TULISAN-TULISAN BUAH KARYA BUPATI BG (BREBES GEMUYU) .... SEMOGA BISA MENGHIBUR .....

Senin, 04 Juli 2011

100 BALADA WANYAD & DARKONAH IV

1. DADI BUPATI

DALBAN: "Nyad raimu dong dipilih dadi bupati gelem?",
WANYAD: "Halah sungkan..",
DALBAN: "Sih nang apa?!",
WANYAD: "Kowen ngarti..wong dadi pejabat saiki kuwe ora bisa didadekna kebanggaan apa2..nasibe pada bae tingkring nang pucuke eri..",
DALBAN: "Lah sih bisane?",
WANYAD: "Daning takon bisane.. gaeh delengna bupati2..periode pertama sih pd enak2 mimpin..periode kedua pada ndlosor nang jogan cepele LP..nganti pd pengung.."

2. NGISI DATA
LUPIT: "MA miki nyong gongkon ngisi data nang sekolahan..awit sg nama,tanggal lahir nganti alamat ana apa..",
DARKONAH: "nggo apa sih tong?",
LUPIT: "embuh kuwe Bu Guru..MA angger HOBI kue apa sih MA?",
DARKONAH: "HOBI ya artine kesenengan oh TONG..kowen kesenengane apa..kudu dijawab..senenge BAKSO ya dijawab BAKSO..",
LUPIT: "Oh kaya kue yah Ma.. angger SEX sih artine apa Ma?",
DARKONAH: "Eh kue artine jenis kelamin..lah koen ngisine apa TONG",
LUPIT: "ya nyong ora ngarti sih yah MA..ngartine merga nyong negin cilik dadi tak jawab bae..BELUM PERNAH oh..."

3. RAPOT ABANG
DARKONAH: "Pit, bisane biji rapot pelajaran Basa Daerahe kowen nganti abang mlonang kaya kiye sih.. kowen goblog temen yah..ngisin2na Ma'ne bae",
LUPIT: "Pra Ma...masalahe BU SAIROH sentiment karo enyong...genah enyong wingi be diganjar..",
DARKONAH: "Sih bisane?!",
LUPIT: "Gara2e enyong ora ngerjakna PR konangan BU SAIROH..akhire enyong dikongkon nulis tulisan sa buku Blek..nganggo basa kromo inggil sing artine 'Prentahe Bu Guru Kudu dilakoni..ari ora gelem nglakoni Bu Guru jengkel' nganti ping sewu Ma...",
DARKONAH: "toli kowen nulise apa?",
LUPIT: "Ya tak tulis yah 'Printahipun Bu Guru Kedah Dilakeni menawi mboten dilakeni Bu Guru dugal' nganti ping sewu"
DARKONAH: “Ya bener bae Bu Gurune jengkel... wong basane Bapa WANYAD ditiru..TONG..TONG..pengung ka ora mundak-mundak..”

4. UNTU ROMPOL
WANYAD: "Dih enyong lagi bengi akale ana sewote tapi ana melase juga karo si DARKONAH..",
DALBAn: "Pime sih NYAD..",
WANYAD: "Jam loro bengi nyong ngimpi prangasa nang iringane enyong ana curut lagi mangan kawat..krekut..krekut..krekut.. tak sikut belih jebred.. lah ka bisa njerit aduh!!! nyong tangi kaget oh ya.. ana apa DAR.. ana apa DAR.. tak deleng cangkeme DARKONAH getiyen karo untune rompol loro.."

5. SUBUHAN
WANYAD: "Compong his si DAKRUN",
DALBAN: "compong pime NYAD?",
WANYAD: "Wong mendem balik subuh.. nggesrake mring langgar..ya ditakoni ustadz mu'i oh..Heh Krun,pang apa!.. pan sembayang Tad howekkkkk hu'..koen mendem ader paham smbayang? Ndes tak takoni... subuh dongen pirang roka'at ndes..! ya telu lah jare DAKRUN..wis mana balik2 jare USTAD MU’I akhire DAKRUN gentoyoran balik...lah nang lontrong ngarepe langgar ketemu enyong..toli takon.. NYAD pang endi.... enyong pan subuhan bol..jarene subuh pirang roka'at?.. ya loro oh blog..lahka DAKRUN ngongkon enyong balik maning..jarene wis NYAD balik-balik bae kowen wis lah....wong nyong sing telung rokaat be diusir..”

6. ENGKRAK NANG KARANGAN
WANYAD: "Kowen ngarti ora BAN",
DALBAN: "ngarti apa NYAD?",
WANYAD: "miki lagi pang maghrib..nang karangan pereke balong..mbuh anake sapa..bocah loro lanang wadon lagi untak-untuk..nyong curiga oh ya..tak indik.. bagregka..bener..bocah wadone dicempedna ning wit gempol..begitu clanane pang diplorodna..nyong langsung njukut bata tugelan tak genjor banyune balong..jegeerrrr..bocah loro kuwe kaget..langsung mlayu sipat kuping karo nganjatna celana..wislah pokoke nrejang2 apa sing ora"

7. DISANDERA
WANYAD: "BAN utang duwite ndes pan nggo nebus",
DALBAN: "nebus apa NYAD",
WANYAD: "Nrokcoka wong lagi ora gableg duwit saperak2 acan si DARKONAH njaluk maring GUCI..untung motore DAKRUN lagi nganggur oh..tak silih.. manjat boncengan karo DARKONAH..tapi bagreg nang nduwur banne ka njeplok..ya sawalang2 oh..ganti ban nang tukang tambal..tapi bayare disemayani ka belih gelem..ditinggali KTP ya ora gelem..ya akhire DARKONAH oh sing disandera..kiye lagi ngenteni enyong utang duwit nggo nebus..”

8. DI SETRAP
LUPIT: "Kowen daning nang njaba WAD..ora melu pelajaran matematika?",
TARWAD: "Ora.. wong nyong disetrapka..ora olih mlebu",
LUPIT: "Sih bisane?",
TARWAD: "Wingi lagi ana bocah wadon anyar mlebu..nyong mereki toli takon..arane sapa..pelajaran sg disenengi apa..jarene matematika..ya nyong crita yah kr deweke bhw guru matematikane kuwe arane Pak Joko..wonge galake por tp mata wadonan..tukmis..e eh dobol jebule bch wadon kuwe ponakane ya nyong dituturna yah..”

9. MATA DUWITAN
WANYAD: "Wong wadon kuwe angger perkara duwit cungure bisa landep nemen his BAN..dobol ka",
DALBAn: "i loke NYAD?",
WANYAD: "Iya..Pancen barongan nemen his.. duwit wis tak umpet2na negin bae konangan",
DALBAN: "Sanajan didumpetna nang kaos kaki NYAD",
WANYAD: "lahhh..aja maning kaos kaki..atusan ewu loro pan nggo nraktir SUINAH rangda Pebatan..padahal wis tak taleni nang gagange celex..tak sempaki..bisa konangan..ajib ah DARKONAH..bisa kaya herder nemen his congore"

10. NGGLUWEK
DARKONAH: "KANG gyeh miki enyong sg bidane.. enyong ora mens jebule ora meteng ka..",
WANYAD: "Sih nang apa DAR",
DARKONAH: "Nang apa.. nang apa.. ya inpeksi oh..kiye bidane be paham..kiye mesti bojone rika gyeh Yu.. jentik kotor dilebok2na bae.. makane gen KANG..wisuh2 dong pang dolanan..dadine laka baksile oh",
WANYAD: "Halah DAR DAR.. nggugu ka bidane..gaeh saben dina silite ayam tak gluweki nggo niliki endog..be ora inpeksi ora acan ka"

11. NEMU AYAM
WANYAD: "Remu lagi apa sih DAR.. njengking2 nang longan ora karu2an kaya kuwe..belih ngarti bokonge bedah apa yah..kuweh kangkunge kowen nganti katon ndlawer kaya kuwe",
DARKONAH: "Brisik KANG ah..rika pengin mangan dendeng belih sih.. kiye lagi ngakali jago..sg lagi awan mlebu mene.. aja kanda2 yah KANG",
WANYAD: "Ehhh dobol..dadi remu ngumpetna ayam ng ngisore amben syet..kuwe jagone sapa?!","
DARKONAH: “kayane tah dekene MAN TARNYA KANG..sembeleh yah KANG!"

12. DODOL PONGGOL
DARKONAH: "KANG rika kuwe jawane apa2nan sih..jarene gongkon dagang ponggol..genah lagi laris2-se sg tuku pada dikorogi kabeh..rika kue donge maksude pibe sih..gaeh Si Sur songgol nganti njungkel dijotos rika",
WANYAD: "Lah remu ngomong apa..wong nyong weruh dewek.. dirubeng tukang songgol semana akehe remu bolak balik mbenerna susu bae",
DARKONAH: "Dilah KANG2x..mbenerna susu pime..genah nyong madahi duwit ng kutang..wong tempolong sing nggo wadah laka..”

13. NGLAMBREH
WANYAD: "Dar, awas yah raimu angger ora jegod njatah nyong seminggu ping telu.. Aja salahna nyong angger luruh serep..",
DARKONAH: "Dilah Kang-Kang.. ora ya yaha ari ngomong.. Nyong tah belih wedi Kang.. rika pan luruh serep.. Piben seminggu pan ping telu.. Angger ora tak gecekna jamu kecombrang be ora ngadeg ora acan ka.. geger suyi.. Wong pe*i wis lempeyoran kaya kuwe ka nggo kadiran.."

14. SINAU
DARKONAH: "KANG gaeh tulung dilaruhi si LUPIT..gonkon sinau ka ora gelem..pan dadi apa sih",
WANYAD: "Lah koen wis ngomongi apa bae kr Si Lupit ben gelem sinau","Ya wis werna2 KANG..tak kandani gyeh Pit kowen angger dadi wong bodo bakal ora etor nyambet gawe..bocah wadone sapa sg bakal gelem kr koen..gaeh delengna bapane koen sekolane bodo","
WANYAD: Sikah..toli si lupit jawabe apa DAR?",
DARKONAH: "jawabe ka nrokcok..lah BAPANE bodo daning rika gelem MA"
WANYAD: “Berarti kuwe arane bocah pinter DAR..”

15. NJUJUGNA SURAT
WANYAD: "Miki nyong kas dikongkon CARIKE njujugna surat maring umahe lurahe BAN..",
DALBAN: "Surat apa NYAD?",
WANYAD: "Embuh pokoke gongkon njaluk tanda tangan..barang tekan umahe jebule ng lawange ana tulisan "Kepala Desa Tidak Ada"..tapi tak tok tok bae..barang mbuka lawang..dih nganti nyong ngeteter BAN..mung andukan tok kas adus.. pas kuwe anduke mlorod maning!",
DALBAN: "Sapa NYAD..Bu Lurah sing ayu?",
WANYAd: "Bu Lurah apane..wong Pa Lurahe dewek ka..jebule ana nang umah.."

16. KETHEK BOYONG
DALBAN: "Daning sikile dengklang kaya kuwe NYAD?!",
WANYAD: "Bagregka.. si DARKONAH wong dasare kakeyan polah",
DALBAn: "kakeyan polah pime NYAD",
WANYAD: "Asyem his..wong njaluk ka ora sebaene..awit sing nang amben..nang korsi.. nganti nang pawon..lah waktu nang pawon ka mlangkrok kaya kethek boyong..ya nyong mundur2 oh..belih weruh ana jepretan curut..ya tungkake enyong kepangan yah.. jebred.. nyong njerit saporete aduhhhh.... DARKONAH langsung tak balangna..krotakkk....”

17. DARYUNAH
WANYAD: "BAN kowen duwe pesbuk ora?",
DALBAN: "Ora.. belih ngarti carane..kenang apa sih NYAD..",
WANYAD: "Ora.. wong2 geger ning pesbuk jarene ana sing arane DARYUNAH pesek owek.. bocahe jare lumayan nemen.. enyong pengin ilon2 gyeh.. eben bisa kenalan.. tak kira sih kowen jegod dolanan pesbuk.. nyong pang njaluk warah.. embuh his BAN.. dong ana menungsa wadon sing arane ning ngarepe ana DAR.. DAR'e ning hawa kayong bisa ngaceng terus.."

18. MIRIP OMA
WANYAD: "Dobol.. miki sing nggegerna ana oma irama sapa..",
DALBAN; "Pime sih NYAD?!",
WANYAD: " bagreg ka..wong lagi enak2 mbenerna rujine pit.. jare geger ana oma irama brusut mudun sing sedan..ya nyong mencelat bae maring gili oh..nganti jentike enyong pang kecangkol ruji...",
DALBAN; "Ader NYAD.. toli bener ana?",
WANYAd: "Ana apane.. wong tak parani jebule RASWID tukang becak ka.. sing jenggot karo rambute kaya oma lagi mangkal ning ngisore wit asem.."

19. NGAKALi SPANDUK
WANYAD: "Wong dong ora duwit kuwe pancen laka tunggale yah BAN..",
DALBAN: “Nang apa sih NYAD”
WANYAd: "Nrokcoka DARKONAH.. abong2nge nyong ngasab lagi sepi.. ana spanduk pengumuman sing dipasang nang tiyang listrik..ngongkon dijukut mbokan bisa durupna..ya bengine nyong krekelan belih tak akali.. balik2 nyong ditakoni DARKONAH..kecandak KANG lumayan belih jarite? jare nyonge kecandak2 wadukmu ndobrol.. ora modar be untung ka.. ana setrume syu!"

20.<span style="font-weight:bold;"> NGOJEG

WANYAD: "Aduh..pan untung malah buntung BAN",
DALBAN:"Bisane NYAD?",
WANYAD: "Mau lagi njagong ning bengkele si WARSO..ana wong keder takon alamat.. nyong langsung puter utek pibe eben bs didadekna duwit belih..ana motor nggletak langsung tak jegleng bae..tak ojegi maring boledan..balik2 si WARSO dobol-dobolan.. dobol kowen yah NYAD..motor durung diisi oli digawak merad.. asu kowen pancene ka...kuwe sehere nang rompol kabeh oh.. kowen ngarti ora kuwe dekene sapa..kuwe dekene polisi ngarti..aduhh akhire tak semayani tebok belih BAN.. daripada enyong diglito anggo pestol..."

21. BENCONG
WANYAD: "Aduhhhh ketipu nyong BAN..",
DALBAN: "ketipu pime NYAD..",
WANYAD: "Lagi bengi nang tontonan.. lagi mangan kacang enak-enaka diparani wadonan..",
DALBAN: "tlembuk NYAD?",
WANYAD: "Dudu.. wonge tah ayu he ha he he bae karo enyong.. malah kacang godoge enyong dibayari..tapi ya kuwe enyong digered nang pojokan..",
DALBAN: "His terus pime..terus pime NYAD..enak oh..",
WANYAD: "enak wadukmu ndobrol.. wong barang tak rogoh jebule gedange salegeg ka..bencong bol.."

22. MIRONG
WANYAD: "Mirong jebule bisa gawek bludreg his BAN...",
DALBAN: "Ah... sing bener bae kowen NYAD...!!",
WANYAD: "Iya bener... coba kowen bayangna... sedina dilawuhi mirong... rong dina dilawuhi mirong...telung dina dilawuhi mirong... dina kepapat negin dilawuhi mirong... apa ora nggebrag meja... maning-maning mirong!...maning-maning mirong!!"

23. NGADANG MAN RASTO
WANYAD: "DAR..remu tak titeni wis patamg dina kiye..angger jam telu sore kue wis ngadang nang ngarepe lawang..ana apa donge..nyong curiga gyeh",
DARKONAH: "Halah KANG2x wis aja berpikir macem-macem gen..nyong kiye lagi ngadang KANG RASTO bakso.. rika ngarti ora..apen2 tak godani..mesti nyong dinein rong mangkok gratis",
WANYAD: "Eeh dobol remu yah..wani2ne selingkuh karo si RASTO..harga dirine nyong doloh nang endi DAR..awas kowen yah angger sekiki nyong ora dijalukna semangkok.. tak engkuk-engkuk kowen"

24. MANCING KUTHUK
DALBAN: "Sing endi NYAD bisane kluncur karo klopot kabeh kaya kuwe..",
WANYAD: "Asyem ka BAN dikerjani iwak kutuk.. wis keparag ka pancinge diubeng-ubengna ning pringe plowotan sing nggo ngising.. ya senare ngglibed-ngglibed oh.. tak ogrok-ogrok nganggo gantar.. jebule malah rempak.. makane KANG WARJO preman lagi ngising oh.. kejebur..bleng..deweke jengkel karo nyong..nyong diklelep2na nang balong karo dilepeti tai kaya kiye..aduhhh..."

25. ALI-ALI
DARKONAH: "KANG... !! mene gyeh... cepet...!!",
WANYAD: "Iya DAR... ana apa DAR...ana apa DAR..",
DARKONAH: "kuweh miki nyong tas nguyuh bisa moni klotak-klotak-klotak.. tapi mlebu nang crowokan.. coba goleti ndes KANG..",
WANYAD: "ih loke DAR... sing bener bae ah... ndes tak rogohe.. apa sih yah.. eghh... kiye apa... ndes tak dudute... idihhh daning ali-ali DAR... aduh ... syukur..syukur...tak goleti nemen-nemen jebule umpetan nang SARBOA-ne kowen DAR..”

26. JUARA MINTON
DALBAN: "NYAD kowen gemiyen persaku tau juara minton tingkat kecamatan",
WANYAD: "Genah Iya..kowen ngarti ora waktu kuwe lawane ..Sukrad wong kupu..ari eling enyong kaku nemen syung",
DALBAN: "sih kaku pime NYAD?",
WANYAD: "Dobol ka 14 14 ora rampung2 pindah bola pindah bola bae..akhire nyong luruh akal oh..tak deleng nang iringan lapangan ana tembelek.. kok'e langsung tak lewekna bae.. begitu nyong olih serpen.. enyong langsung konsentrasi.. tak lirik sukrade wis ngenteni karo mangap..begitu les kok’e tak anjatna...tembeleke mencolot maring cangkeme Sukrad belih... gidrah bjuah...bjuah..bjuah...langsung gim oh ya... Alhamdulillah.."


27.
KRIDIT LEVIS
DARKONAH: "KANG KANG..",
WANYAD: "Apa DAR..",
DARKONAH: "nyong kridit celana lepis ning si Ujang olih KANG.. eben bokonge nyong katon nglapet KANG.. toli eben nyong tambah katon seksi oh KANG..",
WANYAD: "Halah! pan nggo apa DAR DAR.. raimu bokonge katon nglapet.. paling-paling nang sing nonton mung tukang becak-tukang becak.."

28. MLEBU PNS
WANYAD: "Ip, Raimu gemiyen lg sekolah goblog ka bisa mlebu PNS..kuwe critane pimen..toli ijasahe nang ora memenuhi syarat oh..wong rata2 lima"
TO'IP: "Sstttt..aja rosa2 Bol..kayong ora ngarti bae nang Indonesia..jalur mburi oh.."
WANYAD: "Ohh..kaya kuwe..toli syarat ijasane pimen kuwe.."
TO'IP : "Halah kuwe tah cekrem oh..wong jaman wis ...maju ka bingung2..nilaine tak rubah yah anggo scanner..

29. MAKELAR KASUS
DALBAN: "NYAD ora nyambet gawe?",
WANYAD: "Lagi sungkan BAN...",
DALBAN: "Kening apa sih?",
WANYAD: "lah nyambet gawe kenteng2 olihe mung piraha ora..",
DALBAN: "sih njaluke olihe pira NYAD wong paling2 modale cangkem dadi makelaran tok kaya kuwe ",
WANYAD: "lah raimu belih weruh... kaeh makelar-makelar sing sekali nyocot glodag pada olih umah karo mobil ..",
DALBAN: "ih loken ana makelar bisa kaya kuwe makelar sing endi NYAD",
WANYAD: "lah kaeh sih makelar2 kasus"

30.
NGENGEKEPI MAYID
DARKONAH: "Sing endi bae sih KANG! bengi ora balik.. toli daning sikile ndregdeg kaya kuwe"
WANYAD: "Duh DAR2x.. aja ketemu2 maning lah, hiii.."
DARKONAH: "Emange Nang apa KANG"
WANYAD: "Pokoke dobollah.. dobol..!! sadobol-dobole dobol.... DALBAN pancen dobol....!!!"
DARKONAH: Dalban dobol pimen KANG?"
WANYAD: " Ya lagi bengi DALBAN janji ketemu ning MUSHOLA jare pan ngomong masalah proyek...jam 1 bengi nyong nggoleti mana oh... tapi ganing DALBAN-ne langka.. tak deleng mbokan ning njero..wong biasane ng njerone mushola ngleker ng kono..bener oh ya ning njero mushola ana wong lagi slonjor kr tutupan jarit..tak obrag2 oh BAN10x.. lah ka meneng bae... ya wis lah akhire nyong melu ngantuk...akhire listrike tak sipet nyong melu2 turu ng iringane..toli tak sikep wong arane be atis.. lah esuk2 subuh ka nyong dibugah kr wong2 toli nyong ditakoni bisane turu ng kono NYAD?!..akhire nyong dikandani jebule sg turu kuwe dudu DALBAN tp mayid korban misterius sg lg dititipna..DOBOL.....!!!!! makane sewengi tak kekepi..

31. KECOKOT KALAJENGKING
DARKONAH : "Aduhhh..adudududuhhh!",
Bragggghh!
WANYAD: "Ana apa... ana apa..DAR..",
DARKONAH: "kiye KANG...kiye KANG..miki tas nguyuh..karo ndodok nyedok banyu nggo cewok daning rasane bisa semelet nemen ky kiye.. aduh duh duh! ndes giyan tiliki ana apane KANG..",
WANYAD: "Endi..endi..ana2 bae kowen tah..ndes. damare suled ndisit.. halahhhhh! bener bae DAR..DAR..wong kalajengking nang..bisa kraket nemen ky kiye..mugane ari pan nguyuh suled disit lampune.."

32. TEORI KESEIMBANGAN
WANYAD: "Kaku aku tah BAN..",
DALBAN: "Nang apa NYAD?",
WANYAD: "Miki ng warunge SAIROH nyong tuku kupat..ng padunge sg njagong wong loro lg pd ngupat..ng tengah TOHIR ng pucuk tengen Wa KARMIN..nyong njagong grok ng pucuk kiwa kr ngenteni dilayani..lah si Tohir bar mbadog permisi balik..gari nyong kr Wa KARMIN.. begitu nyong ws dilayani kan ngadeg balik..lah padunge njomplang.. Wa Karmin tiba njengkangkang..kupate menceret ng rai kabeh.."

33. URUNAN RT
DAKONAH : "Kang..kae miki RT-ne mene..jarene pan nagih duwit nggo urunan tuku krakal",
WANYAD: "RT-ne sowak apa yah! wong nyong ora krasa duwe utang ka nagih",
DARKONAH: "Jarene wis kesepakatan ng rapat Kang..ben gili sing mengidul radan tandes",
WANYAD: "Pan rapat pan longgar wis ora usah urunan..tandes2 apa.. ngerti lunyu nang kudune minggir.. keplarak ya bonggane dewek..donge miki domong oh! ari pan tandes mengko ngenteni ketiga..syu gyeh lagi mumet2 ka"

34. KECIPRATAN CET
WANYAD: "BAN..dobol ka..motore anyare nyong sing warnane abang tak parkir ning umahe si Kodir ka kecipratan cet.. ya dadine pating blentong oh",
DALBAN: "Genah lagi bangunan nang NYAD..kowen parkir ning ngisore tukang sg lg ngecet?",
WANYAD: "Iya Ban..toli cara ngilangane pimen kiye BAN?",
DALBAN: "Oh..pengin ilang NYAD.. kuwe tah gampang oh..digletakna bae ng prapatan toli ditinggal lunga.. cak gen ilang..",
WANYAD: "sikah kuwe tah ilang motore oh Bol.."

35. NDLAPER
WANYAD: "Dar..koen tak goleti mana2 laka jebule ng kene..lg apa donge..balik cepet!",
DARKONAH: "Pan apa sih Kang..ngko delat maning ya kena oh..nyong lg asyik ka yah..lg ngobrol ngalor ngidul kr Yu Kapsah..drpd ng umah laka hiburan apa2"
WANYAD: "Wis balik cepet..aja nuruti KAPSAH..nglagani kue tah wong mangane be jewawut..sedina swengi nang negin mbekur bae..ari pengin hiburan ya ngko delat mning nyong tak wuda",
DARKONAH: "Halah jebol maning ky kue"

36. SUWUK
KASMI: YU DAR bisane anake nyong si Dikin bar tak titipna ng umahe rika raine bisa mambune trasi sih?",
DARKONAH:"Eh kue KAS..iya nang..kue mau lg jam telu critane Si Dikin nangis bisa budi nemen..ora mufakatlah..nganti sg ndeleng pd keder..nyong wedi kening sawan yah..akhire ana sg ngomong jare disuwukna bae..nyong nurut oh akhire tak lewekna bae dekene nyong toli tak raupna ng raine..eh iya bener bisa dadi menenge"

37. JEBOL MANING MIRONG
LUPIT: "jebol maning mirong.. jebol maning mirong....sekali2 dendeng apa iwak ayam gen Ma..mlarat ya mlarat tp aja mirong bae oh lawuhe",
DARKONAH: "Tong ora kena ngomong ky kue oh..disukuri..mengko dong Bapane kowen olih duwit wis mengko lawuhe dendeng",
LUPIT: "Halah kapan Ma..ari mirong bae ky kiye ganti Bapa bae wis lah",
DARKONAH: "Eh belih olih ngomong ky kue oh Tong dudu moni ma'ne ora gelem tp pan ganti sapa maning TONG...paling2 nang Mane payune kr Man Waud oh sing nggenjot becak...ya mirong2 juga belih.."

38. POLISI SUWING
WANYAD: "BAN miki nyong ketilang tapi polisine suwing.. ",
DALBAN: "Terus..piben NYAD",
WANYAD: "Ya ngomonge kr hormat.. hamat hiyang.. ha'af handa haya hilang.. hana him nya him him.. hepat himnya hana.. ",
DALBAN: "kowen ngarti maksude NYAD?",
WANYAD: "ora BAN makane nyong takon maning apa Pak?! jarene him hana him..waduh sy nggak jelas Pak ham him ham him apa sih?! lah ka polisine dugal bolongan suwinge langsung ditutup karo mbentak nyong.. SIM k*nt*l !!"

39. COPET APES
DALBAN: "Nang apa NYAD daning guyu dewek",
WANYAD: "iya miki nyong bar mumpak bis SAHABAT..sesek nemen..lg ngadeg..ujug2ka ana copet..tangane lngsung nylendep bae mlebu sak'ke nyong..blih ngarti sak'ke nyong bolong ora sempakan..puas ladas belih! bablas nyanggrok ng gada2ne nyong..nyong kaget..lngsung tak cekel ceg..tak begis belih..awas raimu dudut nyong gemboran..cekel! dadi awit sg Sumur Panggang tekan klampok nyekeli pel*ne nyong bae"

40. NGGABUR DARA
DALBAN: "NYAD raimu digoleti Wa Santoso oh",
WANYAD: "Sssstttt.. ngomong ora weruh onong",
DALBAN: "Ana apa sih NYAD?",
WANYAD: "Wa Toso negin penasaran kr nyong.. wingi nyong dikongkon ngaburna dara sg prapatan..dara sepuluh sg balik mung sanga..sg warnane gambir sg paling apik ilang..nyong didedes ya tak jawab nyong ora ngarti yah..mestine nang nggiwar oh Wa.. tapi raimu aja ngomong2 yah BAN..kiye rahasia",
DALBAN: "nang apa sih NYAD?",
WANYAD: "Asline tak dol"

41. TANGGAL ABANG MULUDAN
DALBAN: "Tanggal abang daning gubedan sarung bae kaya kuwe NYAD? ora klintong-klintong kiye?.. yuh mangkat ngigel ning Pantai Randusanga.. karo cuci mata oh yuh!",
WANYAD: "Sikah! muludan ka gongkon ngigel ning orkes.. belih ngarti kiamat wis perek apa yah.. oralah mana.. sungkan temen.. nyong pan wisata dewek..
DALBAN: wisata maring endi NYAD”
WANYAD: “wisata hati ngarti.. nglabur langgar.. eben olih ganjaran.. "

42. PALENTIN DAY
WANYAD: "DAR!3x..ng endi kowen DAR! hoi",
DARKONAH: "Ana apa sih KANG..nyong ng pawon lg nggesahi piring",
WANYAD: "Gyeh ng dompet bisa ilang mang ewu..kowen oh ya sg njukut..",
DARKONAH: "Iya miki nggo tuku krupuk nggo lawuh si Lupit","Ehh..dasar blegedeg ora poyan yah!",
WANYAD: "Dih KANG2x paling2 kaya kuwe tok be ka..ky kanjingan syetan..toli kiye kan vallentine oh KANG donge tah ngomonge sg alus","palentin palentin apa..palentin2 waduke...masalah duwit tah laka barang palentin"

43. MBRONGSONG PELEM
DARKONAH: "KANG wis maghrib aja penekan pelem bae..ora ilok..",
WANYAD: "Ngko delat maning DAR..tanggung gyeh..lagi mbrongsongi sg gemading2..mbokan dipangani codot..eman2 wis ana sg nebas masalahe ",
DARKONAH: "Iya yah rika angger kr pentil tah bisa open nemen..nganti dibrongsongi ana apa..kr nyong tah ora ya ora mbuh",
WANYAD: "Ya ora moni kaya kuwe oh DAR..pentil tah karuan ana sg nebas dadi duwit..lah kowen dibrongsongi apane wong codot be ora doyan"

44. DIKEJAR ASU
DALBAN: "Rengosan nganti megap2 ky kuwe ana apa NYAD?",
WANYAD: "Miki ana asu ireng liwat mene belih BAN",
DALBAN: "Laka..nang apa sih?",
WANYAD: "Bagreg..lg mlaku enak2 ka dijagrag asu..nyong mlayu oh..lah ka nyong tambah digedag..untung nyong kemutan Batak Saragih.. lngsung nyong mandeg kr ngomong..awas yah raimu tak tuturna Saragih ben disembeleh..lah ka asune lngsung ngerem sretttt..keweden balik kr mlayu..gentenan yah nyong sg ngejar2 asu.."

45. BOJO LEMU
WANYAD: "Enak raimu yah BAN.. duwe bojo lemu.. empuk..",
DALBAN: "Enak apane NYAD... wong sering ketipu ka...",

WANYAD: "Sih ketipu pimen?",
DALBAN: "ya ketipulah... tak kira sih wis mlebu jebule ka mung dikempit... maklum barange adoh NYAD... kadang umpetan maning!

46. KUCING DALAM KARUNG
DALBAN: "Sikile deglag nang apa NYAD..",
WANYAD: "Bagreg ka.. gara2 tukang duren BAN..esuk2 liwat nganggo pit.. tak andeg..dagang apa Wa sg nang karung..duren Mas..toli manis ora Wa..ya manis yah kr nguduna karunge..temenan belih Wa.. jarene gyeh mas wong angger tuku2 kuwe kudu dicacak disit..aja kaya tuku kucing dalam karung..ari perlu ditendang kuwe monine kaing apa meong.. nyong reflek belih BAN.. tak tendang karunge.."

47. DADI BLUDREG
WANYAD: "DAR wis pirang tahun yah dewek rumah tangga..",
DARKONAH: "15 tahun tah ana oh KANG..",
WANYAD: "Dih wis suwe juga yah..",
DARKONAH: "Nang apa sih KANG?",
WANYAD: "Toli jare kowen piben DAR.. sajege kowen kawin karo nyong kuwe kira2 ana peningkatan ning uripe kowen apa belih?",
DARKONAH: "Ya ana oh KANG.. mundak bludrege.. wong lagi nyong tesih dewekan penyakite nyong mung darah rendah.. barang saiki karo rika ka penyakite bisa darah tinggi.."

48. Salah Ukuran
Wanyad : "Raimu njagong ka bisa kaya dacin bodol sih Dar...jengat jengit jengat jengit!..ngisin-ngisinna jejak 'mertamu' nang umahe calon besan Ka! toli korsine ya empuk kaya kuwe oh.."
Darkonah : "Brisik ah KANG! gye dudu masalah krosine...gyeh gara2 cawet anyar sing rika tokokena oh..genah ukurane kudune "XL" ditokokena sing ukurane "S"
Dileboni Gendul
DARNO JOMBLANG : "NYAD!!..Huweekkk",
WANYAD : "Apa NO..?"
DARNO : "Raimu runtang-runtung bae kr DARKONAH kaya kuwe apa belih bosen..?!"
WANYAD : "Gweh DAR wong mendem be paham"
DARKONAH :"Syikah.. dasar DARNO kentir.. DARNO tukang mendem.."
DARNO JOMBLANG : "Apa!..sing mendem sapa?! Huwekkk..genah iya.. raimu nang wis kisut oh... DAR kudune pantese dileboni gendul kiye gyeh huweekk!"
WANYAD: "Hua ha ha ha"
DARKONAH: Syetan..!"

49. Butak Kasih Sayang
Wanyad : "DAR goletna garu ndes DAR pan jungkatan ka langka jungkat siji-siji ya kaya kiye.."
Darkomnah : "Jungkati kedingan aku tah KANG.. KANG.. genah wis tipis kaya kuwe be ka.. botak tengahe maning.."
Wanyad : "Sikah! anane botak nang gara-gara raimu ari tak tumpaki ndase nyong dicengkerem ora kira-kira oh.. nganti roncod kabeh rambute kaya kiye.. "
Kopet Tekan Semarang
Wanyad : "Duh BAN..kening apes nyong BAN.."
Dalban : "Apes kening apa NYAD?"
Wanyad : "Lg bengi nyong ngater ponakan pan mring SURABAYA ng stasiun TEGAL..numpake sepur GUMARANG tak ater nganti mlebu ng nduwure sepur..lah ng nduwure sepur ka ujug2 wetenge nyong kebletengan..weruh WC sepur ngeblag langsung tak ceprotna bae ng kono..lg enak2 ngising ka sepure ujug2 mangkat.. kaya diunclang2 kecret mena-mene laka banyu akhire kopet tekan SEMARANG"

50. Monopos
Darkonah : "KANG mau enyong waktu ning umahe bidan'ne krungu bidane ngomong monopos monopos... monopos kuwe artine apa sih KANG?"
Wanyad : "Eh kuwe DAR.. kuwe artine pered ngarti!.."
Darkonah : "Sih pered sing kepriben KANG?"
Wanyad : "Ya pered sing kaya lagi bengi sing kowen nganti mringis-mringis oh.."
Darkonah : "Dih lah sing kuwe..? kuwe tah seret genah sarunge rika melu-melu mlebu oh KANG..gongkon ora pered kepriben.."

51. Dasar Wanyad
Darkonah : "KANG rika wis kandegan Kaji ning YU TASREP? melasi his KANG rangda pan mangkat Kaji dewekan"
Wanyad : "Lah kuwe sing nggawe nyong keder DAR"
Darkonah : "Sih keder keprimen KANG?"
Wanyad : "kowen nang ngarti oh kae gemiyen mantane enyong oh ya? dong tak salami toli mengko kae semaure gweh rika sih kawine karo DARKONAH coba angger kawine karo enyong nang saiki mangkat kaji bareng oh ya"
Darkonah : "Dih lah daning anjog-anjoge mono KANG..dasar WANYAD!!"

52. Kaya si Fatieh
Wanyad : "Uwis turu mana DAR, wis bengi.. aja mecece bae ning ngarepe tipi kaya kuwe"
Darkonah : "Mengko KANG durung ngantuk kiye acarane lagi apik.."
Wanyad : "Acara2 apa wis turu lah mana!..engko sekiki kawanan maninglah puas bangkar kabeh mbutik bisa2 ditinggal maning kowen.."
Darkonah : "Dih lah kiye delengna gen KANG britane Menteri BUMN Maklumi Adany...a Perdagangan Saham IPO KS di Pasar Gelap"
Wanyad : "Kowen ngomong apa sih DAR daning bisa kaya si Fatieh"

53. Salah Nyolong
Tarwad : "Pit enyong ngarahe karo si Maryati anake sing ayu ka bisane sing he ha he he maring enyong kuwe yu Tarpia'ah mbokene yah...?"
Lupit : "Lah raimu wingi lagi nyolong cawet sing ning pemean'ne kuwe ukurane gede apa cilik, sing diwekena neng mbah karso...eben diumis-umis..?"
Tarwad : "Embuh wong gugup ya sa crawuk-crawuke..kayane tah radan longgar..."
Lupit : "Ya bener bae wong sing kegawak cawet cap lincak...ya sing marag slender aspal...ladas kowen.."

54. Aja Gugup
Darkonah : "Kang cantenge wis mari ?"
Wanyad : "Mari apane, wong jentike tambah semelet nemen kaya kiye kah gara-gara palu"
Darkonah : "Mangkane kang , ari lagi maku aja ejakulasi dini dadine ora nganti disfungsi ereksi oh"
Wanyad : "Raimu ngomong apa sih dar...ejakulasi dini karo disfungsi ereksi sih apa?"
Darkonah : "Kae sih jare Dr.Boyke...ejakulasi dini ya tergesa-gesa oh alias gugup angger disfungsi ereksi kuwe jentik tengahe ora bisa ngejejer...mangkane angger malu kuwe aja gugup.

55. Sawengi Sapisan
RASWI :"DAR, nyong sajege kr KANG TABRI..blih kober sante acan2..sewengi bisa njaluke nganti ping telu..sejen lagi jamane kr KANG Pi'i..sminggu demek be untung.. nyong tembe ngalami his DAR sanajan nyong randa wis ping lima..ari WANYAD sih piben DAR bisa kuwat kaya KANG TABRI belih?"
DARKONAH : "Sapa YU.. KANG WANYAD?.....Halah kae tah sewengi mung sepisan tok oh..tapi ya kwe mau awit bar maghrib tekan subuh ora metu2"

56. Walkmen
‎Wanyad : "BAN dobol ah nyong miki isin nemen sung ng kandegane H. MURTADO"
Dalban : "Kening apa sih NYAD?"
Wanyad : "Iya lg enak2 mangan prasmanan ka kebelet pengin ngentut nemen..akhire tak siasati oh..mumpung salon'e lg (brang bring breng 2x) tak losna bae belih brott 3x..blih ngartiya daning wong2 sakandegan pd ndelengna kabeh..dobol ah..jebul...e lagu sg moni kwe dudu sg salon tp nyong klalen nganggo WalkMen'e si LUPIT negin nyantel ng kuping"

57. Nggrentes
WANYAD : "DAR enyong dong liwat toko mas NIRMALA bisa nggrentes nemen his DAR kelingan kowen.."
DARKONAH : "Pimen sih KANG durung kuwat nokokna enyong anting-anting, gelang karo kalung?"
WANYAD : "Dudu moni kuwe DAR, enyong kelingan kowen dong turu DAR bisa persis nemen merkungkunge kaya kodoke NIRMALA"
DARKONAH : "Sikah.....dasar WANYAD dobolllll.."

58. Naksir ora kesampe
Wanyad : "BAN wingi nyong weruh wong wadon ayu nemen bisa kaya ITJE TRISNAWATI.. jarene rangda BAN ngontrake ng mburine Bale Desa, kowen ngarti BAN?"
Dalban : "Ya ngarti nemen yah"
Wanyad : "Parani yuh BAN nyong naksir berat sung"
Dalban : "Lah engko DARKONAH pibe?"
Wanyad : "kwe tah gampang urusane BAN gelem ya tak wayu, ora gelem ya wis..trus kuwe randa ditinggal mati bojone apa BAN?"
Dalban : "Rangda apane wong kuwe simpenane komandan KODIM kowen gelem?"
Wanyad : "Hah.. !!"

59. Kambing hitam
Dalban : "NYAD nyate wedus yuh"
Wanyad : "moh lah! raimu nang paham oh BAN nyong duwe darah tinggi raimu pan mateni nyong?"
Dalban : "Dih lah wong daging wedus kwe sunah ka yah! bisane akeh wong sg pd mengkambinghitamkan kambing sih.. daging wedus kwe sehat ngarti"
Wanyad : "Gyeh Ban, kowen weruh MACAN, sanajan ngelihe kaya apa weruh WEDUS kwe wedi mesti... mlayu"
Dalban : "sih kning apa?"
Wanyad : "ya masalahe MACAN'e duwe darah tinggi.. mbokan mbadog langsung mojed"

60. Penghargaan lurahe
Wanyad : "DAR 3x!!"
Darkonah : "Ana apa KANG nganti mlayu2 kaya kuwe"
Wanyad : "Gyeh DAR enyong miki bar dundang lurahe.. jebule nyong dinein penghargaan DAR"
Darkonah : "Penghargaan apa KANG, dadi RT apa RW?"
Wanyad : "RT,RW sih apa njelehi temen...Kiye penghargaane enyong keren ngarti DAR? arane Sebagai Warga Penerima BLT "
Darkonah : "Dih3x apik temen KANG.. BLT sih apa KANG...?"
wanyad :"Lah enyong ya durung patiya paham tapi sing jelas enyong digaji sewulan 300 ewu disit"

61. Sedulure
Wanyad : "BAN enyong kewirangan miki.."
Dalban : "Kening apa sih NYAD?"
Wanyad : "Asem ka..ning dalan ana rame2 wong2 pada ngrubung korban kecelakaan.. enyong ya pengin weruh yah...tapi sing ngrubung akeh nemen..dadine enyong ora bisa weruh oh..akhire tak akali..awas minggir2 enyong sedulure, enyong sedulure..wong2 akhire pd minggir kabeh..barang weruh..DOBOL..Asu meteng ketabrak trek anake lima mecetet kabeh.."

62. Polisi hebat
WANYAD: "BAN, enyong kiye salut his karo polisi-polisi INDONESIA.."
DALBAN: "Sih salut kepimen?"
WANYAD: "endi sih polisi ning dunia kiye sing bisa nangkep nabi karo malekat, polisi Indonesia tok oh.."
DALBAN: "Ader BAN? sih nabi karo malekat sapa?",
WANYAD: "Lah kae sih gemiyen Nabi Mosadek karo Malekat Lia Eden toli megin pirang2 maning ka.. nabi2 karo malekat2 sing pada ditangkepi.."

63. Mangan Marus
WANYAD: "Pak Ustadz hukume angger bojo lg haid terus didenggo kwe pimen Pak Ustadz?"
USTADZ: "Ora olih NYAD, haram alias dosa..kning apa sih NYAD kowen sring ky kuwe?"
Wanyad : "Dih lah Pak Ustadz ora syung.. sampeyan nang paham oh Pak Ustadz nyong sing gemiyen kuwe ora doyan mangan MARUS..emange enyong DRAKULA apah..",
USTADZ: ..."Eh dadi kowen senenge oral NYAD, kwe ya dosa paham..kwe arane meletakan sesuatu tdk pd tempatnya "

64. Kanjingan Laler
Wanyad : "BAN kowen ngarti ora BAN angger kowen lg medang ujug2 wedange kowen kanjingan laler kuwe kudune dikapakna BAN?"
Dalban : "Ya dibuanglah pengin kening kolera"
Wanyad : "Eh, gyeh menurute sunnah..kuwe kudune laler'e dilebokna bae nganggo jentik"
Dalban : "His sing bener bae kowen NYAD?"
Wanyad : "Heh belih percaya..kowen ngarti belih menurut penelitian laler kuwe sewiwi sg sebelah tengen kuwe pancen racun tapi sewiwi sg kiwa kuwe sg nggo penaware ngarti"

65. Dolanan Borgol
Krekkk..
LUPIT : "Hayuh BAPA kena..BAPA keborgol..hayuh aja mlayu"
WANYAD : "Heh PiT aja dolanan borgol titipane BRIPKA SAMURI..engko digayami..toli sosine endi kiye.."
LUPIT : "mbuh PA.."
Wanyad :"His embuh Pimen, DAR..DAAR!",
DARKONAH: "Ana apa sih KANG?!"
Wanyad : "kiye kuncine borgol maring endi?"
Darkonah : "Ya digawak sing nduwe yah..genah wingi titip wonge cuti maring BOGOR ngater si SOLIHA adine nyong"
WANYAD: "Modar nyong.. toli kepriben kiye!"

66. Dikroyok samesjid
Dalban : "NYAD jare raimu lagi jum'atan pan dikroyok wong sa masjid..ceritane kepriben kuwe?"
Wanyad : "Iya BAN.. salah paham.. untung ana Ustadz Asmu'i"
Dalban : "Sih salah paham pimen?"
Wanyad : "Genah enyong duwite atusan ewu pengin nyumbang masjid.. wong langka jujule nang kotak sumbangane tak odek-odek oh ya.. nggo ngakali jujule ndisit.."
Dalban : "lah em...ange kowen pan nyumbang pira?"
Wanyad : "nyong pan nyumbang sewu BAN.."

67. Diduakan
DALBAN: "NYAD, jare kowen MERAPI bisa njeblug bae kuwe kening apa NYAD?"
WANYAD: "Lah enyong tah berpikir sederhana bae oh BAN.. sg gawe gunung kuwe sapa sih?"
Dalban : "Gusti Allah oh NYAD.."
Wanyad : " ya kuwe jawabane.. wong Gusti Allah kuwe ora seneng diduakan.. lah wong2 jarene ngakune ISLAM tp akehe bergantunge ora kr Gusti Allah.."
Dalban : "sih karo sapa NYAD"
Wanyad : "Ya karo jabatan, karo banda, karo sg nunggu gunung, sg nunggu laut dsb"

68. Utang Bank
Wanyad : "DAR3x nyong olih ide gyeh"
Darkonah : "Ide apa KANG ?"
Wanyad : "Nyong wis bosen nyalo DAR nyong pan dagang bae"
Darkonah : "Dagang apa KANG"
Wanyad : "Dagang Sembako DAR?"
Darkonah : " toli Modal sing endi?"
Wanyad : "Justru kuwe DAR enyong krungu2 jare bisa utang BANK anggo sertifikat umah"
Darkonah : "Umahe sapa KANG?"
Wanyad : "Ya umah kiye yah"
Darkonah : "Rika nglindur apa yah KANG, wong dewek ngontrak ...be telung wulan durung bayar ka.. pengin digorok KAJI KOSIM sg duwe kontrakan.."

69. Lowongan Showroom
WANYAD: "BAN ana lowongan gaeh...butuh wong nggo njaga SHOW ROOM.."
DALBAN : "SHOW ROOME sapa NYAD?"
Wanyad : "SHOW ROOME IMAM JAKA POLENG.."
Dalban : "Sih pan dagang mobil apa?!"
Wanyad : "Mobil apane..SHOW ROOM wedus BOL.. sing ning ngisore dampar... kiye Bada Ajinan lagi pada dipajang..."

70. Nglironi duit
Dalban : "Kening apa NYAD? "
Wanyad : "Dobol ah nyong dikerjani bocah cilik"
Dalban : "Bocah cilike sapa?"
Wanyad : "Olih nangis mbeker2 ning ngisore wit asem tak takoni jare duwite ilang 5 ewu, akhire tak lironi..lah ka ujug2 nangise tambah rosa..bisane nangise tambah rosa tong kan wis dilironi, jarene coba angger ora ilang kan saiki dadi 10 ewu...barang tak jukutna puluan ujug2 ka bapane sing tattonan marani monine ka nyong malak yah ya nyong ditinggil oh"

71. Fuluuusss
Dalban : "NYAD kowen uwis krungu kaeh si GAYUS jebule bisa metu sing tawanan.. nonton tenis maning ning BALI.."
Wanyad : "Lah kuwe tah enyong belih eram oh BAN, sing kuna mula kaya kuwe.. wong kabeh2 kuwe bisa dituku ka.. ning penyidikan polisi barang bukti bisa dikurangi angger ana duwit..ning kejaksaan tuntutan bisa dikurangi angger ana duwit..ning LP ya bisa klendangan BAN, pan angkrog kr bojo ya bisa angger ana kiye gyehhh..fulus"

72. HP nemu
WANYAD: "Mas Jayeng tuku pulsane ndes! sing sepuluh ewu"
JAYENG: "sing voucher apa elektrik MAN WANYAD?"
WANYAD:"sing voucher sih kepimen sing elektrik sih kepimen..enyong belih ngarti.. gyeh disikna sampeyan baelah.."
JAYENG:"kartune apa sih toli endi hp-ne meneh oh.."
WANYAD:"gyeh.."
JAYENG:"dih kye tah dudu hp oh..kye tah radio panggil oh sing... nggo roger roger kaya kuwe"
WANYAD:"ya embuh yah wong nyong olih nemu nggletak ning mobil sedane POLANTAS"

73. Ider Kotak Amal
Wanyad : "DAR nyong mangkat nyambet gawe gyeh"
Darkonah : "ya wis KANG ati2 ya..tumben sih esuk2 nemen KANG kye nang toko bawang durung buka oh"
Wanyad : "His kiye tah dudu nang percaloan oh..bawang sih apa.. kuna.."
Darkonah : "Sih pan neng endi KANG?"
Wanyad : "gyeh nyong kr DALBAN pan mangkat mring terminal"
Darkonah : "Dih lah daning adoh temen KANG sanajan nang kene kaya kiye wis ora usah maring JAKARTA"
Wanyad : "Sing pan maring JAKARTA sapa nyong nang Terminal pan ider kotak amal go gawe langgar"

74. Raja Ngguwek
Wanyad : "BAN kowen ngarti DAKRUN oh ya?"
Dalban : "Iya paham kening apa sih NYAD?"
Wanyad : "Repot angger musuh DAKRUN, bengi ngejak enyong nonton misbar.. kowen nang ngarti oh ya gelare R.Ng.."
Dalban : "R.Ng sih apa?"
Wanyad : "Raja Ngguwek"
Dalban : "Oh terus.."
Wanyad : "barang diesele misbar sipet rupane grayangan lah nang iringane nyong ka ujug2 nyai2 mberek.. toli nggablege ...maring enyong..dobolka si DAKRUN.."

75. Cindil
LURAH: "Kowen kning apa sih NYAD bisane sikile moget bae ky kuwe dejak rapat ka"
Wanyad : "Mbuh kiye Pak Lurah nyong miki gugup sih gara2 dundang sampeyan..biasane nyong blih tahu sepatunan..kye miki nggoleti sepatu ng kandang ayam untunge ketemu langsung tak enggo"
Lurah : "kweh moni cuit2 sih apa?"
Wanyad : "Aduh3x iya tak buka ndisit Pak, Hah!.. Dobol wani2ne kowen yah cindil..dengaren sih sg mau ogat aget bae"

76. Darkonah Ulang Tahun
Wanyad : "DAR selamat ulang tahun yah DAR muga2 kowen diparingi dawa umure lan sehat awake ora cekrek kening penyakit"
Darkonah : "Dih KANG nyong terharu nemen sung KANG rika ngomong ky kuwe..matur nuwun yah KANG.. mmmuach..toli kira2 enake pan dirayakna nang endi KANG?"
Wanyad : "Justru kuwe DAR wong ulang tahune kowen kuwe laka-laka tgl 10 Nopember kiye enyong sg mau dongen pan ngejak kowen maring Taman Makam Pahlawan eben diupacarani sisan.."

77. Cangkeme wong puasa
Darkonah lagi dugal dipereki wanyad..
Darkonah : "Wis mana gen kang lah, aja merek-merek, cangkeme mambune belih enak..",
Wanyad : "Eh dar, ning sajerone wulan romadhon kuwe ora olih dugal..wong cangkeme wong sing puasa kuwe bagekan kasturi..ngarti ora kowen dar?"
Darkonah : "Iya motene ari rika puasa..wong puasa be ora ka.."
Wanyad : "Emm..dasar cocote ala kowen dar..mbuka rahasiane wong bae.."

78. Operasi Gratis
Wanyad : "NYONG ka keder dong DARKONAH mriyang BAN"
Dalban : "Kning apa sih NYAD?"
Wanyad : "obate larang..nganglune tah ning weteng..wingi tak gawak ng RSUD,tal tul tal tul tekan 500 ewu..jarene murah ngger anggo ASKES lah nyong sih ASKES sg waduke wong paling2 pegaweyane nyalo bawang..wingi critane kumat nyong keder tak gawak maning mrg RSUD sg... jarene lg ana operasi gratis.. barang mana jebule OPERASI GRATIS BIBIR SUMBING"

79. Njaluk Soplen
Darkonah : "KANG nyong tokokna soplen ya kena oh KANG sing warnane biru.. eben katon ayu"
Wanyad : "soplen sih apa DAR?"
Darkonah : "kaeh loh Kang sing ditemplekna nang njerone mata..kaya sing didenggo ning matane biduan-biduan..ana sing katon matane biru ana sing abu2 ya werna2lah KANG..angger nyong pengine sing biru ya KANG"
Wanyad : "Duh DAR DAR..raimu matane kenceng kaya kuwe di soplen ana apa, nang njepat oh..kaeh ari pengin katon biru ya di blao.."

80. Sarat menang lomba
TARWAD : "MBAH nyong njaluk tulung MBAH, eben sekiki bisa menang melu lomba balapan mlayu 100 meter tingkat kecamatan.. kira2 sarate apa MBAH?",
DUKUN : "Hadiahe apa TONG?"
TARWAD : "Hadiahe piagam karo duwit sejuta MBAH.."
DUKUN : "Ya wis gyeh tak gawani kiye"
TARWAD : "kuwe sih apa MBAH?"
DUKUN : "AFITSON Tong"
TARWAD : "Sih nggo apa MBAH?"
DUKUN : "Mengko dong pan star.....langsung bae gluwek ya afitson kiye toli dilepetna nang gaber bergijilane kowen tak jamin leceng"

81. Pada bae
Wanyad : "PiT, gaeh wis kentong.. hayuh cepet sembayang mana.. jukut sarunge toli lekas mangkat maring langgar.. aja nonton KIMOS bae kaya kuwe.. sipet tipine cepet!"
Lupit : "engko Pa delat maning lagi tanggung kiye.."
Wanyad : "Ehhh dikandani wong tuwa ka belih nggugu tak sabet ngkoh.."
Lupit : "iya Pa iya Pa.. gyeh remote.. "
Wanyad : "Nah kaya kuwe oh... meneh remote! belih ngarti wong pan nonton Bal Liga Super apa yah, ngganggu bae..!"

82. Digedag Asu
Darkonah : "KANG aduh pimen kye KANG... rika sih ngejak wong kondangan liwate ngarepe toko CINA GABENG... dadine kaya kiye oh.. tapih sing olih nyilih ning KAMINAH..Sandal Jinjit sing olih nyilih ning MUMUN..toli kiye gyeh Kebayane Yu MARNI suwek kabeh kaya kiye..primen... kiye.. Aduhhh.."
Wanyad : "Mangkane DAR raimu dong digedag asu kuwe kudu ndodok kaya enyong mau.. lah kowen mlayu2 nganti mencelat2 ora nggenah ya dedel kabeh oh.."

83. Sate Jaran
WANYAD: "Mas daning satene alot temen ky kiye...ng untu kayong oyag kabeh... sampeyan kye wis suwe dagang sate?"
TUKANG SATE : "Ora ka LiK enyong tembe blajaran dagang"
WANYAD : "Sih maune nyambet gawe apa Mas?"
TUKANG SATE : "Ngluruhi suket oh LiK nggo JARANE MAN JARI"
WANYAD : "Lah bisane dadi tukang sate?"
TUKANG SATE : "Eman2 sih LiK, daripada Jarane MAN JARI... mati sia2 dadi batang.."
WANYAD : "Ehhh..dadi kiye sate batange JARAN... Huwekkk.. syu gyeh!!

84. Iri Karo Barak Obama
Wanyad : "Kowen primen sih PiT, dadi bocah ka bontone por-poran!! kiye nang niru mbokene kowen oh..rapot ka bisa abang kabeh ky kiye"
Lupit : "Pimen sih Pa?"
Wanyad : "Piman pimen.. pimen kowen pan dadi Presiden ari goblog kaya kiye..kowen ngarti ora Bapane kowen kiye pintere gemiyen sar ser kr BARAK OBAMA..toli nyong kiye iri PiT karo BARAK OBAMA anake cilik-cilik wis pd pinter basa Inggris..belih kaya kowen..dasar bonto"

85. Gara-gara Ula Koros
Dalban : "Awan2 kayong seger bar adus apa NYAD, kayong ana kramas ana apa..bar mancal apa yah"
Wanyad : "Mancal waduke.. dobol ka ah.."
Dalban : "Emange Kening apa NYAD?"
Wanyad : "Ora..lagi enak-enak ngising ning JAMBAN karo nyedot udud ka ujug-ujug ngetepluk hula koros sing nduwur..nyong kaget mencolot nganti pringe rempak..mangkane ning ngisor laka banyune ya sawak sakojur koprot tai kabeh oh.. langsung tak adusi sampo sa botol tak grojogna kabeh BAN"

86. Jalukan Terakir
Dalban : "Kning apa NYAD daning guyu dewek"
Wanyad : "kelingan miki ning RSUD dicritani suster edan"
Dalban : "crita apa NYAD?"
Wanyad : "Ana pasien pan mati tapi rupane penggemar politik idolane Akbar Tanjung..gemboran bae ora pan mati angger durung weruh potone BANG AKBAR..digoleti mena-mene laka..todokna poto sg liyane blih gelem, akhire sustere jengkel raine dipetaktakna barange..gyeh BANG AKBAR..lah ka jawabe BANG AKBAR laka SURYA PALOH ya ora papa wis"

87. Susu Rasa Gudang Garam
Wanyad : "Bayine sapa kuwe DAR?!"
Darkonah : "Anake Siyah KANG"
Wanyad : "Lah mbokene maring endi?!"
Darkonah : "Embuh .. wong ditinggal gendrang kaya kae.. nangis oa oa njaluk nusu.. nyong weruh ya tak reyok bae oh"
Wanyad : "Toli kowen sosoni?"
Darkonah "Iya KANG melas.."
Wanyad : "Aduh DAR2x bisane kowen wani2ne nosoni sih!"
Darkonah : "Pimen sih KANG ?"
Wanyad : "Kuwe anake wong DAR .. angger watuk ...mengko kepriben wong kuwe rasane Gudang Garem Ijp.. bayi dikongkon udud!"

88. Kendaraan Akherat
Wanyad : "Pak Ustad apa bener wedus korban kuwe sg bakal dadi kendaraane dewek mengko dong dina kebangkitan?"
Ustad : "Iya bener NYAD daning pinter kowen makane ari pan korban kwe weduse atawa sapine kudu sg gede lan sehat..eben mengko mlakune ora eyag eyeg"
Wanyad : "Eh dadi kaya kuwe Pak Ustad,ya wis lah"
Ustad : "ya wis pimen?"
Wanyad : "Ora..nyong pan mbalakna karo Wa Poleng gyeh..enyong wingi tuku weduse sg pan nggo korban lah ka jebule ngisinge mencret

89. Pahlawan Apes
Wanyad : "Duh BAN2x..miki nyong pan ketempuhan toli digayami wong"
Dalban : "Kening apa sih NYAD?"
Wanyad : "Lah iya ana wong wadon ning dalan tas'e pan dirampas bencoleng..ya nyong sing weruh belih tegel yah.. nyong langsung mlayu marani tak trenjang sing mburi.. bencolenge tiba toli tak edek2..lah ka ujug2 ana suara KAT3x..nyong kaget oh toli ana wong marani ngakune tah jare sutradara karo nggayami nyong.. brengsek kamu nyrandu bae merad mana!

90. Ngompol
DALBAN : "DAR daning esuk2 wis mepe lempong...",
DARKONAH : "pimen ora tak pepe wong gedrah ompol kabeh.."
DALBAN : "ih loken Lupit wis kaplak megin ngompol bae.. toli WANYADE endi, kuwe nang abot oh.."
DARKONAH : "KANG WANYADE lagi tak banda BAN"
DALBAN : "Dibanda sih kening DAR.."
DARKONAH : "Nrokcok dasar kaplak tua ka.. ngantuk2 ya ngantuk tapi nguyuh kan ...bisa mencelat disit maring kolam kiye disewerna bae ng kasur karo merkungkung jare alesane ngimpi"

91. Pengin Sate
Wanyad : "DAR kowen ngarti ora nyong dong ning kana2 dong lagi mangan sate karo gule mesti kelingane kowen kr bocah.. kayong belih tegel mangan enak dewekan.. wis lawas sih yah nyong ora tau nggawak kowen jalan2 mangan sate.."
Darkonah : "eh iya yah KANG..ya wis oh KANG yuh maring TERLANGU satene enak sung ning kana.."
Wanyad : "Sabar DAR enyong kiye megin sibuk nemen.. mengko dina selasa bae ya ngenteni kirimane daging korban sing KAJI LATIP.."

92. Panitia Inti
Dalban : "Kowen korban apa NYAD?"
Wanyad : "Justru kuwe BAN sanajan nyong ora bisa korban tapi nyong kiye dadi panitia inti idul korban loh.."
Dalban : "Eh iya NYAD.. daning enyong ora dipilih NYAD?"
Wanyad : "Lah kiye tah pancen khusus nggo wong2 sing imane di atas rata2 oh BAN.."
Dalban : "Eh iya NYAD toli kowen bagian apa NYAD?"
Wanyad : "Enyong kiye ditunjuk sebagai... penerima hewan qurban BAN.."

93. Kebletengen
WANYAD : "Kning apa BE dning mrengut?"
LEBE JEN : "Dobol ka nyong dipecat lurahe NYAD"
WANYAD : "Lah bisane BE"
LEBE JEN : "Miki nyong dejak rapat lurahe ng kecamatan..ng rapat nyong kbletengan wetenge mulese por2an..lngsung mencelat bae nganti nabrak CAMATE sg lg ngadeg nganti kacamatane pecah..brg ktemu WC tak isingna oh blorot2..lah ka bar... rampung ngisinge luruh banyu langka..balik ng rapatan mning kr kopet oh sg rapat pd tutupan cungur"

94. Batang Wirog
Wanyad : "DAR! DAR! DAR..!"
Darkonah : "Ana apa sih KANG gemboran nganti ky kuwe.."
Wanyad : " gyeh mene cepet!.."
Darkonah : "ana apa KANG?"
Wanyad : "Gyeh delengna mene! kiye batang wirog nyemplung ning kolam awit sg bengi apa tembe.. masalahe mau lagi subuh damare peteng nyong kemu karo sikatan nganggo banyu kiye nyong belih weruh!"
Darkonah : "Ya mestine sing bengi oh KANG ...delengna kweh wis mlembung kr dudeti ky kuwe"
Wanyad : "Dih lah ih loken howaakk..howaakk..howaaakk..glogakk"

95. Runtag mindeng
Wanyad : "BAN nyong lg bengi bar nonton misbar liwat bong kebelet nguyuh..lg ngatar enak2 ka ujug2 sukete oyag..ya nyong mencolot memburi nganti kacrit oh"
Dalban : "terus NYAD?"
Wanyad : "ya kwe krosak2 ujug2 jenggonggos wadon BAN"
Dalban : "Setan NYAD?"
Wanyad : "Setan waduke"
Dalban : "Sih?"
Wanyad : "ya wong ka toli ngromnyah.. bangset gyeh nguyuhi ndas! nyong kaget oh ya.. rika sapa Yu? sapa2 nyong kiye lg ngindik bojone nyong ngarti..kaeh delengna ng gubug lg kr tlembuk"

96. Undangan Sing Lurahe
Dalban : "NYAD ana undangan gyeh sg lurahe"
Wanyad : "Undangan apa Pak Bau"
Dalban : "Mbuh pokoke ngko sore kudu teka..kowen pan dejak diskusi.."
Wanyad : "Diskusi sih apa Pak Bau"
Dalban : "Pan dejak tuker pikir"
Wanyad : "Dih lah..bakute prangkat desane piben sih, msalah mbagun desa masa nyong2 juga sing dejak tuker pikir..rika2 trs nyambet gawene apa Pak Bau?!"
Dalban : "Dudu tuker pikir masalah mbangun desa NYAD, kye pengaduane Si DATIM jarene bojone sring kowen godani?"

97. Takbiran

Wanyad : "BAN BAN BAN.. sida ora hayuh mangkat!"
Dalban : "hayuh maring endi NYAD?"
Wanyad : "daning maring endi.. lah kowen pimen sih dipasrahi toa ka.. wis beres durung?"
Dalban : "toa nggo apa NYAD?"
Wanyad : "Daning nggo apa.. ya nggo takbiran oh.."
Dalban : "Lah sidane nganggo mobile sapa?"
Wanyad : "wis ora susah mobil-mobilan bati ruwed tok nggangu lalu lintas bae.. nyong wis nyewa becake MAN WA'UD ka mengko kowen sing nggenjot nyong sing takbiran"

98. Digedig Malekat
Wanyad : "Pak Kaji rika balik sing MEKAH sikile dengklang kening apa ning kana digedig malekat?"
Pak Kaji : "Eeehh sikah raimu ngomong aja sembarangan yah NYAD dobol gyeh.. tak srampang bakyak toli ladas.. kiye nyong kepedek wong Afrika ning kana ngarti?"
Wanyad : "Mangkane Kajine kuwe perlambang wong munggah kaji kuwe kabeh2 kudu sing bersih baik atine maupun bandane..tembe tak takoni kaya kuwe be wis dugal kaya kuwe..sih pan mabrur kepribe"

99. Demen Adine
Dalban : "NYAD kowen miki tas diboncengna si RASJO?"
Wanyad : "Iya emange kening apa?"
Dalban : "His kae tah preman pasar bawang oh, tukang mendem.. tukang ngamuk..wong-wong pada wedi kabeh..amak-amak malak.. amak-amak njotos..bisane mau karo kowen kayong hormat"
Wanyad : "bisane kowen eram BAN kae tah tak totok ndase be meneng bae oh"
Dalban : "Dih iya NYAD, daning bisa ky kuwe NYAD?"
Wanyad : "ya bisa yah wong si RASJO lagi demen si WARIPAH adine DARKONAH macem2 kr nyong pengin tak stop"

100. Pengen Terkenal
Wanyad : "DAR kowen pengin terkenal kaya selibriti?"
Darkonah : "pengin sih pengin KANG tapi pimen carane wong nyong paling-paling pegaweyane mung mbutik.."
Wanyad : "justru kuwe DAR.. kiye tak warahi carane.."
Darkonah : "sih pimen KANG?"
Wanyad : "Gyeh kowen mangkat maring ARAB ya.. toli luruh majikan sing kejem.. lambene kowen digunting, raine kowen ames dikapruki, gegere kowen disetrika.. cak gen mengko wong sa indonesia termasuk Presiden SBY melas kr kowen"
Darkonah : "Sikah!"

Tidak ada komentar: