TULISAN-TULISAN BUAH KARYA BUPATI BG (BREBES GEMUYU) .... SEMOGA BISA MENGHIBUR .....

Kamis, 07 Juli 2011

100 BALADA WANYAD & DARKONAH II

1. NGREMED
DARKONAH : "KANG!.....kyeh sing ngising ora disiram sapa!, gyeh aja ngerjani nyong gen.....mana banyu kolahe entek maning....dih njejeni nemen ah huwekk huwekkk huwekkk.."
WANYAD: "Raimu gemboran apa sih DAR!!...wong paling2 karo kaya kuwe be wedi....gari diremed be nang ambrol oh... wah!!..."

2. GAWEK GILI RUSAK
WANYAD: "BAN jare kowen sg nggarakna gili sedawane pantura kwe rusak bebeg kwe merga kening apa BAN?!"
Dalban : "ya merga trek gede bangsane tronton kr gandengan toli bis2 pd liwat oh NYAD"
Wanyad : "Ya salah..justru sg nggawe rusak kwe bangsane sedan kaya mercy karo BMW"
Dalban : "kowen bakute pikirane nang endi kae tah mobil cilik oh enteng!",
Wanyad : ..."gyeh ngarti ora kowen?! duwit 100 sing nggo gawe dalan disudat dadi 60, sing 40 nggo tuku sedan.."

3. PILIHAN
DALBAN: "NYAD..mengko dong ana pilihan Bupati terus tim suksese nein duwit seket ewu-nan karo kaos kuwe enakke ditrima apa ora yah NYAD...?!",
WANYAD: gyeh kuwe arane rejeki BAN trima bae...tapi mengko dong pas wayahe pemilihan belih susah ditoblos atawa dicontreng...PERCUMA!!!

4. NDARANI PATUNG
DALBAN: "NYAD, bisane raimu betem nemen ky kwe?"
Wanyad : "Bagregka..kowen aja kanda2 ya"
Dalban : "ng apa sih?"
Wanyad : "nyong bar ditempelingi SATPAM supermarket"
Dalban : "lah kowen nyolong?"
Wanyad : "ora ky kye critane ng tmpt dodolan klambi2 kan ana patung loro lg jejer..zung patung ka bs ayune ky luna maya..sanajan nyong ora rasan asline patunge ya ora papa wis..tak remed2 bokonge..lah ka njerit..jebule kwe wong temenan lg ngadeg ng iringane patung"

5. F1 INDONESIA
WANYAD: "BAN nyong ka eram nemen sung.."
DALBAN: "eram kepriben NYAD?!"
Wanyad : "Ya eramlah bisane balapan F.1 Indonesia kuwe ora bisa melu acan2 laka wakile.."
Dalban : "Lah kowen piben, prangasane dadi pembalap kuwe gampang disamping medek pedal perlu strategi karo keberanian,."
Wanyad : "dih ari perkara bandel-bandelan tah Indonesia ora kurang oh!, kaeh delengna supir LURAGUNG, supir LORENA, supir BINNEKA edan2nan BAN..sumaker?!,.lewat.."

6. ANA BIUSE
WANYAD : "BAN nyong lg keder nemen gyeh motore nyong ilang"
DALBAN : "His sg bener, toli wis lapor polisi?"
Wanyad : "Justru kwe nyong wedi kr DARKONAH"
Dalban : "Bisane wedi?"
Wanyad : "Critane nyong ng dalan ktm wong wadon ayu nemen njaluk mbonceng brg liwat kuburan njaluk liren, mudun toli nggandeng nyong,wuda BAN nyong gongkon ngenyot..lah ujug2 esuk2 nyong dibugah wong trs motore ilang"
Dalban : "Lah susune ana biuse?"
Wanyad : "iya, piben nyong pan lapor"

7. AJA NGLAPET-NGLAPET
WANYAD: "Heh Dar, kowen angger nganggo clana aja nglapet nemen2 kaya kuwe nganti cawete ngecap ngisin-ngisina",
DARKONAH: "Lah justru kudune rika nang bangga oh KANG nyong katon sexi kaya kiye.."
Wanyad : "Ya ari karuan sexi tah belih papa bisa tak kriditna...wong raimu tak dekena gratisan nggo mayorane tukang becak be masa gelema belih tukang becake.."
Darkonah : "sikah! dasar wong lanang edan.."..krotakkk...

8. NGANJINGNA DOM
DARKONAH: "KANG nyong tokokna kacamata ya kena oh..nggo nganjingna benang ning dom pan dondom kayong wis angel nemen gyeh..belih manjing-manjing.."
WANYAD: "Wis belih usah..giliran nganjingna dom lah geger, angger duwit tah awas snajan tak selagna ning njerone kaos kaki ya matane tetep pendirangan bisa weruh bae.."

9. NGLELESI
WANYAD : "DAR, kowen ari tak sawang2 tambah tuwa tambah ayu his DAR...",
DARKONAH : "prangasane nyong seneng rika ngomong kaya kuwe?...saiki tah laka barang ayu KANG, sing penting rika ora nglorodi duwite jatahe nyong sing bocah nggo pasang kopyokan be nyong wis seneng...rika ngomong kaya kuwe nang pan nglelesi duwite jatahe nyong sing bocah oh ya pan nggo pasang kopyokan..wis tak benahi rapet KANG.."

10. KANGGO CONTOH
Wanyad : "BAN.."
Dalban : "Apa NYAD?"
Wanyad : "nrokcok ka.."
Dalban : "kening apa?"
Wanyad : "wingi nyong ktemu wg wadon ayu numpake sedan jarene tah sg lanange lg brlayar..ngejak aku mrg mall trs bar kwe nyong jejak mrg umahe dilebokna ng kamare toli nyong dikongkon udar2 klambi"
Dalban : "trus NYAD?"
Wanyad : "trus wg wadon ayu kwe poyan metu disit"
Dalban : "trus?..terus2..”
Wanyad : ”lah nyonge ya... siap2 oh, jebule ka mlebu kr nggawa anake toli ngomonge ANDI ini contoh orang yg nggak mau makan.."

11. SERSE NYAMAR
Ng POLSEK..
WANYAD: "Lapor PAK, nyong bar nyekel wong mencurigakan gyeh..nyong curiga kr menungsa kwe nggawane karung..nyong kwatir mbokan sg ky ng tipi2..bedogan sg doyan nyolongi bocah..mau sedurunge tak gebugi ndisit PAK nganti klenger.."
POLISI: Ndi wonge?!,
Wanyad : "Gyeh PAK"..
POLISINE KAGET :" Hei NYAD..raimu sembarangan yah!!...nrokcok yah..kowen ngarti ora kwe sapa?!"
Wanyad : "emange sapa PAK?"
Polisi : "Kuwe KOMANDAN SERSE sg lagi nyamar.."

12. PERIODE MIMPIN
WANYAD : "BAN, nyong ka eram his.."
DALBAN: "kening apa sih NYAD.."
Wanyad : "Lah iya wong ora pada duwe kemampuan memimpin pan pada ngajokna dadi pemimpin..modale mung onjo-onjonan duwit tok..bagjane sa suara gelem dituku 50 ewu karo dinein kaos..ya barang dadi mbadogi apa ora oh.."
Dalban : "His, tapi akeh sg nganti rong periode ka ...NYAD.."
Wanyad : "Justru kuwe BAN.. periode pertama mimpin, periode kedua ngringkel ning jogan teles.."

13. KACANG RASA BAWANG
WANYAD: "BAN artis2 sg asale Brebes kuwe sapa bae?"
DALBAN: "ari nyong belih salah kuwe..MIRNAWATI, SANTI SARTIKA, TITIK SANDORA, AYU SORAYA, LEO WALDI, MIEKE WIDJAYA, alm. CHOLIK.."
Wanyad : "ana siji maning oh BAN.."
Dalban : "sapa NYAD?"
Wanyad : "SOPIA LATJUBA"
Dalban : "His sg bener bae ngomong ka ngacapara?"
Wanyad : "eh ora percaya..SOPIA LATJUBA kuwe bekase wong mbutik kesuwen nglemprak kaeh delengna ng tipi ari ngomong monine kacangku rasa bawang"

14. R A G I
WANYAD: "DAR...!!",
DARKONAH: "iya..!!, ana apa sih KANG gemboran bae kaya melenge.."
Wanyad : "gyeh bisane dekene nyong saiki malah dadi benyek kaya kiye.."
Darkonah : "lah emange kening apa?"
Wanyad : "kening apa.. kening apa..kyeh gara2 raimu ngumbai sempak ora bersih dadi gatele nemen..akhire tak uwuri parem herocin sing ng mangkok oh.."
Darkonah : "Rika... bae sg ciplose belih ngarti genah kuwe ragi sing nggo gawe tape darani herocin, pimen dongen.."

15. AJA KAKU-KAKU NEMEN
DARKONAH: "KANG dadi wong aja kaku nemen2 gen, sing lemes...dadine wong sing enak2 bae...aja delat2 petentengan... delat2 petentengan..",
WANYAD: "Raimu ngomong apa!!...justru dong nyong ora kaku nang ora bisa mlebu oh...gongkon nyong sing lemes, nang kowene kroangan bae oh...monine ora enak ora acan..."

16. DUIT APES
DARKONAH: "Kang, kiye ana atusan ewu lima ning ngisore tumpukane klambi duwit apa KANG?"
WANYAD: "E e h, pancen raimu cungure bisa kaya anjing pelacak yah, ora kena mambu duwit..kuwe tah duwit apes oh DAR"
Darkonah : "Duwit apes?, bisane duwit apes KANG?"
Wanyad : "Ya duwit apes lah...wong konangan raimu.."

17. KETERTIBAN UMUM
WANYAD antri ning apotik nrosol bae maring mengarep...
jarene wong-wong : "Hei mas rika sing bener bae aja sakepenake dewek oh nrosal-nrosol.. budayakan antri..jangan mengganggu ketertiban umum dong",
jare WANYAD: "sing nganggu ketertiban umum kuwe sapa?! justru nyong kuwe njaga ketertiban umum.. rika2 ngarti belih nyong kiye lagi kening diare..dong nyong mencret ning kene sg repot sapa coba!?"

18. NGENTENI OMONGAN
WANYAD numpak bis sg losari.. njagonge ng iringane wg wadon sg lg nosoni bayine..
Jare wg wadone : "Giyan oh nok nenen gyeh..cepet nenen oh nok angger ora nenen mngko dinenen um kiye loh (kr nuding mrg wanyad).."
Nganti tegal bayine ora gelem nusu2..akhire WANYADE ngutik
Wanyad : "MBA kwe temenan belih?"
Wong wadone : "Temenan apane MAS?"
Wanyad : "Gyeh asline nyong wis mudun ng klampok tp brhubung nyong ngenteni omongane rika tekan TEGAL tak lakoni"

19. ULEMAN NYUNATI
WANYAD: "BAN, mene gyeh.."
DALBAN: "ana apa NYAD"
Wanyad : "Nyong pan takon karo kowen..sing nglorod ulem-uleman kosong degawene nyong sapa?!"
Dalban : "yagin NYAD nyong ora..,kening apa sih"
Wanyad : "nrokcok ka pas hari H-ne nyong nyunati tlembuk langganane nyong sa peleman pada teka kabeh.., untung si DARKONAH belih ngarti oh kuwe sapa, tak omong bae kuwe kanca dines"

20. KORUPSI TINGKAT RT
Dalban: "Myad jare kowen jamane suharto karo jaman saiki enak endi?",
Wanyad: "ya penak suharto mayan lah"
Dalban : "sìh bisane?"
Wanyad : "kyeh ban tak kandani ya, jamane suharto kwe sg korupsi ya wöng2 kwe tok tp jaman saiki ketua RT be ngarti korupsi"
Dalban : "ader?"
Wanyad : "lah kae masalah raskin"

21. PACETAN
WANYAD: "Dih Dar, kayong angel temen sih mlorodnane nganti rekasa nemen kaya kiye.. "
DARKONAH: "Lah rika bada-bada njaluk belih ngarti cawete nyong megin anyar.. megin mambu perna, dadine nglapet ngarti...karete be durung mulur-mulur acan.."

22. TANGI BENGI
Ustadz DIRUN: "NYAD, kowen pengin rejekine akeh?"
Wanyad : "Ya pengin oh Tadz.."
Ustadz : "Kowen pengin tak nein rahasiane?"
Wanyad : "pengin oh pa ustadz apa kuwe rahasiane.."
Ustadz : "rahasiane kowen dong bengi kudu gelem tangi, dong bengi kowen sokan tangi belih sih NYAD.."
Wanyad : "dih dong masalah tangi ya sokan nemen yah.."
Ustadz : "eh iya NYAD...dih dih dih terus sing tangi apane NYAD?"
Wanyad : "ya kuwe mau Pak Ustadz sing tangi tembe sing ning ngisore disit.."

23. NGEDIT POTO
WANYAD: "BAN raimu bisa ngedit potone nyong BAN?
DALBAN: "pan nggo apa sih NYAD?"
Wanyad : "Dobol wingi aku nembak bocah wadon ning inbox facebook ka ditolak mentah2 malah mbalese enak ora ning dindinge nyong.."
Dalban : "Toli kamsude piben NYAD?"
Wanyad : "Ya kuwe mau tulunglah fotone nyong eben digawe alus ndes BAN..nyong pan nembak bocah wadon maning kyeh..TKW Hongkong.."

24. NGGAWAK KLEBET
WANYAD: "wis oh DAR, daning bada-bada njengkungkung bae kaya kuwe...jarene pan metu yu oh.."
DARKONAH: "pan maring endi aku tah..kayong rika gableg duwit.."
Wanyad : "His kowen kuwe belih ngarti yah hakekate Idul Fitri kuwe sebenere apa..kuwe artine hari kemenangan DAR..menang karo sg arane hawa nafsu..mugane wis oh kowen aja ...jengkel..sing penting modal bae bensin sa liter toli mayeng2 karo nggawa klebet yuh.."

25. MASAK AYAM
WANYAD : "DAR kowen kepriben sih!, jegod masak apa ora dongen?!, nggawe kupat daning daginge bisa alot temen kaya kiye?! kiye batang apa bener ayam sih?!..,
DARKONAH: "dih ya ayam bener yah..pangampurane maning lah KANG nyong belih sengaja sung...toli wis oh KANG aja jengkel kaya kuwe sakale miki wis salaman-salaman ya.."
Wanyad : "salaman sih salaman..tapi untu kyeh oglek loro.."

26. NYADRAN
WANYAD: "BAN kiye kira2 enakke mubeng maring endi ndisit yah nyadrane.."
DALBAN "Ning Kaji Wastap bae ndisit oh Nyad..sesepuh"
Wanyad : "halah emohlah.."
Dalban : "Kening apa sih NYAD.."
Wanyad : "pait leder kaya bratawali.."
Dalban : "Sih maring endi?"
Wanyad : "mending ning Babah Liang Hin Bae..bar salaman olih ang pauw sa uwong limang ewunan.."

27. PANGAPURANE
DARKONAH : "KANG, sbg bojo nyong akeh dosane kr rika, nyong njaluk pangapurane yah KANG"
WANYAD: "Semono uga nyong ya DAR, nyong slama kiye kr kowen ya akeh nemen dosane..aku ya njaluk pangapura ya DAR.."
Darkonah : "Iya KANG ya wis oh KANG matane ora usah nangis ky kuwe"
Wanyad : "Nyong nangis dudu moni apa2,kowen ari salaman bar ngirisi... mengkreng nggo jangan KUPAT dongen tah wisuh disit oh DAR, dadine nyong ucek2 ora perih ky kiye"

28. MUDIK
WANYAD "DAR kowen cepet nganggo helm karo rangsel toli cepet oh mbonceng nyong yuh..",
DARKONAH : "Pan maring endi sih kang kayong ora ya ya ha?",
WANYAD: "wis gen nyong pan mider2 ning gili gede...eben diarani rombongan wong mudik enak nemen ka dikawal polisi ana apa..."

29. MELU PREPEGAN
WANYAD wayahe prepegan numpak motor nyruntul bae nerjang lampu merah prapatan subur...ujug2 prittt...dikejar polisi
Polisi : "Eit eit eit mandeg disit..ciplose raimu ning endi sih...raimu ngarti belih kae ana lampu abang kudune nang mandeg oh..",
WANYAD "iya pak nyong ya ngarti kae lampu abang kudu mandeg tapi yagin pak sung n...yong belih ngarti bapane ana ning kono..tak kira sih polisi-polisi ya lagi pada melu prepegan.."

30. ClANA BADANAN
WANYAD : "DAR kowen niat nukokna clana badanan-ne nyong belih sih...kiye wis tak cacak kabeh daning sing ireng njenggol,..sing soklat ya jenggol...sing klawu juga njenggol, priben dongen kowen... ari ora niat ya wis oh....",
DARKONAH : "Eh Kang dudu clanane sing salah....tapi onderdile rika kuwe sing wis mlorod alias kondor....pancen rika kuwe kudune didenggoni kantong trigu tembe logro.."

31. RIYAYA
WANYAD: "Dar mengko kowen sembayang riyayane pan ng endi ari nyong tah pan nang masjid bae melu ustadz Draup..",
DARKONAH "ari nyong tah pan ning lapangan bae lah Kang, eben syiar..",
Wanyad : "Ari jare nyong tah yah wong wadon kudune ya nurut wong lanang..masalahe wong lanang kuwe imam.."
Darkonah : "Ya ora bisa oh kang..wong saiki wis jamane reformasi..deleng kaeh ikang pauzi kr marisa hakwe..sg siji parte biru sg siji parte abang..

32. PLESIR
WANYAD: "DAR, kowen bada pan maring endi wis gari ngomong bae aja sungkan2,..PANTAI RANDUSANGA..PAI, PURWAHAMBA, GUCI, apa WADUK MALAHAYU? terserah kowen..",
DARKONAH : "Halah Kang..Kang..duwit be gableg ora..iya ari wong2 ana THR..rika boro2 gayane pan ngejak plesir..",
Wanyad : "His tenang bae...miki Kaji War'an sg duwe materi...al tembe ngomong kr nyong.."NYAD kowen mbokan pan plesir kaeh trek wedi digawak ya kena.."

33. NGEREK PERKUTUT
WANYAD ngerek perkutut ng ngarepe umahe..raine ndengak menduwur..tangane nyekeli tali..lg ngerek sarunge bolak-balik mlorod..akhire ndengak nyambi nggubed sarung..nganti sarunge manjat tekan nduwure wudel.. DARKONAH weruh
Darkonah : "Kang dih lah manuke kuwe kang"
Wanyad : "He he apik oh yah DAR warketekung.."
Darkonah : "Dudu kwe kang manuke rika"
Wanyad : " Delat maning moni ka DAR tenang bae"
Darkonah : "Kaeh wong2 pd ndelengna"
Wanyad : "Ora papa DAR mbokan ana sg seneng"
Ngakahi
DARKONAH: "Kang ngko nyadran bada pertama ning Mane' karo Bapane nyong ndisit ya..",
WANYAD: "Ya ora oh Dar ning Bapane karo Mane' nyong ndisit lah"
Darkonah : "Rika kuwe senenge ngakahi yah..pancen rika kuwe luwih sayange kr wong tuwane rika dewek daripada wong tuwane nyong"
Wanyad : "Sabar ndisit DAR..dudu moni kaya kuwe..nyong kuwe justru luwih sayang karo mertuane kowen daripada mertuane nyong dewek.."

34. MBOJO MANING
Wanyad : "DAR, nyong mbojo maning olih?"
Darkonah : "Sikah pengin tak tugel kuwene, royal mandayan makani bojo siji be klaweran ky kwe ka wani2ne pan mbojo maning"
Wanyad : "Aja emosi disit oh Dar..justru kwe Dar jarene ustad Dirun kae ari dedonga Ya Allah senggane rejekine nyong wis enteng tulung mudunna rejekine bojone nyong liwat tangane nyong, lah nyong ws ndonga ky kwe ora mudun2 mbokan ari nyong mbojo maning bs rejekine mudun Dar"
Darkonah : "Sikah"

35. SALAH MBUKA
WANYAD lg leha2 ng umahe nganggone sarung diobrag2 tanggane randa sg lubar nyunati anake..
"Kang Wanyad..Kang Wanyad..njaluk tulunglah kaeh si trisno bar disunati daning njempling2 kelaranen ky kae.."
akhire dparani toli trisnone dipangku kr wanyad..pas mantrine teka ditiliki..wong dipangku kr wanyad sg dibuka sarunge wanyad..
jare mantrine "pantes bae wong abuhe kaya kuwe..",
Wanyad : "hei pak mantri salah mbuka kwe dekene nyong"

36. Pahlawan

Bu Guru : "anak2 coba sebutkan nama pahlawan yg berjuangnya satu jaman..ya BUDI
Budi : "Teuku umar sm cut nyak din Bu.."
Bu Guru : "Iya betul..iya km WATI"
Wati : "Sudirman sm gatot subroto bu.."
Bu Guru : "Iya betul..iya km TARWAD"
Tarwad : "Diponegoro sm akhmad yani bu.."
Bu Guru : "Loh ya nggaklah.. diponegoro kan th 1800 klo A.Yani kan pahlawan revolusi.."
Tarwad : "Loh wong nyong weruh... ka bu ketemune bareng nang prapatan lampu merah biaskop subur"
Bu Guru : "Lah kue tah arane dalan oh WAD.."

37. PECAKAN TERONG
Merga saure pecakan terong wetenge WANYAD koslet alias mules berat,wis ora srantan mlayu ngiprit mring plowotane kali jobong sg modele ky helikopter dtutupi kandi,nongkrong kr kridongan sarung..tp WANYAD jrongatine eram bisane ngising ng duwure kali ka monine ora plang ora plung tp bs monine blag bleg blag bleg,brng ng...adeg ngisinge ws mari sarung kyong rasane abot mak ceos ng bokong,pantes bae jebule ngetombol kabeh

38. KARAKOEAN
DARKONAH merceka kr WANYAD
Darkonah : "Kang2x..wis budeglah! nyong isin kr tangga2 kaeh..wong maghrib2 ka kedombrangan karokean bae ky kuwe..ya ari nembange kepenak..wong suarane ngiwa ora ngalor ora ngidul ka"
Wanyad : "Sikah raimu ka senenge merceka ari ana wong lanang lg seneng..mugane gen kowen kuwe ngartine aja mung samroh kr kosidah...an tok..sepisan2 kudu ana peningkatan.. seneng kr lagu2 barat.. ky sg judule.. "PRAPATAN CELENG"

39. NYUTAT DUWIT
TARWAD dikongkon tuku kangkung rong unting ng pasar digawani duwit 5000, balik2 ditakoni mane'ne..
Mane'ne : "WAD daning jujule mung 2000 kudune nang 3000 oh...wong sa unting regane sewu.."
Tarwad : "Dih Mane' belih percaya?..ari ora percaya mring pasar dewek mana gen"
Mane'ne : "Aduh WAD WAD.. Mane' ora ridho ari kowen ngko gedene dadi PNS."
Tarwad : "Lah ...emange kning apa Ne'?"
Mane'ne : "Nyong isin ngko kowen dikrangkeng..nyutat duwit anggaran.."

40. NGILANGNA KORUPSI

Dalban : "NYAD menurute kowen kuwe kepriben carane eben Korupsi ng Indonesia kuwe bisa berkurang yah..?"
Wanyad : "Ya menurute nyong tah..sing kudu2 diporselen ndisit kuwe kejaksaan karo kehakiman BAN.."
Dalban : "Lah bisane?.."
Wanyad : "Saiki angger jaksa karo hakime kuwe ora gelem disogok, toli wong2 sg korupsi kuwe bener2 hukumane dipolna nganti 20 tahun..sg liyane pan melu2 kan mrekitik BAN.."

41. URUSAN TEMEN
Ana ibu-ibu ditakoni kancane
Mbok 1 : "Primen sih bu anake rika.. sakale awake gede.. toli jarene pinter rengking siji terus tapi bisane dijorog-jorogna karo bocah cilik ka meneng bae.. malah bisane kur ndowoh tok kaya kuwe..",
Mbok 2 : "Lah rika ka urusan temen karo anake wong, wong anak ya anak2ke nyong dewek.. ya mbokan mb...esuk gede bisa dadi presiden sapa ngarti hayo.."

42. SIPILIS
Jare WANYAD maring DALBAN...
Wanyad : "BAN.."
Dalban : "Apa NYAD?"
Wanyad : "Bener juga yah...."
Dalban : "Bener kepriben..?"
Wanyad : "Iya bener...wong milih pemimpin kuwe mending sing wong SIPIL tapi MILITERIS kaya BUNG KARNO kaeh.....daripada wong MILITER tapi SIPILIS....kaya......"
Dalban : "Kaya sapa NYAD...?"
Wanyad : "Ya kaya pemimpin sing ora wani mergenggeng karo MALINGSIA... oh..."

43. ABRI
WANYAD eram maring wong sing rambute cepak.
Wanyad : "MAS, rika nang ABRI oh ya..bisane miki sampeyan dipalak preman kae ka meneng bae thok.."
Wong : "ABRI sih ABRI mas tapi nyong ora tau manggul senjata.. boro2 pan gelut mas...wong nyong nyambet gawene ning Koperasi-ne ABRI... pegaweyane ya mung ngetungi duwit sing pan nggo ABRI utang thok oh mas...."

44. TO'A TO'O (WAPLO)
Jare wanyad ari kanda masalah indonesia ibarate indonesia kuwe menungsa sing lemu gede duwur tapi lola lolo karo mlakune gendayar gendoyor..
Kolore diprorodna sing mburi karo bocah cilik gering aking sing arane malaysia mung meneng bae..
Bisane mung nganjatna kolore thok maning karo umbele polar-polor..

45. JENGKOL TUWA
Dasar WANYAD nrokcoke por, ndelengna DARKONAH lagi mreceli jengkol..nganggone rok ora katonan
Wanyad : "Dar, daning jengkole kaya kuwe Dar?"
Darkonah : "Ya arane jengkol nang kaya kiye oh Kang.."
Wanyad : "Ora..daning kisut kaya kuwe ora mletek2 acan.."
Darkonah : "Ya arane jengkol tuwa nang Kang.."
Wanyad : "Oh ya bener...jengkol umuran seket sih yah dadine ky kuwe ...pait leder.."
Darkonah : "Eh dadi rika ndelengna kiye Kang?, sing pait apane wong rika log-logan ka..mukir.."

46. DINA PERTAMA
Dina pertama puasa WANYAD klalen..tangi turu jam 11 awan, weruh ana tempe pecak ng layah turahane lg sahur lngsung dibadog..4 tempe dijambal kr sambel..pas lg hu ha3x kepedesen WANYAD njukut banyu pan nggo tamba tp ujug2 DARKONAH wruh ngelingna..
Darkonah : "KANG pimen sih rika puasa apa ora?!"
Wanyad : "Astaghfirulloh hal Adzim..iya ya DAR... kye wulan puasa..aduh nyong klalen..toli pimen kye nyong ws kadung pedes nemen ky kiye..hu ha 9x.."

47. ORA KOBER
WANYAD saure kawanan, delat maning adan subuh..kedere pol..ari pan mangan ndisit ngko ora kober ngrokok..ari ngrokok ndisit ngko ora kober mangan..akhire loro-lorone dilakoni bareng..mangan disambi ngrokok..bare saplokan mangan langsung sasedotan..bare sasedotan langsung ngeplok sega..

48. NDERES
DALBAN bengi2 nekani umahe WANYAD ketemune DARKONAH
Dalban : "DAR, wanyade ana..?"
Darkonah : "Langka.."
Dalban : "Lah lagi maring endi sih DAR?"
Darkonah : "Lah kowen belih ngarti kiye wulan apa BAN?"
Dalban : "Wulan puasa kening apa sih DAR?"
Darkonah : "Yah lagi nderes yah, wong saiki tambah kenteng nemen nderese.."
Dalban : "Alhamdulillah..nderes Qur'an DAR?"
Darkonah : "Dudu..nderes kartu nin...g pojoke pasar alias lagi mlirit..."

49. TUKANG KRIDIT
Gawir tkg kridit marani umahe Darkonah
Gawir : "Punten.."
Darkonah : "Mangga..eh Wir,ana apa daning mene bae..nyong wis pudat belih?"
Gawir : "Ora..Kang Wanyade ana Yu?"
Darkonah : "Tembe bae los ana apa?"
Gawir : "Ky kiye Yu,si Romlah randa sg kidule dampar wingi critane pesen panci pas ana Kg Wanyad ng kono jarene Kg Wanyad sg pan mberesi"
Darkonah : "E eh Wanyad dobol yah... bojone dewek kedekal-kedekil bagjane mbutik nggo nyaur kridit ka wani2ne mberesi utange randa."

50. BLEKOTOK PROT
Wanyad dolan ng Jakarta mrg tanah abang critane ngayang sempak ng perna Wanyad : "Bang ini berapa harganya ?",
Sing dodol : "Noban"
wanyad keder noban sih pira?eben ora kalah set ari belih ngarti kan isin..akhire ngomong : "Jangan noban lah bang blekotok prot aja"
sg dagang kan keder : "Berapa tuh blekotok prot?"
Wanyad : "Lo... mau tau, skrg aku mau tanya dulu emang noban brp?"
Sing dodol : "20 rb "
Wanyad : "Bleketok prot itu separonya..boleh?"

51. OBAT KUWAT
DALBAN takon karo WANYAD
Dalban : "NYAD nyong pan takon kr kowen, obate eben nyong kuwat nganti ora terangsang ndelengna wong wadon kuwe apa yah NYAD, apa maning wulan puasa kaya kiye, nyong wedi batal NYAD..."
Wanyad : "Kyeh BAN bar saur raimu nginung bae CTM limang iji, wis tak jamin sg esuk nganti sore..jajaha ana wong wadon pating t...lalang wuda ng ngarepe kowen,kowen ora bakal pengin2 acan..pokoken tak jamin matane kowen rapet"

52. ANTING-ANTING
WANYAD ndelengna DARKONAH protes
Wanyad : "DAR koen tak sawang2 kwe wadon apa dudu sih Dar?",
Darkonah : "Ya wadon yah rika nang wis ngrasakna dewek oh, kning apa sih kang?"
Wanyad : "Ari wadon daning tak sawang raimu ora tumon nganggo anting2 DAR"
Darkonah : "Lah nyong sbg bojo sg apik nang kudu nuruti wong lanang belih?"
Wanyad : "Lah sg ngongkon koen ora nganggo an...ting2 kwe sapa, ader nyong ngongkon?"
Darkonah : "Lah rika belih krasa, rika belih jegod nokokna nyong anting2"

53. BLUMBANG SUWARGA
WANYAD ngomong karo DALBAN
Wanyad : "BAN.."
Dalban : "Apa NYAD?"
Wanyad : "Kyeh BAN kowen ngarti ora sing arane SUWARGA kuwe jebule ana blumbange.."
Dalban : "Blumbang?, ah kowen jare sapa aku tah.. sih nggo pranti madahi apa NYAD?"
Wanyad : "Dih kowen ora ngarti BAN..ya nggo pranti madahi bangsane KTP karo SIM oh.."
Dalban : "Sih bisane.."
Wanyad : "Ya KTP karo SIM kan rata2 ISLAM"
Dalban : "Lah menungsane NYAD?",
Wanyad : "Menungsane pada gatolan ning JAHANAM"

54. WUDA BRAL
WANYAD lagi ngrongokna ceramahe ustadz
Ustad : "Kyeh sedulur2 mengko jamane menungsa pd dibangkitna sg alam barzakh tekane baris ng padang masyar..kondisine kuwe pada wuda bral kaya kewan..",
Jare wanyad kr ngacung : "Dih mengko nang pd deleng2ngan oh pak ustadz..asik nyong bisa weruh dekene CUT TARI sing asli"
Ustad : "Sikah!..ora kober NYAD menungsa pd sibuk nyangga urusane dewek2..nyangga panase serngenge sg duwure mung sekilan"

55. SLOMPRET ISROFIL
WANYAD kr DALBAN lg ngobrol serius
Dalban : "NYAD nyong ka mrekitik his NYAD"
Wanyad : "Sih kening apa BAN?"
Dalban : "Kowen nang weruh oh brita2 ng tipi..gunung2 pd njeblug..gempa ng endi2..kutub utara es sg gedene ping limane jakarta pedot lan liya2ne..jare kowen kuwe kepriben NYAD?"
Wanyad : "Kyeh BAN kuwe merga slompretane malekat ISROFIL suwe ora denggo2..kuwe critane lagi dicacak mbokan bebel.."

56. HUKUM PYTAGORAS
Kelase tarwad diwulang matematika rms pytagoras, gurune takon
Guru : "BUDI, coba sebutkan rumus pytagoras!"
Budi : "C kwadrat = A kwadrat + B kwadrat atau C = AKAR dari A kwadrat + B kwadrat pak"
Guru : "Wah mmg km anak pinter..saiki TARWAD, coba ukur tinggi bendera mnrt rumus pytagoras klo C=6 mtr dan B=4 mtr.."
TARWAD : "Duh pak pak, kayong angel2 temen brhubung bendera kuwe laka akare ya suka dirubuhna toli dukur nganggo meteran oh pak"

57. DEMONSTRASI
Wanyad melu2 demontrasi masalah malaysia..diadang2 polisi karo tentara..benderane malaysia diobong karo wanyad..ujug2 wanyad ditempong bokonge kr tentara..jebred..
Wanyad : "Aduh, (wudune nyong mecah!!) 3x, aduh semelet3x..bagreg kyeh.."
Wanyad njempling2 karo nyekeli bokonge.."pak rika wanine aja karo rakyate dewek tok oh..ari ...wani kr malaysia..bedil bae mung diserbeti..wanine kur nggo meden2ni rakyate dewek thok "

58. 700 KALI LIPAT
Wanyad lg mlaku2 kr darkonah ujug2 ana wong mis, wanyad langsung mbuka dompet toli njukut duwit atusan perak.
Darkonah : "Kang njitit temen sih.. Dongen tah pantese sewu apa pira..njaluke swarga ka neine satus"..
Wanyad : "Kyeh dar, koen nang ngarti oh kiye wulan romadhon..angger sodaqoh ng wulan kiye kuwe ganjaran...e dilipatgandakan nganti 700 kali lipat, nyong kuwe pd bae nyumbang pitungpuluh ewu ngarti"

59. NUMPAK BIS
Wanyad nmpak bis sg tegal pan mudun ng klampok, brg wis pan anjog..wanyad siap2 ngadeg ng pinggir lawang..kenete ws ngomong : "yg siap2 turun pake kaki kiri...ya kiri pir!"
Jleg, wanyad mencolot nganggo sikil tengen ..ngipat wanyad muter tiba njengkungkung..raine ngebrok ng tleponge kebo..klopot..kr ngadeg wanyad ngromyah ...
"nrokcok kae bis, untung bae nyong blih nganti ngedek tlepong kiye"

60. KONDANGAN

Darkonah pareme melak-melok nganggone lek ton, rok mini karo sandale jinjit ngomong karo wanyad.
Darkonah : "Kang yuh oh jare pan kondangan ning kawinane maang",
wanyad kaget : "Dih lah apa2nan kowen dar, raimu pan ngronggeng kethek nang endi.."
Darkonah : "Aja ky kuwe kang, wong ning kaca nyong bisa ky agnes monica ka?"
Wanyad : "Agnes monica tah karu...an enom oh dar..lah raimu umure be nang ukurane kejar2an karo masjid agung sing ning alun2 oh.."

61.FESBUKAN
DARKONAH jengkel karo WANYAD
Darkonah : "KANG, kuwe rika matane ora beleken? macem ora oh..sedina-dina kerjane mung mentelengi fesbuk bae..ora esuk, ora awan, ora bengi..!"
Wanyad : "Heh Dar, kowen belih ngarti.. kye kanggone nyong salah sijine cara eben bisa gawe nyong awet muda..interaksi kr bocah2 nom..apa maning sg ayu2..daripada sedi...na-dina nyong gongkon ndelengna KOWEN bae nang bati nggawe UWAN-ne nyong tambah pating pralak oh.."

62. PUKRUL
WAKRUN trkenale tkg pukrul..ari ngomong ora gelem kalah..senenge muluk2..ari kanda bal-balan jarene WAKRUN tau pan diundang PSSI, ari kanda wadon jarene WAKRUN tau macari artis..dsb.Pas WAKRUN lg ndopok ng warunge YU KASNI, WANYAD weruh..ujug2 WANYAD njukut TOMPO toli dokon ng ngarepe WAKRUN..WAKRUNE takon "nggo apa NY...AD?"
Wanyad : "Pan nggo madahi tleponge raimu KRUN,ari mbacot ka pd bae kr nlepong nlespak mrg endi2 ora"

63.ASSALAMU'ALAIKUM
WANYAD tah senenge nggawe reg.....,
sembayang jumát ora iya ya ha...
eben afdol critane ning mburine imam tapi HP-ne sing lagi desak klalen dipateni.....
barang lagi pada takhyat akhir, HP-ne WANYAD ana sing ngebel.....
nadane "ASSALAMUÁLAIKUM" mlebu spekere masjid....
ya dadine makmum sing ning mburi pada melu2 Assalamuálaikum....
imame ngarti langsung ngadeg kr ndelengna memburi "eh bagreg kye WANYAD....kuwe miki ora syah..baleni! baleni! baleni!.......

64. SLENTEMANE
WANYAD karo DALBAN lagi mlaku2 nang daerah PONDOK INDAH.....
Wanyad : "BAN, umahka pada apik-apik nemen yah, BAN.., regane pira yah BAN?"...
Dalban : "Jarene 20 Milyaran YAD.."
Wanyad : "Dih..dih..nyambet gawene apa yah BAN?"
Dalban : "Ya.. ana sing dagang.., ana sing dadi artis.. ana sing dadi PNS.."
Wanyad : "....PNS Ban?...terus gajihe pira BAN bisa duwe umah nang kono?..
Dalban : "Gajih tah piraha ora NYAD wong arane PNS tapi.....slentemane....."

65. POLISI ANYAR
Wanyad numpak motor ora nganggo helm dipeped motor patroli
Polisi : "Mas..mas..minggir disit mas.."
wanyade mung "he3x.." ora gelem mandeg
Polisi : "Mas mandeg!",
Wanyad : "he3x.."..akhire diplagrang sreettt...
Polisi : "Endi SIM kr STNK-ne"
Wanyad : "Lah salahe nyong apa pak?"
Polisi : "Kowen ora nganggo helm!"
Wanyad : "Pak nyong pan takon rika polisi anyar?"
Polisi : "Kening apa sih"
Wanyad : "Mat...a nang melek oh pak kiye glikar alias gili krakal sing pan mrg sawah bulane tah nyong manjat aspal"

66. MLEBU DISIT
CAK BASMAN Karo WANYAD kanca lawas... ketemu ning terminal pan mlebu BIS ...
CAK BASMAN : "CAK WANYAD, AWAKMU disik mlebu nggonne bis yoh.. mari ngene aku nyusul..."
WANYAD : "Rika ari ngomong sing bener bae MAS BASMAN..awakke nyong gongkon mlebu ndisit terus NDASE nyong di dokon ning endi ?!..."

67. SURAT KETERANGAN SAKIT
WANYAD mring DOKTER..
Wanyad : "PAK..DOKTER nyong njaluk tulung gawekna Surat Keterangan Sakitlah.."
Dokter : "Pan nggo apa sih NYAD...kowen repan cuti?"
Wanyad : "..Ora PAK DOKTER..nyong pan tak todokna maring Kyai MAANG wingi ngonangi nyong awan2 mangan OPOR...nyong dionek-onekna TUWA LATA BELIH JEGOD PUASA BABAR BLAS, ari ana Surat Keterangan S...akit sing RIKA kan dadi genah, nyong wedine cangkeme dlaweran mana2 PAK DOKTER.."

68. TESTING AD
WANYAD protes ora diterima mlebu Angkatan Darat..
Wanyad : "Pak, nyong protes kyeh..bisane nyong sg sikile normal dawane pada bae ka ora ditrima, lah ka wong kae sing sikile dawa siji, pentag mlakune bisa diterima..kiye mestine ana sogok menyogok kyeh.."
Panitian : "Mas sampeyan aja jengkel, kye memang sg ditrima khusus sing... pentag2..masalahe kye khusus nggo nyerbu Malaysia sing medane pating bergejal-bergejul.."

69. SAIKI WIS SEJEN
Darkonah nggejug maring wanyad
Darkonah : "Kang, sampeyan ka saiki sejen nemen sih maring nyong..ora kaya gemiyen jamane penganten anyar..apa2 digandeng apa2 digandeng..saiki ka ari mlaku amak2 mesti nyong ditinggal..sampeyan ora wedi nyong digandeng wong liya?..",
Wanyad : "Halah dar dar sing pan nggandeng kowen kuwe sapa..raimu digletakna ning prapatan bae nang langka wong sing bakal nglirik acan-acan.."

70. BH 151 TT
Wanyad maring kantor SAMSAT pan ngurus leter mobile sing anyar.. maring petugase takon
Wanyad : "Pak nyong pan takon, angger tuku nomer khusus bisa?"
Petugas : "Bisa..",
Wanyad : "Toli pira pak?",
Petugas : "Limang juta..",
Wanyad : "Dih dih dih larang temen pak...paling2 nomer kaya kuwe thok be ka..",
Petugas : "Pan nomer sing kepriben sih mas?",
Wanyad : "Nomere kiye Pak BH 151 TT..",
Petugas : "L...ah ari kuwe tah sepuluh juta.."

71. ORIGAMI
Wanyad cangkeme besem ditakoni dalban
Dalban : "Kowen cangkeme kening apa nyad daning meleng getih kaya kuwe?",
Wanyad : "Nyong tas dikampleng polisi ka ban",
Dalban : "Dih kowen nyolong?",
Wanyad : "Ora.. nyong miki tas ditilang, barang ning pos nyong takon karo polisine pak rika sg nemokna origami?",
Dalban : "Lah bisane?",
Wanyad : "Lah kuwe sih puluhan karo eketan ewu dite...kuk2 ana sg dadi manuk2-kan, ana sg dadi kapal2-lan..lah ujug2 ka aku dikampleng..prottt"

72. OLIH-OLIHE WONG PUASA
Husni Bupati Brebes Gemuyu dalban ngandani wanyad
Dalban : "Kweh nyad krungu oh ya ustade ngomong.. akehe menungsa puasa kuwe olihe mung ngelih karo ngorong thok.. makane kowen kuwe ari wulan puasa matane aja pendirangan bae ndelengna wadonan..kowen puasane ora olih ganjaran ngarti..olihe mung lemes thok.."
Wanyad : "Ya mending oh ban olihe mung lemes..daripada ora olih apa-apa.."
Dalban : "Syikah..."

73. TAS GELUT
Wanyad sikile dengklang ditakoni Dalban
Dalban : "Sikile kening apa Nyad, daning dengklang?"
Wanyad : "Nyong tas gelut kr Sarkowi preman pasar"
Dalban : "Kowen menang?"
Wanyad : "Eh kandakna kae ngantem ngiwa nyong ngeles nengen, kae ngantem nengen nyong ngeles ngiwa..kae nendang nyong indah oh"
Dalban : "Lah bisane sikile kowen dengklang?"
Wanyad : "Ya kwe mau untunge nyo...ng diguyang bayu kr Darkonah gara2 grijagan ng ranjang..ari ora remek oh sikile nyong nendangi wesi"

74. MARING JAKARTA
Tarwad numpak bis pan maring Jakarta, ditakoni penumpang sg ning iringane Penumpang : "Jakarta ne endi mas?"
Tarwad : "Jakarta apa bae mas..sg penting Jakarta.."
Penumpang : "Lah bisane laka tujuan..pan luruh gaweyan?"
Tarwad : "Iya..bosen nyonggol terus.."
Penumpang : "Emange ijasane apa?"
Tarwad : "SD mas.."
Penumpang : "Terus pan nyambet gawe apa ng jakarta, nyonggol juga?"
Tarwad : "Ya ora oh mas...wong nyong tembe bae olih sertipikat loken nyonggol??",
Penumpang: "sertipikat apa mas?",
Tarwad :"Juara siji Lomba Karaoke Agustusan tingkat RT, kiye modal Mas mbokan bisa dadi IDOL.."

75. KULIAH SUBUH
Wanyad melu kuliah subuh,..ujug2 wanyad ngacung takon
WANYAD: "assalamu'alaikum tad nuwun sewulah melu takon kye tad..",
USTADZ: "pan takon apa nyad?",
WANYAD: "apa bener setan kuwe dong wulan puasa pd dibanda?",
USTADZ: "iya bener ana khadist-se kuwe nyad..",
WANYAD: "lah bisane lAgI bengi si darkonah bisa ky wong kesurupan tad, bar ngudal2 dompete nyong?",
USTADZ: "lah sIh bisane?",
WANYAD: "ya kuwe mau TadZ ng kono ana potone si maryam sg tak selagna ning njerone dompet"

76. AJA MAREK-MAREK
DARKONAH: "wis mana gen kang lah, aja merek-merek, cangkeme mambune belih enak..", jarene wanyad "eh dar, ning sajerone wulan romadhon kuwe ora olih dugal..wong cangkeme wong sing puasa kuwe bagekan kasturi..ngarti ora kowen dar?" jare darkonahe "iya motene ari rika puasa..wong puasa be ora ka..", "emm..dasar cocote ala kowen dar..mbuka rahasiane wong bae.."

77. LAMPU MERAH
Wanyad numpak motor mandeg ning lampu merah..barang lampune kuning, ora siap2 jalan..pas lampune ijo ya megin meneng bae ora jalan2...akhire diparani polisi...
POLISI: "Mas, sampeyan turu yah?!...kae lampune wis ijo daning ora jalan2..",
WANYAD: "Alah Pak Pak..sampeyan belih ngarti, nyong kiye lagi protes...masalahe ora... abang, ora kuning, ora ijo pada bae kabeh...babar blas langka sing bisa nyenengna rakyat..."

78. TEKOR KARO MALAYSIA
WANYAD : Neraca pembayaran kita dg malaysia mmg benar2 minus berat..tekor habis..kita ekspor sipadan & ligitan, reog ponorogo, batik, lagu rasa sayange & terang bulan serta masih banyak lagi lainnya yg dirampok..sementara mereka kasih ke kita adalah almarhum Dr. Ashari dan almarhum Noerdin M. Top..mmg sebaiknya lagu kebangsaan... Malaysia "Negaraku" yg ternyta jiplakan lagu "Terang Bulan" tukar saja dg lagu "Kucing Garong"

5. MLEBU SWARGA
bengi2 lg turu enak2 darkonah watuk..uhuk 10x..wanyad sg krungu tangi lngsung njukutna banyu..jare darkonah
DARKONAH; "dih, kang smpeyan ka dadi wong apik nemen yah..pancen laka2 ah..smpeyan bisa mlebu swarga kang",
WANYAD: "justru kwe Dar nyong mau krungu ustad ngomong nangg cramah traweh, jarene tlembuk sg kaya kae be bisa mlebu swarga, gara2ne mung nginungi asu sg lg ngorong, apa maning nyong sg nginungi kowen, wis turu!"

6. ORA BISA TURU
DALBAN : "Enyongka akhir-akhir kiye ora bisa turu obate apa yah NYAD?"
WANYAD: "Gampang BAN gyeh..enyong duwe resep..nggo wong-wong sing duwe penyakit ora bisa turu alias insomnia,..kyeh obate mlebu bae maring gedung DPR njagong ning kono tak jamin langsung bisa ngleker karo ngiler..

79. NONTON BIASKOP
wanyad balik nonton biaskop SUBUR THEATER
DALBAN: "nyad kowen bar nontnon?",
WANYAD: "iya kening apa sih?",
DALBAN: "extra sing nggo minggu ngarep pileme rame belih nyad?",
WANYAD: "ih rame nemen sung pilm barat, wis pokoke tembak-tembakan karo tinggil-tinggilan tok",
DALBAN: "judule apa nyad?",
WANYAD: "yen ora salah mau judule COMING SOON"

80. MENDEM
Wanyad mendem ng tokone Kang Gono, ujug2 nelpon polsek
WANYAD: "Pak, lapor pak, tokone Kang Gono dodol-odol kyeh Pak"
krungu laporan ky kwe let 1/2 jam pulisine teka boncengan wong loro,jare pulisi-ne POLISI: "jam pira mau kemalingane, apa bae sg ilang?"
WANYAD: "langka sg ilang ka Pak",
POLISI: "Lah sg bener bae aja guyonan mau sg laporan... dodol-odol sapa!",
WANYAD: "nyong pak, lah bapane nang weruh oh ana bangsane pepsodent, CIPTADENT, close up lan sebagene oh ya..."

81. TLEMBUK PAPUA

DARTI: "Nyong tah gila dadi tlembuk ning Irian Yu",
SISUM: "Nang apa sih Ti.. toli kowen kiye ora pan mangkat maning mana",
DARTI: "Sungkan.. nyong pan mangkal nang peleman bae lah",
SISUM"Ning kana kan penak belih..laka sing paham kowen..",
DARTI: "Iya tah iya.. tapi selama dines ning kana nyong bolak-balik opname..pendarahan",
SISUM: "lah bisane?",
DARTI: "Wong kana tah nrokcok.. wong mbooking nyong janji nyemplak bae.. KOTEKA-ne ora ngarti dicopot.."

82. DEBT COLLECTOR
DALBAN: "Kowen jare gemiyen tau nyambet gawek dadi Debt Colector Nyad?",
WANYAD: "Iya tau..tapi rong minggu tok ka BAN.. wong tembe training tapi gagal",
DALBAN: "Lah bisane sih.. kowen ngapruki wong?",
WANYAD: "Ora ka... wong nyong ditraining gonkon nagih utang..gongkon mlebu pekarangane wong..tembe pirang langkah...ujug2 asune njagrag ngejar nyong.. ya nyong mlayu sipat kuping oh...",
DALBAN: "ohhh.. kaya kuwe ya pantes bae...debt collector wedi karo asu.."

83. BOM
WANYAD: "Kaku akutah Ban",
DALBAN: "Nang apa Nyad?",
WANYAD: "Lagi esuk nyong ngerjani bakul tempe.. sengaja nyong ngising tak wadahi kaleng biskuit khong huan..tak tutup rapet toli tak kreseki.. sengaja tak doloh nang nduwure brug..toli tak indik sg kadohan oh..lah ka ujug2 ana bakul tempe nganggo Pit..srrettt langsung mandeg..dasare wong kemilikan sonder lingak linguk cekut bae..langsung dilebokna ng kranjange..belih ngarti kuwe BOM.. ha ha ha.."

84. BELIH WEDI GENI
ROMLAH: "Kang rika marek2 nyong bae mene apa ora wedi kr Yu Darkonah!",
WANYAD: "Tenang bae ROM.. demi Romlah apa bae tak terjang, ora peduli banyu, angin, geni sg mulad2 tak adepi kabeh.. apa maning mung Darkonah..",
ROMLAH: "Sing bener Kang ah.. jare sapa karo geni rika ora wedi.. wingi lagi mlaku karo nyong.. weruh tegesan bisane rika langsung mencolot wedi kepedek.."

85.
GRATIS
WANYAD: "Numpak sepur ng jakarta Ban, nyong diwarahi kanca..wislah nyemplak bae ora usah tuku karcis.. jarene ngko dong ditagih karcis apen2 raine mlengos meneng bae kr mrengut..pokoke gaya premanlah..cak gen ngko kondekture wedi ora sida nagih..ya tak coba ky kuwe yah",
DALBAN: "toli pime Nyad barang ditagih",
WANYAD: "nyong wis tak gawe mrengut kr meneng bae..tp ka ujug2 ceplak nang ndas bisa semelet nemen.. dobol! jebule kondekture dibatiri PM"

86. SING PENTING RASANE
DALBAN: "Nyong ka eram his NYAD karo sing arane Ralim ",
WANYAD: "Ralim calo, Sih nang apa BAN?",
DALBAN: "Lah iya.. rai rodal radil kaya kae bisa olih wadonan ayu nemen kaya bintang pilem.. apa anggo ilmu kemat yah NYAD?" ,
WANYAD: "Lah ya ora mesti.. wong lanang tah gagah kuwe nomer 27 sing penting kiye gyeh..",
DALBAN: "Apane NYAD.. ",
WANYAD: "Bondele Bol..!! angger bisa gawe merem melek nganti mangap ya.. sanajan lunga maring Libya tetep di uber2..".

87.
CLANA BETAT
WANYAD: "Duh DAR kowen pimen sih dadi wong wadon, ngarti sleting clana siji2ne nyong betat..ora dijait2.. sg wingi nyong kan wis pesen.. dina kiye pan tak enggo... kiye angger bisnis dina kiye ucul ora sida gr2 clana.. tak kampad temenan raimu..",
DARKONAH: "Wong kaya kuwe be rebut Kang.. kan ana clana siji maning oh KANG sing dengkule ditensoplas..smentara anggo kuwe disit ya kena oh",
WANYAD: "Sikah.. dobol gyeh! pan meeting bisnis loken gongkon nganggo clanane tensoplasan.."

88. NGGAWAK BAWANG
WANYAD: "Aduhhh ngawak bawang sa karung maring Jakarta numpake tegal arum bisa sesek nemen ora olih tempat babar blas BAN..",
DALBAN: "Lah terus bawange pimen disoloh mbang endi..",.
WANYAD: "Ya nyong mlebu disit oh.. karunge dilebokna sg jendela tp ora mlebu.. akhire tak cekeli bae sing njero..",
DALBAN: "tekan Jakarta NYAD?",
WANYAD: "Iya BAN tekan Jakarta..tapi barang wis pan tekan Stasiun Senen akhire tak sotna lah”
DALBAN: “Ya pime prangase belih kesel apah!!”

89. ORA WEDI KARO POLISI
WANYAD: "Nyong saiki karo polisi ora wedi BAN",
DALBAN: "Bisane?",
WANYAD: "Wingi lagi ana operasi nang Tegal..nyong ora duwe SIM nyong tenang2 bae",
DALBAN: "Lah biasane kowen langsung mencirad balik maning",
WANYAD: "Ora BAN.. genah waktu nyong distop nyong lngsung njoged kr nembang chaiya chaiya chaiya..3x","Dihlah sg bener koen..toli polisine sida nilang belih?","Justru kue BAN tak kira sih polisine kaya Briptu Norman jebule nyong digentak toli gongkon push up"

90. WAKIL PSK
DALBAN: "Nyad gaeh ana maning bae.. anggota dewan lagi sidang nontone gambar porno.. kumprung belih..?!",
WANYAD: "Ya wis pambelih temen lah Ban.. Ban.. wong wakil rakyat kuwe ya makili masing2 golongan rakyat.. ana sg makili petani, ana sing makili guru, ana sing makili seniman kr artis, ana sing makili maling, tlembuk lan liya-liyane.. lah sing makili maling kuwe sing pada korupsi.. angger sing nonton gambar porno tah kuwe sing makili golongane tlembuk.. kuwe tah ndeyan...."

91. TLEMBUK MANGSIT
WANYAD: "Kaku enyong tah Ban",
DALBAN: "Nang apa Nyad?!",
WANYAD: "Juragan Wastap ngejak nyong maring Guci..nang kana deweke kebelet pengin nlembuk..nyong dikongkon luruh..kebeneran ana tlembuk lg mangan pangsit tak gered bae belih?jare juragan Wastap..bisa karaoke belih? bisa bos.. akhire mlebu kamar oh ya.. bar denggo nyong takon..pime bos rasane.. aduhh dobol! daning bisa pedes nemen rasane barange nyong ky kiye aduhhh! Jrongati nyong ya maklum lah Boss..wong bar mangsit.."

92. DUWIT BALENG
KASIR: "Nuwun sewu Bu Darkonah artone ingkang ngge DP motor meniko ko mambet baleng nggih..",
WANYAD: "Bisane sih DAR.. wong duwit anyar2 ka bisane mambu baleng ky kuwe.. ngisin2na oh karo Mbak kasire.. gweh nganti ngetunge be cungure ditutup kaya kuwe..",
DARKONAH: "Lah KANG gongkon ora mambu pimen.. mau lg numpak BIS SAHABAT nyong wedi kecopetan.. wong duwit rong juta.. ben aman akhire tak selagna ning cawet ngarep.."

93.
NONTON BAL
KYAI : "Nyad kowen dong ngrongokna pengajian ka mesti angob yah..",
WANYAD: "A a anuk nuwun sewu Pak Kyai.. kulo dereng tilem awit ndalu meniko..",
KYAI: "Wah hebat.. lagi bengi dzikir apa Nyad?! nganti ora turu kaya kuwe",
WANYAD: "Nggih jawane tah meniko Pak Kyai..kulo bade tahajud tapi Dalban-ka ujug2 sms kulo ngejak totoan Piala Champion.. Lah akhire kulo nyekele BARCELONA oh.."

94. MIRIP OMA
KASEM: "Yu DAR rika bisane demen'e por-poran kr Kang Wanyad sih.. wong cungure be pengek rambute brintik kaya kae ka..",
DARKONAH: "Brisik ah..eh Tun, kaya kae mbuh apa angger gulune dislendangi bisa kaya OMA IRAMA lg manggung oh.. kuwe sing nggawe nyong demen",
KASEM: "Dih lah ader OMA gagah?",
DARKONAH: "Ya gagah oh compong.. angger ora gagah bangsane Ani karo Ricca ya ora rebutan oh.."

95.
LURUH MANUK
WANYAD: "Aduhh.. untung bae ora kena bokong BAN..",
DALBAN: "Ana apa maning..",
WANYAD: "Miki nyong karo DAMAD luruh manuk ning karangan..nganggo bedil anyare DAMAD..",
DALBAN"Terus??",
WANYAD: "Gilirane nyong belih.. tak keker anggo kekerane bedil oh.. menduwur mengisor menduwur mengisor..Lah ka ujug2 bokong bisa pertela nemen ning ngisore wit randu.. wong wadon lagi ngising BAN.. ya nyong tertegun belih..Lah si DAMAD ujug2 ngeplak ndase nyong.. ceplakk.. daning suwe temen.. nyong kaget plurune mlesat belih.. lah sing ngising njimprak karo ngomong bangset gyehh!!"

96. BAKSO GRATISSS
TARWAD: "Wareg nemen syung PIT..heghhh..antog bs nikmat nemen ky kiye",
LUPIT: "Tas mangan apa sih WAD?","Bakso 3 mangkok..gratis",
TARWAD: "sing mbayari sapa?",
LUPIT: "Gyeh tak warahi miki nyong apen2 mbuka pagere Dokter Darta toli ngaweh tukang bakso..apen2 anggo basa indonesia..Bang Baksonya 3 mangkok.. brg wis tak badog.. Bang bayarnya didalam yah..jare tkg baksone..kamu ponakannya pa dokter yg dari jakarta yah..tak jawab iya toli tak tinggal merad"

97.
SALAH ARAH
WANYAD: "Ndas dong lg mumet kuwe pancen laka tunggale yah Ban",
DALBAN: "Nang apa sih Nyad?",
WANYAD: "Ndas bisa lara nemen nyong lagsung maring Brebes nyilih motore Dakrun..tuku obat ng apotik..bar dilayani langsung balik..tancep gas..tp wis nganti pan sejam daning ora anjog2 umah..biasane brebes klampok kan gelis oh 5 menit be tekan..lah kiye ka ora..akhire nyong mandeg lingak-linguk.. lah daningka Pemalang.. dobol dadi nyong kiye mlayu ngetan.."

98. LAMBE NJEBIR
WANYAD: "Dih bocah wadon saiki ka nrokcok2 yah Ban?",
DALBAN: "Nang apa sih Nyad",
WANYAD: "Iya miki nang elep tak jak kenalan.. arane sapa nok.. jarene tah Warniti.. lah ka ujug2 ngomong.. Mas Mas sampeyan senenge mangan rujak yah Mas.. ya kan tak jawab.. daning sinoke ngerti sih.. ka ngomonge.. Lah kuwe sih lambene sampeyan bisa kaya Layah.."

99. WONG EDAN
LUPIT: Ma miki nyong mbonceng Bapa..ng dalan ana wong edan wadon wuda klontangan..lah Bapa ka ujug2 ngejar toli mandeg ning mburine.. matane menterong bae ndelengna bokonge",
DARKONAH: "Eeh dasar Wanyad yah..syet gyeh..karo wong edan be gayap..Kang, Kang!",
WANYAD: "Apa Dar",
DARKONAH: "Gyeh anake waleh..rika kr wong edan mau apa2nan",
WANYAD: "Idih Dar Dar.. mau kuwe tak kira kowen syung makane tak kejar sg mburi.. bisa persis nemen laka sg diguwang blas.."

100. ULER JEMBRONG
DALBAN: "NYAD jare kowen uler jembrong sg ujug2 nyerang ng pirang2 daerah ng indonesia kuwe pertanda apa Nyad?",
WANYAD: "Oh kuwe BAN.. gyeh tak warahi ya.. wong uler jembrong kuwe kewan sg nggragas, njejeni tur gatel BAN..tekane bayak2 kaya kae.. kuwe artine wong kabeh kudu pada mikir BAN",
DALBAN:"Mikir apa Nyad?",
WANYAD: "Ya mikir bahwa kuwe tanda2 apa..",
DALBAN: "Ya terus..kuwe lugune tanda2 apa NYAD?",
WANYAD: "Justru kuwe BAN dewek kudu mikir..kuwe tanda2 apa?",
DALBAN:"Eehh bagreg gyeh .. muter2 ora karuan... kuwe tanda2 apa NYAD..”
WANYAD: “Eeehh dadi kowen durung paham juga... kuwe artine wong gonkon pada mikir kuwe tanda2 apa?”
DALBAN: “Lah iya kuwe tanda-tanda apa NYAD!!!.. Dobol gyeh!!”

Tidak ada komentar: