TULISAN-TULISAN BUAH KARYA BUPATI BG (BREBES GEMUYU) .... SEMOGA BISA MENGHIBUR .....

Senin, 04 Juli 2011

100 BALADA WANYAD & DARKONAH III

1. NEMU DUWIT
WANYAD: "DAR aku miki nemu duwit DAR ning dalan..",
DARKONAH: "Eh iya KANG pira KANG.. toli endi KANG duwite",
WANYAD: "Lah wis tak dekena wong emis (pengemis) kabeh DAR..",
DARKONAH: "Dih apik nemen rika dadi wong yah KANG..hebat ah..",
WANYAD: "Lah eben DAR lah.. wong paling-paling sewu perak be ka.. angger atusan ewu onong tah tak clekatem dewek..."

2. KENET APES
WANYAD: "Apes aku BAN ah..ngintil Elepe (Angkutan Kota) si DARMO..dikapruk wong",
DALBAN: "Bisane NYAD?",
WANYAD: "Lah nyong kan durung ngarti jurusan..ana wong awake gede tatonan nggawak bojone pan babaran..takon nyong mas kiye liwat Rumah Bersalin..tak jawab iya.. akhire nyemplak bae..pan sejam ora tekan2..takon nyong maning Mas daning ora tekan2 Rmh Sakite..sing ngarep DARMO supir krungu..pan maring endi sih Mas..RSIB..lah ari pan mono tah anggo Elep sing mengidul oh.. nyong lagi ngetung duwite penumpang langsung dikapruk jebred..nganti recehane pada mencolot.."

3. KUNTILANAK
WANYAD: "BAN lagi bengi nyong liwat kuburan rasane pan semaput",
DALBAN: "Diwedeni apa NYAD?",
WANYAD: "Lah kue BAN..lagi mlaku enak-enak ka ujug-ujug sing kamboja nyumul wong wadon rambute jiwog2 klambine putih gemuyu cekikikan..ya nyong ngeteter ora bisa mlayu oh.. tak cekeli barange nyong..wedi dekene nyong dibetot.. arane be kuntilanak..bener oh ya ngandel.. nyong diparani..dekene nyong langsung dirogoh..hah!! nyong wis pasrah meneng bae.. karo umis-umis ndonga..tapi suwe-suwe daning tak rasak-rasakna ora dibetot-betot.. malah go dolanan.. tak wanek-wanekna ndeleng raine oh ya..dobol! jebule Si Sum.. wong edan sing sering klinteran ning pasar.."

4. TOBAT..
DARKONAH: "Kang wis lah Kang! ari bengi aja mlirit kartu bae gen Kang ..dosa ngarti!",
WANYAD: "Dosa tah angger gedean oh DAR.. wong kiye cilikan ka.. toli ana menang-menange kan kena nggo nempur telung dina..",
DARKONAH: "Dih lah nyong wis belih kere KANG duwit kaya kuwe.. toli isin oh karo Ustad Mu'i ",
WANYAD: "Wis gen DAR ora usah direwes.. isin2 apa.. toli si Mu'i tah bocah wingi oh.. wong sunat be sing mangku nyong.. ngarti apa!"

5. SAWAN CELENG
WANYAD: "Duuhh apes BAN",
DALBAN: "Apes ng apa maning?",
WANYAD: "Motore nyong dikandang nang POLSEK",
DALBAN: " bisane..kowen nabrak?",
WANYAD: "iya tapi Dudu nyong!!..dobol ka..esuk2 lg tak panasi ujug2 si DAKRUN teka nyilih..cemplak bae..jarene sadelat go mrg pasar..lah ng pasar jebule motore ngosek..wong dagang lima saiki pd ng rmh sakit kabeh..duhh pime kiye",
DALBAN: "kowen bae sing compong NYAD, genah DAKRUN penyakite sawan celeng disilihi motor..kue ng mestine ng kana kumat oh"

6. PLN
CUSTOMER SERVISE: "Iya Halo..Selamat pagi dengan siapa ini",
WANYAD: "Slamet Pagi dg Wanyad di sini.. gyeh nyong mau protes gyeh..gimana kiye PLN daning byar pet2x bae.. sminggu mati ping telu..td malem sy mau nonton bal ora bisa oh..umahe nyong peteng nganti sikile nyong kesandung..bgregka..remu pada bisa nyambet gawe ora sih..ari ora bisa mene tak ganti nyong bae..digaji ka peta ora..heh hallo...halo3x..daning meneng bae..jawab oh..",
CUSTOMER SERVISE: "iya halo",
WANYAD: "pimen jawab aja pintere mung halo2x thok bisane!",
CUSTOMER SERVISE: "iya halo..maaf Pak.. Bapak salah sambung.. ini bukan PLN Pak tapi ini PDAM"

7. NAMBAH ANAK
DARKONAH: "Kang kira2 dewek sida pan nambah anak maning belih Kang.. ari pan nambah maning ya ora papa oh.. wong nyong negin subur ka Kang.." ,
WANYAD: "Apane sing subur.. genah ditespen be ora murub acan2 ka subur... kowen kiye wis majir ngarti! ditumpaki be rasane bisa pered nemenlaka banyune ka.. angger panu karo kadase sing subur tah nyong percaya.. gweh pating pralak gweh!

8. NGAKALI BANCET
WANYAD: "Wong wadon ditulung ka mentung BAN",
DALBAN: "Mentung kepriben NYAD",
WANYAD: "Ning tempat macing ana wong wadon kr bojone..lg enak2 mancing ka ana bancet mencolot nggamblok ning dadane wong wadon kuwe..girap2 oh..lah bojone ka meneng bae..nyong sing nang iringane kan melas oh..akhire tak tugrup bancete..tak remed2 ning dadane..barang tak tiliki daning bancete langka.. lah jebule negin nggamblok.. tak tugrup maning karo tak unyel-unyel oh..akhire kecandak..lah bisane ka kiye bojone belih trima..nyong malah pan dilaporna polisi..kepriben dongen?"

9. CEWOK TEH BOTOL
WANYAD: "Ban..Ban lagi bengi pancen malam yg mencekam..",
DALBAN: "ana apa Nyad?",
WANYAD: "jam siji nyong kebletengan mules nemen akhire tak isingna..bare ngising blorot2 nggoleti banyu laka kabeh..nyong keder nemen cewoke nggango apa..keder2 nyong sarungan mlayu mrg tokone Si Sop.. luruh aqua tp entek.. anane sprite gari 3 botol..terpaksa tak tuku bae oh nggo cewok..tp sekikine bar tangi turu nyong kaget bagregka silite nyong dirubungi semut"

10. JUSTIN BEIBER
WANYAD: "BAN kowen bisa ngedit poto ora BAN?",
DALBAN: "Pan nggo apa sih NYAD?",
WANYAD: "Wis pokoke potone nyong njaluk digawe ben bisa kaya jastin beber ndeles.. tolong rambute nyong radan dipentiungna mengisor nutupi batuk.. nyong lagi naksir TKW sing ning Hongkong gyeh! dobolka wingi diinbox ning fesbuk tak omongi i love you ka jawabe enak ora.. jarene rai tuwa ora eling umur apa yah ngerek-ngereki bocah cilik bjuahhh..dobol oh ya..”

11. ORA ELING MAGRIB
DARKONAH: "Kang langite wis abang gaeh.. seg seg adus toli magriban ning langgar oh... keron dolanan dara bae..",
WANYAD: "Ya Dar.. kalem gen delat maning.. sa gaburan maning kiye ka... tenang... wong adan ya ana sing wis ngadani.. imam ya wis ana sing ngimami ka ribut... makmume ya wis pirang2x sing penting nggo sing tuwa tuwa disit... nyong tah keri-kerian ora papa oh"

12. PANTI PIJET
WANYAD: "BAN wingi lagi nang JAKARTA nyong mampir maring panti pijet tapi tak deleng duwit ning dompet gari 25 ewu thok",
DALBAN: "panti pijet mesum NYAD..toli 25 ewu olih?",
WANYAD: "Olih ka BAN.. genah jarene nggo penglaris",
DALBAN: "toli kowen berzina NYAD?","Ora ka..genah-genah ning kamare ana tulisane DILARANG BERBUAT MAKSIAT..nyong takon oh..dilarang maksiat ya Mba..ka dijawab..iya MAS kuwe nggo tamu sing ora duwe duwit kaya rika.. 25 ewu njaluk maksiat!"

13. JUM’ATAN
WANYAD: "BAN miki nyong kas dipaido wong se masjid",
DALBAN: "nang apa sih NYAD",
WANYAD: "mau lagi jum'atan nyong persis nang mburine imam",
DALBAN: "terus?",
WANYAD: "kowen nang ngarti oh ya HP-ne nyong ari moni kan assalamu'alaikum",
DALBAN: "iya pimen sih",
WANYAD: "yakue..tahyat akhir durung rampung HP-ne nyong moni..assalamu'alaikum..mlebu speker maning..ya makmum sing mburi pada assalamu'alaikum kabeh oh..imame gagiyan tangi jarene belih syah..!! belih syah..!! baleni!! Baleni!! pokoke baleni!!".

14. NYILIH SIKAT
WANYAD: "BAN miki enyong adus nang kolame kowen nganggo sikate koen bisane rasane pait yah",
DALBAN: "Lah dasar raimu NYAD..wis aduse numpang anggo sikate wong sembarangan maning",
WANYAD: "sorry BAN.. lawas nyong ora sikatan ngglabed nemen rasane.. tapi bisane pait yah BAN",
DALBAN: "Lah sing gagange warna apa?",
WANYAD: "sing warna abang",
DALBAN: "lah kuwe ta wis ora kanggo oh..nggletak ng ngisor oh ya..wingi tas nggo nyogok2 WC..tai ngganjel..",
WANYAD: "Dih lah.. Hoakkkkk bjuahh..bjuahhh...bjuahhhh"

15. WANYAD NGAMBEK
DARKONAH: "Kang tangi Kang..aja turu ning kene Kang..nyong wedi turu dewekan..dugal ya dugal tapi aja turu nang petarangan ayam kaya kiye oh Kang..nyong pangapurane lah..nyong wedi nemen turu dewekan syung Kang",
WANYAD: "Ahhhhhhh Hah! Bol gyeh! (karo njejek) mana raimu aja merek2 nyong..ditinggal wong lanang sedelat maring Jakarta ka ana tegesan dudu rokoke nyong ning kamar..syu gyeh.. kuwe nang tegesane si SABIL oh ya..mereke TUTON"

16. SHIO
DARKONAH: "KANG sing darani shio kuwe apa sih KANG?",
WANYAD: "Mbuh kuwe DAR.. wingi lg aku ditakoni kr tacine tah deweke takon laire nyong..barang tak badekna jarene nyong kuwe shione jaran.. apa gara2 dekene nyong gede yah DAR?",
DARKONAH: "ih loken KANG..nyong dongen ditakokna sisan oh KANG..",
WANYAD: "Wis DAR..Jarene sih shione kowen kuwe Babi ",
DARKONAH: "Sih bisane KANG",
WANYAD: "Ya ndeyan gara2 congore kowen gepak karo kupinge kowen njebabag ndeyan oh DAR"

17. DUWIT ORA KUKULURUK
DALBAN: "NYAD gyeh ana barang apik hp second gelem tuku ora..",
WANYAD: "colongan BAN..?!",
DALBAN: "Syikah!.. dekene kanca lagi butuh duwit gyeh..",
WANYAD: "Dih nyong lagi belih duwe duwit sih yah?",
DALBAN: "Halah duwit tah ora kukuluruk oh NYAD..",
WANYAD: "ya..iyalah.. angger duwit bisa moni kukuluruk nang dompete kudune gedene sa kandang ayam oh..pimen kowen.."

18. DIPECAT DADI MANTU
WANYAD: "BAN kowen ngarti ora nyong kye gemiyen jamane penganten anyar pernah pan dipecat mertua",
DALBAN: "Lah nang apa sih NYAD",
WANYAD: "Critane sing sore nyong ngadang2 RASE sg sokan mangani ayam.. bagregka.. nggel esuk mesti gari batange tok..tak intim2 belih..jam 10 bengi tak deleng wit waribang nang mburi umah oyag..langsung tak bandem tugelan bata belih..cegok..dudu moni kaing tp monine ka aduh!!! Aduhh!! Aduhh!! kaya kuwe!! Dobol .. jebule mertuane enyong lagi ngising nang comberan"

19. PRIA IDAMAN LAIN
KAPSAH: "Gyeh DAR dadi wong wadon kuwe aja gelem kalah karo wong lanang.. wong lanang kuwe pada duwe WIL dewek ya kudu duwe PIL ngarti.. makane yuh DAR melu nyong nongkrong ning alun2 mbokan ketemu PIL ",
DARKONAH: nggoleti PIL daningka ning alun2 Yu, nggoleti PIL ya ning PUSKESMAS atawa APOTIK oh.. bangsane BODREX oh ya..",
KAPSAH: "Sikah..goblog ka ora mundak2"

20. BOJONE GAYUS
DARKONAH: "Kang rika kwe nyambet gawe apa dolanan sih.. jarene nyambet gawe daning balik-balik belih tau nggawa duwit",
WANYAD: "Ya nyambet gawe yah.. miki nglembar maring pasar bawang laka wong luruh bibit.. mring pasar ayam sepi nyenyet.. pan dolanan mengkreng laka modale..yah arane be calo sing sabar disitlah mbokan sekiki ana rejeki",
DARKONAH: "rejeki2 apane..awit tahun gajah ya kaya kiye bae",
WANYAD: "Gyeh DAR raimu ari pengin kepenak ya mana dadi bojone GAYUS"

21. SALAH PAHAM
DALBAN: "Mudun bis daning raine betem NYAD",
WANYAD: "salah paham ka BAN",
DALBAN: "salah paham pime?",
WANYAD: "Wong numpak bis sing Jakarta nyong wis kebelet nguyuh..belih tahan nemen..akhire lingak linguk..sing njagong nang iringane nyong wong wadon lagi turu..akhire tak uyuhna bae tak wadahi aqua..lagi enak-enak nguyuh ka ujug-ujug Bis'e ngerem..settttttttt.... wong wadon sing nang iringane nyong kaget langsung tangi..weruh nyong lagi nguyuh njerit! monine ka pan diperkosa..pan diperkosa..ya sa bis gemrudug ngantemi nyong kabeh oh..”

22. POJOKE ALUN-ALUN
TARWAD: "MAN pojoke alun2 pira?",
TUKANG BECAK: "wis rong ewu bae TONG lah nggo penglaris..",
TARWAD: "MAN rika sekolah apa ora sih..",
TUKANG BECAK: "Kening apa sih TONG?",
TARWAD: "Pojoke alun2 nang ana papat oh bisane nganti rong ewu.. ",
TUKANG BECAK: "Syikah! nrokcok gyeh.. anake sapa sih kowen.. bangset asu ka.. merad mana.. belih ngarti wong lagi putek!!.. Grotakkkk..!!

23. NGINUNG BANYU AKI
DARKONAH: "Kang sg endi bae sih KANG",
WANYAD: "Ana apa DAR!",
DARKONAH; "Miki anake si Warso lubar sing kene jare balik2 langsung klenjengan mutah2",
WANYAD: "Lah emange kening apa",
DARKONAH: "Miki karo mbokene tas sing kene toli jarene ngorong, lah tak nein aqua merek "Great STAR" sing didokon ning pereke drei2 KANG",
WANYAD: "Kowen kepriben sih DAR..makane koen ari turu aja merkungkung gen..dadine polone ora merkungkung kaya urang!",
DARKONAH: "kening apa sih KANG",
WANYAD: "Ader kuwe aqua .... kuwe banyu aki Blog!"

24. NENDANG PAKU
DALBAN: "NYAD nyong miki weruh kowen dipalak preman DIRGO ng ngarepe pasar terus kowen ditendang DIRGO bisane DIRGO-ne njempling2 NYAD..kowen anggo besel apa NYAD",
WANYAD: "Eh..dadi kowen weruh BAN..daning kowen meneng bae",
DALBAN: "nyong wedi NYAD tp hebat ah kowen..kowen nganggo jimat apa sih NYAD?",
WANYAD: "jimat..jimat apane..genah nyong tas tuku paku usuk 10 iji tak sak ning clana ditendang ya nujleb nang sikile oh"

25. KEDER NING ATM
SATPAM BANK: Mas rika tak deleng sing mau lingak-linguk bae..nyong curiga rika pan ngrampok nasabah BANK kiye yah!!
WANYAD: "Eh rika aja sembarangan yah!!..mentang2 SATPAM ari nuduh sembarangan..apa nyong kiye ana tampang GARONG?
SATPAM : "Lah sih sing mau clolak-clolok bae ning kono pan apa!"
WANYAD: "pan apa-pan apa!..kiyeh sg mau nyon.g belih ngarti nganggone ATM keprimen.!!

26. NDOG ASIN
YU KASMI: "NYAD,pime sih daning olih2 ndog asine mambune ky kiye kabeh..kowen tukune ng toko mbang endi",
WANYAD: "Nang apa sih Yu?",
YU KASMI: "nang apa nang apa loke ana ndog asin ndog asin mambune pesing ky kiye?",
WANYAD: "Duh..sorry Yu..iya mau lg mudun sg bis ng pulo gadung nyong kebletengan pengin ngising..barang mlebu WC pan ndokon besek kangelan nemen..akhire tak cekeli bae kr ngising..brng pan cewok ndoge pada mrojol kabeh..dadine radan pesing"

27.
NGOMPOL
WANYAD: "Dar..Dar mene gen Dar..",
DARKONAH: "Ana apa sih Kang.. wong lagi menggeni ka diundang2..",
WANYAD: "Gyeh delengna disit..nyong tangi turu bisane lemponge bisa teles kabeh kaya kiye.. bocor apa Dar kamare.. miki udane gede apa yah.. bisane bocor nyong blih krasa yah!",
DAKONAH: "Udan?! mbang endi sing udan Kang.. ndes tangi disit..! e ehhh.. apane sg udan..kuwe nang ompole dewek oh..dasar ora idep isin..wis kaplak tuwa ka..! wis mudun mudun!"

28. DANDAN UMAH
DARKONAH: "Kang mana oh..age2 njukut matrial ning Kaji Burhan cepet! ning kana tah tokone murah oh!.. mengko dong duwite pragatlah puas..pan dandan umah ora sida maning..",
WANYAD: "Jukat-jukut waduke dilebeg.. kowen mendem apa ya DAR..apane sing pan dijukut..nyekel duwit mung 350 ewu pan dandan umah! toli umahe sapa DAR sing pan didandani..kowen klalen dewek kiye negin ngontrak?..nang senengan Kaji Kosim'e oh sg duwe kontrakan..umahe didandani..pengung!"

29. HAWA ORA KEPENAK
WANYAD: "Nyong ka sedina kiye ning hawa rasane belih penak nemen his BAN.. digawa nyambet gawe belih penak.. digawe njagong belih penak.. digawa ngobrol ya belih penak... apa maning digawa mangan rasane pan mutah..",
DALBAN: "mriyang ndeyan kowen NYAD?",
WANYAD: "ora ka..",
DALBAN: "Sih nang apa..?!",
WANYAD: "Ya kuwe mau.. tak goleti nemen2 sebabe, akhire ketemu.. langsung udar-udar oh.. barang wuda kathok, dobol ka jebule sing esuk nyong mblentong kapicirit.."

30. NUMPAK SEPUR CIREX (CIREBON-EXPRESS)
WANYAD: "Duh urip ng jakarta pancen keras yah Ban..",
DALBAN: "Pancene.. nang apa sih Nyad?",
WANYAD: "Nyong pan antem2an kr wong.. gara2ne nyong wis tuku tiket sepur CIREX BISNIS.. lah barang manjat panggonane nyong dipanggoni..gongkon ngalih ora gelem..ya nyong ngamuk oh..nganti satpam stasiun pd manjat",
DALBAN: "Toli akhire pimen NYAD?",
WANYAD: "Ya nyong sg krasa waras ngalah lah..wong jebule kuwe pancen dudu sepur CIREX..tp PAHRIYANGAN jurusan Bandung"

31. TLEMBUK TERPELAJAR
WANYAD: "BAN pancen apa2 dong mambu2 sekola apa maning sing ana titele kuwe mesti regane larang yah BAN..",
DALBAN: "Lah iya lah.. mesti kuwe tah.. pimen sih NYAD?",
WANYAD: "Iya miki nyong tas nonton tipi judule 'investigasi tlembuk'.. dadi tlembuk sg nganggo seragam sekola kuwe regane luwih larang tinimbang tlembuk sing compong-compong.."

32. 86 WURUNG
DALBAN: "Pan ngendi NYAD esuk2 wis gayap..",
WANYAD: "Pan sidang SIM Ban",
DALBAN: "Lah..bisane ora 86 bae..",
WANYAD: "Genah polisine ngamuk..akhire njaluke tilang..",
DALBAN: "Lah nang apa sih bisane ngamuk?",
WANYAD: "wiwite nyong digiring maring Pos.. tangan kiwa wis tak siapna puluhan ewu.. lah tangan tengene nyong nyekel udud..jarene wis mene gagiyan..tangan tengene nyong diremed bae kr matane ndlenger..ya sg keremed rokok oh..kepanasen dikipat2na..dadi jengkele"

33. GAWE SENENG
DARKONAH: "KANG nyong dong nganggo rok abang kiye jare rika ayu belih KANG?!",
WANYAD: "Dih lah ayu nemen syung DAR bisa kaya kethek ogleng",
DAKONAH: "Hiiiii iihh!! senengane ka kaya kuwe sih KANG..dadi wong lanang ka selawase belih tau nggawe senenge wong wadon!",
WANYAD: "Jare sapa DAR..kowen ka senenge ngilang2na yah! nyong saben bengi wuda klontangan nganti nyong masuk angin..nggo nyenengna sapa coba! angger dudu kowen sg senenge cekelan granat"

34. TLEMBUK MLEBU SWARGA
WANYAD: "Model2 ky nyong kiye bisa mlebu swarga belih Pak Ustadz",
USTADZ: "Lah kowen sembayang belih NYAD?",
WANYAD: "Ya kuwe Tadz.. pengine sih kentheng..tp dong bawang lg rame kadang ana klalene..tp jarene tlembuk be bisa mlebu swarga yah Tadz..gara2 mung nein nginung kr asu",
USTADZ: "Ya kuwe sg darani tlembuk spesial NYAD..ana riwayate..nggo contoh..",
WANYAD: "Dih..ustade daning ngarti tlembuk spesial..toli tlembuk kuwe mangkale ng endi Tadz?","Sikah!"

35. GENAUNAN PIDATO
WANYAD: "Assalamu'alaikum wr. wb... Alhamdulillahirobil'alamiin..washolatu wasallamu alal asrofil ambiyai' walmursalin",
DALBAN: "Lagi apa NYAD?!",
WANYAD: "Eeh kaget syung..kiye lg blajaran pidato BAN.. ",
DALBAN: "Pidato nggo apa daning nggawak kotak amal keding ky kuwe",
WANYAD: "Eh iya BAN blajaran pidato ng bis nggo luruh sumbangan",
DALBAN: "Nggo sumbangan apa sih?!",
WANYAD: "Langgare Kyai Iksan",
DALBAN: "Wong langgar sg kuna wis dadi ka..raimu pan ngasab gyeh genah..dasar kemplu kowen!"

36. SEPATU ANTIK
DALBAN: "Sepatune apik temen NYAD .. merk'e apa kuwe?",
WANYAD: "Mereke ADIDAS ka Ban..",
DALBAN: "Hebat! toli regane pira kuwe?",
WANYAD: "Murah ka BAN mung pitung ewu mang atus..",
DALBAN: "Ahh kowen ana2 bae..! loken ADIDAS pitung ewu mangatus..kuwe nang ukurane 200 ewu punjul oh..apa kowen olih nyolong NYAD?",
WANYAD: "Sikah! kowen belih percaya?..mene gyeh sg perekan deleng dewek gweh ngisore apa!..","dihh! daning ngisore triplek NYAD"

37. URIP MLARAT
WANYAD: "Dih urip ka bisa mlarat bae ky kiye ya DAR!",
DARKONAH: "His ora kena ngomong kaya kue oh KANG..kuwe artine sampean ora bersyukur..sampean ngarti ora,sg penak kue dadi wong mlarat ngarti! sanalika kiye tah pancen sg arane sugih kue manis..tp mengko ng yaumil hizab kue pitakone pirang2..bandane koen olih sg endi..detokna nggo apa bae..wong mlarat tah ora ditakoni kaya kuwe",
WANYAD: "Dih daning koen pinter DAR",
DARKONAH: "Genah nyong sering nonton Islam KTP"

38. PONTIANAK
WANYAD: "Nyong dugal nemen wingi ning Jakarta BAN..",
DALBAN; "Dugal nang apa sih?",
WANYAD: "Numpak bis ning iringane nyong takon.. Mas aslinya mana kok ngomongnya medok? saya dari Brebes..jarene Brebes itu mana yah.. ya nyong lagsung munjuk oh..kamu itu sekolah nggak sih..geografinya dpt berapa..brebes itu sbelah timurnya cerbon sebelah kulonnya tegal di Jawa Tengah tau!.. kota yg terkenal penghasil bawang merahnya karo ndog asin.. paham belih SON...kamu sendiri darimana..saya pontianak Mas..lah saya aja tau pontianak itu dimana kok..sampeyan gak tau Brebes....Pontianak itu sumatera kan?!"

39. DISAPIH
KAPSAH: "DAR siWANYAD bisane saiki katon gering sih DAR?",
DARKONAH: "Genah wis sawulan tak sapih ka Yu?",
KAPSAH: "Sih disapih pime DAR?",
DARKONAH: "Biasane tah log-logan oh Yu..sawengi2 angger ora ngempeng disit ya durung bisa turu..kemutan kaya wong nyupang tuyul.. gongkon nyong sing gering disedoti bae..ya sungkan yah ",
KAPSAH: "Lah toli saiki ora gelem nusu maning?",
DARKONAH: "Wis ora! saben dina centil-centile tak lepeti bratawali...leder2x kowen..puas ladas..wis ora tak urusi Yu"

40. NGULUKNA LAYANGAN
DALBAN: "Kening apa NYAD daning keder kaya kuwe?!",
WANYAD: "Sssstttt aja ribut Ban.. ngko dong ana aparat mene nggoleti nyong ngomong bae ora weruh konong ya..",
DALBAN: "Ana apa2x sih! kayong medeni temen..",
WANYAD: "Miki gara2 ngulukna layangan ng lapangan.. lagi muluk enak2ka nyong keplesed tai.. dadi layangane nggesut oh.. nyubleke maring ndase camate sing lagi ngadeg mimpin upacara.. nyong langsung mlayu oh.."

41. BAB UTANG PIUTANG
WANYAD: "Pak Kyai kulo bade taken tapi isin",
KYAI: "Pan takon apa sih NYAD..wis ora usah isin2..wong takon masalah fikih kuwe olih ganjaran..mbuh kuwe bab apa mbuh apa wis ditakokna bae ora usah isin2",
WANYAD: "Nggih Pak Kyai niki bab utang piutang..",
KYAI: "Oh ya wis silakan oh NYAD.. nyong bisa njawab ka..pan takon kepimen?",
WANYAD: "kulo bade taken.. Pak Kyai gadah arto nopo mboten.. kulo bade utang kalih Pak Kyai.."

42. MANGAN WESI
WANYAD: "BAN nyong tas nggorohi wartawan..",
DALBAN: "Wartawan sapa NYAD?",
WANYAD: "Wartawan Trans Tv",
DALBAN: "Sing wonge kacamatanan?",
WANYAD: "Iya..",
DALBAN: "Nggorohi pimen..",
WANYAD: "Tak warah gaeh nang Klampok ana wong sing sokan mangan wesi..arane DAMIN..wartawane lngsung ngenceg bae pan dishooting..barang tekan kana kepreh2an daning mangane sega ka..ya tak omong yah.. Damin kuwe tukang rongsokan wesi..rongsoke dedol nang nggo mangan belih?"

43. BENGKEL NGABLU
KAJINE: "Pimen NYAD wis bisa distater durung mobile nyong?!",
WANYAD: "Durung Pak Kaji.. ",
KAJINE: "Pimen sih daning wis 4 jam durung bisa murub2x wong kaya kuwe tok be ka.. wingi lg ngundang si Dirsun diutik sadelat be bisa langsung moni jleng.. aduh toli kwe bisane mesine di odol2 kabeh ky kuwe NYAD?!",
WANYAD: "Si Dirsun tah iya oh Pak Kaji wong rasan nyambet gawe ning bengkel mobil",
KAJINE: "lah kowen jare tau ning bengkel juga mugane tak undang mene?",
WANYAD: "Iya Pak Kaji tapi nyong ning bengkel pit"

44. KARAOKE
WANYAD: "Kalau sudah tiada... baru terasa... bhw kehadirannya sungguh berharga..sungguh berat aku rasa.. kehilangan dia..",
DARKONAH: "Wis Kang lah budeg3x.. belih ngarti wong lagi bludrege munjuk apa yah.. karaokean bae!..sipet3x",
WANYAD: "Eh..dasar kadal ijo!.. kampret! dobol kowen tah.. belih tau gawek senenge wong lanang! toli nyong kiye nembang kan romantis oh..karo mbayangna kowen ..prangasane ning kana kowen kuwe wis mati.. dadi nyong kiye kelangan.. sedih.."

45. GANTUNG SEPATU
DALBAN: "Kowen gemiyen pensiun dadi pemain bal nang apa NYAD..cedera?",
WANYAD: "Ora ka",
DALBAN: "Sih nang apa",
WANYAD: "Gara2 pan dedu nyong mendem disit..ning lapangan nyong ora sadar prangasa lincah nemen..bal tak giring awit sg tengah lapangan..siji nganti pitung pemain tak lewati..bisa ky maradona bal langsung tak umbulna kipere mlongo Gullll!! nyong jingkrakan..sg nonton pd ngrutug teka kabeh tp ka ngomonge Goblog.. Dobol..Asu..! gawange dewek daning digulna Blog..Blogg..Goblogggg!"

46. SUMBUK
LUPIT: "WAD kowen daning ora tumon ngapeli Si DARTI maning..",
TARWAD: “Lahhh sungkannn PiT!",
LUPIT: "Nang apa sih WAD.. eman2 oh...",
TARWAD: "Eman2 apane.. wong kowen belih ngarti nang..",
LUPIT: "belih ngarti pimen sih..?",
TARWAD: "Wingi lagi tak gesrakna nang karangan.. toli tak cempedna ning ngisore wit pace... nyong tembe ngarti syung... jebule ndase isine sumbuk...tumane nganti pd kemrutug...sing maune nyong wis njengat dadi mentiung maning oh..."

47. TREK MOMOT JARAN
DALBAN: "Nang apa NYAD daning leteh tlepong kaya kuwe..toli daning katoke bolong",
WANYAD: "Duh BAN untung slamet2..olih-olihe ngindik wong adus.. konangan..wonge njerit..nyong dipleter wong sa-RT..nyong mlayu belih..tekan dalan nyong weruh trek momot jaran lg mandeg..tak panjat bae langsung umpetan..karo apen2 jengking..lah nrokcoke weruh nyong njengking..jaran lanang janji mlangkrok bae..karo kuwene disogok-sogokna nang bokonge nyong"

48. TAPIH BEDAH
DARKONAH: "KANG brarti nyong kiye negin sexi yah KANG",
WANYAD: "Piben sih DAR?",
DARKONAH: "Sampeyan ngandel ora KANG..miki wong sa-njerone pasar bisa ndelengna nyong kabeh..nganti lagi pan balik..tukang becak pada rebutan.. balapan pengin ngaterna balik..ajibe dibayar belih gelem KANG..mung cengar-cengir tok karo ndelengna bokonge nyong bae..",
WANYAD: "Hah..apa..ndeles madep mana..ya pantes bae..wong raimu nganggo tapihe bedah..ora cawetan katon bokonge.."

49. DAGANG AQUA
WANYAD: "Nyong miki pan dikrutug wong saporete BAN",
DALBAN: "Bisane NYAD?",
WANYAD: "Ya nyong kan ora salah..wong arane dalan lg macet ng nyong olih dagang aqua belih.. nyong manjat bis..ana wong 4 tuku aqua-ne nyong..duwite atusan kabeh..lah nyong laka jujule ng mudun belih.. luruh jujul",
DALBAN: "Toli olih jujule?",
WANYAD: "Ya kue nyong mider2 ngijoli duwit mena-mene laka..nganti pan 2 jam tembe olih..lah penumpang 4 kuwe ngenteni ng dalan..bis'e bantas"

50. RAI BAKSO
TARWAD: "Nrokcok nemen miki his Pit..tak alem nemen-nemen ka balesane enak ora",
LUPIT: "Sapa WAD?",
TARWAD: "Si MARYATUN anake carike..tak omong kaya kiye..Nok sering maring WARNET yah..jarene dih daning rika ngerti KANG..ya masalahe dirimu telah mendownload hatiku sih..lah ka dibales ky kiye..Ari rika sih KANG senenge mangan bakso yah..dih daning ngarti nok senengane nyong..lah ka jawabe..Lah kuwe sih raine rika bisa kaya ondol-ondol..nrokcok belih?!!”

51. NYUNDUL BOKONG
DARKONAH: "Nrokcok nemen miki his Yu",
YU KASMI "ana apa DAR?",
DARKONAH: " Numpak elep ora keduman nggon..ngadeg ng lawang..bolak-balik dicempedi wong lanang bae..makane macete por2-an oh, gr2 brug pemali..lah ka ujug2 ng bokong rasane kayong ana sg nggesrek2 kr ngganjel nemen..tak cekel belih..toli tak takoni kiye apa Mas!..lah ka monine jungkat..ya tak remed sisan oh nganti moni krekekk..tuman ka..wonge njerit..duh7x langsung mudun karo ngegang"

52. KALPANAK
DARKONAH: "Kang sing arane KALPANAK kuwe obat apa sih KANG?",
WANYAD: "Kening apa sih DAR?",
DARKONAH: "Gaeh si Lupit njerit2 miki matane tas klilipen.. tak damoni ora metu2 akhire tak pupuhi oh.. tapi bisane ireng2 matane ka malah dadi ilang dadine malah putih kabeh KANG",
WANYAD: "nganggone apa DAR..",
DARKONAH: "Kiye anggo KALPANAK..KANG",
WANYAD: "Goblog kowen.."

53. NYACAK SANDAL
DALBAN: "Kowen bisane wingi lagi sembayang maghrib nang langgar bar assalamu'alaikum lngsung mencolot balik bae sih NYAD?",
WANYAD: "Iya nang BAN. nyong wedi",
DALBAN: "His wedi pimen..ora salah daningka wedi..",
WANYAD: "ora..lagi pan banyu wudhu..nyong pengin nyacak sing arane sandal kulite wong sugih kuwe rasane pimen..lah sandale mantrine tak nggo banyu wudhu..nyong klalen tak telesi..lah ka betat..nyong lingak-linguk oh..lah ka ana bocah cilik weruh.. hayuh kowen tak tuturna mantrine"

54. PADAMU NEGERI
LUPIT: "Pa, Ma'ne lagi apa Pa",
WANYAD: "Gaeh lagi nglempiti jarit.. ana apa sih Tong balik sekolah mlayu2 nggoleti Ma'ne",
LUPIT: "Bener Ma'ne jebule Pa..",
WANYAD: "Bener pimen Tong?",
LUPIT: "Lah PR pencipta lagu Padamu Negeri jare Ma'ne kan ngomonge Kusbini..kuwe sing bener",
WANYAD: "Lah jare Bapa lagi bengi apa sih Tong",
LUPIT: "Bapa kan monine Kus Plus ",
WANYAD: "ader Tong..brati kowen ngisine bener oh Tong.. nuruti Mane sih",
LUPIT: "Bener apane wong nyong be ngisine Oma Irama ka Pa.."

55. SERBET MOTOR
DARKONAH: "Nyong ka sengit nemen karo KANG WANYAD his YU KAS..",
KASMI : "Sih sengit nang apa DAR?",
DARKONAH: "Wong cawet mungmunge..pan tak enggo nggo njukut rapote si Lupit maring sekolahan.. lah ka denggo nggo nyerbeti motor disit karo KANG WANYAD.. tekan rante2ne ana apa.. ya pas tak enggo nang pelakangan rasane ngglabed nemen oh.. barang tak uculi bisa kraket.. rambut nganti pada ngeprol"

56. DIPECAT
WANYAD: "Aduhhh.. nembe nyambet gawe kepenak setitik wis dipecat nyong BAN",
DALBAN: "Lah nyambet gawek apa NYAD?",
WANYAD; "Dipercaya cina gonkon nyekel toko obat bawang.. lah ka ana wong loro tak kira pan tuku.. takone werna2 awit sing obat tekan sg duwe.. ya tak walehna yah.. sg duwe kuwe wong hebat.. tokone kr umahe nang endi2..mobile ya pirang2.. lah jebule wong kuwe wong pajeg.. ya majikane nyong kena pajeg gede oh..nyong dipecat.

57. ORA WEDI KARO POLISI
WANYAD: "Nyong saiki karo polisi ora wedi BAN",
DALBAN: "Bisane?",
WANYAD: "Wingi lagi ana operasi nang Tegal..nyong ora duwe SIM nyong tenang2 bae",
DALBAN: "Lah biasane kowen langsung mencirad balik maning",
WANYAD: "Ora BAN.. genah waktu nyong distop nyong langsung njoged kr nembang chaiya chaiya chaiya..3x","Dihlah sg bener koen..toli polisine sida nilang belih?",
DALBAN: "Justru kue BAN tak kira sih polisine kaya BRIPTU NORMAN jebule enyong digentak toli digongkon push up"

58. NGAKALi SPANDUK
WANYAD: "Wong dong ora duwit kuwe pancen laka tunggale yah BAN..",
DALBAN: “Nang apa sih NYAD”
WANYAd: "Nrokcoka DARKONAH.. abong-abone enyong ngasab lagi sepi.. ana spanduk pengumuman sing dipasang nang tiyang listrik..ngongkon dijukut mbokan bisa durupna..ya bengine nyong krekelan belih tak akali.. balik-balik enyong ditakoni DARKONAH..kecandak KANG lumayan belih jarite? jare nyonge kecandak-kecandak wadukmu ndobrol.. ora modar be untung ka.. ana setrume syu!"

59. JUARA MINTON
DALBAN: "NYAD kowen gemiyen persaku tau juara minton tingkat kecamatan",
WANYAD: "Iya bener BAN..kowen ngarti ora waktu kuwe lawane sapa!..Sukrad wong DESA KUPU..ari eling enyong kaku nemen syung",
DALBAN: "sih kaku pime NYAD?",
WANYAD: "Dobol ka 14 14 ora rampung2 pindah bola pindah bola bae..akhire nyong luruh akal oh..tak deleng nang iringan lapangan ana tembelek.. kok'e langsung tak lewekna bae.. begitu nyong olih serpen.. enyong langsung konsentrasi.. tak lirik sukrade wis ngenteni karo mangap..begitu les kok’e tak anjatna...tembeleke mencolot maring cangkeme Sukrad belih... gidrah bjuah...bjuah..bjuah...langsung gim oh ya... Alhamdulillah.."

60. GRAYANGAN
DARKONAH: "Yu KASMi aja kanda2 KANG WANYAD ya",
YU KASMI: "Ana apa sih DAR..",
DARKONAH: "ora.. mau awak rasane bisa pegel kabeh.. ngongkon MBAH KASEM gongkon ngurut ka monine lagi mriyang.. ya akhire mau ngundang KARDI picek oh.. prangasa wong picek ikimen nang masa grangsangan belih..tapi ka jebule nrokcok.. gongkon mijeti geger nemen-nemen ka grayangane bokong bae..malah nyong pan ditindihi..ya ndase tak glito nganggo irus oh..mlayu nganti nabrak-nabrak apa sing ora...."

61. NGLATIH VOLLY
DALBAN: "Sing endi NYAD?",
WANYAD: "Kas nglatih volly ibu2 PKK BAN..",
DALBAN: "Dih pentolan temen..",
WANYAD: "Kandakna enyong miki isin nemen ka..",
DALBAN: "sih isin pime?!",
WANYAD: "Wong ibu2 latihane pd nganggo clana trening nglapet2 nemen.. nganti cawete pd ngecap.. ya enyong pan nglatih nyemesh ora bisa2 oh.. begitu pan mencolot manjat ngganjel.. begitu pan mencolot manjat ngganjel.. makane enyong koloran oh..menjutune bisa ketara nemen"

62. NONTON MISBAR
WANYAD: "Bengi ana misbar.. mumpung DARKONAH turu sore.. tak tinggal merad nonton BAN",
DALBAN: "Pileme apa sih NYAD?",
WANYAD: "pilem tah ora tak urusi sg penting bisa luruh wadonan",
DALBAN: "toli olih NYAD?",
WANYAD: "Kandakna sing mburi tah rambute dawa..nganggone lekton..nontone nglemprak..lgsng tak pereki tak rayu dejak kenalan..wong peteng ya bli ngarti ya..barang byar gambare padang.. naudubilah..jebule untune mrongos kena nggo cukilan tutupe sprite BAN"

63. SEPATU
DARKONAH: "KANG bisane nyong balik sg pasar, klambi sa lemari pd madul2 kabeh kaya kiye sih",
WANYAD: "Raimu nyelagna kaos kaki'ne nyong mbang endi DAR..tak bowek2 sa lemari ka bisane laka kabeh..belih ngarti nyong pan madep lurahe apa yah urusan pemrentah!",
DARKONAH: "Lah kaos kaki sg gemiyen kae KANG..wong setaun sepisan be gurung karuan denggo ya embuh oh..gaeh sepatune be njengkangkang ng petarangan ayam nganti lumuten..kuwe be mung gari sesigar"

64. BABARAN
WANYAD: "Umur 8 tahun bisa babaran yah BAN..ckckckckck",
DALBAN: "His sing bener bae NYAD.. bocah wadone sapa... anake sapa sing umur semono wis babaran... diperkosa apa pimen.. toli ader bocah semono wis mens?!",
WANYAD: "His..sing kanda masalah bocah wadon kuwe sapa.. kiye nyong lagi kanda masalah Jarane Man Dori.. umur 8 tahun.. bisa nganak maning..",
DALBAN: "Eh dobol kowen yah NYAD.. "

65. BONGKO
WANYAD: "Nrokcoka lagi bengi.. nganti isin nyong BAN",
DALBAN: "Pime sih NYAD?",
WANYAD: "Ngunjungi pengajian Rajaban..njagonge ng korsi ngarep..tp wetenge nyong bs kruyukan ngelih nemen, sing sore durung pakani..lah nrokcoke bongko sg kudune digeser mrg mejane nyong ka minger memburi ya matane nyong pendirangan bae oh..lah ujug2 Kyaine takon nyong..Mas wong urip kuwe sing digoleti apa..ya spontan tak jawab yah..Bongko Pak Kyai..ya wong2 pd gerrrrrr..gemuyu kabeh oh"

66. KESURUPAN
DALBAN: "DAR.. WANYAD'e ana?",
DARKONAH: "Laka ka BAN..",
DALBAN: "sih maring endi DAR?",
DARKONAH: "Miki tah poyane jare pang mancing.. nggawak watang karo ember cilik ana apa..",
DALBAN: "Mancing nang sih endi DAR?",
DARKONAH: "Jarene tah nang kali brug putih..",
DALBAN: "Dih lah nang kono tah kocape tabet nemen oh DAR.. akeh baya putihe.. belih wedi kesurupan syetan?",
DARKONAH: "Wedi apane.. Kang WANYAD ka wedi.. nang malah syetane sing pada semingkir oh BAN.. wedi kesurupan WANYAD.."

67. ORA SIDA KAWIN
Si SUM: "wong dong ngimpi ditumbleg jaran kuwe perlambang apa sih Yu DAR?",
DARKONAH: "Kuwe artine jodone kowen brati wis perek SUM?",
Si SUM: "Perek apane..wong malah trancam batal & mengenaskan ka Yu DAR",
DARKONAH: "Sih bisane?",
Si SUM: "Gyeh nyong lagi wingi kanda ngimpi kuwe kr Bapane enyong..lah ka Bapane enyong langsung mencolot bae maring MAN KADIR..masangi nomer jaran.. ndilalah nang kono lg ana polisi..ya keciduk oh..lah enyong bar bada pang kawinan sih waline sapa...Bapane..Bapane..ana2 bae sih..."

68. SONGKRAH
WANYAD: "Nyong ka juwet nemen karo si DARKONAH his BAN..",
DALBAN: "Pime sih NYAD",
WANYAD: "Angger turu mesti songkrahe por-poran.. cetantangan ora eling...bisa kaya jaran lumping.. sikil be nganti manjat maring ndase enyong.. ya nyong dugal belih.. jengkel-jengkele enyong lagi bengi sikile tak glibed anggo tali rapia.. toli enyong gemboran.. kebakaran3x..lah DARKONAH kaget mencelat tapi langsung ngglidag..garese nganti nrejang ranjang.. njempling2x.. puas ladas.."

69. MENEK GENDENG
DARKONAH: "KANG rika sing endi bae sih..miki enyong isin nemen oh",
WANYAD: "Sih bisane isin nang apa DAR?!",
DARKONAH: "wong tipi gemresek bae, enyong njukut anda pan mbenerna antena..lg manjat enak2 ka.. tapihe enyong mlorod.. ya nyong lingak-linguk oh..gagiyan mudun maning..tp durung anjog lemah ka ujug2 ana suara..dih Yu daning bokonge pating pengkirud..ya nyong langsung mencolot karo tiarap oh KANG..dobol ana wong ider arumanis liwat anggo pit.."

70. DURUNG WAKTUNE
WANYAD: "Miki nyong tas digrombyang Ustad Mu'i saporete BAN",
DALBAN: "Lah bisane NYAD..koen konangan lg maksiat?","Ora..mau bar dhuhur nyong leyeh2 terus keturon.. lah tangi2 ndeleng jam'me langgar setengah papat..ya nyong langsung gratakan mic belih..nyetel ampli toli adan ashar nganggo speker..lg enak2 adan ka sg mburi nyong ditonggong endase..koen kiye apa2nan..negin jam loro bisane adan! jebule jam'me langgar sg pancen mati BAN"

71. MALAM PERTAMA
WANYAD: "Kaku enyong tah BAN lagi bengi",
DALBAN: "Nang apa sih NYAD?",
WANYAD: "Daturi akad nikah ning kawinane Mbah Damin",
DALBAN: "Sing kawinan karo besane dewek NYAD?",
WANYAD: "Iya..tuwa pada tuwa..bare ijab kabul wong2 ora langsung pd balik..tp pd ndopok ndisit..lah tembe jam wolu, ka wis diurak2 kr Mbah Damin.. jarene.. kiye jawane pan pada apa2-nan eyewene durung pd merad balik... belih ngarti wong tuwa pan rilex apa yah..cepet mana pd balik!


72. GARA-GARA BOKONG
DALBAN: "Nang apa NYAD daning batuke menjoto ky kuwe",
WANYAD: "Asyem ka BAN paling2 mung nyawang kr nggremeng tok be ka",
DALBAN: "nggremeng pime NYAD?",
WANYAD: "mau lg ana wong wadon liwat ng ngarepe umah..bokonge bisa kaya semangka nemen..jare aku kr nggremeng..dihhh..angger disendok sg mburi tah kayong penak nemen ndeyan yah..lah ka batuke nyong diglito anggo irus",
DALBAN: "Sapa NYAD..wong wadone krungu?",
WANYAD: "Dudu..si DARKONAH jebule nang mburine enyong"

73. NAWANI JAGONGAN
WANYAD : "Miki tas numpak Elef BAN..diprotes bch wadon ayu",
DALBAN: "Diprotes pime NYAD?",
WANYAD: "Lah iya bocah wadon kuwe sing mau ngadeg..lah nyong njagong..ujug2 ana wong meteng numpak..ya nyong melas yah tak gongkon njagong ng jagongane nyong..toli nyong ngadeg..lah ka bch wadon kuwe protes Mas bisane nyong sg mau ngadeg ora ditawani njagong sih..ya tak jawab yah..kuwe tah wong meteng ng mbak..angger rika gelem tak metengi nang tak tawani"

74. BOCAH NROKCOK
DARKONAH: "KANG nang apa sih si Lupit.. bisa nangis kaya kae jare kenang rika..",
WANYAD: "Nang apa.. nang apa.. miki tak geblogna ndase..",
DARKONAH: "Dih..! bisane sih KANG.. wong karo anak ka yah.. aduhhhh..dong kicir pimen?!",
WANYAD: "Eben..!! ben kapok ka!!.. dasar bocah nrokcok.. gongkong tuku PARAMEK.. sing ngenteni nganti ndase wis nguling2x pan njeblug ka ora balik2x .. malah jebule duwite nggo tuku plembungan.. bangsyet belih..??!!

75. JAMU
WANYAD: "Aduhhh..miki tas mampir ning warung jamu BAN..tp pan tukaran",
DALBAN: "tukaran pime NYAD?",
WANYAD: "Sing dodol kan ayu..nyong pesen jamu kuwat..enyong takon kiye bisa kuwat pirang ronde Yu.. lah sg dagang ka pesam-pesem ya nyong penasaran belih.. tak rayu sisan oh.. kr he ha he he kiye nyobane pimen Yu bisa praktek ora..lah ka sg mburi ujug2.. bisa mas karo enyong ya.. pang ngejak pirang ronde sampeyan..dobol jebule singlanange BAN"

76. TILANG
WANYAD: "Nyong miki tukaran karo polisi BAN..pan ditilang enyong ora gelem",
DALBAN: "Dilah bisane NYAD..",
WANYAD: "Jarene enyong kuwe melanggar UU lalu lintas ora duwe SIM kr STNK",
DALBAN: "toli kowen jawabe apa",
WANYAD: "ya tak jawab yah Bapak juga melanggar UUD 45..polisine kaget bisane..gyeh Pak ngarti ora fakir miskin & anak terlantar kuwe dilindungi oleh negara..rika ngarti ora Pak...enyong kiye numpak motor pan mrg endi..enyong kiye pan gadai mrg pegadaian ngarti Pak..!, motore pan tak gadai.."

77. HAPE
WANYAD: "DAR kowen weruh Hapene enyong?",
DARKONAH: "Hp sing endi KANG..ader rika gableg Hape..Hape sing endi..?!",
WANYAD: "Sing endi.. sing endi genah lagi sore enyong tembeke tuku ka.. ngganteni dekene DALBAN..duwit olih umpul2 sawulan..lg bengi tah persaku tak doloh nang njerone sak clana biru..toli clanane endi kiye..clanane endi..lg bengi nggantung nang kastok kiye oh.. ",
DARKONAH"A.. a.. anuk KANG..",
WANYAD: "Anuk2 apa?!",
DARKONAH: "Lagi Rika turu tak kum.."

78. WONG EDAN
WANYAD : "Nrokcok his BAN.. asyem ka..",
DALBAN: "Ana apa NYAD!",
WANYAD: "Dobol ah! wong lagi enak2 oncal-ancul kr DARKONAH ka lawang didobrag.. brag!! karo ngomong tiarap..dor dor..dor!!.. ya nyong kaget pan modar yah.. Darkonah nganti mingseb..",
DALBAN: "Sapa NYAD sing ndobrak?!",
WANYAD: "Asyu.. si DIKIN kentir.. mlebu karo nggawak gagange sapu..",
DALBAN: "si DIKIN sing edan ora bisa mlebu ABRI NYAD?",
WANYAD: "Iya.. asyu ka.. langsung tak glito nganggo gagange sabuk.. "

79. VARIASI
DALBAN: "Gyeh NYAD nyong pan takon kr kowen sg nom-nomane mblunat..barange wong wadon kue miturute kowen modele apa bae!!",
WANYAD: "Ehhh kuwe BAN..ya pirang2 yah..ana sg kaya pelem..ana sg kaya semangka..ana sg kaya duren..ana sg kaya melon lan sebagene",
DALBAN: "Lah sing bener bae kowen NYAD..loke ana-ana SARBO'AH bentuke ky duren?!",
WANYAD: "Ehh Goblog.. sing ngomong "BENTUK" kue sapa..kiye nyong kanda masalah rasa bol..!!

80. KIBLAT
LUPIT: “Ma..bisane Masjid kue madepe ngulon sih Ma?",
DARKONAH: "Ya masalahe kiblat kue kan nang arab sih Tong..Arab kan mbang kulon..dadine ya madepe ngulon oh",
LUPIT: "Oh..kaya kuwe Ma.. toli gaeh sih Ma.. wong-wong sing sembayange pada madepe ngetan, ngalor atawa ngidul.. kuwe kiblate mbang endi Ma",
DARKONAH: "Eh..kuwe tong.. kuwe kiblate ya sasenenge tukange sing mbangun tempat sembayange oh TONG..angger tukange senenge madep ngetan ya ngetan.. angger tukange sengenge ngalor ya ngalor.."

81. TUKU PANGSIT
WANYAD: "Aseme por miki BAN",
DALBAN: "Pime sih NYAD?",
WANYAD: "Bar udan weteng bs ngelih nemen.. DARKONAH njaluk ditokokna pangsit maning..akhire grimis2 nyong mencelat maring pangsite PARDI.. klambi tak uculi mbokan puyuhen akhire mung sarungan tok..begitu ws dilayani nyong balik nggawak rong mangkok..lah ka ujug2 udane gede maning..ya nyong mlayu oh..digawak mlayu ka sarunge mlorod dobol belih..motor liwat nganti pd nggesut weruh nyong gedabelan"

82. TAWU
WANYAD: "Kowen daning tawu luruh iwak ning kono WAD ora sekolah?",
TARWAD: "Ora.. lagi sungkan ka WA.. sekolah tah mumet..",
WANYAD: "His ora kena kaya kuwe oh WAD.. gyeh deleng nyong ora duwe ijasah uripe kaya angin mobat-mabit..",
TARWAD : "Kuwe tah rika oh WA.. gyeh WA tak kandani urip kuwe sg penting bisa luruh duwit sg halal.. duwe... ijasah duwur2 angger nyambet gawene maling kr korupsi ya percuma oh WA.. suka tawu kaya kiye.."

83. BENTING
WANYAD : "DAR, nyilikna weteng nganggone apa sih yah?",
DARKONAH : "kening apa sih KANG, endah kaya kuwe bae ka..mentakan dong kempes akeh bocah wadon pd naksir..",
WANYAD: "dudu ky kuwe DAR nyong dong nglagani kowen toli posisi ng ngisor kayong megap2 ora bisa ambekan keganjel weteng..",
DARKONAH: "sih pan dibentingi bae KANG?",
WANYAD: "Ora lah nyong isin kr DALBAN... engko dipoyoki ndarani tas babaran.."

84. MUNTUK
DARKONAH : "Dih KANG daning ning kaca pipine nyong bisa katon gerong kaya kiye KANG laka muntuk-muntuke acan.. kurang sexi KANG.. enyong pengin eben radan gembil setitik kuwe keprimen yah KANG?",
WANYAD: "Kowen pipine pengin katon radan gembil DAR?",
DARKONAH: "Iya kepimen sih KANG..",
WANYAD: "Gyeh tak warahi ya.. ngaca bae ning lampu petromax tak jamin be...lih mung pipi tok sing gembil sa batuk-batuke katon gembil.."

85. SETAN INGGRIS
DARKONAH: "KANG gyeh wis tak tatakna kabeh ana kopi kr pisang goreng..ari pan adus kaeh banyu anget",
WANYAD : "Dih DAR nyong blih nyangka kowen dadi wong wadon bisa mbekti nemen kr wong lanang",
DARKONAH : "makane KANG rika dadi wong lanang kwe mandeng nyong aja scr PARSIAL bae sg wudel tekan mengisor tok..tp kudu secara KOMPREHENSIF..ari ngomong aja SARKASME bae dadine nyong kan SINDROM",
WANYAD: "kowen lagi ngomong apa sih DAR daning bisa kaya kuwe lagi kanjingan SETAN INGGRIS apa yah?"

86. NGEROK
‎WANYAD : "Kowen dikongkon ngeroki kepriben sih DAR, belih abang belih acan kaya kiye.. kepiben angin'e pan metu..",
DARKONAH : "Semono ora abang sih abange sepira KANG..",
WANYAD : "Gyeh buktine ning ndas megin2 kliyeng2 nemen kaya kiye.. berarti angine megin mulek ngarti!",
DARKONAH: "Pancen dasar rika tah kulit-kulit terpal ya.. kudune tah ndeyan ngeroke nganggo sekop KANG..",
WANYAD : "Brisik ah dikongkon ngerok ka malah ngodor.. jejeli gagange uyuh toli ladas"

87. BLAJAR PUISI
WANYAD: "sanajan raine kowen burak rantak kaya codot,... sanajan raine kowen rodal-radil kaya klambi sing kening banyu aki... tapi nyong tetep demen..."
DARKONAH: "Sapa KANG!",
WANYAD : "Ora kiye nyong lg blajar maca puisi jarene kudu karo penjiwaan..",
DARKONAH : "ya kudune karo mbayangna..eben mresep",
WANYAD : "justru kuwe DAR nyong disambi mbayangna kowen..",
DARKONAH: "Sikah.. nyong danggep codot KANG!"

88. LOWONGAN
DARKONAH :"Koran awit esuk diwolak-diwalik bakute belih bosen KANG?britane durung rampung?",
WANYAD : "Brisik kowen DAR ah.. blih ngarti wong lanang lg luruh lowongan apa yah?",
DARKONAH: "Lowongan apa KANG, ijasah be gableg ora",
WANYAD : "Sikah kowen aja ngece DAR.. gyeh enyong miki wis ditawani lurahe gongkon melu ujian persamaan kejar Paket B.. njagani sewaktu2 pemerintah buka lowongan CPNS..nyong pan daftar ng bagian sg teles kaya GAYUS.. "

89. SANDAL SELEN
DARKONAH : "KANG rika pimen sih jemuahan daning nganggo sandale selen..",
WANYAD: "Kowen belih ngarti yah DAR.. masjid ning kono tah bocahe nrokcok2.. jemuah wingi nyong anggo carvil anyar barang balik keri ka sandale ngeclap...olihe ya turahan kaya kiye... kiye nyong pan balas dendam.. pan tak balakna ...sandal selen kiye..begitu IMAME engko salam nyong pan langsung mencolot balik karo pan disit-disitan luruh CARVIL..."

90. DIKRAKUT CURUT
DALBAN: "Tangane kening apa NYAD?",
WANYAD: "Dicokot curut... BAN","Bisane NYAD...?","Kiye gara2 DARKONAH...njaluk dijukutna kutang ning njerone lemari..",
DALBAN: "terus..",
WANYAD: "tak boak-boak langka kabeh... barang ndeleng mengisor ana radan dawa nglawer prangasa ya tali kutange DARKONAH tak dudud bae... jebule ka buntute wirog lagi umpetan ...ya langsung krakut bae oh.. nyong njempling2.. langsung tak sotna.."

91. UTANG
WANYAD: "BAN utang duwite ndes",
DALBAN: "Pan nggo apa NYAD?",
WANYAD: "Pan nggo ndadani motore GAWIR",
DALBAN"Lah kening apa sih",
WANYAD: "Kye gara2 si DAKRUN..ngejak nonton ENCLE ng SIBAJAG BANGSRI..sedawane dalan nyong lg nyetir direwodi bae..geger weruh wong wadon njiplong ng sawah ya nyong nglinguk yah lah ka barang madep ngarep ujug2 ana kebo liwat ya nyong banting ngiwa oh.. motor nggesrak nabrak leneng nyong kr DAKRUN njengkangkang ng galengan"

92. NGERJANI GURU
TARWAD: "Nyong ka jeleh nemen sung angger BU WARNITI lagi mulang Pit, wis galake por.. ari mbiji nyong senenge sangisore lima.. piben nyong pan seneng matematika.. pambelih temen ka mau tak kerjani dadi ora sida mulang.. ",
LUPIT: "sih dikerjani keprimen WAD..",
TARWAD:"Kowen nang ngarti oh ya BU WARNITI penyakite bengek..","iya terus..","Ning ...lorogane meja guru tak dokoni karbit.. nyegrak2 kowen.. tak deleng wahin terus nganti meled-meled"

93. DISETRAP BP
LUPIT: "WAD kowen disetrap BP maning?",
TARWAD: "embuhlah arane be wong lg apes",
LUPIT: "Dudu apes WAD wong dasare kowen bae sg kebangeten", TARWAD: "kebangeten pimen.. genah kuwe gara2 sg liyane apen2 pulpene pd ditibakna..lah nyong kan melu2 pengin weruh cawete si MARYANA bocah pindahan sg anyar..apese pas ng enyong kae'ne gemboran..","lah bisane ...gemboran WAD","lah pulpene nyong tibane pas ng sepatune ya pertela nemen..cawete warnane KORPRI"

94. LURUH BANGKU
WANYAD: "WAD tumben mangkate esuk2 kuwe nang sekolane durung buka oh.."
TARWAD: "Ora ka WA uwis..",
WANYAD: "Dih kayong sregep temen WAD.. ",
TARWAD: "pan testing ka WA..",
WANYAD: "emange testinge esuk2 WAD?",
TARWAD: "Lah rika kayong belih tau sekolah bae takone werna2.. ya luruh bangku yah.. posisi menentukan prestasi.. paham WA?"

95. SURAT PERINGATAN
LUPIT: "WAD wingi surat peringatan sg BP wis didekena Bapane kowen?",
TARWAD: "Emohlah geleman temen dibebodo BP..dekena Bapane nyong nang pada bae bunuh diri oh..",
LUPIT: "Lah terus sing pan maring BP sapa wong kuwe wong tuwane pancen kudu teka",
TARWAD: "Nyong ngongkon Man DARUM PiT, sg sering gresek ning pasar bawang tak kongkon dadi bapane nyong tak upahi mang ewu",
LUPIT: "Sikah Man DARUM tah seradan kenthire oh",
TARWAD: "Eben ka.. ben BP-ne melu2 kenthir"

96. NGAKALI LAYANGAN
DARKONAH: "Pimen sih Pit, wis kaplaka menek wit kresem nganti tiba kaya kuwe..",
LUPIT : Aduh Ma.. lara Ma.. aja diganyami bae oh Ma..",
DARKONAH: "Lah kowen toli bedug2 penekan kresem pan apa..",
LUPIT: "wong kiye gara2 TARWAD ka Ma.. wong nyong sing menek ngakali layangan.. barang wis kecandak pan mudun uwite dilepeti tai.. ya nyong pan mudun keder oh.. barang mencolot layangane ucul dirayah TARWAD Ma.."

97. BEWOK
WANYAD: "DAR nyong ngger raine ditambai bewok jare kowen kira2 tambah gagah belih DAR.. ben bisa kaya cuk noris",
DARKONAH: "dih njelehi temen KANG lah.. wis belih susah.. bati keri..toli cuk noris kwe sapa KANG?",
WANYAD: "Halah kowen kiye dadi wong terbelakang.. pengetahuanne cetek.. ya kaeh oh bintang pilem holiwud",
DARKONAH: "wis pokoke belih susah KANG digawe kumis mung telung ler be ari ngambung nganti nyacag cungur nggawe nyegrak apa maning bewok"

98.LURUH MANUK
WANYAD: "Aduhh.. untung bae ora kena bokong BAN..",
DALBAN: "Ana apa maning..",
WANYAD: "Miki nyong karo DAMAD luruh manuk ning karangan..nganggo bedil anyare DAMAD..",
DALBAN"Terus??",
WANYAD: "Gilirane nyong belih.. tak keker anggo kekerane bedil oh.. menduwur mengisor menduwur mengisor..Lah ka ujug2 bokong bisa pertela nemen ning ngisore wit randu.. wong wadon lagi ngising BAN.. ya nyong tertegun belih..Lah si DAMAD ujug2 ngeplak ndase nyong.. ceplakk.. daning suwe temen.. nyong kaget plurune mlesat belih.. lah sing ngising njimprak..bangset gyehh!!"


99. SELAMAT TAHUN BARU
DALBAN: "Selamat tahun baru NYAD.. Lah kowen kening apa NYAD daning tahun baru ka mringis-mringis kaya kuwe..",
WANYAD: "Kiye BAN asyem ka.. sing arane wudun ning bokong bisa cekot-cekot nemen rasane kaya kiye.. aduh!.. sengsara nemenlah pokoke.. nyong wis setahun ora bisa njagong.. awit tahun 2010 nganti saprene 2011 durung mecah-mecah.."

100. TAHUN BARUNAN
WANYAD: "DAR yu oh..jare pan mlaku2",
DARKONAH: "Yuh maring endi KANG kaya wong duwe duwit bae ari ngejak ora ya ya ha",
WANYAD: "Dih ya ora kaya kuwe oh DAR kiye pesta rakyat sing duwe duwit sing ora duwe duwit pada bae..campur baur sing penting ndamoni slompretan",
DARKONAH: "toli pan maring endi KANG?"..
WANYAD: "Wislah sing penting muter2 nyong wis nyewa becake MAN WASTAP ka yuh",
DARKONAH: "Daning becak KANG, loken tahun baru pan dejak blusukan maring jaratan.."

Tidak ada komentar: