TULISAN-TULISAN BUAH KARYA BUPATI BG (BREBES GEMUYU) .... SEMOGA BISA MENGHIBUR .....

Kamis, 07 Juli 2011

100 BALADA WANYAD & DARKONAH I

1. BUNUH DIRI
Dalban : "Tembe balik sing endi NYAD…? daning mlakune ketinglangan kaya kuwe."
Wanyad : "Duh kapok BAN...lagi bengi nyong digawa ning polsek toli digedig sikile.."
Dalban : "Lah bisane ?"
Wanyad : "Lagi bengi nyong mendem neng biaskop subur, polisi tak telpon...Pak tulung ana wong bunuh diri neng subur....barang polisine teka takon..ndi sing bunuh diri, tak todokena belih ? kae pak gambare ’dewi persik’ nganti meled ning njero wis dadi kuntilanak judule tali pocong perawan.."

2. KLALEN
DASRI: "WAD, bisane kowen saiki sombong nemen sih WAD...ora kemutan gemiyen...senenge ngemeg2 karo ngambungi enyong ning wc-ne sekolahan..barang saiki gaya disapa be mlegos.."
TARWAD: "Hei, siapa eluh...loken nyong napsu karo raine kowen sing kaya cuntang...amit2...mending nyong dolanan karo sabun daripada ngemeg2 raimu, blekutak!!

3. NYUMBANG KAWINAN

DARKONAH : "KANG gye pan nyumbang nggo kawinane anake KANG KARSO kiye pira?"
WANYAD : "Wis limang ewu bae DAR...lebokna amplop toli ora usah darani.."
DARKONAH : "Dih daning rika bisa pelit temen kaya kuwe sih KANG ngko diwales uwong lah puas dong dewek degawe.."
WANYAD : "Sih pan pimen maning DAR, sing kurang ajar ya sing pada degawe..genah ngerti kiye tang...gal tuwa, undangan ora kira2 seminggu ana ping sepuluh..raimu nang paham oh DAR!"

4. BOS WARTEG
WANYAD: "MAD, krungu2 raimu uwis dadi pengusaha WARTEG sg sukses ning JAKARTA yah?"
DARMAD: "Jawane tah iya NYAD...Alhamdulillah enyong ya warunge wis ana lima...",
WANYAD : "Dih dih dih iya MAD padahal raimu sekolane gemiyen goblog ka yah..SD be kawake nganti ping papat.."
DARMAD :"Gyeh NYAD tak kandani ya sukses pendidikan kuwe belum tentu sukses hidup..lah kowen pengin ngarti sg nggesahi piring ng warunge enyong kuwe sarjono.."

5. ORA NANA
MARBUN : "Hai LAY, itu toilet rapat siapa didalam...sudah mulas banget ini..?"
WANYAD : "ORA NANA..OM.."
MARBUN : "WAH, lama banget si ORA NANA ini LAY...macem mana itu si ORA NANA...kok nggak keluar-keluar sudah 30 menit lebih ini Ah..cem mana LAY bisa berak di celana aku!"
WANYAD : "OM BATAK..kalo mau masuk-masuk ajah..."
MARBUN :"Masuk cem mana kau ini LAY Ah! orang ada si ORA NANA disitu..

6. IKUT KEJEPIT

DALBAN: "Kening apa NYAD daning guya-guyu dewek.."
WANYAD: "Iya BAN..miki nyong tas nguyuh ning toilet.. ning jejere nyong ana wong cina loro melu nguyuh kr ngobrol luged nemen nganggone basa cina cang cing cong cang cing cong.., lah ora idep ora weruh ka ujug2 sing siji mencolot2 kr njempling2 ..nyong kaget oh belih kening apa2..halah jebule lagi nganjatna sleting "ikute" kuwe kejepit ning sletinge".

7. S K B
USTAD: "sedulur2 kabeh mbesuk ning kuburan kuwe sing ngancani sampeyan kuwe dudu banda atawa hartane sampeyan tapi amal'le sampeyan kabeh sedulur2..atawa kelakuan baike sampeyan waktu ning dunia sing bakale bisa nggo sangu eben padang kuburanne.."
WANYAD: "Interupsi PAK USTAD..SKB Surat Keterangan Kelakuan Baik-ke enyong sing POLSEK kira2 bisa nggo sangu belih PAK USTAD ari bisa pan tak perpanjang maning gyeh"

8. ANA MALING
Darkonah : "KANG tangi disit Kang! kaeh sg moni jeblug apa KANG, tulung tiliki disit KANG! aja2 maling"
Wanyad : "Brisik kowen DAR ah! belih ngarti wong lagi turu enak2 apa yah! hawane atis nemen AC-ne gyeh"
Darkonah :"Dih tangi disit gen KANG.., tiliki mana mbokan maling!"
Wanyad : "Maling-maling ndasmu! raimu nglindur apa yah DAR kye turu ng endi? kye nang mjerone bis Deddy Jaya blog"
Darkonah : "Eh iya yah KANG berarti sg moni jeblug miki ndeyan ban njemplok yah"

9. POTO NANG DOMPET

Wanyad : "Prengat-prengut bae sih DAR, ana apa dongen...belih ngarti wong lanang lagi kesel apa yah!..keprett toli.."
Darkonah : "KANG!..KANG!.."
Wanyad : "Apa sih DAR, Ah!"
Darkonah : "Kuwe potone sapa sing diselagna nang dompet!"
Wanyad : "Oh dadi kuwe sing gawe kowen penjap-penjep...makane raimu kuwe aja sembrana segala dompete wong lanang diudal-udal kaya curut runtah..kuwe potone Agnes Monica ngarti! nggo 'shock terapyne' kowen..eben kowen kaget..tuman ka!"

10. MUNGGAH KAJI
Darkonah : "KANG...contoh kaeh KANG...KANG SATORI paling2 mung dagange bubur ayam be bisa munggah KAJI..sekiki pan mangkat, rika melu belih ngater tekan islamic center"
Wanyad : "Duh DAR DAR..kowen ka kejem temen sih mbandingna enyong karo SATORI...iya pancen kae dodole bubur ayam tapi kae menungsa lapake nganti sepuluh..lah enyong pengha...silan mung sg nyalo bawang tok, sedina2 be kadang ana kadang ora gongkon munggah kaji..mlintir oh"

11. ULAA DAWA

USTADZ: "Ulaaaa ika"
TARWAD: "ula ika"
USTAD: "salah WAD..gyeh rongokna ulaaaa ika"
TARWAD: "ula ika"
USTAD: "Heh WAD salah!, gyeh rongokna maning ulaaaa ika"
TARWAD: "ula ika"
USTAD: "aduh WAD WAD..sing dawa ula-ne sing dawa..hayuh baleni maning.."
TARWAD: "nggih pak ustad kados niki.. ulaaaa dawa "
USTAD: "Dobol... kere raimu WAD.., wis mana minggat aja ngaji maning ning kene, bludreg! enyong.."

12. SEMPAK BERENDA

‎Wanyad : "DAR! sempak endi kabeh gyeh! daning langka siji-siji ya nyong pan poli cepet...loken ora sempakan?..mengko andul2 oh...gagiyan mene goletna!..kiye wong2 wis pada ngenteni nang lapangan..."
Darkonah : "Aduh KANG, iya klalen KANG lagi pada dikumbahi kabeh...sementara anggo cawete nyong ya kena oh KANG"
Wanyad : "Cawet wadukmu ndobrol...ngk...o dong nyong mencolot nyemes priben...sg nonton pd gemboran oh...eh Si WANYAD sempake ana rendane.."

13. NDAS MUMET
Wanyad : "Dih DAR sg arane endas ka bisa mumet nemen kaya kiye yah..toli awak ya rasane bisa nggreges nemen..ihhh hehhhh.."
Darkonah : "Wis dinungi BODREX durung sih KANG?"
Wanyad : "Uwis ka DAR tp ora mari2 ky kiye.."
Darkonah : "Dih toli primen KANG wong mengko sore rika pan tak tinggal senoman ning Yu JARIPAH nginep maning nang kana..toli ngko rika sg ngurusi sapa?"
Wanyad : "Justru kuwe DAR raimu cepet mangkat mana gen! eben ndase aku mumete cepet mari.."

14. ADEGAN HOT
Dalban : "Nyad…lagi apa kowen..? daning indak-indik pagere mbah Bawon.."
Wanyad : "His meneng ndisit kowen Ban…lagi hot kiye…lagi hot-hote nemen sung"
Dalban : "Enyong melu ndeleng oh Nyad.."
Wanyad : "Engko ndisit Ban..sabar….cet4x…dih bias kaya kuwe nemen yah.."
Dalban : "Gentenan oh Nyad ah..minggir!"
Wanyad : "Aduh sabar oh Ban..nrosol bae…dadine nyong kejengkang oh…"
Dalban : "Endine sing hot Nyad, wong mbah Bawon lagi menggeni ning pawon ka.."
Wanyad : "Ya kuwe nang hot belih?..wong geni.."

15. KARAOKE
Wanyad : “Maksud hatiku…datang kemari…untuk mengajakmu datang kembali..”
Darkonah : “Pikirkan dulu…maksud hatimu…untuk mengajakku….rujuk kembali.”
Pret…pret….krok…krok….
Wanyad : “Dobol…raimu nyekel mic sing bener gen Dar…dadi ora kemresek kaya kuwe oh….”
Darkonah : “Dih aja galakk-galak oh kang…ora sesuai temen sih karo lagune..”
Wanyad : “ Wis manalah merad!! Nyong pan nembang dewek…wis ganti lagu STRESS bae”

16. KEPOKOH
TARWAD : “Suit…suit…hai..hai! piben Tik…gelem ora dadi pacare enyong?!”
DURTI: “Hariklinh…amit-amit bjuhhh…ngaca dong…ngaca…kowen dong perusahaane ana lima, toli mobile ana sepuluh tah enyong tembe gelem karo kowen…”
TARWAD : “Dih Tik…Tik…enyong angger bandane tekan semono tah ya mesti ngarahe sejen maning oh Tik dudu kowen…CHEALSE OLIVIA…Bintang sinetron..”

17. MANCING WADONAN
SABIL : "MAD raimu belih nggrentes ndelengna enyong MAD?"
ADAM: "Kening apa sih Wa?"
Sabil : "Dih lah raimu ka belih paham2..syu gyeh..dilawani awit sing PIM1(Pondok Indah Mall) tekan PIM 4..mlaku orientasi lapangan mancing wadonan ka langka sing marag acan-acan, nyong pengin mbojo maning syet..bantu apa kepriben oh MAD!"
Sabil : "Halah Wa Wa..piben pan diparag..wong rika tak ejak mlaku2 ning PIM be nganggo sandale selen.."

18. KATON BUJANG
Wanyad : "BAN gyeh akeh wong pd takon kr enyong..jarene kowen kye bojone sapa toli wong endi?"
Dalban : "Dih lah raimu ng ngarti oh, dongen tah dijawab ky kiye oh NYAD..wong lugune si DALBAN kwe lagi ngluluh atine mertua..dadi balike mung sewulan sepisan niliki bojone..pdahal jarake mung brebes klampok tok..lah bojone digawak ora olih karo mertua, ya akhire ditinggal ndekok ning "counteran hp" terus oh, dadi katone bujang.."

19. JEMU'AHAN
Wanyad : " Ban kowen rencana pan jemuahan ng endi ?"
Dalban : " Nyong tah ndeyan ng islamic center Nyad, ente sih neng endi ?"
Wanyad : " neng islamic center khotbahe suwe apa sedelat sih Ban ? "
Dalban : " Ya samedengan lah..ora suwe ora sedelat...hayuh oh mangkat boncengan karo enyong."
Wanyad : "Dih enyong angger khotbahe kesuwen boyoke mrengkel ka Ban, wis lah nyong pan jumatan neng alu-alun bae..ngelar koran neng iringane tukang bakso toli ngrongokena khotbahe karo nginung teh botol..."

20. PEMBUNUHAN NING MESJID
Wanyad : " Ban, kowen miki ngarti ora! miki nang njero masjid lagi enyong jemuahan repan ana pembunuhan nang njerone masjid."
Dalban : " Ih Loken Nyad ? raimu ngomong sing bener ah"
Wanyad : "Eh raimu belih percaya Ban...genah nyong krungu dewek....imame ngancem...ari ngomong kaya kie...bagi orang yang mempunyai HP harap dimatikan!"

21. DIKUMBAHI
SABIL : "MAD bisane JOKO ujug-ujug jengkel karo enyong yah ?
ADAM : "Kening apa sih Wa ?"
Sabil : Kowen neng ngerti oh wateke nyong, nyong dong tas nyilih apa-apa mesti mbalakane tak kumbahi disit bagjane nyong tuku rinso...lah ky sarunge kowen sing tak silih, trus klambi batike kowen, balike tak kumbahi oh ya...lah kye wis tak kumbahi bersih ka...bisane JOKO ujug-ujug dugal karo enyong ?"
Adam : "Lah rika nyilih apa sih wa karo joko ?"
Sabil : "Nyilih LAP TOP MAD..."

22. TAKON ALAMAT
WONG : "TONG umahe RW-ne sbelah endi yah?"
TARWAD: "Nyong dupah'i nang Wa engko tak todokna"
Wong : "ya wis gyeh 5000 umahe sebelah endi TONG?"
Tarwad : "Gyeh Wa, rika mlaku bae terus ngetan.. tekan brug cilik engko mbelok ngidul, sg kono mlaku maning bangsa 50 meter engko ktemu warung sg cete kuning"
Wong : "Kuwe umahe RW-ne TONG?"
Tarwad : "Dudu Wa k...we pangkalan ojeg, rika takon bae kr tkg ojeg ng kono biasane tkg ojeg kwe luwih ngarti daripada enyong.."

23. KAWAT UNTU
Darkonah : "KANG enyong daterna maring dokter gigi ya kena oh..."
Wanyad : "Pan apa sih DAR?"
Darkonah : "Pan apa... pan apa... ya eben bisa kaya bocah-bocah enom sing untune pada dikawati kae oh KANG... rika belih pengin bojone tambah ayu?"
Wanyad : "Halah DAR... DAR... dasar untu wis tonggos kaya bedogole gedang be... pan ...dikawati model kayong apa... nang kawate malah ngko sing njepat oh..."

24. SEJEN DEWEK
DARKONAH: "KANG, bisane anak enem wadon kabeh ka.. enyong bisa sejen dewek yah KANG?, Yu KAPSAH raine bisa kaya YESSi GUSMAN, Yu SARI'AH bisa kaya LIDYA KANDOW, Yu MUJENAH bisa kaya ENNY BEATRIK, Yu SOPIAH bisa kaya ANDI MERIEM, Yu DISAH bisa kaya LIA WAROKKA..lah enyong ka bisa ora ayu dewek yah KANG?,
WANYAD: "Genah ...iya nang..pancen rai-mu kuwe rai turahan DAR...RAI KOREDAN!!"

25. KRIDITAN
Wanyad : "DAR sepisan maning raimu utang renten karo Batak, tak klelep2na endut raimu DAR, ora sebaene dobol ka..ari ndobrag nagih ora kira2..gemboran ky wong edan..nyong sg lg turu njumbul..emang Klampok kiye negarane apah! ngisin2na angger ora eling hukum tah tak seset cocote"
Darkonah : "Lah sg utang kr Batak kuwe sapa KANG nang rika dewek belih? nyong tah kridite kr Mang CECEP tok oh sing wong TASIK, kuwe be mung gari sasetoran"

26. PROYEK PEMRENTAH
Wanyad : "DAR, ndes godogna banyu anget enyong pan adus aja klalen sabun kr sampone ya!..."
Darkonah : "Rika sing endi bae sih KANG kebiasaan jam 9 bengi tembe balik..biasane be ora tau adus teka-teka langsung ndekok ka.."
Wanyad : "Dih DAR..DAR..arane be wong nyambet gawe free lance biasane ya ora nganti glopot kaya kiye dobol ka si DALBAN jarene... proyek pemrintah jebule ka gongkon nguras stip teng wc-ne kantor kecamatan.."

27. EMAN-EMAN

DALBAN: "Motore anyar NYAD?"
Wanyad : "Iya kiye BAN tembe kridit ning YAMAHA HARRY MOTOR"
Dalban : "Ohhh..bisane mlakune lendek nemen kaya kuwe sih..gigine tambahi oh loro toli engko telu bisane ning gigi siji bae ?"
Wanyad : "Kaya kiye sih BAN.. eman2 oh! wong arane be motor anyar ngko GIGI-ne cepet enteng pimen?"

28. LUKISAN ABSTRAK
WANYAD: "MAS lukisan kuwe kira2 regane pira?"
PENJAGA PAMERAN LUKISAN: "250 Mas"
WANYAD: "250 ewu?"
PENJAGA PAMERAN LUKISAN: "250 juta, kuwe lukisanne ABSTRAK'e AFFANDI"
WANYAD: "seminggah sing adoh..rika ari ngomong kira2 oh MAS wong gambar corat-coret ora nggenah ky kuwe loken semono..bisa ky regane umah..wong lukisan ky kuwe tah digletakna ng dalan be nang... laka sg gelem njukut acan-acan..kecuali gambar pemandangan gunung kr sawah sg ana kebone tah iya.."

29. PELANGGARAN

POLISI : "Priiitt...Selamat Pagi, anda melanggar ketertiban umum...mohon mana SIM dan STNK-nya!"
WANYAD: "Dih Pak, enyong melanggar apa his!, Helm nganggo...spion lengkap...lampu ya murub...riting ya beres..mlakune ya bener...terus apa Pak, enyong salahe?!"
POLISI : "Mmg bener, anda lengkap semuanya dan jalannya bener...tapi lihat! anda berkendara tidak pake celana cuma sempak doank, jelas ini melanggar ketertiban umum!"

30. DITIK-ITIK

DARKONAH : "KANG!! kiye sg SMS ng HP-ne rika kwe sapa daning laka arane..ana tulisane sayang2'ane keding..hayuh ngaku KANG..angger ora tak banting HP-ne gyeh!! cepet aja nggawe panase wong wadon!"
WANYAD : "Nyong belih ngarti DAR!, SMS nyasar ndeyan"
DARKONAH :"Ora bisa cepet ngaku KANG tak banting temenan gyeh!!"
WANYAD : "Kowen jawane apa2nan sih DAR kaya... kuwe be cemburu, lah wingi kowen lg mrotol bawang diitik-itik tukang songgol be enyong ora papa ka"

31. WALIMAHAN

PANITIA : "Amergo acara whalimatul ursyi meniko dipun bade pungkasi lan ustad dereng dugi, saking shohibul hajat nyuwun dumateng Bapak WANYAD kangge peparingan donga supadose kedua mempelai saged ngalampahi rumah tangga ingkang sakinah mawadah wa rohmah, monggooo...
WANYAD : " Halah tobleg...bisane enyong...nuwun sewu sederek-sederek kulo mboten jegod...gantos mawon KAJI MA'ANG..."

32. SEMBAYANG SING BENER

DALBAN : "NYAD jare kowen sembahyang sing bener kuwe sing kayong apa?"
WANYAD : "Gyeh BAN sembayange sg bener kuwe aja dideleng cara sembayange tapi sing dideleng kuwe kelakuan sawise sembayang..sanajan jengkelat-jengkelit 5 waktu, angger megin gelem ngrasani..mbadog sg dudu hak'e..,ujub, iri, khasud, dengki lan sebagene berarti kuwe sembayange durung bener.."

33. PRA WEDDING
DARKONAH: "KANG Poto-poto PRE-WEDDING'e dewek sing waktu kuwe potone ning wit joar ning BONG CINA dokon ning endi yah KANG, daning tak seyak-seyak langka kabeh nang lemari..?"
WANYAD : "Wong poto wis jaman kuna lecit ka digoleti...gambare bae nang wis kalis duyuhi coro oh..wis lah digoleti nggo apa.. enyong ya isin ndel...engane..wong raimu dipoto ka cingcing nganti sikile mengsol2 njebabag ora eling"

34. DADI ASSISTEN
DARKONAH: "KANG gyeh si LUPIT wis jam sewelas daning ora balik-balik dongen maring endi sih KANG ngko aja-aja digawak kalong wewe..goleti his KANG!"
WANYAD: "Wis tenang bae gen DAR..ngko balik nang nggawak duwit wong mau wis poyan karo enyong jare pan dadi assistene MAN KATUM sing kiye lagi nggelar kopyokan ning MARSE...S'an sg ditanggap nggo kawinan mindone KANG SANTOSO tukang insiyur sing LOSARI.."

35. GADE TAPIH
Wanyad : "Ban, ana pegadean buka bengi belih yah?"
Dalban : "Kowen ka ana-ana bae sih Nyad ya langka yah...eyewene nang tutup...pan apa sih, lah kwe sing digawak kowen apa?"
Wanyad : "Dih enyong belih gableg duwit nemen ka yah, gyeh mumpung Darkonah lagi turu tapihe sing anyar nggo badanan wingi ning lemari tak lorod pan tak gadekna....raimu gelem Ban?"
Dalban : "Syikah tapih nggo nyaimu...enyong sih nggo apa niliki bojo paling sewulan sepisan kwe be dong eling."

36. MIRIP PENYANYI
Darkonah : "KANG mene gen delengna ng kaca mene gen"
Wanyad : "Ana apa sih DAR"
Darkonah : "jebule enyong kuwe ana mirip-miripe karo penyanyi2 dangdut sg ng tipi yah KANG..gweh sing iringan ky IIS DAHLIA, sg ngarep janggute bisa ky ITJE TRISNAWATI yah KANG.."
Wanyad : "Endi DAR, eh iya yah DAR bisa kaya penyanyi dangdut tapi kayane dudu IIS karo ITJE his, ka...e sih apa adoh kr kowen oh"
Darkonah : "sih mirip sapa KANG"
Wanyad : "kowen kiye kaya HAMDAN ATT kr JONI ISKANDAR DAR"

37. HALAL BIHALAL
WANYAD: "Kowen lagi apa DAR, nulis-nulis kaya kuwe?"
DARKONAH: "Gyeh KANG nyong lagi nulisi aran-arane sedulur sing pan tak undang nggo acara halal bihalal nggo minggu ngarep"
WANYAD: "Apa halal bihalal wis belih susah sing penting dewek luruh duwit bae sing akeh..engko dong sugih nang sing arane sedulur pada marek dewek..ana sing mojar..ana sing ha ha he he..saiki bae dewek lagi mlarat laka sing gelem marek acan2.."

38. MALEKAT BE PAHAM
DARKONAH: "KANG magrib2 kaya kiye nang kudune rika dadi imam enyong dadi makmum oh aja malah ngatang-atang..kaya kuwe nang ngarepe uwong sing lagi sembayang..pengin tak sembayangi apa yah"
WANYAD: "Sikah...cocote ala kowen DAR wong sembayang gari sembayang ka ribut...malekat ya paham enyong lagi ngeluk boyok...mbetut sedina mbengkeleng nyalo..."

39. STRESS
WANYAD : "BAN.."
DALBAN : "apa NYAD?"
WANYAD: "miki nyong weruh wong strees apik nemen syung BAN"
DALBAN : "ng endi NYAD?"
WANYAD : "ng ngarepe mesjid..mendem kr nggawane gendul..bar ciune entek gendule diisi maning kr uyuhe dewek toli ditenggak maning.."
DALBAN : "dih2 sapa sih NYAD"
WANYAD : "Jarene tah wong sg lubar nyalon DEWAN tahun wingi sg ora dadi.....gemboran nagih material-materiale sg waktu kuwe disumbangna masjid.."

40. DADI WONG WADON

WANYAD : "BAN, dadi wong wadon kuwe kepenak yah"
DALBAN: "sih kepenak primen NYAD?"
WANYAD : "ya kepenak lah.. wong lanang kedekal-kedekil ari mbolongi oncal-ancul nganti kemringet nemen ka...bagjane jamu ndog karo madu nggo kuwat2 boyok...lah sg dadi wadon ka enak bae...wis dibolongi njaluke bayaran...nang kudune enyong oh sg olih bayaran..wis dienakna ka malah nagih duwit

41. KUTANG LAWAS
Wanyad : "Kening apa sih DAR pencolat-pencolot bae kaya manuk sikatan..ngganggu wong lg rilex bae..belih ngarti wong lg nonton brita apa yah!",
Darkonah : "Ora gye lagi nggoleti kutang sg anyar wingi..sg anyar bakute maring endi sih yah KANG!..pan tak enggo, wis denteni ibu2 pengajian ning umahe RT-ne ka yah"
Wanyad : "Halah DAR DAR..nganggo sg lawas be kena ka..wong dasare pancen wis lepek ya lepek..pengin atos ya kuwe gari seseli gombal!"

42. SULINGAN
WANYAD : "MAN rika becake ana sulingane daning tambah digenjot banter monine nginge tambah rosa ngiiiiiingngng!!.."
TUKANG BECAK : "ora ka MAS ora tak dolohi sulingan ka syung.."
WANYAD : "sih sg moni apa yah?"
DARKONAH : "Dih KANG daning cawete nyong bolong KANG.."
WANYAD : "Hah lah tobleg dadi raimu sg moni DAR?! nganggo ...rok pisan kala cawete bolong.. dengaren bae sing mau monine ngiiiinggg..genjot terus MAN!"

43. MENDEM BERAT
WANYAD : "NO, raimu mendem nganti kaya kuwe enak'e apa sih?!"
DARNO JOMBLANG : "Huweeekk! raimu ngromed apa NYAD takon-takon pan apa! Hah!..belih ngarti enyong lagi mentit nemen gyeh..huweekk..raimu ngerti ora NYAD..gyeh enyong nganti bisa weruh Ketuhanan Yang Maha Esa..kr Kemanusiaan Yang Adil dan Beradab..huwekkk..takon2 pan apa tampek cocote toli..nyalon DPR be laka sg noblos enyong ka.. huwekk.."

44. MLAYU LECENG
Dalban : "Kening apa NYAD daning ngos-ngosan kaya kuwe?"
Wanyad : "liwat mene belih BAN menungsane..!"
Dalban : "ora, sapa sih?!"
Wanyad : "Bagreg ka.. kiye gara2 tontonan misbar nang baledesa ndeyan oh ya..jam siji bengi eyewene wong loro untak-untuk toli oncal ancul ning karangan mburine umahe nyong.. tak indik toli tak begis oh..kaget ndeyan, mlayu leceng nemen..kaeh cawete be nganti keri warnane abang.."

45. D'brown Rotten
DARKONAH : "KANG angger enyong lunga maring Hongkong, olih apa belih..toli balik2 bisa nggo tuku sawah oh.."
WANYAD : "Dih DAR DAR..dudu moni nyong belih olih, tapi kowen kiye jare enyong belih pantes.. iya karuan ari kaya Si Aminah karo Si Dian..wonge ayu mangkane Si Dian kae dijuluki "Gula Jawa" alias D'brown Sugar lah ari kowen nyong kuwatir kowen mengko dijuluki D'brown Rotten alias tembelek lancung.."

46. COPET APES
Wanyad : "BAN enyong miki tas ngerjani copet kaku men syung!"
Dalban : "sih pimen carane?"
Wanyad : "nyong numpak bis SAHABAT sesek men sg Klampok mrg Tegal ngadege nang tengah2, sak clanane nyong kan bolong kr nyong kan pancen blih tau sempakan"
Dalban : "terus NYAD?"
Wanyad : "ujug2 ana tangan nylondom mlebu sake enyong srettt..bablas belih maring onderdil..nyong njingkut kaget oh..pan didudut langsung tak cekeli..hayuh sida ndudut nyong mbeker! cekeli!"

47. NREJANG TLEPONG
JABIDIN : "Heh raimu ari ana wong mangan ngentut aja sembarangan gen, syu gyeh! blih ngarti wong lanang kesel tas mobat mabit inggek luruh wedi"
LASTRI : "Dih KANG wong nyong ora ngentut ka yah loken nyong mblunat kr wong lanang"
JABIDIN : "Raimu aja mukir mambune be blih ilang2 bagreg gyeh!"
LASTRI : "Dih KANG temenan syung! lah kwe sih apa ng brengose rika ana kuning2'e..mangkane dong inggek ati2 oh KANG ana tlepong aja diterjang bae"

48. MECETET
Wanyad : "Ban"
Dalban : "Apa Nyad?"
Wanyad : "nyong miki isin nemen syung!"
Dalban : "Kning apa sih?"
Wanyad : "njero colt sg Brebes Jatibarang"
Dalban : "Terus?"
Wanyad : "Nyong adep2'an kr bocah skolah ayu2 nemen ujug2 pd pesam-pesem toli ana sg isin kr nyong ora kuwat ndelengna raine nyong..nyong ya dadine GR yah..blih tau nyong dipesemi bch2 sekolah..tp brg nyong ndeleng mengi...sor bagreg jebule clanane nyong suwek kosih ndoge katon mecetet..nyong lngsung gemboran mudun belih"

49. CIUT
Darkonah : "KANG kiye tak lamod ndisit ya tembe mengko tak lebokna eben mlebune gampang"
Wanyad : "Cepet oh DAR aja kesuwen"
Darkonah : "Sabar oh KANG wong bolongan cilik kuwe kudu sabar..kudu ditelesi ndisit"
Wanyad : "cepet gen DAR ah, mengko susuh awan"
Darkonah : "Dih tumben kiye KANG benange angel temen syung..maklum mata tuwa ndeyan yah.. nggo ndeleng bolongan d...om wis belih katon"
Wanyad : "Wis aja kakeyan omong oh DAR..gyeh age2 pan tak enggo cepet sletinge dondomi"

50. BOLONGAN SWARGA
Darkonah : "Rika tah angger kr nyong galakke por.. angger karo mbokene lah kaya bocah sing njaluk nusu!"
Wanyad : "Heh Dar kowen ngomong apa! kowen ngarti ora, swargane wong lanang kuwe ng mbokene tp swargane wong wadon kuwe ning sg lanang ngarti! dadi kowen wis ora susah cengkereglah"
Darkonah : "Halah Kang ngomong apa, justru swargane rika kuwe nang ning enyong oh..rika dong durung mlebu bolongan swargane nyong nang durung bisa megap2 oh ya.."

51. ERAM NEMEN AH
Wanyad : "Nyong ka eram Ban..eram nemen!!"
Dalban : "Eram kening apa NYAD?"
Wanyad : "Yah eramlahlah waktu jamanne Suharto wong sg dihujat mena-mene jare dedengkote korupsi..tapi alam pd bersahabat...laka gunung njeblug laka tsunami laka gempa..,lah saiki jarene Jaman'e Reformasi..ka Indonesia ora pudat2 dilanda bencana BANJIR, LAPINDO, TSUNAMI,...GUNUNG NJEBLUG lan sebagene kiye apa ana sg salah ning alam reformasi kiye?

52. NADAR KAJI
DAKRIM mangkat kaji sg islamic center nadar yen durung tekan MEKAH ora pan mangan ngko dong wis weruh kabah tembe mangan,sawise TAWAF kr SA'I
DAKRIM ngelih, ilon-ilon kancane waktu neng pasar
seng..ben cepet dilayani anggone bhs arab:"ana pesen ayam bakar Ya koluu"
"Toyib" jare pelayane
"Nei kluban oh Ya koluu"
"toyib"
jr DAKRIM "lah sampeyan daning ngerti ayam bakar karo kluban dijawab toyib-toyib"
"Ya iya lah wong nyong wong SONGGOM"

53. MELAS TEMEN
DARNO JOMBLANG : "Huwekk..Heh NYAD..WANYAD, budeg gyeh!"
WANYAD : "Apa No, mendem maning raimu?"
DARNO JOMBLANG : "Kwe..nyong pan takon jarene Gnung Merapi njeblug,melas temen yach..huwekk"
WANYAD : "Eh raimu wong mendem ngerti melas kedingan?"
DARNO JOMBLANG : "Eh..Syu Gyeh raimu ngomong sg bener NYAD..jajaha nyong tkang mendem ya negin duwe Prikemanusiaan Yg Adil... & Beradab.. emange anggota dewan sg pd plesir mring luar negri..kondisi bangsa lg ky kiye..Huwekk!!"

54. WANYAD INSAP
Dalban : "NYAD raimu tak deleng sembayange kenteng wis insap NYAD?"
Wanyad : "Ya wong nang kudune kaya kiye oh BAN loken pan terjerumus bae.."
Dalban : "Dadi wis ora gelem nlembuk maning NYAD?"
Wanyad : "Ora!"
Dalban : "Nginung sih?"
Wanyad : "Ya Ora!"
Dalban : "Mlirit Kartu?"
Wanyad : "Ya belih.. pokoke no way.."
Dalban : "Dih Lah hebat nemen syung..Angger maring Mbah Karso sih njaluk pengasihan eben rangda TARPI'AH nurut?"
Wanyad : "Dih ader kuwe dosa BAN, kiye tembe bae nyong dinein keris semar.."

55. KROMO INGGIL
BU GURU BASA DAERAH: "TARWAD coba bahasa jawakan yah dengan kromo inggil!"
TARWAD: "Enggih Bu Guru..monggo.."
BU GURU: "coba bahasa kromo inggilnya Saya sedang makan, Bapak saya sedang mandi.."
TARWAD: "mekaten oh Bu Guru..kulo saweg mangan, bapak kulo SIRAM.."

56. UDUD DULU
‎Darkonah : "KANG lg bengi ng wayang golek'e Ki Enthus ana tembangan udud dulu udud dulu kwe maksude primen sih KANG trus sg jarene ngongkon bojo ya paling enak supaya udud dulu"
Wanyad : "Eh kuwe DAR..dih kuwe tah arane pertanyaan hula marani gebuk oh"
Darkonah : "sih maksude primen maning kuwe KANG?"
Wanyad : "Gyeh mene oh sg radan perek"
Darkonah : "Apa sih KANG ah....."
Wanyad : "Sing luwih perek maning!"
Darkonah : "Pan apa sih Kang?"
Wanyad : "Nyong pan ngomong njaluk duwite oh nggo tuku rokok"

57. SERIUS

Wanyad : "BAN!, Mene gyeh!, enyong pan ngomong serius karo kowen!"
Dalban : "Ana apa NYAD..ana apa NYAD.."
Wanyad : "Ora! cepet mene! pokoke cepet!"
Dalban : "Ana apa sih NYAD kayong medeni temen.."
Wanyad : "Gyeh nyong pan takon serius karo kowen ya! mmmmmm!"
Dalban : "Serius kepriben NYAD daning meneng?!"
Wanyad : "Ora nyong pan takon serius kr kowen, kowen saiki nggawa rokok b...elih BAN? nyong njaluk sa ler ndes..nyong kebelet ngising nemen syung.."

58. NGGODOG INDOMIE
Wanyad : "Dih nglilir ka weteng bisa rasane ngelih nemen kaya kiye..gara2 hawane atis apa kiye ya..DAR tangi ndes DAR, godogna indomie ya kena oh.."
Darkonah : "Aduh KANG.. jam pira sih kiye mbugah wong ka seenake..lagi enak2 turu ka yah..nggodog dewek ya kena oh!"
Wanyad : "Eh kowen dikongkon wong lanang ka magol..tangi cepet!"
Darkonah : "Aduuuh..iya..iya! toli kiye pan nggodog indomie'ne ning endi KANG wong kiye ning njerone bis malem..ader ana kompor?"

59. BUTUH DUWIT
DALBAN: "NYAD kayong lagi mriyang apa yah ndase daning dicekeli bae..",
WANYAD: "iya BAN enyong lagi mumet nemen kiye..awake ya nggreges nemen ky kiye..aduh duh duh..egh egh egh..",
DALBAN: "Dih daning melas temen ky kuwe NYAD yuh tak tulungi tak ater maring dokter ya..eben cepet mari..",
WANYAD: "belih susah BAN ari kowen bener pan nulungi enyong blih ...susah maring dokter..talangi bae enyong duwit 600 ewu BAN nggo setor motor..nyong mriyang mikiri kuwe"

60. BUPATI SING NGOPENI BAL
DALBAN: "Nyad, kira2 koen pan milih bupati-ne sapa NYAD..lanang apa wadon?",
WANYAD: "enyong tah sapa bae sg dadi ora masalah BAN anggere gelem ngopeni "bal-balan" alias trenjek..gyeh potensi BREBES kwe asline ora kalah kr daerah liyane..delengna bcah KLAMPOK kaeh angger bal-balan giringane ora kalah kr bangsane PONARYO ASTAMAN..gari2... BUPATI-ne bae bsa ngopeni apa ora..wis pokoke angger laka MoU pan ngopeni PERSAB aja dicoblos titik

61. MLEBU KB
DARKONAH: "Dih KANG, nyong wedi meteng maning sung KANG..nyong kan kening darah tinggi wedi mbokan mengko dong babaran nyong pendarahan...enake mlebu KB bae yah KANG eben ora meteng..",
WANYAD "Jare sapa angger mlebu KABEH ora bisa meteng...lah lagi kae tak lebokna KABEH sa endog-endoge maksa bae meteng.

62. BAYAR PBB
CARIK: "NYAD kepriben kiye Pajeg PBB-ne kowen daning wis pirang2 tahun ora dibayar..enyong sg belih kepenak bolak-balik digayami CAMATE bae, kaeh wargane kowen sg arane WANYAD daning ora mbayar2 PBB pengin tak urak2 apa yah", WANYAD: "Hei, PAK CARIK..tolong omongna CAMATE ya..tembe dadi CAMAT be wis gagahan..emange kiye lemah dekene sapa sih..RIKA ngarti ora GUSTI ALLAH sing duwe lemah be ora tau narik pajeg NGARTI!"

63. OLIH-OLIH
KYAI:"NYAD kowen bar balik endi olih-olihe?, angger nggawa bawang kaeh mana NYAINE dibagi nggo masak..",
WANYAD: "Klalen Pak Kyai..nyong ora nggawa apa2..",
KYAI: "eh kepriben sih kowen aja goroh karo nyong ya diblajari ngaji ka goroh..kuwe sg ning sarung apa dicekeli kuwe nang lonjoran bodin oh ya mana NYAINE cepet dinein.."...,
WANYAD: "Eh kiye Pak Kyai..kye tah p*li oh Pak Kyai.. piben NYAINE pan dinein?","SIKAH!!..Bangset gyeh!!"

64. RAI BLEKUTAK
DASRI: "WAD, bisane kowen saiki sombong nemen sih WAD...ora kemutan gemiyen...senenge ngemeg2 karo ngambungi enyong ning wc-ne sekolahan..barang saiki gaya disapa be mlegos.." TARWAD: "Hei, siapa eluh...loken nyong napsu karo raine kowen sing kaya cuntang...amit2...mending nyong dolanan karo sabun daripada ngemeg2 raimu, blekutak!!

65. DURUNG TATA
WANYAD: "Pit, kowen ari ngomong sg jelas gen dikongkon tuku rokok ka olihe plembungan kepriben sih dongen"
DARKONAH "wis aja digayami KANG..pancen bocah ngomonge durung tata.."
WANYAD "ora bisa bocah kaya kiye kudu diajar eben ngomonge tata eben gedene bisa dadi uwong",
DARKONAH: "belih susah KANG..jare sapa belih bisa... dadi uwong..kaeh deleng ketua MPR nganti tuwa be ngomonge belih tata.."

66. ‎KAPOLRI SING ANYAR
DALBAN: "NYAD kira-kira KAPOLRI sg anyar menurute kowen sg paling sip sapa yah?",
WANYAD: "jare aku tah sapa bae NYAD..sing penting bisa mimpin POLRI kedepan kuwe luwih apik maning..bisa ngawasi anak buahe eben ora pada korupsi, toli sg arane penyidik kuwe aja kejem2 lah aja pada gelem disogok..polantas juga aja pd doyan ngesak duwit.....toli kiye sg penting rekening gendut POLRI kudu diungkap tuntas eben adil.."

67. AFGAN
WANYAD: "DAR,..kowen angger ndelengna si AFGAN lagi nembang, kira2 bisa memper nyong lagi nom belih ya DAR?",
DARKONAH: "Iya yah KANG, daning bisa persis nemen kaya kuwe..persis KANG persis..bedane mung siji..",
WANYAD: "apa kuwe DAR bedane?",
DARKONAH: "angger AFGAN dekoke ning pipi, tp angger rika dekoke kuwe ning bokong..",
WANYAD: "SIKAH!.. angger mempere sih ning endine DAR?","mempere ya ning bokong KANG pada bae beyak tengahe.."

68. ‎KEPEDEK DEWEK
DALBAN: "NYAD kening apa daning ngegang kr sarungan ky kwe toli kuwene dicekeli kning apa?",
WANYAD: "hessss..aduh duh4x.. nyong pan maring dokter BAN",
DALBAN: "lah emange kning apa kuwene",
WANYAD: "nrokcokka ka DARKONAH..wong nyong lg enak2 nglamun udud kr nongkrong ng WC ujug2 ka lawange dideblag bae kr DARKONAH, ya nyong kaget mumbul oh, lah kiyene... nyong kepedek sikile enyong dewek..nyong njempling2x belih..DARKONAH langsung tak kampad jebred.."

69. GURU KESENIAN
TARWAD:"dih miki nyong isin nemen",
LUPIT:"isin kepriben WAD?",
TARWAD: "nyong tas diaruh2i..miki nyong lg mring toilet mbuka lawang weruh guru kesenian lg salin clana senam,nyong gongkon metu pdhl ws katon bokonge","dih untung temen WAD..nyong dwek ngindik sg arane BU NUNING guru kesenian nembang kwe saprene drg kena2","iya ari... Bu NUNING kwe tah karuan putih mulus, kye miki Pa Slamet guru kesenian nggambar sg bewoke ngglabed"

70. NGENTUT NANG RUSMEN
Brott..Brott..Brott..
PENGUNJUNG RUSMEN: Hei dobol.. belih ngarti akeh wong pada mangan apa yah! duwe adab belih sih.."
DARKONAH: KANG rika aja kaya kuwe oh, aja padakna karo ning umah..kiye rusmen -rumah makan padang-"
WANYAD: "tenang DAR..wong gari nyedot be kakeyan cocot..wong nang kudune paham oh, wong pada bae duwe... silite..angger musuh sambel ijo ya mesti kaya kiye..huah huah huah.."

71. TILANG
Priittt..
POLISI: "selamat siang..kowen tak tilang..ndi SIM kr STNK-ne"
WANYAD: "dih enyong salah apa Pak daning ditilang..?",
POLISI: "Salah apa?! kowen ngarti belih pengendara kuwe kewajibane apa, HELM..HELM-me endi, HELM kuwe hukume wajib ngarti?!..",
"gyeh Pak, rika aja ngotot kaya kuwe..wis belih bener ngotot maning..sg darani wajib kuwe, kuwe kaya sembayang, puasa, zakat kuwe tembe wajib..HELM wajib kepriben dongen..?!"

72. TUKANG BAKSO
WANYAD: "SO!..BAKSO!. tuku SO..SO..BAKSO..budeg gyeh..nyong tuku..SO..eh nrokcok blih gelem mandeg..asu gyeh tak pleter ngkoh.., BAKSO..Budeg!",
TUKANG BAKSO:"Aduh! daning rika ujug2 nonggong nyong MAS ana apa?",
WANYAD: "ana apa2x raimu plecehan kr nyong yah,kowen ngarti blih sg nguasai dalan kene sapa?..diundang2 meneng bae, nyong pan tuku baksone raimu SU!",
TUKANG BAKSO: "BAKSO? rika ciplose belih maca nyong dagang apa?, BUBUR AYAM paham?"

73. SEPUR NABRAK
‎WANYAD: "DAR minggu ngarep maring Jakartane sida numpak sepur belih?..",
DARKONAH: "Wis belih sida bae lah KANG nyong wedi?",
WANYAD: "His wedi pimen jare pan nonton PSSI lawan URUGUAY ning senayan..",
DARKONAH"nyong wedi KANG numpak sepur mbokan MASINISE matane tomprong maning..genah lampune lagi abang diterjang bae..ya bokonge sepure kancane mblesek oh ...penumpange pd mecetet..gara2 masinis tomprong.."

74. MOBIL DINAS
WANYAD: "kiye malam minggu yah DAR?",
DARKONAH: "iyah KANG emange keprimen?",
WANYAD: "kelingan gemiyen yah DAR, nyong ngapeli kowen nganggo mobil dinese bapane nyong..",
DARKONAH: "pancen rika tah dadi wong ora tau umum, senenge gawe isine wong tok..",
WANYAD: "lah isin kepriben DAR?",
DARKONAH: "yah sanajan mobil dinese bapane ya umume sedan atawa kijang..lah rika nggawa nyong muter2 nganggone mobil "SEDOT TINJA"..parkir ng baksonan ya sg pd tuku mutah kabeh oh.."

75. TANGI TURU
‎WANYAD: "esuk2 tangi ka bisa laka godogan apa2..pisang2 goreng mbuh apa..pimen sih DAR?!..endi kopine, dadi bojo ganing wis mrehal ora tertib kaya kuwe pengin tak pecat apa yah..DAR krungu belih hei!",
DARKONAH: "ana apa sih KANG tangi turu gemboran kaya wong edan..",
WANYAD: "ana apa-ana apa, endi kopine esuk2 tangi turu angger durung ngopi kayong ora mangseg..aorr..",
DARKONAH: "esuk?!, rika nglindur apa yah kye wis jam telu sore..."

76. RONGSOKAN
Brag 4x
DARKONAH: "KANG!!, cepet dih KANG gentenan oh.. nyong wis mules nemen kyeh..ora kanti nemen sung..wis mucuk gari protte tok",
WANYAD: "Engko gen DAR ah! geger bae sih..belih ngarti wong lagi rileks apa yah! gyeh udud samsu be durung enteng ka..ari wis ora kanti ya jeprotna bae ng comberan ndisit ya kena oh..",
DARKONAH: "dih lah ngko dong ana wong sg weruh kepriben",
WANYAD: "barang ana sg weruh ya amal wong barang rongsokan be ka..",
DARKONAH: "SIKAH!"

77. NGEKEPI MAYID
DARKONAH: "sing endi bae KANG, bengi ora balik dning sikile ndregdeg ky kwe",
WANYAD: "duh DAR..aja ktemu2 mning lah, hiii..",
DARKONAH: "kning apa sih KANG",
WANYAD: "Brengsek si DALBAN ka..jam 1 bengi tak goleti ng mushola biasane ng kono..lah ng njero nyong wruh prangasa lg turu kr tutupan jarit tak obrag2 ka meneng bae..akhire listrike tak sipet aku turu ning iringane, esuk2 subuh nyong dibugah jebule sg turu kwe mayid korban misterius sg lg dititipna, mangkane lagi bengi lagi krasa atis tak kekepi ana apa.."

78. DAGING
‎DARKONAH: "Kening apa Kang daning mecucu kaya kuwe..",
WANYAD: "nrokcok ka si DALBAN, DAR..",
DARKONAH: "kening apa sih KANG?",
WANYAD: "lah nyong di sms gongkon nggawa gobang, talenan karo karung.. jarene pan mayoran daging.. ya nyong langsung ngenceg belih?..barang tekan kana nyong takon endi weduse ?!..lah ka nyong digesrakna ning pintu air tolih ditodokna batang asu sing wis mlembung..dobol..dobol.."

79.JILBAB
‎WANYAD: "BAN enyong bener2 eram his wong2 ka pd salah kaprah yah","salah kaprah kepriban NYAD?",
DALBAN: "lah iya sg darani jilbab kwe anggepane wong2 sg nggo nutupi rambut..padahal kuwe arane kerudung lan rambut kuwe aurat kecil..sdgkan jilbab kwe artine baju longgar nggo nutupi dada sg dadi aurat gede..lah saiki wong2 wadon jarene tah nganggo jilbab..merga rambute pada dikudungi..tapi sg arane susu kuwe pd tumplek merga klambine nglapet"

80. SUNAH ROSUL
WANYAD: "DAR, kowen ngarti belih kiye malam jum'at..",
DARKONAH: "iya ngerti emange pan apa?!",
WANYAD: "gyeh ajarane kanjeng nabi kuwe angger malam jum'at kuwe ana ibadah kanggone wong sing bebojon..sg kocape sunah rosul..",
DARKONAH: "iya KANG paham",
WANYAD: "ya wis oh ari wis ngarti hayuh oh DAR!",
DARKONAH: "ya ngarti sih ngarti tapi sing wingi malam sabtu, senen, selasa karo kemis kuwe arane apa?! ketambahan awane maning..loken seminggu pan ping enem..regreg oh enyonge.."

81. GELISAH
WANYAD: "Dih DAR, kowen tak jak nonton pilem 17 tahun ke atas daning kayong glasahan bae kaya kuwe...njagonge maning-maning obah, maning-maning obah ....sanajan kiye ning SUBUR, ari pan njaluk ya aja ning kene oh....ngko malah dadi totonane wong-wong....",
DARKONAH : "Sing pengin njaluk kuwe sapa!!, enak bae...genah pancen korsine isine "tinggi" kaya kiye ari nyokot bokong kayong gatele nganti tekan silit nemen..."

82. MBAK JIHAN
WANYAD : "Mbak..mbak...mbak cantik deh..., aslinya mana Mbak?",
si- MBAK: "Aku dari Surabaya Mas..",
WANYAD: "oh...boleh kenalan nggak Mbak, Mbak namanya siapa sih..?",
si- MBAK: "JIHAN Mas...",
WANYAD: "Oh.. ya ampun namanya kok cantik sekali yah... secantik orangnya gituh....kalo boleh tahu nama lengkapnya siapa Mbak..?",
WANYAD: "nama lengkapnya JIHANCOK luh Mas..."

83. UDUD DJAYA
DALBAN: "NYAD, raimu jaman wis milenium ka udud megin DJAYA bae...kaeh kanca2ne wis mundak ng MILD, SAMSU apa SUPER..",
WANYAD: "eh raimu belih ngarti sejarahe yah,gyeh nyong ngakali DARKONAH lewat jasane MBAH SAJIM ya nganggone DJAYA.., tak sebul ning raine waktu ana tontonan.., toli kiye sg penting rahasiane..dong bengi DARKONAH belih gelem tak tumpaki ari lambene nyong durung mambu DJAYA..ngarti kowen?!"

84. KROWAK
‎DARKONAH: "KANG... !!",
WANYAD: "Apa DAR..!!",
DARKONAH: "mene gen..!!",
WANYAD: "Ana apa sih..?!",
DARKONAH: "gyeh delengna ning njerone lemari gyeh...cawete nyong bisa krowak kabeh, digrogoti curut...",''ih loken...?!",
WANYAD: "klambi sing liyane sih DAR ?",
DARKONAH: "angger sing liyane tah langka KANG....",
WANYAD: "terus sing bolong mbang endi-ne DAR..?",
DARKONAH: "pas ning tengah2-e KANG..",
WANYAD: "eh nrokcok....curut be ngarti tempat sing kepenak yah....

85. KORAHANE BUMBU
WANYAD: "Dar3x..kiye teh cap apa sih! rasane ng ilat bisa getas temen kaya kiye dih! toli dideleg ka ning gulu rasane bisa kaya kebakar nemen kaya kiye..hoakk..bjuh bjuh..",
DARKONAH: "bayu sg endi KANG?",
WANYAD: "sing endi sing endi kiye sing ning rantang",
DARKONAH: "sing ning rantang? kwe tah dudu banyu teh oh KANG.. makane aja janji nguyup.. kuwe damare disuled disit gen..genah banyu korahane layah bar gawe bumbu dokon ng rantang bisane monine teh"

86. MAKMUM BUDEG
WANYAD: "BAN miki nyong sembayang magrib nang langgar ngempet pan gemuyu..",
DALBAN: "sih bisane BAN..",
WANYAD: "Kowen ngarti si KARMIN budeg?..
DALBAN "ngarti.. kning apa sih?",
WANYAD: "Lah iya sembayang jamaah ning iringane nyong si KARMIN budeg.. sing kupinge isine jalawatu tok..wong genah2 imame maca alfatehe durung tutug tekan waladholin tembeke shirotol mustaqim eh si KARMIN wis njawab AMIN dewekan nganti rosa nemen..ya nyong ngempet pan gemuyu oh"

87. DUWIT GADE
WANYAD: "Nyong miki tas digrombyang DARKONAH saporete BAN..dikruwes-kruwes ndase nyong",
DALBAN: "Lah kening apa sih NYAD?",
WANYAD: "Lah iya apes pokoke bener2 apes.. ning wis umah laka duwit saperak-perak acan.. nyong dikongkon gade anting2 rong gram ning pegadean.. ning prapatan subur wong ndas lg mumet ya nyong belok kanan bae ya.. akhire ditilang oh.. kena nganti rong atus seket ewu BAN.. ya gade anting2 mung nggo bayar tilang tok oh.."

88. KALPANAX
DARKONAH: "Kang sing arane KALPANAK kuwe obat apa sih KANG?",
WANYAD: "Kening apa sih DAR?",
DARKONAH: "Gaeh si Lupit njerit2 miki matane tas klilipen.. tak damoni ora metu2 akhire tak pupuhi oh.. tapi bisane ireng2 matane ka malah dadi ilang dadine malah putih kabeh KANG",
WANYAD: "nganggone apa DAR..",
DARKONAH: "Kiye anggo KALPANAK..KANG",
WANYAD: "Goblog kowen.."

89. NAMBANI KESURUPAN
DALBAN: "Sing endi NYAD?",
WANYAD: "tas mono BAN disambat si Mumun..",
DALBAN: "Sih disambat apa?!",
WANYAD: "Anake kesurupan..",
DALBAN: "Eh iya NYAD .. si YANTO?.. kowen bisa.. toli mari belih?",
WANYAD: "ya mari yah!",
DALBAN: "Dih daning hebat temen kowen NYAD..dapakna?",
WANYAD:"Halah kuwe tah gampang.. toil pancene dasare apen2 thok ka BAN.. karo matane mendelik2 .. dumanen njaluk motor ora dituruti.. nyong ya paham.. b...arang pan tak jejeli tembelek ampun-ampunan..monine apen2"

90. TOBAT
BEJO:"Pak Kyai nyong pengin ngomong karo panjenengan nyong kiye lugune pengin nglakoni sembayang, puasa lan syare'at2 islam liyane.. tapi ya kuwe mau nyong kiye durung bisa ninggalna mendem karo nlembuk..menurute panjenengan enyong kudu pimen?"
KYAI:"oh.. kuwe tah gampang oh.. wis sing penting kowen kudu dadi wong jujur bae wis..",
BEJO:"Dih lah kaya kuwe thok Pak Kyai, kuwe tah gampang eles oh..ya wis tak lakoni.."

91. KAYA BLATUNG
WANYAD: "Dar Dar daning raimu durung dapak-apakna wis cebrik kaya kiye..",
DARKONAH: "pimen ora cebrik wong nyong lagi mens",
WANYAD: "dilah bisane raimu sing mau ora ngomong sih DAR..",
DARKONAH: "ora ngomong kepriben.. wong nyong sing sore wis gembar-gembor lampu merah teka lampu merah teka ka.., rikane bae sing kaya blatung sakale matane merem tapi tangan krogetan bae nggoleti pentil.."

92. PROTES KARO MENTERI
‎WANYAD: "BAN.. mene gen kowen ngarti ora carane protes karo menteri pendidikan kuwe pimen?",
DALBAN: "dih lah nyong ya ora ngarti yah! pimen sih NYAD",
WANYAD: "Lah iya.. loken ana soal soal ujian FUNGSI OTONOMI DAERAH kuwe apa.. kuwe ditakokna maring bocah kelas papat SD BAN sih pimen.. ya ngablu oh ya.. kuwe digawe menungsa kaplak tua normal... be nang ora bisa njawab oh.. apa maning kaya si Lupit.. gebleg ah kurikulum saiki"

93. NGUYUH NING DALAN
‎WANYAD: "BAN nyong miki isin sung karo rombongane bocah2 wadon2",
DALBAN: "Sih kening apa NYAD?",
WANYAD: "mau lg sore nyong mlaku2 ng dalan kr DAKRUN, ujug2 nyong kebelet nguyuh..akhire tak planturna bae ng BAN'e trek sg lg mandeg.. lah si DAKRUN ora gelem nonggoni nganclang bae.. ya nyong gemboran oh..lg gemboran mrg DAKRUN ujug2 trek'e jalan..ya sing ning lor'e dalan bocah2 wadon sing pada ngadeg pd njerit oh karo nutupi matane..malah ana sing gemboran Uuum daning cilik yah!"

94. KARCIS CIREX
WANYAD: "Mbak karcis cirek jurusan Brebes sg executip..pira?",
PETUGAS LOKET GAMBIR: "Rp. 105 ribu Mas",
WANYAD: "Dih lah daning regane semelet temen Mbak..wong biasane be 85 ewu ka..aja mbati oh Mbak ah",
PETUGAS LOKET GAMBIR: "Mas besok hari libur jadi naik",
WANYAD: "Eh Mbak sing ngarani sekiki libur kwe sapa.. nyong tah laka dina gabug oh Mbak.. sabtu ya dilawani kedampalan luruh pangan..emange PNS.. wis lah mene belih sida numpak DEWI SRI toli genah

95.NGIDONI POLISI
DALBAN: "kening apa NYAD, kayong lg sewot",
WANYAD: "pimen ora sewot BAN ..wong mung gara 2 nampek lemud be nyong ditilang",
DALBAN: "ditilang polisi? sih bisane nganti kaya kuwe kepimen critane ?",
WANYAD: "wong nyong lg numpak motor enak2 ka ujug2 ana lemud nampek rai mlebu cungure nyong ya nyong glokeran yah...nyong idu byuh ngiring tengen blih weruh ana polisi nyimpangi nyong ya bonggane sapa raine kena idune nyong oh ya.."

96. MOKONDO
WANYAD: "Dih kaya kiye temen rasane yah wong belih duwe duwit!",
DARKONAH: "Kening apa sih KANG nggremeng bae..wis ana ya dipangan langka ya mingkem",
WANYAD: "Dih kowen dadi bojo ka laka2 his DAR bisa nrimakna nemen",
DARKONAH: "Sih pan pimen maning KANG..angger nuruti penghasilane rika nang nyong klenger sewu oh..gajih ora duwe udude kudune nyanding..wislah ...ora usah dipikir..sing penting barange rika negin bisa ngadeg be nang aku wis bombong oh kena nggo ato-ato"

97. BOBOL
DALBAN : "DARKONAH jare meteng maning NYAD?",
WANYAD: "Iya BAN daning kowen ngarti,wong kebobolan ka BAN",
DALBAN: "Kebobolan pimen NYAD?",
WANYAD: "Dasare anake nyong si Lupit nrokcok nemen ka..wong wis biasane nyong dong dolanan kr DARKONAH kuwe ora tak polna..wedi meteng BAN..wong nyong lg enak2 nggarap ng mbale..tak kira sih laka bocah,ujug2 bokonge nyong dijepret nganggo karet kr si Lupit..jepret! nyong kaget yah dadine nujleb banjir ng njero oh"

98. NGAPRUK RESERSE
WANYAD: "BAN ngko dong ana polisi takon arane nyong ngomong bae ora kenal ya",
DALBAN: "Kening apa sih NYAD",
WANYAD: "Bagreg kye gara2 si DAKRUN wadul karo nyong jarene deweke dikepruki wong ng ORKESAN,nyong ya solider yah nggawa linggis..tak takoni ciri2ne apa jarene gondrong anggo jaket ireng..tak oncogi belih..brg ketemu lngsung tak tengkel sg mburi","toli klenger NYAD","ndlosor BAN..lah ujug2 wong sg weruh pd gedeg jarene kuwe tah RESERSE oh"

99. NGUNCER-UNCER
DALBAN: "Nggoleti sapa NYAD, daning nggawa sapu ada",
WANYAD: "Si LUPIT miki nglembar mene apa belih BAN..nrokcok ka bocah mbedude por-poran di kongkon sekolah madrasah ka malah masang kopyokan karo si TARWAD ning enclenan.. pan dadi apa cilik2 wis pinter maen.. dong kecandak awas pan tak sabeti",
DALBAN: "Ya arane be bocah NYAD aja kereng2 lah melas",
WANYAD: "Dudu moni kaya kuwe BAN ari menang sih nyong ora penasaran wong nganggone ya duwite nyong"

100. KREKELAN ANTENA
WANYAD: "DAR raimu jawane apa2nan sih DAR.. maghrib2 ka penekan gendeng ky kuwe..cepet mudun tibalah mblowekk",
DARKONAH : "Rika dongen sg endi bae sih KANG gaeh tipine siarane kemresek isine semut..kye pan tak deleng mbokan antenane geser kening angin.. masalahe mengko jam 7 ning "tv one" ana oma irama..dadine nyong kiye gagiyan manjat oh",
WANYAD: "Dih lah..kayong sebegitunya sih DAR..ora ya ya ha.. ader angger raimu tiba oma pan nglironi?!"

Tidak ada komentar: