TULISAN-TULISAN BUAH KARYA BUPATI BG (BREBES GEMUYU) .... SEMOGA BISA MENGHIBUR .....

Jumat, 08 Juli 2011

100 BALADA WANYAD & DARKONAH V

1. Mengsal Mengsol Bae
Wanyad : "Sing esuk ka didis bae sih DAR..tak balangi
tempolong toli! blih ngarti wg lanang menggeh2 balik kerja.. gawekna wedang tah apa",
Darkonah : "Wong medang gari medang ka ribut",
Wanyad : "Ndi wedange!"
Darkonah : "Kaeh banyu gentong"
Wanyad : "Banyu gentong sih nggo ndasmu..ya teh oh DAR..teh!"
Darkonah : "Tah teh tah teh genah ws kening kencing manis maksa bae gransangan teh.. kye gara-gara teh manis dadine dekene rika keplek oh ya..kesel nyong dilebokna mengsal-mengsol bae!"

2. Obate Darkonah
Wanyad : "BAN nyong miki tas dejak Pa' Dirman Mantri Kewan"
Dalban : "Dejak mring endi NYAD?"
Wanyad : "Dejak nyuntiki asu eben aja pd kening rabies"
Dalban : "Dih lah..toli kowen gonkon nyekeli NYAD.. najis oh"
Wanyad : "Ya iya pimen maning wong nyong dupahi..sing penting kan nyong ora kning congore"
Dalban : "toli kowen crita kaya kiye lucune mbang endi NYAD?"
Wanyad : "Ya embuh.. dongen tah nyong pan njaluk obate nggo nyuntik DARKONAH.. nyong gila dong lagi ngamuk karo meled-meled"

3. Yati Octavia
Wanyad : "DAR.. DAR.."
Darkonah : "Apa KANG?"
Wanyad : "Kowen kiye angger tak pikir2 jebule kowen kiye ayu yah DAR bisa kaya YATI OCTAVIA bintang pilem.."
Darkonah : "He he he ya iyalah jelas.. toli rika keprimen dongen sih KANG.. wong rumah tangga wis 15 tahun loken tembe ngarti nyong kiye asline kaya YATI OCTAVIA?"
Wanyad : "Ya kuwe mau DAR pancen ari tak pikir2 ya kaya kuwe tapi nyong kiye sungkan nemen mikire.. dadi kowen kiye katone ya kaya YATI PESEK.."

4. Kloloden Rambut
Wanyad : "Primen sih DAR kowen ari ngliwet!"
Darkonah : "Kning apa sih KANG"
Wanyad : "Dilengna gyeh nyong kloloden rambut..loken ana rambut ngalar-ngalar kaya kiye neng sega..belih lingsane sisan bae kemrutug neng kene DAR"
Darkonah : "Duhhh..KANG...KANG kaya kuwe be ribut..ya arane be wong temandang nang ana ndengkluk ana apa oh..rambute kegarang rontog tiba nang dandang ..toli... gaya sih KANG karo rambute nyong alergi.. kaya dong bengi ora grayangan bae metani tekan mengisor"

5. Diropok Wong Layad
Dalban : "NYAD motor anyar daning dedel ky kuwe"
Wanyad : "Aduh BAN..makane setoran tembe ping papat"
Dalban : "Emange kning apa NYAD"
Wanyad : "Gyeh gara-gara si DARKONAH njaluk mlaku2 nganggo motor anyar..wis adoh nganti tekan dalan sing pan mring kuburan..nang pertelon nyong mlayu banter nemen ngango gigi telu karo diitik-itik DARKONAH lah ka ujug-ujug nang ngarepan ana wong layad nggotong katil ya jeder oh..mayide tiba nggempulung..nyong diropok wong sg pd layad"

6. Pencucian Uang
Darkonah : "KANG....KANG.. sing darani pencucian uang kuwe apa sih KANG?"
Wanyad : "Dih lah.. kuwe ta ndeyan kaya kiye oh DAR.. duwit sg bosok-bosol kuwe dikumbahi eben katon anyar maning"
Darkonah : "Rika kiye dadi wong aja bodo nemen-nemen gen KANG makane nonton tipi..pencucian uang kuwe duwit hasil korupsi, illegal logging, mafia pajak dsb.. diinvestasikan ke deposito..., valas, saham dsb dg tujuan untuk menghilangkan jejak"
Wanyad : "Hah! kowen daning bisa ngomong kaya kuwe DAR"

7. Lowongan Pekerjaan
Wanyad : "Lowongan pekerjaan..hah kiye gyeh! dicari perempuan yg bersedia memberikan ASI-nya dgn syarat sehat wal'afiat umur 30 s/d 40 th.. "
Darkonah : "KANG2x kayong menarik kuwe KANG.. nyong pan ndaftar ah.."
Wanyad : "Dih ngageti bae sih DAR..kowen pan ndaftar ader susune kowen metu banyune?"
Darkonah : "Gampang kuwe KANG ngko nang metu"
Wanyad : "Ya wis tapi tutugna ndisit macane ya..yg berminat segera hubungi Penangkaran Bayi Orang Hutan telpon 082357494511"

8. Nugrup Mertua
Dalban : "Kening apa NYAD daning raine abang ky kuwe"
Wanyad : "Apes BAN apes"
Dalban : "Apes kning apa?"
Wanyad : "Nyong dilawani balik awan pengin nutul DARKONAH..olih mbuka lawang alon2..tak goleti nang kamar jebule laka.. akhire nyong maring pawon..lah nang kono jebule lagi ngadeg temandang langsung tak tugrup oh.. tak udar2 tapihe..lah ka njerit..jarene mantu kurang ajar dobol gyeh.. merceka karo nyong disemprot kinang..jebule NYI RATEM mertuane nyong BAN"

9. Nasib Man Rais
Tarwad : "PIT, Nyong jengkel nemen kr MAN RAIS"
Lupit : "MAN RAIS sg dagang es kepruk ng sekolahan WAD?"
Tarwad : "Iya"
Lupit : "Lah bisane"
Tarwad : "Nyong duwit mumunge mung limang atus ngelake por bar olah raga..tutug tuku es'e blih olih kudu rong ewu..utang ya ora olih..akhire tak tonggoni bae..barang MAN RAIS nglinter pan nguyuh..nyong weruh uler serit..tak lebokna bae ng wadahe gula..koen ngarti PIT..bocah sa sekolahan lambene njentol kabeh sa kepel"

10. Diuncer Tentara

Wa Dalban : "His kowen lagi apa WAD?"
Tarwad : "Wa nyong melu umpetan ng kene yah Wa"
Wa Dalban : "Kowen kening apa sih WAD daning tumben keweden kaya kuwe"
Tarwad : "Ora Wa miki nyong tas mataki uwohe asem ning ngarepe koramil.. ujug2 watune mencelat maring ndase tentara sing lagi turu.. nyong kiye lagi diuncer-uncer tentara ...loro Wa..."
Wa Dalban : "His mana-mana ari pan umpetan aja ning kene lah.. enyong emoh urusan karo para aparat negara.."

11. Salah Nendang
Dalban : "Kening apa mlayu2 nganti ngos2'an kaya kuwe NYAD!"
Wanyad : "Sssttt.. meneng bae, nyong kiye lagi digedag wong PDAM nyong pan dikapruk kunci inggris BAN.."
Dalban : "Lah emange kening apa sih?!"
Wanyad : "Miki nyong lagi mlaku2 karo DAKRUN.. ning dalan tak deleng ana helm nggletak jiwa pemain bale nyong langsung terusik tak tendang nganti moni ...krekk karo aduhh!..bagreg jebule kuwe ndase wong PDAM sing lagi ndandani pipa ning gorong-gorong BAN"

12. Kemutan Mertua Lanang
Wanyad : "Nyong dong udan-udan kaya kiye kemutan mertua lanang almarhum BAN?"
Dalban : "Sih kemutan kepimen NYAD"
Wanyad : "Udan-udan lagi enak-enak mangan jangan asem ujug-ujug mertua gemboran ngongkon mbenerna gendeng..ya manjat oh nganggone ANDA ngisore sing nyekeli mertua.. wong weteng tembe diisi gongkon manjat ya mbleketek blih tahan ngentut brot..mertua ndengak... gemboran kr dugal "bangset gyeh!",nyong kaget sikile mlesed kr njejek raine mertua sing lagi dugal"

13. Kepenak Endi ?
WANYAD : "Mbah jare rika jamane SUHARTO karo jamane SBY kuwe kepenak endi Mbah?"
MBAH DAMIN : "Ya kepenak jamane SUHARTO mayan-mayan oh NYAD"
Wanyad : "Sih bisane MBAH?"
Mbah Damin : "Ya pancene.. waktu jamane SUHARTO kuwe apa-apa rasane kepenak kabeh pokoke.. daging kepenak.. kacang kepenak.. sega kepenak.. sate kepenak.. soto kepenak.. pokoke serba... kepenak lah.."
Wanyad : "Lah jaman saiki sih MBAH?"
Mbah Damin : "Boro-boro.. untune nyong wis pada rompol kabeh NYAD.."

14. Dileboni Glugu
Dalban : "NYAD raimu negin pacaran karo si LASTRI?"
Wanyad : "Ora syung BAN.. kowen aja gawe gosip BAN ah!"
Dalban : "Ehh wong si LASTRI dewek sing nggegerna ka.. gaeh ning pasar gaeh digegerna jarene barange kowen cilik.. wong sa pasar dadine ngarti kabeh oh.."
Wanyad : "Eh dobol si LASTRI yah.. gyeh BAN kowen pan ngarti dudu barange nyong sing cilik tapi telake LASTRI sing ambane sa lapangan pase kudune dileboni glugu!"

15. Mlosnong

Dalban : "NYAD duwe pulsa belih..nyilih HP-ne ndes nggo SMS!"
Wanyad : "Gyeh!"
Dalban : "Dihlah daning mambune kaya kiye temen NYAD..bagreg gyeh"
Wanyad : "Iya miki BAN..sorry si LASTRI nelpon lagi wetenge kebelet ngising..yah dadine nampa telpon karo ndodok nang jobong oh..bar telpone mandeg langsung tak sak..lah ka mlosnong HPne tiba mengisor..tak kodek2 angel nemen... ngganjel tp untunge bs dakali"
Dalban : "Lah bisane ora dkumbah"
Wanyad : "kumbah pimen goblog apa! nang koslet oh"

16. Kaya Tahun Baruan
Wanyad : "BAN senggane susu kuwe dipetet bisa moni "TOT" kaya klakson tah ndenyan rame yah BAN.."
Dalban : "Lah sih bisane NYAD?"
Wanyad : "Lah iya.. sanajan ning njaba sepi udane ngrekicek jam 12 bengi.. tapi ning suara ora kalah karo klaksone mobil ning dalan sing lagi macet.. tangga sing ngarep krungu suara TAT sing mburi moni TET sing iringan moni TOT sewengi-wengi bisa moni TAT TET TOT TAT TET TOT wis bisa kaya tahun baru pokoken lah.."

17. Di Reg Bencong
Darkonah : "Rika dikongkon nonggoni ning kana ka bisa-bisane pindah ning kene sih KANG..wong wadon ari nggoleti lah matane nganti pan coplok..jebule rika enak-enakan ning kene yah!"
Wanyad : "Aduh DAR DAR.. kowen belih ngarti sih yah.. nyong nonggoni kowen blanja ning pojok kana direg-reg bencong telu ngarti..!"
Darkonah : "Halah alesan bae.. mending rika direg-reg karo bencong telu ning kana oh.. daripada ning kene guyonane karo tlembuk papat.."

18. Asisten Tukang Sulap
Wanyad : "BAN miki nyong tas dejak TARNO..sekali2ne dejak apes nyong BAN"
Dalban : "TARNO sapa NYAD?"
Wanyad : "TARNO deglag sing sering dagang obat nang alun-alun"
Dalban : "Oh..Sih apes kepriben NYAD?"
Wanyad : "Lah iya TARNO ari dagang obat kan mesti ora keri nggawa hula talimangsa nang koper nggo sulap..lagi pan mangkat dagang nang TEGAL nyong gongkon dadi asistene akhire melu mangkat numpak Bis..Lah nang njero Bis ka Kopere mbuka..ya hulane sabah kloseran ng sikile wong2 oh"

19. Makmum Keder
Wanyad : "BAN enyong miki mampir sembayang magrib nang langgar blok wetan ka eram syung"
Dalban : "sih kening apa NYAD?"
Wanyad : "Enyong kan tiru-tiru wong oh angger sembayange keri.. toli ana wong lagi sembayang ndisit, nang pundake jarene demek belih?"
Dalban : "Iya bener kuwe arane kowen njaluk dadi makmum NYAD.."
Wanyad : "Lah iya kaya kuwe.. tapi enyong erame bisane begitu tak emek lah ka wonge nglinguk.. toli wonge ngomong ana apa!.. ya nyong keder belih?"

20. Variasi
Darkonah : "KANG awak kayong lek lok kabeh gara-gara rika bengi njaluk kakeyan gaya..Diiihhh rasane kayong pating sregot.."
Wanyad : "Halah gyeh DAR.. aja terlalu membesar-besarkan masalah lah..kowen ngarti tempe DAR?"
Darkonah : "Ya ngarti lah apa hubungane karo tempe KANG?"
Wanyad : "Ya kuwe mau tempe angger masake ora divariasi ya rasane mblenger..ndeleng be rasane ...wis enek DAR..tapi angger masake pinter toli divariasi mending bae megin ana rasa enak-enake.."

21. Angel di penging (malingsai)
Wanyad : "BAN!"
Dalban : "Apa NYAD?!"
Wanyad : "Kowen miki nonton PSSI belih!"
Darkonah :"Ora kening apa sih?"
Wanyad : "Huh.. goblog kowen.. belih weruh Malaysia miki lubar dipecet.. diedel2.. nganti kaper2..marem BAN nyong marem nemen.. pokoken marem lah.. kuwe digawe laka BOAS.. dong ana BOAS tah sida setengah losin ndeyan
Dalban :"Lah BOAS maring endi sih NYAD?"
Wanyad :"Embuh kuwe dobol ka angger bocah ndase kaya kluntung dipenging ya angel.."

22. Jalan Raja
NGATINO :"Mas tulung anterkan kulo ke jalan raja",
POLTAK SUPIR TAXI: "Ah Beres itu bah!.. hayo cepet naik.."
(sesampainya di jalan sisingamaraja..)
POLTAK: "Hei BANG ini sudah sampai Jalan Sisingamangaraja turun dimananya kau?!"
NGATINO :"Aduh Mas nuwun sewu.. jalan raja niki sanes rajane sampeyan Sisingamangaraja.. tapi rajane kulo Mas.. jalan Hamengkubuwono.."
POLTAK: "Ah cem mana pula kau.. bilang kek dr tadi"

23. Lagi Pilek
DARKONAH: "Kening apa sih KANG turu ka mosak-masik..mosak-masik bae.."
WANYAD : "Cocotmu DAR belih ngarti wong lanang lagi pileg awake nggreges kabeh apa yah!.. turu ngiwa ky kiye.. bolongan cungur sg ngisor rapet.. ngglibag nengen bolongan cungur sg nduwur gentenan sg rapet.. digawe atang2 loro2ne rapet kabeh.. kayong angel temen sih yah!"
DARKONAH: "Ya wis mana turune dicangcang ning saka bae oh KANG"
WANYAD : "SIKAH!!"

24. Weton Dina Jum'at
DALBAN: "NYAD! ader wong dong wetone dina Jum'at Kliwon kuwe setan-setan belih doyan?"
WANYAD: "Daning kowen ngarti.. genah iya ka BAN.. gaeh buktine DARKONAH wetone jum'at kliwon.. kapan kae wis tak niate nyong pan nyupang BUTA ning gunung kawi.. sing nggo wadal DARKONAH.. ehhh tutug BUTA-ne belih gelem.. jarene emoh... daginge pait.. ya dadine nyong mlarat bae kaya kiye oh!"

25. Ben Kapok
WANYAD: "Nyong ka juwet nemen karo si BEJO his BAN"
Dalban : "Kening apa sih Nyad?"
Wanyad : "Lah iya wingi maghrib-maghrib ning becakan mendem karo kroangan bae...karo tangane tudang tuding ngalor ngidul..mreceka ora nggenah..sauwise kesel ndeyan yah...ujug-ujug nglambruk turu nang becak...gagiyan becake tak surung tekan kuburan...modar..modar kowen jo...bener jarene jam loro bengi ngobrag-ngobrag bojone gongkon mbukakna lawang gara-gara lubar diwedeni kuntilanak ban.."

26. Berengen
WANYAD: "DAR syem gyeh! aduh duh duh.. bisa perih temen rasane kaya kiye.. tambah metengteng ka tambah semelet nemen rasane.. aduh duh duh duh 2x.. bisa kaya diapikson nemen rasane!..",
DARKONAH: "Lah bongganne sapa KANG.. wong lagi nguleg sambel dilarak bae maring kamar.. gongkon ngelus-ngelus kuwe.. ya berengen oh ya.. toli pimen kiye ...KANG wis udar2..",
WANYAD: "Wis belih sida! meradlah mana! bagreg gyeh!"

27. Irfan Bachdim

‎DARKONAH: "KANG sing arane IRFAN BACHDIM kuwe gagah yah KANG..",
WANYAD: "Genah iya nang DAR.. kae nang pada karo enom-enomane enyong oh DAR.. kowen ora kemutan jaman semana kowen demen enyong gara2 enyong dadi ujung tombak sg sering ngegulna ning PS TUNAS HARAPAN Klampok sg gagahe laka-laka.. wadon endi sih sg belih demen kr nyong",
DARKONAH: "Dih lah ya ora lah KANG nom-nomane rika nang mirip DROGBA belih?"

28. Segelas 75 Ewu
TARWAD:"MAN RAIS!",
MAN RAIS:"Apa WAD?",
TARWAD: "Rika ari dagang es aja larang2 lah loken sagelas pitung puluh lima ewu..kuwe nganggone gula bibit oh ya..",
MAN RAIS: "Sikah! kowen ngomong aja sembarangan yah WAD.. kiye gula bener! toli sg ngarani sa gelas 75 ewu sapa wong cuma 2.500 perak ka?!",
TARWAD: "Genah iya.. wingi nyong nginung es'e rika..balik2 mutaber nggo priksa ning PUSKESMAS karo nebus obate 75 ewu..kuwe nang anggone gula bibit oh!"

29. Pelpreh = Nempel Nglampreh

DARKONAH: "Dih lah njelehi temen sih KANG lah, oleh nggered temenanan bagjane kumbahan tak tinggal ka.. jebule mung sa kecrutan thok.. makane KANG ari ora niat maen aja maen.. Rika kuwe wis laka amput-ampute ih loken tembe nempel wis nglampreh?",
WANYAD: "Sikah! wis gen DAR aja ribut.. ya maklum oh wong lagi ora mood.. nggo tamba ngganjel thok.. raimu ari pengin suwe ya mana sogok2na nganggo kayu.."

30. Kecuali Anjing
WANYAD: "Nyong kiye pirang2 dina lagi dugal BAN?",
DALBAN: "Sih dugal kening apa NYAD?",
WANYAD: " Lah iya..sakale ning iringane umah wis tak tulisi DILARANG KENCING DI SINI KECUALI ANJING maksa bae mambune pesing... tak kira legede tukang2 becak sg pada mangkal ning ngarepan oh.. akhire tak labrag siji2 tapi laka sing gelem pada ngaku… akhire tak indik belih sing sokan nguyuh ning kono kuwe bakute sapa...waduh nrokcok ka..jebule ASU temenan BAN dekene BATAK SARAGIH sing sering ndatar nguyuh ning kono… bagreg ka..”
DALBAN: “Berarti kowen ora salah oh nulis peringatane DILARANG KENCING DISINI KECUALI ANJING”

31. Pajeg Warteg
DALBAN: ‎"Jare kowen pimen NYAD jarene WARTEG kuwe repan dipajegi 10%?",
WANYAD: "Jare aku tah Pemrentah kuwe ngawag BAN..genah WARTEG kr Pedagang Panganan Kaki Lima kuwe lambange wong cilik bisane dipajegi..kumprung apah! wong nggo nyewa lapak be kembang kempis ora karuan ka..melas oh..ngko bangsane tukang martabak ya dipajegi?..kaeh ari pan dibandrol pajeg kaeh tlembuk2 kaeh!!..eben sing pan pada nlembuk mikir2 kudu mbayar cukai 300%"

32. Untung Ora Njeplok

Dalban : "Kening apa NYAD daning mlakune meyeg2"Wanyad : "Nyong Pan mono sadelat maring Mantrine pan suntik BAN"Dalban : "Kening apa sih?"Wanyad : "Kiye miki lagi ndlaper naang pangkalan becak anane mung si bejo lagi njengkungkung mendem..becake nganggur ujug2 ana penumpang njaluk daterna..akhire tak gawak bae oh..lah nrokcok ng dalan durung tekan tempate ka... sadele njepat nyokot bergijilane nyong..ya nyong aduh2an pan semaput oh..untung ora njeplok"

33. Wis Kocap
Dalban : "NYAD..!!"Wanyad : "Apa BAN?!"Dalban : "Gyeh mene gyeh..jarene wong2 kowen kiye wis kocap NYAD.."Wanyad : "Kocap apa BAN"Dalban : "Ya kocap mbelere.. mbajore.. karo cruweke.."Wanyad : "Oh kaya kuwe yah BAN..yah pambelih temen lah.. lah wong urip nang realiata-ne akeh sg kaya nyong belih..mugane kuwe kudu dieliminir atawa dibatesi.. dadi wong urip kuwe aja kaya nyong.. angger kaya nyong juga berarti menungsa kuwe pancen bener-bener WANYAD"

34. Malam 1 Suro (ngumbah keris)
Darkonah : "KANG maring GUCI yuh!"
Wanyad : "Pan apa DAR!"
Darkonah : " Adus nang kana yah! ngko bengi kan malam 1 syuro... eben raine nyong bisa katon mreneng maning KANG..."
Wanyad : "Royal mandayan kowen DAR DAR.. rai wis pating pengkirud kaya kuwe ka gongkon merneng maning kepriben...wis aja kakeyan reka...ngko bengi kowen nurut nyong bae.."
Darkonah : "Sih nurut pan apa KANG?"
Wanyad : "Ya malam 1 syuro oh..Ngumbah keris blog! kowen dadi slongsonge ya.."

35. Dadi Rapet
Darkonah : "KANG3x aduh KANG aduh KANG.."
Wanyad : "Ana apa sih DAR ngageti bae!"
Darkonah : "Kiye pimen daning malah rapet kaya kiye..ngentut be angele nemen.."
Wanyad : "Lah bisane kaya kuwe sih DAR?"
Darkonah : "Ya embuh miki si LUPIT tak kongkon tuku mikrolax eben nyong ngisinge lancar barang tak anjingna daning malah rapet kaya kiye.."
Wanyad : "Endi obate ndes!"
Darkonah : "Kiye KANG"
Wanyad : "Dih goblog temen kowen sih DAR mikrolax apane.. gyeh matane deleng wacanen tulisane ALTECO"

36. Tahun Baru Hijrah
Wanyad : "DAR....DAR..."
Darkonah : "Apa KANG?!"
Wanyad : "Gyeh mana korsi-korsi delihi aja pada nang kene, lemari geser..kwe meja makan ya radan digeser..tipi delih nang pojok"
Darkonah : "Pan ana apa sih KANG, bisane ujug-ujug dipindahi kabeh!"
Wanyad : "Heh kowen blih ngarti yah!,kye thn baru Hijriyah kabeh-kabeh kwe kudu digeser ben ana perubahan"
Darkonah : "Dih lah daning ngartiknane ky kuwe Kang..kwe maksude Hijrah kuwe dudu barang-barange sing dipindah.. tapi pikirane rika sing digeser ben ora ngeres bae"

37. Gara-gara Moci
Dalban : "NYAD moci yuh!"
Wanyad : "Sungkanlah!"
Dalban : "idih kadingaren kowen menolak ajakanku sobat.. ada apakah gerangan?"
Wanyad : "gerangan-gerangan.. gyeh gara-gara kowen sering ngejak nyong moci wis 3 minggu DARKONAH protes!"
Dalban : "ya aja bengi-bengi oh NYAD balike.."
Wanyad : "dudu masalah begadange BOL tapi kiye kiye gyeh.. granate nyong ora berfungsi gara-gara gula darahe nyong munjuk tekan 300 punjul.."
Dalban : "ehh kencing manis NYAD?!"
Wanyad : "Ssssttt aja rosa-rosa BOL, Syu Gyeh!"

38. Jangan Asem
Wanyad : "Dar! mene gyeh cepet!.."
Darkonah : "Apa sih Kang gemboran kaya wong edan!"
Wanyad : "kowen masak jangan asem endi sambele..loken jangan asem karo tempe thok kaya kiye?! sambele endi DAR.. nang anta oh ora sedep ora acan!"
Darkonah : "Rika ka geger sambel.. belih ngarti saiki mengkreng se kilo sewidak ewu.. ya ari trasi sing larang tah gari tak lewekna kiye Kang"
Wanyad : "Sikah.. trasi cap cawet.. syu gyeh"

39. Bubur Abang
Wanyad : "Dar Dar.. kiye bubur abang kirimane sapa sing ning pincukan daning tak didil rasane pait.."
Darkonah : "Bubur abang sing ning endi Kang?"
Wanyad : "kuweh sing nggletak ning dipan.."
Darkonah : "Bubur abang apane.. kuwe tah utah-utahane anake si Lastri oh.. miki tas dolan mene toli dipakani gedang dadi gumoh.. iya klalen durung tak guwang.."

40. Kelangan Ayam
Darkonah : "Kang3x.. tangi disit ndes! tiliki mana daning ning kandang jagone langka.. lagi bengi ana maling Kang.."
Wanyad : "Apa sih DAR ah!.. lagi ngantuk2 ka.."
Darkonah : "Gaeh mana tiliki disit Kang..jago bangkoke daning ilang..aja turu bae gen.."
Wanyad : "ilang-ilang ndasmu!.. lah wingi sih wis didadekna duwit ning Man Rasbun..nggo nempur karo bayaran sekolane lupit.. raimu klalen?..blog gyeh!"
Darkonah : "Eh iya yah Kang.."

41. Kenalan karo Cewek
WANYAD: "Mbak-mbak arane sapa Mbak kenalan oh Mbak.."
CEWEK: "eh enyong KANG.. enyong arane HARI Kang.."
WANYAD: "Dih lah.. daning ayu-ayu arane HARI Mbak.. kaya wong lanang.. aran dawane sih sapa Mbak begityu ganti..!"
CEWEK :"eh aran dawane Kang..Hari klingggg! bjuaaahh!!
WANYAD: "Eeeehh nrokcok.."

42. Disetrap
LUPIT : "WAD, bisane raimu disetrap BP kning apa?"
TARWAD : "Nrokcok ka Si DARTI wong pd bae tkg nyonteke be ka"
LUPIT : "Lah emange kning apa?!"
TARWAD : "Dobollah ari kelingan kwe, genah ulangan waktune wis pan entek nyong siji be drung rampung..lah Si DARTI klebetan ora didekena2 nyong, malah diselagna ng susune..lah enyong kan panik oh..tak... rebut kr tak udal2, tak rogoh nganti menjero2, lah DARTIne ka malah cengengesan"

43. Klalen Nyipok

Wanyad : " DAR kowen daning balik mbutik gulune ana abang2'e ky kuwe..kwe nang cupang oh..sembrana yah wani2'ne selingkuh..hayuh waleh sapa sg wani2ne nyipok gulune kowen..tak kampade..dobol ka..wani2'ne dolanan kr bojone nyong..hayuh waleh sapa..bagreg gyeh!"
Darkonah : "Heh KANG rika jawane lg apa..rika ora kemutan lg esuk nyong pan mangkat..kiye nang nyambet gawene rika dewek oh..nyong gyeh dongen sg isin diledeki kanca2"

44. Dadi Suporter
WANYAD: "BAN maring JAKARTA yuh!!",
DALBAN: "Pan apa NYAD?!",
WANYAD: "Maring SENAYAN ndukung Tim Merah Putih oh!",
DALBAN: "Kowen duwe duwit wong karcise be 400 ewu..",
WANYAD: "Halah kayong ora biasane nonton ning Klampok.. manjat wit turi...",
...DALBAN: "Sikah... senayan padakna lapangane KLAMPOK.. kae tah dirajeg beton oh.. mbang endi ana wit turi..."

45. Minyak Rambut Jelly
Tarwad :"Pit, kowen ngarti ora.. nyong miki tas maring KFC karo si DURTI mangan kentucky..wong sa KFC pada glogakan kabeh"
Lupit :"Lah sih kening apa WAD?"
Tarwad :"Kandakna..nyong pan mangkat apel nggoleti minyak rambut jelly mena-mene langka..enyong pengine ben rambute radan kaku ben nurut bisa dijungkati..kala-kalaen nyong maring petarangan ayam belih..mecah ndog siji..tak lepet2na nang rambut..lah ka jebule ndoge kuwuk.. "

46. Opset
Darkonah : "Kang sing arane opset dong ning bal2an kuwe maksude primen sih Kang?"
Wanyad : "Eh kuwe Dar.. kuwe artine ngendog"
Darkonah : "Ngendog keprimen maksude Kang?"
Wanyad : "Ya pintere adang2 ning gawang tok"
Darkonah : "Nyong durung mudeng kuwe Kang"
Wanyad : "Embuhlah angel temen njelasane wong wadon ka reka-reka takone"
Darkonah : "Tapi peraturane saiki back pass jare ora olih ya kang"
Wanyad : "hah!..lah kuwe daning raimu ngarti backpass ana apa DAR.. daning opset belih ngarti..syu gyeh!"

47. Gonta-ganti Sarung
Darkonah : "Sarung bolak-balik gonta-ganti bae sih KANG...dih sg ngumbahi kesel ka yah!"
Wanyad : "Heh Dar sing marahi nyong gonta-ganti sarung bae sapa.. nang kowen dewek oh"
Darkonah : "Ganing enyong Kang..marahi pimen?"
Wanyad : "Lah kowen belih krasa..dong nyong bar sembayang toli pan ngeluk boyok sedelat..ora kober weruh wong atang-atang.. langsung bae diranggeh nggo dolanan..ya ngeces oh..bantase ngompol..dadine sarunge bolak balik kotor bonggane sapa.."

48. Penyerang Lubang
Dalban : "NYAD kowen lagi jamane dadi pemain bal posisine sebagai apa?"
Wanyad : "Enyong BAN.. posisine ya sebagai penyerang lubang oh.."
Dalban : "Penyerang Lubang sih apa NYAD.."
Wanyad : "Dih lah loken kowen ora ngarti.. sing arane gawang kuwe BAN wis tak ibaratna slangkangane rangda ngarti kowen?!"
Dalban : "Sih pimen?"
Wanyad : "ya wis pokoke nggawa bal ora nggawa bal nyong kudu grayangan tak obok2 pertahanane lawan.. begitu mak krembik langsung tak ceplosna.."

49. Nyewa Hotel

Darkonah : "Kang sekali-kali nyewa kamar ning hotel yuh Kang! eben ana suasana lain.. aja maning2 ning umah, maning2 ning umah kaya kiye.. wis lemponge mambune penguk isine tinggi maning.. kayong rasane ora sedep ora acan Kang..ning hotel toli ana AC-ne oh Kang cemreces.."
Wanyad : "Lah raimu ka geger hotel.. kaya menungsa Dar Dar.. ari pengin cemreces ya gari ngalih nang sumur ka yuh!”

50. Tragedi Ngarep Koramil
Wanyad : "BAN apes BAN"
Dalban : "Kning apa NYAD?"
Wanyad : "Miki nyong lg mlaku enak2 dundang tentara anggone doreng rambute cepak jarene nyong salah..ujug2 nyong gongkon push up,lah nyong kan takon nyong salah apa Pak..eh malah nyong dikampleng..nyong ya wedi yah akhire push up..bar push up nyong dijaluki duwit..ya tak dekena oh"
Dalban : "Ning endi NYAD?"
Wanyad : "Ng ngisore wit asem ngarepe KORAMIL"
Dalban : "Goblog kuwe tah si DARJO oh sing stres pengin dadi ABRI"

51. Kesilonen
Darkonah : "KANG bisane Indonesia nganti kalah sih KANG kr Malesia wong wingi sedurunge be menang terus ka yah?"
Wanyad : "Iya mbuh kuwe DAR jarene tah konsentrasine pemain terganggu..raine MARKUS dicoroti batre dadi silo"
Darkonah : "Dilah iya KANG.. dongen tah malah pemain MALESIA sing kudune kesilonen ya KANG?"
Wanyad : "Sih bisane DAR?"
Darkonah : "Lah iya.. wong ndase MARKUS kan melong-melong dongen tah dicoroti batre nang kudune mantul maning maring raine malesia oh"

52. Jamane Dadi Penyerang

Dalban : "Nyad!"
Wanyad : "Apa Ban!"
Dalban : "Nyong dong ndelengna Gonzales nyekel bal bisa kemutan kowen gemiyen jamane dadi penyerang his Nyad.. ari mlayu bisa kaya celeng"
Wanyad : "Iya nang.. kowen kemutan ora nyong ngliwati limang pemain.. barang sing terakhir bal tak umbul toli tak salto"
Dalban : "Klalen.. toli Gul Nyad?"
Wanyad : "Gul pimen jebule nyong labas tekan mburine gawang ka.. dengaren sih bek'e ora ngejar..ya salto bati tiba nyekok tok oh.."

53. Trik Mlebu PNS

WANYAD : "Ip, Raimu gemiyen lagi sekolah goblog ka bisa mlebu PNS..kuwe critane pimen..toli ijasahe nang ora memenuhi syarat oh..wong rata-rata lima"
TO'IP : "Sstttt..aja rosa-rosa Bol..kayong ora ngarti bae nang Indonesia..jalur mburi oh.."
WANYAD : "Ohh..kaya kuwe..toli syarat ijasane pimen kuwe.."
TO'IP : "Halah kuwe tah cekrem oh..wong jaman wis ...maju ka bingung-bingung...nilaine tak rubah yah anggo scanner.."

54. Clana Lepis
Darkonah : "KANG KANG.."
Wanyad : "Apa DAR.."
Darkonah : "nyong kridit celana lepis ning si Ujang olih KANG.. eben bokonge nyong katon nglapet KANG.. toli eben nyong tambah katon seksi oh KANG.."
Darkonah : "Halah! pan nggo apa DAR DAR.. raimu bokonge katon nglapet.. paling-paling nang sing nonton mung tukang becak-tukang becak.."

55. Makelar Kasus
DALBAN: ''NYAD ora nyambet gawe?'',
WANYAD: '' Lagi sungkan BAN...'' ,
DALBAN: ''Kening apa sih?'',
WANYAD: ''lah nyambet gawe kenteng2 olihe mung piraha ora..'',
DALBAN: ''sih njaluke olihe pira NYAD wong paling2 modale cangkem dadi makelaran tok kaya kuwe '',
WANYAD: 'lah raimu belih weruh... kaeh makelar-makelar sing sekali nyocot glodag pada olih umah karo mobil ..'','
DALBAN: ''ih loken ana makelar bisa kaya kuwe makelar sing endi NYAD'',
WANYAD: ''lah kaeh sih makelar2 kasus''

56. Mbubuti Uwan
Wanyad : "DAR bubuti uwane nyong ndes DAR kayong wis katon mralak nemen"
Darkonah : "Lah rika tah ora nduwur ora ngisor uwanen kabeh"
Wanyad : "gyeh DAR rambut nduwur tah pancen wis umume merga ndas kuwe pusate pikiran..angger rambut ngisore nyong nganti uwanen kuwe merga kowen sg ora jegod"
Darkonah : "sih ora jegod pimen KANG?"
Wanyad : "ya ari wong2 tah pd ireng2 merga sg ngisor kuwe pusate hiburan.. lah enyong bolak balik kuwe kuwe bae.. kisuttt!"
Darkonah : "SIKAH!"

57. Romantis
Sopiyah : "Yu DAR, rika karo KANG WANYAD sing gemiyen bisa katon romantis terus yah.."
Darkonah : "Ah jare sapa SOP wong saiki wis sejen ka.. ari jamane penganten anyar tah iya.."
Sopiyah : "Ader Yu DAR kepimen sih?"
Darkonah : "Lah iya jaman semana tah dong mbugah nyong lagi turu be mesti nganggone gagange uyuh oh.. pluk pluk pluk ning pipine nyong kaya kuwe"
Sopiyah : "dilah iya Yu DAR..angger saiki sih pimen?"
Darkonah : "Saiki tah..angger sikile ora nladung ya ora kepenak"

58. Ana Cadangane

Dalban : "NYAD raimu tak deleng ora tau olah raga.. bolak-balik ndekok bae sih.. ngko kening kencing manis lah puasss! bisa dadi kuming paham!"
Wanyad : "Kuming sih apa BAN?"
Dalban : "Kuming ya nglempuruk oh ora bisa ngagak..ngko DARKONAH pimen!"
Wanyad : "Lah ka pikiri temen barang ora bisa nga*eng ya wong megin ana cadangan.."
Dalban : "sih cadangan pimen?!"
Wanyad : "gyeh sih..sing penting jentik tengah negin sehat nang negin bisa nggawe merem melek"
Dalban : "Sikahh.."

59. Enek Pengin Mutah

Wanyad : "Nrokcok miki his BAN dtulung nemen2 ka ngomonge blih penak"
Dalban : "Pimen sih NYAD?"
Wanyad : "Miki nyong numpak Elep sg Tegal..ng iringane nyong wong wadon wetenge nek pan mutah..ya nyong keder oh..langsung luruh kntong kresek..bagjane wadahe blanjanan tak sudah..plastike tak dokon ng cakeme kr gulune tak petet2..wis oh mba dutahna..eh ka malah dikipatna kr ngomong blih usah dipetet2 Mas nyong ndelengna raine rika be wis cukup"

60. Sensasi
Darkonah : "KANG ngko aja klalen mampir apotik... tuku kondom sing ana ragak-ragake ya KANG!"
Wanyad : "sing ana ragak-ragake sih sing merk'e apa DAR?"
Darkonah : "Lah kae sih sing kaya ning tipi sing iklane wong lanang boncengan karo wong wadon numpak pit sing mlakune bergejal bergejul bergejal bergejul..kuwe maksude kepimen sih KANG bergejal bergejul?"
Wanyad : "Ya kuwe maksude sensasi oh.."
Darkonah : "oh dadi kondome merk'e cap sensasi KANG?"
Wanyad : "Iyaaa bloggg..."

61. Aja Cemburu
Darkonah : "KANG aja cemburu ya.. nyong lg bengi bisa ngimpi ketemu jenate KANG SAMI'UN his KANG nyong diranggeh-ranggeh..nyong ng kana kuwe prangasane KANG SAMI'UN durung mati.. ketemu ng pasar nyong diambungi nganti nyong isin kr wong2.. aja jengkel yah KANG wong arane be ngimpi.. eh iya rika kuwe sikile dengklang kening apa KANG?"
Wanyad : "Eh kiye DAR nyong ya lagi bengi ngimpi raimu tak srampang kenane ka lincak.. dobol gyeh!!"

62. Bencong
BENCONG:"Hai Beib.. mojok yukkk.."
WANYAD: "Bab Beb Bab Beb jejeli tembelek toli ladas..blih ngarti wong lg mumet apa! bangset gyeh!"
BENCONG: "Idihh gitu aja sewot siiih..jangan lebay dong Beib!"
WANYAD: "Leba Lebe ndasmu.. nyong kiye pan maring ulu-ulu syu!"
BENCONG:"Hei Beb! sama perempuan jangan kasar2 dong! durung tau rasan yah sikile kowen pindah maring endas...glotakkk!",
WANYAD: "Mlayuuuuu..."

63. Batal Ora
Darkonah : "KANG lugune bar banyu wudhu toli nyong nyenggol rika kuwe batal apa ora sih KANG?"
Wanyad : "Lah kuwe iya DAR pendapat beda2 ana sg moni batal ana sg moni ora"
Darkonah : "Toli kira2 dewek pan nganggo sg endi KANG"
Wanyad : "Lah miturute nyong tah kayane digawe sg ora bae lah DAR.. masalahe aja maning nyenggol, wong kowen tak tumpaki be nyong wis ora duwe rasa apa2..mung drpada nganggur tok..sing batal tah sing dong nyenggol bisa moni teng oh"

64. Tanda-Tanda
Dalban : "NYAD jarene wong wadon kuwe angger lg njaluk kuwe ana tanda2ne yah.. DARKONAH sih tanda2ne keprimen NYAD?"
Wanyad : "Sapa.. DARKONAH.. kae tah angger bolak balik ngusel kaya blatung toli tak grayang bokonge belih cawetan ya kuwe tanda2ne.."
Dalban : "Ohhh..!"
Wanyad : "Dong lg blih kepengin sih NYAD?"
Dalban : "Dong lagi nyong kepengin toli kae ora BAN..dirajeg ngarti.. bagjane cawete rangkepane papat..tak lorod pisangkala raine nyong ditladung.."

65. Ngejak Nyolong
Tarwad : "PiT, nyolong mengkrenge Kaji Jabidin yuh!.. mane nyong geger mengkreng larang bae.. bengi tah laka wong oh yuh..!"
Lupit : "Heh WAD, sanajan laka wong tapi Gusti Allah kuwe weruh ngarti..!, Dosa..! emoh lah..!"
Tarwad : "Tenang Pit... tenang.. Gusti Allah weruh tah ora papa oh.. ora bakalan geger.."

66. Dipecat
Adam : "TiH remu jare nyambet gawe ng bebek bentu dipecat? ng apa sih nyolong duwit?"
Fatih : "Nyolong apane aja pitnah his DAM.. ana duwit nggletak atusan ewu gen nyong ora tak jukut..jare kyai warnuji kuwe haram.."
Adam : "Sih ning apa?"
Fatih : "Ya embuh wong nyong bar cuti 3 dina ujug2 ora olih mlebu maning..padahal wis tak balekna oh"
Adam : "lah emange koen nyilih apa, motor?"
Fatih : "ora.."
Adam : "sih apa?"
Fatih : "anak prawane majikan tak jak mayeng2 nganti 3 dina"

67. Nggawe Reggreg
Darkonah : "Kang umbah2 ya kena oh..nyong awake lg blih penak nemen gyeh..kning banyu bisa ndrogdog nemen"
Wanyad : "Raimu sedina-dina ka laka warase sih DAR..wingi temandang tak tmandangna..njangan tak jangana..nyambel tak sambelna..abong2nge nyong lg nganggur yah.. semena2 kr nyong"
Darkonah : "Ya ora moni ky kuwe KANG.. justru rika nganggur kakeyan ng umah kuwe gawe regreg awake nyong..delat2 njaluk2 delat2 krekelan gongkon nyong ora mriyang"

68. Ngelus-elus Kempol
Wanyad : "BAN Nrokcok bagregka.."
Dalban : "Nang apa NYAD?"
Wanyad : "kowen ngarti ora miki nyong lg numpak bis "SAHABAT".. penumpang sing ng iringan'ne nyong ngelus2 kempole nyong kr grayang tekan pelakangan..toli karo matane dikedep2na..ya tak kipatna oh ya"
Dalban : "Enak oh daning nrokcok..kuwe arane ora susah diluruh teka dewek..gari meneng toli dinikmati ka"
Wanyad : "dinikmati wadukmu ndobrol ari wadon tah karuan ora penasaran wong cap pelen juga ka"

69. Dadi Bojone Gayus
Darkonah : "Kang rika kwe nyambet gawe apa dolanan sih.. jarene nyambet gawe daning balik2 blih tau nggawa duwit"
Wanyad : "Ya nyambet gawe yah miki nglembar mring pasar bawang laka wong luruh bibit..mring pasar ayam sepi nyenyet..pan dolanan mengkreng laka modale..yah arane be calo sg sabar disitlah mbokan sekiki ana rejeki"
Darkonah : "rejeki2 apane..awit tahun gajah ya kaya kiye bae"
Wanyad : "Gyeh DAR raimu ari pengin kepenak ya mana dadi bojone GAYUS"

70. Dembuh Karbit
KAPSAH: "Yu rika bisane s*su kr bokonge katon gede nemen ky kuwe sih.. bakute rahasiane apa.. pantes bae KANG WANYAD betah nang umah terus yah..nyong ya pengin KANG DARMIN endah betah ng umah ben aja jebol maning metu, jebol maning metu..alesane narik penumpang pdahal tah nggesrak nang warunge si MUMUN",
DARKONAH: "eh kowen pengin s*su kr bokonge gede kaya nyong SAH.. gampangka..dembuh nganggo karbit 3 dina 3 bengi"

71. Ustadz Metengi Uwong
Wanyad : "Ban Ban..mene gen!"
Dalban : "Ana apa NYAD"
Wanyad : "Kowen ngarti ora USTADZ DIRUN jebule metengi wong"
Dalban : "Ah sing bener bae kowen..ih loken..aja gawek pitnah kowen NYAD..dosa ngarti!"
Wanyad : "ih belih percaya.. genah wadone waleh ka.. tak takoni kuwe wetenge gede sing metengi sapa.. jawabe kiye tah USTADZ DIRUN oh"
Dalban : "Wadon endi NYAD, arane sapa?"
Wanyad : "Si JARO'AH BAN"
Dalban : "Dobol.. kwe tah pancen bojone DIRUN oh blog! pancen lagi mbobot..dobol gyeh!"

72. Krekat -Krekut
Darkonah : "Kang rika ari turu untune aja krekat-krekut gen..nyong sg nang iringan rasane keri ngarti!..ora bisa turu..wong turu ka kaya ngletak kawat krekat krekut krekat krekut"
Wanyad : "Lah nyong kan blih krasa DAR.. kayong serba salah temen..wingi ora krekat krekut kowen dugal nganti nyong kaget digeblag bantal"
Darkonah : "Iya pancen wingi rika turune ora krekat krekut..tp nglindure JAODAH JAODAH bae sg dodol ponggol pimen nyong ora dugal"

73. Kapolsek Anyar
Dalban : "Kowen sing endi NYAD esuk2 daning betem kabeh kaya kuwe?"
Wanyad : "Wah ames BAN nyong tas dikepruki serse.."
Dalban : "Lah lah bisane?!"
Wanyad : "Kowen nang weruh oh ya Lagi bengi ning jaiponan tanggapane lurahe..lah ka wani2ne sakale wong anyarka njoget karo sinden NINGSIH ya nyong panas belih.. tak gered tak jongkongna..belih ngartiya kuwe KAPOLSEK sg anyar BAN"
Dalban : "Kowen wani NYAD?"
Wanyad : "Lah nyong belih ngarti toli ya nyong mendem sih pimen?"

74. Kaya Wong Sugih

Darkonah : "KANG dewek dong lagi gandengan apa bisa katone kaya wong sugih yah KANG..",
Wanyad : "Bisane sih DAR?"
Darkonah : "Lah rika ora kelingan lagi wingi sih ning PACIFIC MALL lagi enak2 mlaku dewek diparani salese mobil sedan sing melong2.. ditawani gongkon tuku.. padahal rika anggone mung kolor karo sandal jepit.."
Wanyad : "iya yah DAR.. ndarani BOB SADINO ndeyan yah DAR.. wkkkkkkkkkkk"

75. Abot endi ?
Wanyad : "BAN badekan dekena jaran karo dekena uwong kuwe abot endi?"
Dalban : "Apane NYAD?"
Wanyad : "Kuwene.."
Dalban : "Kuwene apane?"
Wanyad : "Ya p*line oh blog!"
Dalban : "Ohh..ya karuan abot dekene jaran yah..pimen kowen..wong sa daplang samana ari ngejejer be bisa kaya tunggak"
Wanyad : "ya salah"
Dalban : "Hah! salah pimen?"
Wanyad : "ya abot dekene uwong yah..",
Dalban : "Lah bisane!"
Wanyad : "Lah iya..uwong kan ari nguyuh mesti dicekeli sangkin abote..ari jaran kan ora dejorna bae karo gaung gaung.."

76. Cukur Brimot
Dalban : "kayong slebore anyar NYAD.. cukure Bros bisa kaya angkatan syung.."
Wanyad : "Genah iya nang BAN miki nyong ning BIS be ditakoni uwong.. dari kesatuan mana Pak? " Ya tak jawab yah dari Kesatuan BRIMOT Pak.. lah ka wonge pada guya-guyu.. ana oh ya BAN Kesatuan BRIMOT.."
Dalban : "BRIMOT sih apa.. sg bener kuwe BRIMOB blog..singkatane Brigadir Mobil.."
Wanyad : "Lah Brigadir Motor sih laka..?",
Dalban : "syiikah dikandani ka nganyang!"

77. Tuku Brondong
KAPSAH : "Yu DAR sekali-kali nongkrong ning MALL yuh! tak jak ben olih BRONDONG...gurih Yu DAR rasane.. aja karo KANG WANYAD bae gen sing rasane paling2 wis koyor..."
DARKONAH: "Halah SAH SAH pan tuku BRONDONG be tungkulah maring MALL.., gaeh ning pasar pirang-pirang gaeh.. lengkap.. ana brondong, ana blendung, ana awul-awul, ana gemblong.. wedang gempol lan sebagene.."

78. Sejarahe Main Bal
Dalban : "NYAD koen gemiyen mandeg dadi pemain bal sejarahe nang apa?"
Wanyad : "Bagreg ka BAN waktu kuwe nyong digoda kr penonton ng pinggire lapangan wadon ayu nemen anggone rok mini..nyong arane dundang-undang bae kr diaweh2..nyong grogi belih..ng plakangan rasane ngganjel nemen..Lah lg enak2 nggiring bal ka nyong disleding kr bek..ya nyong tiba kemureb oh pas lg dekene nyong metengteng..cacade nganti saprene BAN dadi mentonge"

79. Karepe Dewek

Wanyad : "Mana gen DAR lah.. ngusel2 bae sih..blih ngarti wong lg sungkan apa yah!",
Dalban : "Atis KANG hawane atis nemen",
Wanyad : "Atis ya mana oh..sikile digarang ng pawon"
Dalban :"Rika tah senenge ky kuwe sung..karepe dewek..dong wis dinein ya mesti ky kuwe..lg bengi lah ari njaluk temenanan nemen..bagjane nyong lg turu digered"
Wanyad : "Heh gyeh DAR..wong lanang kuwe sejen kr wong wadon.. angger wis metu ya rasane keri mengko ngenteni 3 dina mning ya"

80. SEMBAYANG RIYAYA
Wanyad : "DAR..DAR..DAR.."
Darkonah : "Apa KANG?"
Wanyad : "Goletna klasa ndes karo sajadah"
Darkonah : "Pan nggo apa KANG?"
Wanyad : "Daning pan nggo apa..ya nggo sembayang ied oh.. lah goblog temen sih kowen..nyong kiye terpaksa melu pemerintah sembayange dina rebo.. toli bisane kowen durung siap2 megin njetet kaya kuwe cepet adus mana.. gentenan.. "
Darkonah : "Heh KANG nyong tah wis sholat Ied oh, lah RIKA lagi esuk dibugah kaya watu ora moget2 acan.."
Wanyad : "apa! kiye jam pira?"
Darkonah : "jam sewelas"

81. NETELI DAGING
Wanyad : "BAN gaeh wong2 sing pada nyacagi daging wedus pada curang.. enyong suka semingkirlah mbokan darani curang.."
Dalban : "Kening apa sih NYAD..?"
Wanyad : "Lah iya.. wong nyacagi karo neteli daging wedus ka peline pada diumpet-umpetna.. kuwe kan arane ora fair.."
Dalban : "Sikah dirongokna nemen2 ka.. sih sing nyacagi dikongkon pada wuda..?"

82. TEBAR PESONA
Darkonah : "Ning ngarepe kaca karo tudang-tuding kaya kuwe jawane lagi apa KANG?"
Wanyad : "Ssssstt.. meneng kowen DAR ah.. Asuuudara-sudara sekalian... howaakk bjuuh.."
Darkonah : "kening apa KANG daning idu.."
Wanyad : "dobol kanjingan lemud.. "
Darkonah : "makane KANG telak aja amba2 kuwe jawane lagi pidato apa pimen toli pidato nggo apa?"
Wanyad : "Raimu nang ngarti oh RT-ne ...kiye lg munggah kaji, mumpung lg laka nyong pan tebar pesona nggo pilihan wulan ngarep"

83. NJIPLONG
WANYAD: "BAN utang duwite ndes",
DALBAN: "Pan nggo apa NYAD?",
WANYAD: "Pan nggo ndadani motore GAWIR",
DALBAN"Lah kening apa sih",
WANYAD: "Kye gara2 si DAKRUN..ngejak nonton ENCLE ng SIBAJAG BANGSRI..sedawane dalan nyong lg nyetir direwodi bae..geger weruh wong wadon njiplong ng sawah ya nyong nglinguk yah lah ka barang madep ngarep ujug2 ana kebo liwat ya nyong banting ngiwa oh.. motor nggesrak nabrak leneng nyong kr DAKRUN njengkangkang ng galengan"

84. BRONDONG
Dalban : "NYAD daning kowen clanane suwek ng dengkul kaya kuwe.. kowen tas tiba?"
Wanyad : "Tiba keprimen..kiye tah arane model oh BAN ngarti kowen?!"
Dalban : "Sih model apa maksude NYAD?"
Wanyad : "Eh dasar kowen kiye golongane wong kuna yah..gyeh deleng kupinge nyong bolong oh ya..nyong mene sotan pan luruh cuilan wesi ana belih BAN?"
Dalban : "wesi pan nggo apa maning NYAD..ya pan nggo gawe anting2, gelang kr kalung yah.. eben katon ky BRONDONG"

85. ARIEL PETERPAN
DALBAN: "NYAD.. komentare kowen ttg masalah hukume ARIEL kuwe kepriben NYAD"
WANYAD: "Ya.. jare akutah mari kita bersama-sama support dan dukung sepenuhnya ARIEL dalam menghadapi proses hukum di Pengadilan Negeri BANDUNG BAN"
Dalban : "Lah bisane didukung NYAD"
Wanyad : " Yah bagaimanapun juga berkat beliaulah kita-kita semua bisa melihat ...jeroane LUNA MAYA karo CUT TARI"
DALBAN: "Kenthir kowen NYAD.."

86. PREMAN
DALBAN : "NYAD daning raimu cengar-cengir ana apa NYAD?",
WANYAD: "Marem nyong BAN.. marem pokoken..",
DALBAN : ”Kening apa sih NYAD?",
WANYAD: "Nyong wingi dendam nemen karo Si SIDOH..",
DALBAN : "SIDOH Preman?",
WANYAD : "Iya..wis pirang2 dina enyong dong liwat Brug Putih mesti dipalak.. ora duwit ya rokok.. lah rong dina wingi critane malak nyong maning sengaja sg umah SAMSU-ne wis tak jejeli kecubung garing..jarene saiki nggletak durung tangi2 BAN.."

87. LEMUD BAGREG
‎DARKONAH : "KANG krogat kroget bae sih KANG wis gari turu be kepenak ka.. merem!.. merem!.. toli wis oh.."
WANYAD: "Merem-merem ndasmu.. pan merem kepriben wong lemude kaya bagreg kabeh ka.. kiye bakute lemud sekiki langka sg pada sekolah apa yah.. eyewene megin pd klendangan ngang ngung2x mbok pd sinau aja ngangguni wong sg lagi pan ndekok bae",
DARKONAH : " Heh kang kuwe lemude wis pada lulus kabeh ngerti ! saiki lagi pada belajar nyambet gawe luruh pangan "

88. ARGO BROMO
‎DALBAN : "Daning kowen ledes kabeh kaya kuwe NYAD?",
WANYAD : "Iya gara2 balik sg JAKARTA BAN...pengin nyacak sepur CIREX jebule wis kentongan",
DALBAN : "lah terus kowen balike anggo apa?",
WANYAD : "ya kala-kalaen anggo ARGO Bromo oh",
DALBAN : "His toli mudun ngendi.. kuwe tah karcise larang oh jurusan SURABAYA",
WANYAD : " Mugane kuwe Ban, nyong numpak neng ndas-ndasan tak bayar seket ewu tok ka "
DALBAN : " Toli masinisne gelem "
WANYAD : " Gelem...tapi ya kuwe mau nyong mudune dijejek sing nduwur."

89. SEMINAR MALING

Ning sawijine acara persiapan seminare para MALING.......

Panitia: "kowen ari nyolong modale apa?"
Maling 1: "linggis mas"
Panitia: "oh.... olihe akeh?"
Maling 1 : "ya sacukupe nggo mangan"
Panitia: "oh....kowen sekolane apa sih?"
Maling 1:"SD mas"
Panitia: "oh... ya pantes.."
Panitia: "kowen sih lulusan apa..heh!"
Maling 2: "enyong SMP Mas.."
Panitia: "toli modale apa..?"
Maling 2: "clurit Mas"
Panitia: "Ari Rika sih maling lulusan apa..?!"
Maling 3 : "Enyong SMA oh Mas.."
Panitia: "Toli ari nyolong modale apa..?"
Maling 3: " Pestol mas.. dor..dor..dor..."
Panita: "Oh..iya..iya..ya..."
Panitia: "lah rika sih dasinan melu mene-mene pan apa...ahli nyolong juga..?",
Maling 4 : "iya mas nyong Doktorandus alias DRS.",
Panitia : "sih ari nyolong modale apa...?!!",
Maling 4 : "daning modale apa ya pulpen oh..sekali tanda tangan ereg2 glodag olih umah, olih mobil..olih bojo anyar...lan sebagene.."

90. Ciu Oplosan
Wanyad : "DAKRUN kuwe parah yah BAN kelakuan mendeme"
Dalban : "Nang apa sih NYAD?"
Wanyad : "gi bengi maring umahe nyong ngawa ciu njaluk duwit jarene nggo tambah2 oplosan..anane mung 5 ewu thok..akhire ditokokna sprite toli dicampurna..tp jarene negin belih enak..njaluk duwit maning BAN jarene nyacak krating daeng baelah..tetep negin belih enak..lah ka ujug2 mlayu mring pawon BAN..lingak-linguk..brang weruh Saos..lah kiye tembe pas.."

91. Picek Nonton Bal
Wanyad : "Ban nyong ka eram kr si KARIM picek",
Dalban : "Nang apa sih NYAD?"
Wanyad : "Dong ana bal-balan ka mesti regedegan rame2 melu nonton..tak takoni oh..Rim,raimu nonton bal bakute ngarti..lah jarene ka..nyong tah apa jare kancane nyong sg ng iringan oh KANG..angger sing ng iringane nyong gemboran ya nyong melu2 gemboran..tp nyong tau digorohi jarene Guuuul.. nyong lngsung mlayu mrg lapangan..jebule ka ora..ya nyong disabet keamanan oh"

92. Pan Semaput

Wanyad : "BAN lg bengi nyong pan semaput"
Dalban : "ng apa sih?"
Wanyad : "bagregka balik nonton encle liwat bong kebelet nguyuh..akhire tak atarna bae nang alang2..lg enak2 nguyuh ka ujug2 alang2e oyag ya nyong lngsung mencolot memburi oh..jenggonggos wadon BAN"
Dalban : "syetan NYAD?"
Wanyad : "yakuwe tak takoni rika setan? setan2 waduke..nguyuhi wong smbarangan yah..rika blih weruh nyong lg tiarap..nyong lg ngindik bojone nyong ngarti! kaeh lg kr tlembuk"

93.Pesawat N G I
Wanyad : "BAN ana badekan gyeh!"
Dalban : "Badekan apa NYAD?"
Wanyad : "Pesawat apa sing angger ditambahi NGI bisa dadi gantungane klambi..alias kastok.."
Dalban : "Sih pesawat apa NYAD?!"
Wanyad : "Wis seng.."
Dalban : "Ge Seng wis NYAD.."
Wanyad : "Pesawat PELITA BAN.."
Dalban : "PELITA.. bisane NYAD?"
Wanyad : "Ya iya oh.. coba angger mburine ditambahi NGI..dadine apa coba.. bisa nggo gantungan klambi oh ya.."
Dalban : "Lah ari kuwe tah kena nggo gawe menungsa ana apa"

94. Panti Pijet
WANYAD: "BAN wingi lagi ng JAKARTA nyong mampir maring panti pijet tapi tak deleng duwit ning dompet gari 25 ewu thok",
DALBAN: "panti pijet mesum NYAD..toli 25 ewu olih?",
WANYAD: "Olih ka BAN.. genah jarene nggo penglaris",
DALBAN: "toli kowen berzina NYAD?","Ora ka..genah2 ning kamare ana tulisane DILARANG BERBUAT MAKSIAT..nyong takon oh..dilarang maksiat ya Mba..ka dijawab..iya MAS kuwe nggo tamu sing ora duwe duwit kaya rika.. 25 ewu njaluk maksiat!"

95. Aliran Sesat
WANYAD: "Ahmadiyah kuwe dongen agama apa sih BAN?",
DALBAN: "Oh..kuwe NYAD.. Ahmadiyah kuwe ya islam..jarene Tuhan-ne ya Gusti Allah.. tapi nabine sejen NYAD..arane nabi Mirza Ghulam Ahmad..",
WANYAD: "Dadi dudu kanjeng Nabi Muhammad BAN..?","Ya menurute kae sawise Kanjeng Nabi Muhammad..kuwe ana nabi maning arane Nabi Mirza Ghulam Ahmad.. asale sing india..",
DALBAN: "Dilah dadi rosule ana 26 BAN.. ct ct ct..",
WANYAD: "Ya kuwe agama gaweyane Inggris"

96. Jum'atan
WANYAD: "BAN miki nyong kas dipaido wong se masjid",
DALBAN: "nang apa sih NYAD",
WANYAD: "mau lagi jum'atan nyong persis ng mburine imam",
DALBAN: "terus?",
WANYAD: "kowen nang ngarti oh ya hp-ne nyong ari moni kan assalamu'alaikum","iya pimen sih","yakue..tahyat akhir drng rampung hp-ne nyong moni..assalamu'alaikum..mlebu speker maning..ya makmum sg mburi pd assalamu'alaikum kabeh oh..imame gagiyan tangi jarene blih syah blih syah baleni baleni pokoke baleni"

97. Mata Mencilak
DAKONAH: "KANG eben alise nyong radan jenjet karo matane nyong radan mencilak setitik kuwe carane keprimen yah KANG.. angger radan dijembet setitik kaya kiye tak deleng ning kaca kayong bisa katon ayu nemen.. ora kalah karo Chelsea Olivia sing matane mlonang..",
WANYAD: "Eh carane DAR..gyeh mene cepet njengking!",
DARKONAH: "sih bisane njengking KANG?!",
WANYAD: "meneh tak sogok sing mburi.. gongkon raimu matane ora mendelik kaya tepekong..aja ndarani.."

98. Pengin Udud
WANYAD: "Diiihhh urip ka bisa kaya kiye temen yah! duwit seperak be ora gableg ora acan..cangkem rasane asem nemen..DARRR!! mene gyeh!",
DARKONAH: "Ana apa sih KANG sg mau gentewelan bae.. ana apa?!",
WANYAD: "utangna udud ndes ng warunge Si WARNO..","Isin lah KANG sg wingi rong bungkus be durung nyaur","Eh isin2 waduke..ngomong kr Si WARNO semaya ngarti!.. ngomong! angger ora olih dutangi pengin lang rokoke ngalih ning nduwure wit asem!"

99. Nyilih Sikat
WANYAD: "BAN miki nyong adus ng kolame koen nganggo sikate koen bisane rasane pait yah",
DALBAN: "Lah dasar raimu NYAD..wis aduse numpang anggo sikate wong sembarangan maning",
WANYAD: "sorry BAN.. lawas nyong ora sikatan ngglabed nemen rasane.. tapi bisane pait yah BAN",
DALBAN: "Lah sing gagange warna apa?",
WANYAD: "sing warna abang",
DALBAN: "lah kuwe ta wis ora kanggo oh..nggletak ng ngisor oh ya..wingi tas nggo nyogok2 WC..tai ngganjel..","Dih lah.. Hoakkkkk bjuahh"

100. WANYAD DUGAL
DARKONAH: "Kang tangi Kang..aja turu ning kene Kang..nyong wedi turu dewekan..dugal ya dugal tapi aja turu nang petarangan ayam kaya kiye oh Kang..nyong pangapurane lah..nyong wedi nemen turu dewekan syung Kang",
WANYAD: "Ahhhhhhh Hah! Bol gyeh! (karo njejek) mana raimu aja merek2 nyong..ditinggal wong lanang sedelat maring Jakarta ka ana tegesan dudu rokoke nyong ning kamar..syu gyeh.. kuwe nang tegesane si SABIL oh ya..mereke TUTON"

Tidak ada komentar: