka wonge marani.."
DALBAN: "Marani sih pan apa NYAD?"
WANYAD: "Marani karo jengkel.. Heh! raimu pada ngrasani enyong yah.. Syu gyeh! enyong nang kene dines nang POLRES wis patang tahun paham..prangasane enyong ora ngarti sing domongna kowen apa..tak borgol toli ladas..ya enyong langsung nggered DARKONAH ngenceg leceng belih..dobol ah jebule polisi.."

5. KOTOK AYAM
DALBAN: "Pan maring endi NYAD, magrib-magrib daning kayong gugup nemen kaya kuwe..."
WANYAD: "Motore enyong BAN..motore enyong.."
DALBAN: "Motore kowen kepriben.."
WANYAD: "Mau lagi jam lima disilih si DARPIN.. jarene kiye miki ngosek nang prapatan nabrak leneng.."
WANYAD: "Si DARPIN adine DARKONAH sing matane tomprong NYAD..?"
WANYAD: "Iyaa.. Dobol ka mangkane tembe setoran ping papat kiye oh...aduh.."
DALBAN: "Lah kowen nang paham oh DARPIN penyakite kotok ayam..bisane disilihi..kiye nang mestine wayahe rep matane ramyang-ramyang..dadi ana kentor belih weruh...toli si DARPIN'ne jare pime NYAD...ora papa..?"
WANYAD: "enyong ora mikiri si DARPIN BAN..Sing penting kiye motore enyong, si DARPIN tah pan modar mbuh pan mojed enyong ora urusan..."

6. SLAMPE BALENG
WANYAD "DAR, remu apa-apanan sih DAR..bisane slampene enyong mambu baleng lecit nemen kaya kiye..."
DARKONAH: "Pimen sih KANG?"
WANYAD: "Piman pimen wadukmu ndobrol.. kowen ngarti ora mau..lagi enyong nglondok awan nang warung rujake Si Nur.. ngrogoh slampe pan nggo ngelap cangkem.. barang pan ngelap..Dobol mambune bisa ora kira-kira.. enyong glogakan.. nganti rujak sing wis nang weteng bisa metu kabeh.. kiye slampene enyong dapakna dongen.."
DARKONAH: "Lah rika bae..genah slampe lagi digletakna nang ember dicekut bae.."
WANYAD: "Tapi bisane mambu baleng lecit nemen kaya kuwe..ora sebaene.."
DARKONAH "Lah pimen Kang.. genah lagi laka-laka duwit.. tamune enyong anjog.. wingi enyong keder oh.. pan tuku softex lingak-linguk.. ya sementara slampene rika disit sing nggo tadang.."

7. MOTOR ILANG
WANYAD: "BAN, kowen krungu belih.. jarene motore lurahe ilang.."
DALBAN: "Ora NYAD,..dih sapa sing wani-wanine nyolong motore lurahe..toli ilange nang endi..lapor polisi apa ora.."
WANYAD: "Jarene tah ora lapor polisi ka BAN.. lurahe ikhlas .."
DALBAN: "Dih apik temen yah Pak Lurah dadi wong.."
WANYAD: "Dudu moni apik.. Wong Pak Lurah kuwe wedi angger lapor polisi mengko berkas laporane kewaca Bu Lurah.."
DALBAN: "Dih sih bisane wedi karo Bu Lurah nang apa..wong dasare pancen ilang nang ilang oh sih pimen.."
WANYAD: "Iyaa..kuwe tah soten angger ilange nang Balai Desa..wong kiye ilange nang tempat..lagi ancul-ancul karo demenane.."

8. SIKIL DEGLAG
DALBAN: "NYAD, mene gen.."
WANYAD: "Ana apa BAN?"
DALBAN: "miki ana wong wadon ayu nemen nggoleti wong sing arane IWAN apa WAWAN yah.. pokoke WAN WAN onong lah.. Jarene wingi lagi nang alun-alun deweke numpak motor nenggor wong lanang kuwe..ya kuwe sing arane WAN WAN onong.. WAWAN apa IWAN yah.. Lah kiye mene pan nein duwit 500 ewu nggo tamba.. Lah berhubung nang kene laka wong sing WAWAN atawa IWAN ya nyong keder yah..akhire tak domong bae laka sing arane WAN WAN kuwe.. Akhire bocah wadone balik.."
WANYAD: "Apa!!.. Raimu sing bener bae BAN.. Kowen belih weruh gyeh sikile enyong deglag kaya kiye.. Kuwe bocah sing nenggor enyong lagi wingi ngarti!!.. Wingi semaya pan maring umahe enyong pan tempuhan..enyong ditakoni arane sapa..nyong pan semaur WANYAD kayong ketara temen aran kuna.. akhire tak jukut bae ngarepe WAN kaya kuwe.. WAWAN Mbak... raimu wis bergaul taunan karo enyong ka belih paham-paham sih BAN...syu gyeh..aduh..!! Tekor daratan kiye tah.."

9. KOMPOR NJEBLUG
DARKONAH: "Nang apa sih KANG, ditinggal wong wadon sedelat ka bisa gemuyu lata-lata kaya kuwe.."
WANYAD: "Lata-lata waduke..sing gemuyu kuwe sapa dobol! Nyong kiye gemboran njerit-njerit syu...nrokcok kowen yah..ninggal wong lanang lagi turu ka lawang dikunci sing njaba.."
DARKONAH: "Lah bisane njerit-njerit nang apa sih Kang.. Wong tak tinggal sedelat tok be ka.. nglinter mono maring warunge si Rasno pan luruh kemiri nggo njangan asem..wong rikane turu nang dadine lawange tak kunci oh..mbokan ana wong mlebu nggotong tipi.."
WANYAD: "Dobol kowen yah..pan mateni wong lanang dasare ka...gaeh delengna kompore njeblug...enyong turu nganti kaget nemen..barang weruh geni mulad-mulad nyong langsung pan metu ora bisa-bisa..dobol pancen kowen ka.."

10. PRAGAWATI
DARKONAH: "Kang enyong dong ndelengna wong sing mogal-magel karo mlaku sing mamerna klambi ning panggung toli dipotoni cekrak-cekrek..sing arane apa kae Kang, pra..pra..pramugari yah.."
WANYAD: "Pramugari waduke..kuwe nang pramuwisma oh blog.."
LUPIT: "Pragawati Bapane.. o'on juga gyeh.."
DARKONAH: "Ya kuwe bener si Lupit Kang.. Pra.. pra pragawati.."
WANYAD: "Ya emange nang apa DAR.."
DARKONAH: "Ora.. angger enyong ndaptar dadi kaya kae kira-kira pimen Kang... olih-oliya nggo tambah2 nempur.."
WANYAD: "Enyong tah olih-olih bae DAR, tapi apa kowen diterima..kae tah sikile pada mulus-mulus oh..putih-putih..raine be pada bening bening..lah kowen sikile be boleng nemen kaya kuwe bisa kaya pendeman boled..nang wartawan sing pan pada mokrek keder oh.. kowen kiye pantese denggoni karung goni DAR..kaeh dadi anak buahe Tarzan sing auoooooo..kaya kuwe Paham..?!"

11. DADI WASIT
WANYAD: "Nyong gemiyen tau dadi wasit bal-balan BAN.."
DALBAN: "Lah iloken, jegod kowen NYAD?"
WANYAD: "Lah ya cerem nemen..nyong tah wis tingkat propesional oh BAN.."
DALBAN: Pentol yah..toli kowen gelem disogok ora NYAD.."
WANYAD: "Amit-amit jabang bayi..ya jelas enyong ora gelem oh..wong dipilih dadi wasit kuwe modale kudu adil..adil..dadine dipercaya..kaya enyong gyeh..wong waktu kuwe nang turnamen agustusan pertandingan antar blok, enyong pan disogok carike eben bloke carike menang be enyong ora gelem..tutug enyong ora gelem.."
DALBAN: "Lah lawane sapa NYAD?"
WANYAD: "Lawane bloke lurahe BAN..Klampok Kulon..lurahe ya wanti2..jarene angger bloke lurahe nganti menang enyong pan didadekna lebe karo lurahe.."
DALBAN: "Toli kowen gelem NYAD dirayu kaya kuwe..toli akhire sing menang sapa NYAD?"
WANYAD: "Wis enyong ora gelem mikir sing kaya kuwe kaya kuwe BAN...nggo apalah..nggo apa..sing tak pikir kuwe antarane duwite carike sing rong atus ewu karo jabatan lebe ya mesti mending dadi lebe belih BAN..bloke lurahe akhire menang 2-1..wis off side off side mbuh apa.."

12. GURU GALAK
LUPIT: "Kowen lagi wingi ditempiling karo Pak Sodirin nang apa WAD..toli mau awan bisane si To'ip sing ditempilingi?"
TARWAD: "Pak Sodirine bae dadi guru galake por-poran..paling-paling mlorodna roke bocah wadon be enyong dikepret..asyem syung..akhire enyong mau bales dendam oh.."
LUPIT: "Bales dendam pimen.."
TARWAD: "Mau lagi Pak Sodirin kebletengan ngising nang wc-ne sekolahan..kan clanane disampirna nang lawang..tak lorod bae toli tak gawak mlayu..lah Pak Sodirine kepreh-kepreyan mbuka lawang toli ngejar karo gemboran..ya dadi tontonan wong oh..wong gedabelan..lah clanane tak balangna nang si To'ip... Barang ngarti clanane nang Si To'ip, si To'ip langsung di ceweng karo dikamplengi nganti meret nemen..."
LUPIT: "Ohhh dadi kejadian lagi awan kuwe asline kowen WAD.. Melasi si To'ip oh dadi kesasaran.."
TARWAD: "pambelih temenka.. eben Pak Sodirin dibedil sisan bae karo Bapane si To'ip sing dadi ABRI.. anake dikamplengi nganti kaya kae..ari enyong tah wis wareg.."


13. NGONCOGI
DALBAN: "Sing endi NYAD..daning kayong katon gagiyanan kaya kuwe..l
WANYAD: "Sing sekolahan TK Ban.."
DALBAN: "His sing sekolahan TK sih tas apa?"
WANYAD: "Ora kiye enyong pan balik disit pan njukut gobang.."
DALBAN: "Gobang pan nggo apa..pan nggo meclasi kayu..?"
WANYAD: "Meclasi kayu waduke..kiye si DARKONAH..wis seminggu ka senenge bolak balik antar jemput ngaterna ponakane sekolah TK bae..enyong nganti ora durusi ora apa..ya tak susul belih.. bagreg ka..barang tak susul nemen-nemen jebule si DARKONAH lagi dolanan geyongan karo wong adol otok-otok..asyu teles belih..ya kiye pan tak peclas ndase oh..tumanka.. dengaren sih saben esuk kayong semangat nemen.."

14. SARUNG BEDAH
WANYAD: "DAR, enyong kan wis kanda kiye sarung didondomi.. bisane dijor klower kaya kuwe..dadine miki enyong jum'atan batal oh nggayami bocah cilik-cilik.."
DARKONAH: "Eh iya Kang, klalen syung.. Sih bisane nggayami bocah-bocah cilik..kepriben kuwe Kang"
WANYAD: "Kepriban kepriben..kiye gara-gara kowen..pengak pancen kowen ka..kowen ngarti ora mau lagi pas ruku nyong krungu suara kikikik kikikik kikikikkk wong cekikikan.. ya enyong penasaran oh karo ndungkluk tak deleng memburi..lah ka jebule bocah-bocah cilik ora pada sembayang tapi pada ngrubung nang mburine enyong kabeh.. Ana apa eh.. barang tak rogoh memburi..dobol belih..jebule kiye sarung negin suwek...ndoge enyong nganti kawer-kawer nggo tontonan bocah cilik-cilik..ya tak begis oh.. Bagreg ka.."

15. JEMPOL SIKIL
Wanyad: "Nyong tembeke ngarti syung BAN.."
Dalban: "Tembeke ngarti pimen NYAD?"
Wanyad: "Iya..tembeke ngarti, bisane Kaji War'an kuwe bojone ayu nemen.. Padahal Kaji War'ane kaya kae ora peta kolor.. karo wit asem be gagah wit asem.."
Dalban: "Sikah, lah sih bisane Nyad?"
Wanyad: "Kowen nang paham oh ya, ukurane barange wong lanang kuwe diukur sing jempol sikile.."
Dalban: "Iya..nang apa sih.."
Wanyad: "Miki lagi jum'atan.. enyong iring-iringan karo Kaji War'an lah barang tak deleng mengisor..dih dih dih lah.."
Dalban: "Nang apa NYAD?"
Wanyad: "Jempole BAN.. sauleg-uleg.."
Dalban: "ih loken NYAD.."
Wanyad: "Iya..wis kuwe ngerti ora kowen BAN.."
Dalban: "Keprimen NYAD?"
Wanyad: "ya kuwe.. jempole wis gede dawa..lekuk telu maning bisa kaya keris.."

16. ANAKE SAPA
LUPIT: "Aduh Ma..Ma..enyong kiye asline anake Ma'ne apa dudu sih Ma.."
DARKONAH: "Ya anake Ma'ne yah..nang apa sih Tong, bisane ngomong kaya kuwe..ari ngeden nemen-nemen ka yah..?"
LUPIT: "Mbokan sih anak pungut.. wong raine be sejen ora kaya Ma'ne karo Bapane.. kiye perlu tes DNA kiye Ma.. mbokan dudu anake Ma'ne"
DARKONAH: "His tes DNA sih apa.. toli kowen ari dudu anake Ma'ne sih anake sapa Tong..toli kowen pengine dadi anake sapa?"
LUPIT: "Ya angger kepengin tah.. enyong pengine dadi anake lurahe.. wong si WAWAN kancane enyong sing anake lurahe be wareg.. apa-apa dituruti..wingi ditokokna blackberry.. Enyong dadi anake Ma'ne karo Bapane tah boro-boro.. Pengin tuku bakso be kudu gresek bawang disit.."
(Aja ditiru ya...dosa!!!)

17. MEDEK ENDAS
DALBAN: "NYAD daning batuke menjoto kaya kuwe nang apa.."
WANYAD: "Bagreg ka..miki enyong tas dianiaya karo Kaji To'at nang Langgar..pan tak lawan wong arane wong tua yah..ya kayong ora macem oh.."
DALBAN: "Lah nang apa sih..wong Kaji To'at nang wonge sabar oh..loken bisa galak kaya kuwe.. toli gara-garane apa.."
WANYAD: "Wong nyong ora sengaja ka..sajadahe kepedek enyong..bisa ngamuke ora ketulungan.."
DALBAN: "ih loken.. Sajadah kepedek nang ora papa oh..wong biasane be dipedek.."
WANYAD: "Ya kuwe tah karuan oh ari pas nggo sembayang..wong kiye sajadahe ora nggo sembayang ka.."
DALBAN: "Ora nggo sembayang sih nggo apa?"
WANYAD: "Nggo tutup rai waktu leyeh-leyeh nang langgar..begitu enyong tangi bar sembayang, tembe selangkah kayong mak grenjel..dobol jebule enyong medek raine wong lagi nggleleng..wonge langsung njimprak kaget aduhh!! barang sajadahe dibuka jebule Kaji To'at...wis ora sonder ngomong maning.. enyong digablug karo dikampad ancik-ancike turutan..pletak kena ndase enyong..asyemka dobolll...."

18. NUMPAK BIS
DRAUP: "Bagemana ini sih KANG WANYAD, bisanya numpak bis-se nganti lama banget kaya kiye..sayakan sedari tadi nonggoni bae oh nang Pulogadung.. sampe kesel sekali...kok tidak teka2..kirain sih ada apa2 di dalan..",
WANYAD: "Waduh..sory Up...bener-bener sorry....sungguh kedobolan memang bener2 kedobolan Up... Lah bagemana tidak kedobolan..Wong bis’nya seseknya mbangkana-kana....coba pikirkan saja.. saya ini dari kenaikan sampe keturunan tidak dapat kedudukan sama sekali..sih bagaimana....bahkan saya ini sampe kebletengan nemen.. waduh...pokoke bener-bener pengin keberakan sekali lah..!!!"

Tidak ada komentar: